100 Kacilakan
AWUSE seminggu Eni nglayap katut tilas pacare biyen, tekan omah sawuse mulih, nemoni omahe sing suwung. Tanggane ngandhakake yen Harso, sisihane, wis rong dina
 
Cêrita Cêkak -  

100 Kacilakan

AWUSE seminggu Eni nglayap katut tilas pacare biyen, tekan omah sawuse mulih, nemoni omahe sing suwung. Tanggane ngandhakake yen Harso, sisihane, wis rong dina ing rumah sakit saka kacilakan, nabrak treg mandheg nalika numpak sepedha montor.
Eni kaget, unjal ambegan karo ngebrukake awake ing kursi teras. Ora bisa mlebu omah awit omahe kuncen. Eni thenger-thenger, ngrumangsani lupute, mbedhal-mbedhal nuruti seneng.
Saiki nggagas-nggagas, enggone sing lanang nganti nabrag treg bisa uga saka bingung lan nelangsane mikirake lungane sisihane sing mentala slingkuh.
Ngertine sing lanang saka SMS romantis sing ditampa ing HP-ne Eni, sisihane. Iku sing dadi tukar nganti Eni sing emoh disujanani, kumecap,
"Tembang ora-ora mbokarani, ya ditenani pisan, karuwan!" Tembunge Eni ora mung ngancam, nanging lunga temenan nganti seminggu, lagi mulih.
Dhasare, sajrone omah-omah wis 20 taun suwene, Eni sing kaya nguwasani sing lanang.
Mula Eni wani nekat ninggalake omah kejaba pancen isih duwe rasa tresna marang tilas pacare biyen, wong Tuban.
Seminggu ing Tuban, nguja kesenengan, ngesok katresnan, ente-entekane mlayu keterak obrakan saka anane Operasi Gabungan kanggo nertibake hotel-hotel.
Eni lan tilas pacare slamet mlumpat cendhela, senajan kepeksa ninggal sawetara barange ing kamar.
Eni terus nggeblas mulih numpak bis. Tekan omah, nemoni kahanane sing lanang athang-athang ing rumah sakit, sirahe tatu, diperban.
Saka keterangane dokter, sisihane sing lagi turu iku ngalami amnesia, hilang ingatan, durung kena diajak ngomong.
Selagine Titis, anak mbarepe sing nunggoni bapake, saka clereting mripate sajak ora seneng nyawang ibune. Mula Eni anane mung kudu nangis, nangisi enggone mung mburu seneng, sing mung getun keduwung oleh-olehane.
"Ibu sing luput, Tis," tembunge karo nyeka eluhe sing kekembeng.
"Bapak sing luput, ana treg mandheg, ditabrak " wangsulane Titis anak mbarepe sing uwis SMA.
Senajan tembunge Titis kaya mengkono, kaya ngluputake bapake sing kurang waspada ing ndalan, nanging saka gregeling tembunge Titis sing atos, ibune krasa yen ing satemene Titis ngluputake ibune.
"Terus sapa sing nunggoni, yen esuk, yen kowe sekolah?" pitakone Eni sawetara candhake.
"Bapak hilang ingatan. Ora ana sing nunggoni ya ora apa-apa, ya ora nelangsa, wong ora eling apa-apa, wangsulane Titis saya tambah ndhodhog dhadhane ibune."
Saumpama ibu ora mulih, ora nunggoni, ya ora apa-apa, wong hilang ingatan.
Karo aku ya lali yen aku iki anake. Takjak rembugan, malah takon, kowe ki sapa?. Bar kuwi aku dipenging dhokter ra oleh ngajak omong."
Lagi kena diajak omong sawetara dina candhake sawuse saka sethithik bisa kelingan marang sakabehe. Bisa kelingan pegaweyane, anake-anake, sedulur-sedulure lan kanca-tepungane sing padha bezuk.
Kejaba marang Eni, sisihane, babar pisan ora kelingan yen iku sisihane. Sing dielingi, Eni iku kancane sekolah ing SMA I Bojonegoro. Pancen bener tilas kancane sekolah. Nanging kaya ora masuk akal yen lali iku sisihane.
Dhokter ora bisa aweh katrangan kepiye kok bisa mengkono. Inilah yang sulit dijelaskan, bagaimana menjelaskannya, semambunge dhokter sing uga ora ngerti. Uga sawuse kelilan mulih sawuse sewulan dirawat, Harso meksa ora kelingan yen Eni iku ibune Titis.
"Ibuku rak ya iki ta, Pak?" tembunge Titis.
"Ibumu lunga, ora neng omah."
"Ibuku wis mulih, Pak. Yaiki, ibuku."
"Dudu. Iki mbak Eni, kancane sekolah bapak biyen."
"Yen ngono, ya uwis, ra sah diarep-arep mulihe. Goleka bojo maneh, karo aku," semaute Eni.
Harso sing maune ndongong, mesem ampang karo ngusir Eni metu saka kamare awit Harso butuh salin klambi. Uga nalika weruh Eni masak ing pawon, Harso menging, ora perlu rewang masak.
"Ben dimasak Titis, ngko awan, yen bocahe mulih sekolah."
"Titis ki rak ya anakku, ya anakmu. Aku bojomu. Kok bojo ra oleh masak. Eling-eling ta, aku ki sapa?"
"Aku arep metu. Lawange arep tak kunci."
"Eling anake kok ora eling ibune. Ya aneh," grenenge Eni panggah ora bisa mikir kok sing lanang kebacut kaya mengkono.
Merga sing lanang isih ngadeg ing lawang ngarep, ngenteni metune dheweke, kepeksa Eni nuruti metu. Lagi ing sateruse : ceklek...,
Harso ngunci lawang lan nyetarter sepedha montore.
Eluhe Eni saya deres, ora kena diampet. Kelingan nalika mulih, uga lungguh ing kursi teras iku, sing saiki dilungguhi. Lawange uga kemunci, kaya kuwi.*


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/08/kacilakaan.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

бездепозитный покер бонусчугунная сковорода с прессомлобановский александр биография

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301969
  Hari ini     :  Hari ini :305
  Kemarin     :  Kemarin :1090
  Minggu ini   :  Minggu ini :8747
  Bulan ini   :  Bulan ini :29245
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 18

Kontak Admin.

email-kidemang