Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5165641
Hari ini :Hari ini :303
Kemarin :Kemarin :1257
Minggu ini :Minggu ini :7770
Bulan ini :Bulan ini :30400
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5165641
Online : 23

Pagerank

09 Suluk Padhalangan 07
Niyata laruta sakwèhníng yodh sakurukula, ya tan angutusa sang ri Bhisma Drona sumuruda, tuwi pêtêng i walêk ning réwangdé lêwu wulangun, wêkasan awa têkap ning rh lumrꧤêti lêb. Sêkar ing nginggíl punikå nggambarakên kawóntênan Bharatayudda íng dintên kapíng II (kalíh),
Suluk Pedhalangan - 

Sulúk Padhalangan 07

  

᭪᭗ ᩊ ᨿ᭜
Niyata laruta sakwèhníng yodh sakurukula, ya tan angutusa sang ri Bhisma Drona sumuruda, tuwi pêtêng i walêk ning réwangdé lêwu wulangun, wêkasan awa têkap ning rh lumrꧤêti lêb. Sêkar ing nginggíl punikå nggambarakên kawóntênan Bharatayudda íng dintên kapíng II (kalíh), Panꧤåwå lan Koråwå samidéné apacak barís Garudawyuha, nangíng bótên antawís dangu. Barisanipún Koråwå risak abosah basíh kêtrajang pangamúkipún Arjunå lan Bimå, kaꧢah wadyåbålå Koråwå íngkang pêjah.

Wóntên íng pagêlaran ringgít púrwå sêkar punikå limrahipún kanggé ådå å jugag paꧢêt manyurå, kirang langkúng namúng dumugi têngah têngahipún slokå kèndêl, dipún pungkasi sarånå kombangan ”O’.

Têgêsíng têmbúng têmbúngipún :

1. Niyata = tartamtu, mêsꧢi.
2. Larút = larút mirút, sírnå gêmpang, tumpês tapís, têlas babar pisan. Larutå
    = baꧤé brasꧢå, badé têlas babar pisan.
3. Sakwèhníng = sagungíng, sanggyaníng, sadåyå.
4. Yodh: = pêrajurít.
5. Kurukula = têꧤak turunipún Kuru, inggíh punikå íngkang sinêbút Kuråwå.
6. Sakurukula = sadåyå têꧤak turunipún Kuru, sadåyå Kuråwå.
7. Ya = 1) Manawi. 2) Piyambakipún. 3) Punikå. 4) Jalaran (amargi).
8. Kuru (Prabu Kuru) punikå têꧤakipún Prabu Bharata turún kapíng 7. Inggíh
    Prabu Kuru punika íngkang yåså Têgal Kuru (årå årå Kuru), lan inggíh
    Sang Kuru punikå íngkang mahanani wóntênipún têmbúng ”Koråwå”,
    têgêsipún: têꧤakipún Kuru. Wóndéné Prabu Kuru punikå putranipún Prabu
    Sambarana ( Samwarana) íngkang miyós sakíng pramèswari widadari
    Dèwi Tapati. Sang Dèwi punikå putranipún Bathårå Suryå.
9. Utus = ꧤawúh. Angutús = nꧤawuhi, mréntahi.
10. Surud = mundúr, mlajêng. Sumuruda = supadós mundúr.
11. Tuwi = lan malíh, punåpå malíh, punåpå déné.
12. Walêk = kumêlún, mulêk (Indonesia : polang palíng, berhamburan).
13. Ré Awangdé = rênu (lêbu) + angdé (njalari) = lêbu íngkang njalari.
14. Lêwu = agêng, kadúk sangêt (Indonesia : amat sangat).
15. Wulangun = bingúng, kabingungan, bilulungan.
16. Wêkasan awa têkap ning r:h = wasananipún paꧤang déníng (abritipún)
      rah.
17. Lumrdeti lêb = lumra (sumêbar waradin) + amaꧤêti lêbu (njalari
      padhêtipún lêbu, satêmah lêbu bótên mulêk kumêlún).

Suraósipún :

Tartamtu baꧤé sírnå gêmpang tumpês tapís sagungíng prajurít (wadyåbålå) Koråwå, manawi Sang Bhismå lan Dronå bótên ngabani “mundúr”, punåpå malíh (nalikå samantên) pêtêng déníng kumêluníng lêbu íngkang njalari (pårå prajurít Koråwå) saklangkúng bingúng patíng bilulúng; wasananipún (lajêng) paꧤang déníng (ilinipún) rah íngkang sumêbar (sumrambah) adamêl paꧤêtíng lêbu (ngantós lêbu bótên kumêlún malíh).


Sumber : Pustaka Wayang

Image

Wangsul Manginggil
  • < 10 Suluk Padhalangan 08
  • 08 Suluk Padhalangan 06 >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!