Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5166047
Hari ini :Hari ini :709
Kemarin :Kemarin :1257
Minggu ini :Minggu ini :8176
Bulan ini :Bulan ini :30806
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5166047
Online : 24

Pagerank

35. Tuladha Panyandra Sowaning Putra Temanten Kakung Saking Wisma Palereman

inarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar

Pranåtå Cårå - ᭙

35. Tuladha Panyandra Sowaning Putra Temanten Kakung
Saking Wisma Palereman

inarung swaraning gangsa ingkang hangrangin hambabar ladrang wilujeng, kawistingal jengkaring putra temanten kakung saking wisma palereman ing pangajab mugi tansah manggih kawilujengan kalis hing sambekala, gumebyar busananing putra temanten kakung hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara hangemba busananing nata.
Dhampyak - dhampyak para kadang wandawa ingkang samya hangayab tindakipun putra temanten kakung, temanten kakung hanggenya lumaksana lengkeh - lengkeh pindha singa lupa, riak hanggajah ngoling sapecak mangu satindak kendel semu hangungun hanguningani endah edining swasana ingkang hangrenggani tawinging wiwara.
Wus handungkap unggyan ingkang tinuju gya kendel tindakira wonten sangajenging wiwara, keparenging sedya hangrantu laksitaning adicara salajengipun.


Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara
Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi

 kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 36 Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Upacara Pasrah Temanten
  • 34 Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Jengkaring Temanten Kakung Saking Wisma Palereman >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!