Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5193736
Hari ini :Hari ini :852
Kemarin :Kemarin :1230
Minggu ini :Minggu ini :3160
Bulan ini :Bulan ini :20764
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5193736
Online : 22

Pagerank



 

14 Lahiripun Bathara Gana - 01
= 01 / 05 =

1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, Bathårå. Indrå miyós siniwåkå wóntên ing balé Småråkåtå, dipún adhêp Bathårå Bråmå, Bathåra Sambo, Bathårå Bayu lan pårå Déwå.
Ngrêmbag Bathårå Guru anggênipún kapati tåpå wóntên puncakíng wukír Mèru, talatah Hårgå Kailåså.
Sartå ugi wóntên ratuníng dênåwå sakti måndrågunå, nåmå Prabu
Kålå Nilårudråkå badhé ngêndhíh panguwasaníng Déwå, sampún
damêl bêtêng pakuwón wóntên êrêng êrêngíng wukír Jamúrdipå,
kanamakakên bêtêng Sénåpurå, sartå ngangkat patíh, nåmå Patíh
Sénårudråkå.
Bótên watawís dangu Bathårå Narådå rawúh, dhawúh supadós pårå
Déwå sami anjagi tåpå bratanipún Bathårå Guru, Bathårå Indrå
kadhawuhan mundhút tulúng dhatêng Bathårå Kåmåjåyå ing
Kahyangan Cåkråkêmbang.
Sartå ingkang sabagéyaan kapuríh anduwå pangra basanipún Prabu
Nilårudråkå sawadyanipún.
Pårå Déwå sami matúr sandikå, lajêng bibaran paséwakan.
Bathårå Narådå kondúr dhatêng Kahyangan Junggríng Salåkå, Bathårå
Indrå kondúr ngadhatón.
2. Madêg ing Karang Kawidadarên Tinjomåyå. Bathari Wiyati lan pårå
widadari mêthúk rawuhipún Bathårå Indrå, lajêng sami lênggah
satåtå.
Ngrêmbag kawóntênaníng paséwakan.
Nalikå nêngah nêngahi punikå, ing Karang Kawidådarên kadhawahan
mulad, inggíh punika sosotyå adi ingkang mancúr mancóróng
cahyanipún.
Mulad kapujå têmah sirnå, babar dadós widådari pitu cacahipún,
kaparingan nåmå
1. Dêwi Supråba, têgêsipún cahya ingkang adi indah,
2. Dêwi Wilutåmå, têgêsipún wanitå utami,
3. Dêwi Warsiki, têgêsipún sêkar gambír ing kaswargan ingkang
gandanipún amrík arúm angambar,
4. Dêwi Suréndrå, têgêsipún widadari musthikaníng Kahyangan
Kaindran,
5. Dêwi Gagarmayang, têgêsipún mayang utawi sêkar jambé ingkang
nuju mêkar, sanépå mêrêngganíng prawan sunthi suci murni.
Ugi atêgês mêgaríng sunar utawi måyå,
6. Dêwi Irim-irim, kadós sêkar adi indah ingkang tuwúh ing toyå,
ingkang amrík arúm angambar gandanipún, lan
7. Dêwi Tunjúngbiru, kadós sêkar tunjúng têraté biru ingkang tuwúh
ing toya, minångkå pralambang túk utawi sumbêring panggêsangan
katrêsnan jati.
Pårå widådari sadåyå sampún sami nêdhênging birahi, sadåyå lajêng
sami lénggót båwå, inggíh punikå anjogêd lan angidúng.
Sasampunipún punikå, Bathårå Indrå lajêng pamít dhatêng garwå,
bidhal dhatêng Kahyangan Cåkrå kêmbang.

Sigêg.

bathara_indra
Bathara Indra

kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 13 Lampahan Murwa Kala - 04
  • 15 Lahiripun Bathara Gana - 02 >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!