Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5157844
Hari ini :Hari ini :1247
Kemarin :Kemarin :1192
Minggu ini :Minggu ini :8749
Bulan ini :Bulan ini :22603
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5157844
Online : 8

Pagerank

ᩩ᭤

 

23 Lampahan Bathara Wisnu Krama 01
= 01 / 04 =


 

1. Jêjêr ing Kahyangan Surålåyå, sang Nåtå Déwå Bathårå Indrå miyós
siniwåkå, dipún adhêp Bathårå Sambo, Bathårå Bråmå, Bathårå
Bayu lan pårå Déwå.
Ngrêmbag pêpêtêngíng marcåpådå, margi Bathari Pratiwi ing
Kahyangan Ékåpråtålå nulak panglamaripún pårå nåtå måncåpråjå
måncånagari, satêmah kathah ingkang lajêng sami nêdyå ngrodåpakså
ngrabåså Kahyangan Ékåpråtålå.
Katungkå rawuhipún Bathårå Narådå, ngêmban dhawúh timbalanipún
Bathårå Guru, Bathårå Indrå lan pårå Déwå kadhawuhan ambantu
tutulúng karibêtaníng Kahyangan Ékåpratålå.
Bathårå Indrå matúr sandikå. Bathårå Narådå wangsúl dhatêng
Kahyanganipún. Bibaran paséwakan.
2. Ing Kaswargan Tinjomåyå, Bathari Wiyati lan pårå widådari sami
mêthúk konduripún sang Nåtå déwå.
Sasampunipún sami satåtå lênggah, lajêng sami wawan pangandikan
bab kawóntênaníng paséwakan, sinambi mriksani lêlangên
lénggótbåwå.
Nuntên bibaran, Bathårå Indrå miyós ing jawi.
3. Madêg ing Rêpatkapanasan, Bathårå Bråmå lan pårå Déwå sadayå,
sami tåtå tåtå siyagå.
Sasampunipún sami samapta sadåyå, lajêng sami bhidhal.
Prampógan Déwå ngicali pêpêdhút ing awang-awang.
4. Madêg ing pråjå Garbåpitu, sang Nåtåyakså Prabu Wisnudéwå miyós
siniwåkå, dipún adhêp Patíh Kålå Baudhêndhå, Tumênggúng yaksi
Kalimantragsi, pårå punggåwå, lan nyandhíng kalangênanipún ingkang
rupi singåbaróng kadadósan sakíng dhangkèlíng sêkar Wijåyåkusumå
panggêsanganipún tiyang sabumi, nåmå Singåmurti.
Sang Nåtåyakså gandrúng gandrúng Bathari Pratiwi, lajêng utusan
punggåwå yakså Dityå Kålå Parangbaróng, ngaturakên sêrat
panglamar dhatêng Ékåpratålå.
Bibaran paséwakan.
Ing pasébanipún wadyå yakså, Dityå Kålå Parangbaróng, Kålå
Minåcuwiri, Kålå Galiyúk, Téjåmantri lan Såråhitå, tåtå tåtå siyagå
ing damêl, lajêng bidhal.
Wóntên ing margi kapapag kaliyan barisaning pårå Déwå.
Sulayaníng rêmbag, dadós prang, nangíng lajêng sami simpangan
margi.

bathari_pratiwi
 
Bathari Pratiwi

kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 22 Lampahan Bathara Brama Krama
  • 24 Bathara Wisnu Krama >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!