Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5164096
Hari ini :Hari ini :15
Kemarin :Kemarin :1115
Minggu ini :Minggu ini :6225
Bulan ini :Bulan ini :28855
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5164096
Online : 23

Pagerank

03 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 03


 

NG Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag prayoginíng lampah.
Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr gunúng ngråtå bumi pulo Jawi.

 

 

03 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 03
= 03 / 05 =

NG Rêpat kapanasan, pasébanipún pårå Déwå sadåyå sami ngrêmbag prayoginíng lampah.
Sasampunipun samaptå sadåyå, lajêng bidhal gugúr gunúng ngråtå bumi pulo Jawi.
Prang Ampyak, Prampógan Déwå ngicali mégå mêndhúng
    pêpêdhút ingkang ngalang alangi margi.
    Punikå ing pakêliran lajêng dadós Jêjêr Kapisan, gapuran,
    kadhatónan,  paséban jawi, kapalan, lan prang ampyak.
4. Madêg ing Kahyangan Sonyaruri.
    Bathara Ismåyå sakaliyan garwå Dèwi Sênggani.
    Nalikå punika Bathårå Ismåyå kaliyan garwå Dèwi Sênggani sampún
    kagungan putra sêdåså cacahipún,
    1. Bathårå Wungku’am inggíh Bathårå Bóngkókan.
    2. Bathårå Wréhaspati,
    3. Bathårå Yåmådipati,
    4. Bathårå Súryå,
    5. Bathårå Cåndrå,
    6. Bathårå Kuwérå,
    7. Bathårå Patút, inggíh Bathårå Patúk utawi Patúh,
    8. Bathårå Tamburu,
    9. Bathårå Kåmåjåyå, lan
   10. Dèwi Sarmanasiti inggih Dèwi Darmanastiti.
    Bathårå Ismåyå dhawúh dhatêng pårå putrå, kapuríh tumút ambantu
    pårå Déwå, gugúr gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå
    kawaradinakên bumi pulo Jawi.
    Pårå putrå sami matúr sandikå, lajêng bidhal.
5. Kocap wóntên titahíng Hyang Kang Måhå Kawåså, nåmå Bathårå
    Cålåkuthå ing Kahyangan Wisåbawånå.
    Nuju lênggah wóntên ing kadhatónipún, dipún adhêp wadyåbalanipún
    bangsaning upas wiså mandi, Kålå Katónggèng, Kålå Jêngkíng, Kålå
    Abang lan sapanunggalanipún.
    Bathårå Calakuthå midhangêt wartå, manawi pårå Déwå sami gugúr
    gunúng andhungkari rêdi Jamúrdipå, nrajang ngrisak kadhatónipún.
    Mila sangêt ing dukanipún, lajêng bidhal nêdyå ngalàng-alangi
    tumindakipún pårå Déwa, kêbút sawådyå balanipún.
    Wóntên ing margi lampahipún kapapag kaliyan pårå Déwå.
    Sulayaníng rêmbag, dadós påncåkårå.
    Wadyanipún Bathårå Cålåkuthå sami kasóran, lajêng ngoncati.
    Pårå Déwå sami ngoyak palajêngipún Bathårå Cålåkuthå.
    Prang gagal.
    Palajêngipún Bathårå Cålåkuthå dumugi èrèng - èrèngíng rêdi
    Jamúrdipå, lajêng nyiptå sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng
    nangíng måwå wiså mandi.
    Pårå Déwa anggènipún ngoyak dumugi laladan ngriku, sami sangêt
    ngóróngipún.
    Sumêrêp sêndhang ingkang toyanipún sangêt wêníng wóntên
    sangandhaping rêdi Mandårå, lajêng sami agahan ngunjuk
    sakatógipún,  têmah pårå Déwå sami pêjah sadåyå.

bathara_patuk
Bathara Patuk

kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 04 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 04
  • 02 Lampahan Manik Maya (Jagad Ginelar) - 02 >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!