Situs Sutresna Jawa

ikon-kaca-ngajeng

ikon-buku-tamu

ikon-penanggalan

ikon-piwulang-kautaman

ikon-puspawarna

ikon-pasinaon

ikon-referensi

ikon-naskah-kuno

ikon-cerkak

ikon-galeria

ikon-lelagon

ikon-resep-masakan

ikon-download

Jumlah Pengunjung

5159148
Hari ini :Hari ini :63
Kemarin :Kemarin :1214
Minggu ini :Minggu ini :1277
Bulan ini :Bulan ini :23907
s/d Hari ini :s/d Hari ini :5159148
Online : 20

Pagerank

02 Lairipun Rama Sasedherek
Íng nagari Ngayodyå wóntên íngkang jumênêng Ratu, ajêjulúk Dåsåråtå, sudibyå såhå mungkúl dhatêng íng agami, putús dhatêng íng sastrå, tuwín dhatêng sawarniníng kawrúh, asíh dhatêng pårå abdinipun, íngkang tan pêgat asríng kaganjar.Wóndéníng íngkang kagalíh amúng isarat,
Ramayana - 
 
1. LAÍRIPUN RÅMÅ SASÊDÈRÈK.

Íng nagari Ngayodyå wóntên íngkang jumênêng Ratu, ajêjulúk Dåsåråtå, sudibyå såhå mungkúl dhatêng íng agami, putús dhatêng íng sastrå, tuwín dhatêng sawarniníng kawrúh, asíh dhatêng pårå abdinipun, íngkang tan pêgat asríng kaganjar.Wóndéníng íngkang kagalíh amúng isarat, íngkang kéngíng andadósakên karaharjaníng nagarinipún.
Sang nåtå kagungan garwå têtigå, anåmå Dèwi Ragu utawi
Sukåsaiyå, kalíh Dèwi Sumitrå, tigå Dèwi Kékayi.
Prabu Dåsåråtå bótên kagungan putrå, såhå sangêt kapénginipún apêputra kakúng, íngkang katitisan íng batårå Wísnu.
Lajêng animbali pandhitå satunggal, anåmå bagawan Wasiså, kakarsakakên ambudi isarat kasêmbadaníng puji sagêdipún apêputrå kakúng.
Pamrayoginipun bagawan Wasistå sang nåtå asidhêkaha dhumatêng pårå déwa, inggíh punikå íngkang minångkå isarat kadugèníng karsanipún sang Prabu. Pirêmbagipún bagawan Wasiså makatên wau lajêng linampahan.
Lami lami garwå têtigå wau sami ambóbót. Íngkang ambabar rumiyin Dèwi Sukåsaiyå, miyós kakúng, kaparingan nåmå Råmå.
Anuntên Dèwi Kékayi ambabar kakúng, kaparingan nåmå Bråtå.
Lajêng Dèwi Sumitrå apêputra kakúng, kaparingan nåmå Laksmånå. Bótên antawís lami Dèwi Sumitra wau ambabar malíh kakúng, kaparingan nåmå Satrugnå.
Råjåputrå sakawan wau sasampuníng diwåså, lajêng kapasrahakên dumatêng bagawan Wasiså, supadós kawulangå íng sawarniníng kawrúh, såhå kadigdayan tuwín lampah lampahíng pêrang. Sarêng sampún sami putús dhatêng ngèlmi íngkang winulangakên sadåyå, lajêng kabêktå kondúr dhumatêng kadatónipún íngkang råmå. Wóntên íng ngriku putrå sakawan komúk íng kawígnyan såhå kadígdayanipún.


kds penutup

Wangsul Manginggil

 

  • < 03 Rama Kasaraya ing Pandhita
  • 01 Bebuka >

Situs Sutresna Jawa, Powered by Joomla!