Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5164206
Hari ini :Hari ini :125
Kemarin :Kemarin :1115
Minggu ini :Minggu ini :6335
Bulan ini :Bulan ini :28965
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5164206
Online : 12

Pagerank

Pranåtå Cårå - ᭙

24. Tuladha Panampi Pasrah Lamaran

ssalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Dhumateng ___________ (Sesebutan kajumbuhaken kawontenan miturut andhap inggiling pangkat kalenggahan ingkang sami rawuh).
Ngembani wuwus karsanipun Bp ___________ sekalihan, ing hari kalenggahan punika kula piniji pinangka sulih salira nampi pasrahipun saking Bp ___________ minangka cundhaka badhe / calon kadang besan sutresna, minangka purwakaning atur kula ugi ndherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, awit sih wilasa miwah barokah ingkang tansah sinandhang panjenengan sadaya dalasan kula.
Nun inggih panjenenganipun Bp ___________ ingkang pantes sinudarsana (ingkang pasrah) sadaya atur pasrah panjenengan hambok bilih sampun mboten wonten ingkang karempit, kanthi raos suka ingkang tanpa pepindhan Bp ___________ sekalihan lumantar kula.
Nun inggih atur salam taklim saking badhe / calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami - sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka renaning manah, ing mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp ___________ sekalihari (mengku gati).
Atur panyuwunipun saking badhe / calon kadang besan menggah ijab panggihipun badhe / calon temanten mangke badhe kateksanakaken, ijab wanci tabuh ___________ panggih wanci tabuh ___________ mboten kekilapan panjenenganipun Bp ___________ sekalihan amung ngaturaken panuwun menggah sadaya peparingipun badhe / calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng
Bp ___________ sekalihan (mengku gati) mugi dadosa sarana raketing kekadangan sami - sami netepi darmaning sepuh anggenya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Amung semanten panampi saking Bp ___________ sekalihan lumantar kula, ngaturi uninga bilih wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih kasuwun panjenenganipun Bp ___________ sekalihan garwa wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Pepuntoning atur kula hambok bilih kirang hanuju prana anggen kula nampi labet kula hangglenggana kiranging seserepan saha kirang pana dhumateng wewatoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika panjenenganipun Bp ___________ (ingkang pasrah) sumrambah para lenggah sadaya mugi keparenga hangandhapna agunging pangaksama.
Ing wasana Wabillahi taufiq wal hidayah Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb. Nuwun.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 25 Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Panampi Pasrah Lamaran
  • 23 Tuladha Aturipun Panatacara Saksampunipun Pasrah Lamaran Ngancik Panampi >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!