Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5160915
Hari ini :Hari ini :531
Kemarin :Kemarin :1299
Minggu ini :Minggu ini :3044
Bulan ini :Bulan ini :25674
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5160915
Online : 42

Pagerank

Pranåtå Cårå - ᭙

33. Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun
Temanten Putri Lenggah Hangancik Adicara Salajengipun

ara rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya - kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara.
Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi panjenenganipun Bp ___________ saha
Bp ___________ wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu ___________ ,
Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ungeling ladrang kapang - kapang laras pelog pathet 6 sumangga nun, nuwun.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup

Wangsul Manginggil

 

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!