Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5161751
Hari ini :Hari ini :106
Kemarin :Kemarin :1261
Minggu ini :Minggu ini :3880
Bulan ini :Bulan ini :26510
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5161751
Online : 9

Pagerank

05. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Hiburan

amedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika kanthi tujuan mratelakaken informasi utawi hamilut pamyarsa dhumateng gagasan kita, nanging tujuwanipun asipat mirunggan upaminipun medhar pangandikan wonten salebeting tata

Pranåtå Cårå - ᭙

05. Hamedhar Pangandikan Ingkang Sipatipun Hiburan

amedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika kanthi tujuan mratelakaken informasi utawi hamilut pamyarsa dhumateng gagasan kita, nanging tujuwanipun asipat mirunggan upaminipun medhar pangandikan wonten salebeting tata upacara pahargyan prasaja mantu / ambal warsa lan sanes-sanesipun.
Hamedhar pangandikan ingkang sipatipun hiburan punika padatan badhe katingal wonten ing Panatacara (MC) ingkang angendhaleni lampahing tatacara ing pahargyan manten, ambal warsa, tatacara hiburan ing ambal warsa 17 Agustus lan sanesipun.
Dados ingkang asipat mirunggan utawi mboten resmi.


06. Hamedhar Pangandikan Ingkang Asipat
Amilut Dhumateng Para Pamyarsa
amedhar pangandikan punika benten kaliyan medhar pangandikan ingkang asipat atur pratelan (informasi) utawi ingkang asipat atur panglipur.
Medhar pangandikan ingkang asipat amilut tiyang sanes kanthi tujuan inggih punika supados pamyarsa saged kapilut panggalihipun amargi wedharing pangandikan kita.
Kangge amujudaken tujuan punika, kabetahaken cara hamedhar pangandikan ingkang sae, antawisipun nguwaosi ingkang badhe dipun andharaken, lan wasising pamicara kangge amilut para pamyarsa.
Kathah piyantun ingkang ngadeg wonten sangajenging microphone kanthi pangandikan ingkang sereng, nanging para pamyarsa mboten nggatosaken pangandikan kasebat malah - malah wonten saperangan sami ngantuk.
Bab punika nedahaken bilih pamedhar pangandikan kirang mampu amilut dhumateng para pamyarsa ingkang sampun lebda, bangkit hamemilut para pamyarsa kanthi raos ingkang saged hanuju prana lan kebak ing raos greget.
Wonten gambaran kados pundi para pamyarsa nalika haningali Zainudin MZ amedhar pangandikan, tartamtu panjenenganipun katut larut wonten ing raos greget.

Kapethik saking : Tuladha Panatacara Lan Tanggap Wacana Basa Jawi,
Karakit dening : Purwadi

 kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 07 Sintenta Ingkang Miyarsakaken
  • 03 Tujuan Hamedhar Pangandikan >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!