Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5165567
Hari ini :Hari ini :229
Kemarin :Kemarin :1257
Minggu ini :Minggu ini :7696
Bulan ini :Bulan ini :30326
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5165567
Online : 24

Pagerank

05 Suluk Padhalangan 03
Irika ta sang Gahtotkaca kinón mapagrkkasuta, têkap ira Krêsna Partha manêkêr muji akti nira, sang inujaran wawang masêmu garjjita hara marêk, wawacana bhagya yan hana pakon ri patik nêrpati. Sêkar íng nginggíl punikå nyariyósakên nalikå Sang Gatótkaca (íng padhalangan:
Suluk Pedhalangan - 

 Sulúk Padhalangan 03

  

   ᭘ 
Irika ta sang Gahtotkaca kinón mapagrkkasuta, têkap ira Krêsna Partha manêkêr muji akti nira, sang inujaran wawang masêmu garjjita hara marêk, wawacana bhagya yan hana pakon ri patik nêrpati. Sêkar íng nginggíl punikå nyariyósakên nalikå Sang Gatótkaca (íng paꧤalangan: Gathutkåcå) kaꧤawuhan déníng Prabu Krêsnå ndikakakên lumawan kroꧤanipún Sang Karnå utawi Sang Arkkasuta, inggíh Sang Suryaputra (wóntên íng madyaníng pêrang Bharatayudda íng dintên kapíng XIV).

Ginanipún sêkar punika íng pagêlaran ringgít púrwå kanggé ”ådå ådå grêgêt saút” íng paꧢêt sångå.

Katranganíng têmbúng têmbúngipún :
1. Irikå = íng wêkdal punikå, íng nalikå punikå (Indonesia : ketika itu, maka).
2. Sang Ghatotkaca = Ghata (kuwali) + utkaca (sirah, rambut íng sirah) =
    íngkang sirahipún awangún kadós kuwali.
    Ut = nginggíl, puncak. Kaca = rambút.
3. Kinon = kon + sêsêlan : in = dipún ꧤawuhi.
4. Mapagarkkasuta = mapaga (supadós nglawan) + Arkkasuta (putranipún
     Arkka. Baꧢårå Arkka punikå Baꧢårå Suryå. Dadós: Arkkasuta punikå
     kajêngipún putranipún Baꧢårå Suryå, inggíh punika Sang Karnå).
5. (Sang Hyang) Arkka = Adtya, Aruna, Surya (Déwaníng) srêngéngé.
6. Ira = panambang tumrap ”sirå” (pratåmå puruså utawi : orang ketiga),
    limrahipún dipún jarwakakên ”Panjênênganipún”.
7. Têkap = déníng (Indonesia : Oleh).
8. Têkap ira Ka = déníng panjênênganipún (Prabu) Krêsnå.
9. Muji = mangalêmbånå.
10. akti nira = kasêktèníng panjênênganipún, inggíh punikå kasêktèníng
      Ghatotkaca.
11. Sang inujaran (ujar + sêsêlan : in + panambang : an) = íngkang dipún
      dhawuhi (inggíh punikå Ghatotkaca).
12. Wawang = tumuntên, énggal énggal, sanalikå punikå ugi.
13. Masêmu = katingal radi, katingal kadós.
14. Garjjita = 1) suka rênå 2) kêndêl sangêt, tatag tanngón 3) Angkúh.
15. Hara = sênêng, gêmbirå.
16. Marêk = nyêlak, ngaꧤêp (Indonesia : mendekat, datang menghadap).
17. Mawacana = wicantên, matúr.
18. Bhagya = bêgja (Indonesia : berbahagia).
19. Yan = 1) Amargi, jalaran. 2) Yèn (manawi). 3) Mbókmanawi
       (Indonesia : kalau kalau). 4) Bilih (Indonesia : bahwa). 5) Íng basa
       Indonesia kalêbêt ”kata pementíng : lah”.
20. Patik = salugunipún atêgês : abdi, kawulå (Indonesia : budak, hamba).
21. Patik nrêpati = abdiníng ratu (budak raja), inggíh punikå : aku (ngoko) =
       Kråmå inggíl : kawulå, adalêm (abdi dalêm).

Suraósipún :

Íng nalikå punikå Sang Ghatotkaca kaꧤawuhan lumawan putranipún (Baꧢårå) Arkka (inggíh punikå ingkang apêparab Karnå) déníng panjênênganipún Prabu Krêsnå; Partha (Arjunå) lajêng mangalêmbånå ꧤatêng kasêktènipún (Ghatotkaca). Íngkang dipún dhawuhi (inggíh punikå Sang Ghatotkaca) sanalikå punikå ugi katingal móngkóg panggalihipún, (kanꧢi) gêmbirå marak (dhatêng Prabu Krêsnå) matúr (makatên) : ”Kawulå rumaós bêgjå, amargi wóntên ꧤawúh (padukå) dhatêng kawulå”.

Sumber : Pustaka Wayang

Image

Wangsul Manginggil
  • < 06 Suluk Padhalangan 04
  • 04 Suluk Padhalangan 02 >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!