| 05 Dewi Sinta Kadusta ing Prabu Dasamuka |
|
Kacariyós wóntên danåwå èstri, sadhèrèkipún êném Prabu Dåsåmukå íng Ngalêngkå, awastå Sarpåkanåkå. Punikå kautús dhumatêng íngkang råkå wau, amariksani rêdi íng Dhandhåkå.Sadumuginipún íng rêdi wau, aningali Råmå akaliyan |
| Ramayana - |
|
![]()
| Wangsul Manginggil |























Kacariyós wóntên danåwå èstri, sadhèrèkipún êném Prabu Dåsåmukå íng Ngalêngkå, awastå Sarpåkanåkå. Punikå kautús dhumatêng íngkang råkå wau, amariksani rêdi íng Dhandhåkå.
Prabu Dåsåmukå sakalangkúng dukå amidhangêtakên pratélanipún íngkang rayi. Sasampuníng anyakécani manahipún íngkang rayi, lajêng tindak dhumatêng rêdi íng Dhandhåkå, sumêdyå malês dumatêng Råmå. Wóntên íng margi angampiri dhangkaníng abdinipún danåwå, íngkang nåmå Maricå. Sarêng sampún anyêrêpakên íngkang dadós karsanipún, Maricå kadhawahan andèrêk.
Prabu Dåsåråtå kagungan sadhèrèkan ratuníng pêksi, anåmå Jathayu. Punikå mirêng pamuwún såhå pasambatipún Dèwi Sinta wóntên íng ngawang awang, lajêng anututi sumêdyå atêtulúng. Kapanggíh kaliyan Dåsåmukå ngantós apancåkårå, anangíng Jathayu kawón, Dèwi Sinta siyós kabêktå datêng Prabu Dåsåmukå. Dumúgi nagari Ngalêngkå, kadumunungakên wóntên íng patamanan salêbêtíng kadatón, anangíng Dèwi Sinta sangêt éwanipún dhumatêng Prabu Dåsåmukå.