103 Kukuh
AKA 300 wit sanakembang sing diborong Rp 5.000.000,- dening juragan kayu bakar, wis ana  200 wit sing ditegor kuli-kuline. Panegore diwiwiti saka elor, wis ngliwati
 
Cêrita Cêkak -  

103 Kukuh

AKA 300 wit sanakembang sing diborong Rp 5.000.000,- dening juragan kayu bakar, wis ana  200 wit sing ditegor kuli-kuline. Panegore diwiwiti saka elor, wis ngliwati warung satene Abu Bakri, malah wis kliwat adoh mengidul tekan cedhak pasar Kedungadem.
Nanging wit  sanakembang ing ngarep warunge Abu Bakri isih meger-meger. Weruh mengkono, Mansur, Satpol PP Kecamatan sing lagi liwat, merlokake mandheg.

"Wit iki  kliwatan apa njarag dicoloti?"
"Takona nyang pemboronge," wangsulane Abu Bakri ipit-ipit mbakar sate.
"Ngene iki gak apik sawangane."
"Lho! Pengijoan kok ora apik. Kowe kuwi pejabat, tembungmu kok kwalik. Sing bener ah, yen omong. Apa apik yen panas enthak-enthak kaya lor kae?"
"Ngene iki sing dirasani ala wong kecamatan. Dikira wong kecamatan sing pilih kasih. Kabeh ditegor kok sing iki ora, bisa dimerekake kiwa-tengen," semambunge Mansur klepat nglungani, mancal sepedha motore, ngethihir ngidul. Atine cekot-cekot dipancal rembug Abu Bakri tilas kancane sekolah ing SMA, lulus taun 1970.
Cekot-cekote ati dijunjung enggone dadi pejabat njalari Mansur saya adreng enggone kepengin ngrubuhake sanakembang iku.
Apamaneh antarane Mansur lan Abu Bakri wis biyen mula ora pati cocog.
Mula nalika adu arep sedhela mau, kekarone wis padha ngatonake kakune gunem.
Mansur saya ita-itu, takon marang kuli-kuli. Geneya wit sanakembang ngarep warung sate kuwi durung ditegor?
"Panci ken nilar."
"Sing ngakon?"
"Juragan."
"Kok ngono?"
"Lha nggih duka."
"Endi juragane?"
"Tiyange mboten mriki. Dugine mriki namung kala-kala. Nginguk sekedhap lajeng kesah, adate.
Mesthine dugi mrika-mrika wong borongane kathah teng pundi-pundi," wangsulane kuli nutugake gawene, nggrajeni watange wit sing wis rubuh, dipotong - potong dadi kayu bakar.
Mansur kresah-kresuh. Batine kepengin ketemu juragan, arep diatag supaya negor wit iku supaya ora gawe merine toko-toko lan warung-warung liyane. Nanging kapan bisane ketemu juragan sing jare kuli sabane mrana-mrana?  Saka ora sabare, ing dina candhake, Mansur mrentah Kabul, Pol PP andhahane supaya ngrampungi wit sanakembang kuwi.
"Wit iki wis taktuku, dhik Kabul. Selawe ewu," tembunge Partini, sisihane Abu Bakri.
Kabul mlenggong. Batine misuh merga isin. Misuhi Mansur sing muni jare wit iku kliwatan.
"Yen ora ana wit iki, ya panas tenan dhik, Kabul. Tur ya kena nggo tamping angin, wong yen udan angine ya ngana kae."
"Ya, mBak. Apamaneh angin saka kidul  kulon. Banter kaya ngobrak-abrik, medeni wong," Kabul numpangi.
"Nalika pemboronge nyate ing kene, ditakoni pake Tari kuwi. Wit semono kuwi yen dadi kayu bakar adole payu pira? Unine, selawe ewu. Terus didhuwiti pake Tari," semambunge Partini nyebut Abu Bakri, karan anak : bapake Tari.
Sing karan anak bapake Tari, semaut karo nyedhaki Kabul.
"Wit iki, wiwit nalika ditandur, sekilan dhuwure, aku sing ngrumat. Taksirami esuk-sore. Tak slumbungi supaya aman. Malah tak rabuk barang supaya gelis ogol."
"Ya ta, kudu ngono. Sapa sing rumangsa cedhak, ngrumat. Soale ra ana petugas khusus ngrumat pengijoan kaya ing kutha.
Ing ndesa, tanpa dibantu kesadharane masyarakat, pengijoan ya embuh dadine," Kabul nyelani rembuge Abu Bakri.
"Ning bareng gedhe, ndadak kepeksa nuku. Apa ora lucu? Warung kok nuku pengijoan supaya ora ditegor. Yen Mansur mempeng arep negor, kon mrene dhewe wonge. Tak adhepane. Aja mung kongkonan uwong," semambunge Abu Bakri sumengit.
Merga ketungka wong njajan, kepeksa dipunggel enggone omong.
Saumpama ora, Abu Bakri kepengin omong dawa ngenani Mansur miturut panyawange.
Mansur sing ngepalani  Satuan Polisi Pamong Praja kecamatan iku sajak gumedhe rumangsa dadi pejabat. Marang tilas kanca-kancane sekolah sing ora kesampiran pangkat, nyawang wae kaya suthik, apamaneh aruh-aruh.
Mangka biyen sekolahe bodho. Ya mung saka nasibe sing apik bisa nylingkrik dadi pejabat.
Dadiya pejabat ya maklum wong pancen ora tau pinter. Watege seneng memperalat wong yen dheweke ora mampu ngujudake kekarepane.
Mengkono isi rembuge Abu Bakri sing kepeksa durung kawetu awit ketungka wong njajan.
Abu Bakri butuh ngladeni mbakar sate lan Kabul terus pamitan.
Satekane kantor, dikandhakake yen wit sanakembang iku wis dituku Abu Bakri. Ewasemono Mansur bisa ngunggahi rembug.
"Sing dituku rak uwite?!"
"Lha napane?"
"Lha lemahe?! Isa Bakri nuku?!"
"Sitine, rak nggih siti radosan."
"Mulane. Isa Bakri nuku salemahe?!  Taksembah dlamakane nek isa nuku salemahe!" semambunge Mansur saya methentheng.
Kabul meneng. Nyumet rokok.
Mansur mbacutake rembuge,
"Ngerti karepku?"
"Dospundi?"
"Dalan iku, dalan PU. Jalan kabupaten. Kantor kecamatan wenang nata lan ngatur kabeh wit ing pinggir dalan PU.
Yen kantor kene wis mrentah wit iku kudu ditebang, Bakri ora isa mbantah!"
Mansur terus ngadhep camat Riadi, atasane.
Ngajak rembugan yen wit sanakembang ngarep warung sate iku dimerekake wong akeh.
Senajan wit iku wis dituku Abu Bakri, nanging ora akeh wong sing ngerti. Ngertine, isih ana wit gedhe meger-meger, ndadekake gela, meri.
Yen iku dijumbar, toko-toko, warung-warung lan omah-omah mangku ratan sing meri, bisa wegah ngrumat pengijoan anyar sing lagi arep ditandur bakale.
Camat  Riadi manut.
Gawe surat panggilan marang Abu Bakri supaya ngadhep menyang kantor kecamatan. Nanging Abu Bakri sing nekani panggilan, kukuh nggondheli sanakembange.
Senajan Camat saguh ngijoli tukone Rp 25.000,- Abu Bakri meksa nulak.
"mBoten namung perkawis arta, pak Camat. Arta selangkung kemawon , saged dipun padosi sawetawis jam. Nanging kangge nggesangaken wit ngantos semanten agengipun, mbetahaken wekdal ingkang lami."
"Mangke ugi wonten peremajaan pengijoan, mas Bakri."
"Menika rak angen-angen. Khayalan," tumanggape Abu Bakri gawe kagete Camat.
Durung nganti Camat mangsuli, Mansur sing diajak nemoni, kumecap," Ora mung khayalan. Bibite wis ana. Malah apik-apik katimbang mung sanakembang. Maoni, johar, sanakeling lan liya-liyane.
Ing mburi kantoran cedhak sumur. Kena dideleng yen ora percaya."
"Ora perlu ndeleng. Aku wis percaya yen mung soal bibit. Nanging piye bisaku percaya yen bibit sing durung ditandur iku mesthi urip?"
"Ya mesthi urip yen dirumat apik,"
"Apa maneh slamet urip tekan gedhe ngrembuyung, rak durung mesthi.
Iku rak lagi ditandur ing angen-angen. Lagi dikhayalake. Mulane takarani khayalan. Mangka wit sanakembang ing ngarep warunguku wis nyata ana.
Sing wis ana kok kudu ditebang, diganti khayalan sing isih embuh," semambunge Abu Bakri thas-thes njalari Camat saya mbrabak raine.
"Kula Camat kepala wilayah, mas Bakri. Sanakembang menika kedah dipun tebang. Mongsok kedah dipun tenggani polisi?"
"O..., ngaten? Mangga menawi badhe ngginakaken panguwaos. Sinten ingkang badhe kautus nebang, nyumanggakaken  menawi sampun kagalih saestu. Nanging kula inggih badhe minggah dhateng  kantor kabupaten. Menapa kula lepat numbas pengijoan saking pemborong?"
Nanging sabubare patemon iku, ora tau ana kuli tebang lan polisi sing nekani sanakembang kuwi. Abu Bakri ora ngerti, apa sebabe perkara mandheg kaya kepunggel.
Apa Camat kuwatir marang ancamane gugat mendhuwur? 
Apa Camat sing wis wegah mikir awit saka akehe pegaweyan liya sing luwih penting?
Bisa uga Camat luwih mikir bab enggone arep gawe pematusan air nganggo dhana pepayone mborongake pengijoan marang juragan kayu bakar iku, ngono pikire Abu Bakri.
Yen rendheng, iline banyu udan ing kalen ngarep kantor kecamatan ora bisa rikat. Malah kepara mambeg, amber menyang ratan yen udane deres banget. Kanggo ngawekani prakara iku, programe Camat, kalen saurute dalan  sapengalor perlu dibangun amrih playune banyu bisa rancag.
Nanging nganti Camat Riadi pindhah saka Kedungadem, pematusan air iku ora ana wujude. Ora tau ana watu, pasir, semen lan kawur sing teka kanggo keperluan iku.
Mula Abu Bakri nyuwara sauni-unine  marang  Mansur,
"Gampang yen mung nebangi wit. Nganti gundhul, dadi dhuwit."
"Dhuwite embuh,. aku ora  ngerti."
"Rak kowe sing dadi Ketua Panitiane."
"Ya. Ning aku ora weruh rupane dhuwite. Samber nggelap, ora weruh, nganti  wonge  minggat."
"Kowe wong kene. Padha karo aku, asli wong Kedungadem. Apa kowe seneng yen dalan ing Kedungadem panas kaya diobong srengenge?"
"Ya ora seneng. Jenenge wae Kedungadem, cocoge ya kudu sing adhem."
"Durung yen udan angin. Omah-omah pinggir dalan sing maune nduwe tamping wit,  dadi enthis-enthis , ilang tampinge. Isih beja yen mung nglingkap gendhenge. Yen omahe kemratag diuntir angin, piye? 
Kowe putra dhaerah, dadi pejabat, kok glewo. Kowe kudu awas. Aja mung manut yen Camatmu  akal-akal  sing  gawe  rusake dhaerahmu."
Abu Bakri kaya mumpung ketemu Mansur padha ijen. Car-cor kaya kepengin nyuntak sakehing rasa cuwa lan mangkele. Mansur kaya ora serik diuman- uman. Anane mung cungar-cungir,  gebes, mlengeh, ngguyu lan genti moyoki sakenane. Mengkono kekarone katon raket, kaya eling marang enggone nate dadi kanca sekolah tunggal klas ing  SMA.
Abu Bakri isih terus  nguman-uman nganti Mansur nyelani,"
Wis, wis...Ngundamana wong kok ora kira-kira. Dupeh pinter omong, ulet rembugmu, emoh dikalahake."
"Nyatane pancen ngono. Kowe arep mbantah piye?  Endi dhapure pengijoan sing jare arep nyusul ditandur? Ya ora ana nyatane."
"Bibite mawut. Ana sing garing. Ana sing rusak. Ana sing ilang digawani wong-wong. Bibit maoni rak apik. Johar ya apik kayune. Akeh wong seneng. Dicolongi," wangsulane Mansur banjur sumingkir saka wis suwe enggone rembugan.
Lagi sawetara jangkah lakune Mansur, ditututi Abu Bakri.
"Sik, sik...Aku takon, Sur."
"Apa?"
"Ngapa Camat Riadi ora sida negor sanakembangku?"
"Ya embuh."
"Aja muni embuh. Kowe wong njero mesthi ngerti."
"Lha kowe ngancam arep munggah nyang kantor Pemda. Rak kojur yen kedawa-dawa dirungu tekan ndhuwur.
Konangan enggone mangan pengijoan."
"O..., ya uwis!" [*]

(Kepacak ing Jaya Baya, No. 33 , tanggal 18 April 1999)


Cathetan :

kukuh              =     1)   ngugemi panemu  (memegang teguh pendirian)
                              2)   kokoh ; sentosa  ( Bhs Indonesia)


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/cerkak-k-u-k-u-h.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет детиинтернет магазин в сочилобановский политик

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7338912
  Hari ini     :  Hari ini :997
  Kemarin     :  Kemarin :1150
  Minggu ini   :  Minggu ini :1956
  Bulan ini   :  Bulan ini :24357
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 60

Kontak Admin.

email-kidemang