002. Tamu kang pungkasan
Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki.

 
Cêrita Cêkak -  

02. Tamu kang pungkasan

 Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki.
Dinå sésúk aku lan kåncå-kåncå sak profèsiku gêlêm ora gêlêm kudu ninggalaké panggónan iki, yå panggónan ålå síng dadi mungsuhé masyarakat síng kêpéngin uripé slamêt donyå lan akhirat.
Pancèn wiwitané aku ora sêngåjå mlêbu papan èlèk síng diarani lokalisasi, nangíng kabèh amargå kêpèpèt kahanan, biyåså... masalah klasik síng diadhêpi pawóngan síng uríp íng padésan, kurang pangan lan sandhang lan ora kuwat ngadhêpi sanggan uríp, gèk kamóngkó síng jênêngé golèk pênggawéyan iki angèlé jan ngêpól tênan.
Åjå manèh aku sakkåncå síng múng duwé ijazah SMP tanpå nduwèni kêtrampilan, sanajan síng wís duwé èmbèl-èmbèl gêlar sarjana waé akèh síng kêcêmplúng ing profèsi iki sanajan bédå kêlasé.
Ora kråså lúh têmètès ing pipiku, uríp kók múng kåyå ngéné, gèk súk kapan aku biså mêntas såkå panggónan iki? Dhúh,... Gústi Allah paringånå pitudúh mêrgi íngkang lêrês lan pinanggihnå jodho íngkang saé. Aku unjal ambêgan landhúng, gèk kåyå aku iki åpå ånå wóng lanang síng sudi mêngku? Níng aku pêrcåyå yèn Gústi Allah iku ora saré, sakwijiníng dinå mêngko aku bakal kêtêmu jodhoku.
Dak élíng-élíng nasibé kåncå-kåncå sak profèsiku nyatané ugå ånå wóng lanang síng gêlêm ngêpèk bojo. Mbak Éndah dipèk bojo sopír trêk lêngganané malah nyatané saiki biså uríp bagyå múlyå íng ndéså. Dhík Hèsti ugå dipèk bojo wóng lanang sanajan múng dadi mbók ênóm anangíng kabèh kêbutuhané biså dicukupi, Éndang kancaku sak kampúng ugå diwêngku wóng lanang sanajan wís rådå sêpúh yuswané nangíng nyatané gêmati bangêt malah saiki diparingi putrå.
Bubar macak kåyå biyasané aku lungguhan íng têras omah, biyåså,... mancíng iwak alias nggodhå wóng lanang síng kêpéngin awaké dikêpénakaké sanajan múng sêdhélå, syúkúr yèn gêlêm nginêp sêwêngi, wah... mêsti bayaran síng dak tåmpå lumayan kanggo sangu mulíh mênyang ndéså.
"Mampír Mas,"... godhaku nalikå ånå sakwènèhíng pawóngan mlaku ijèn karo miling-miling nyawang têras póndhókanku, dhèwèké mèsêm lan gêlêm mampír.
"Ngunjúk mênåpå Mas?" ujarku karo nggandhèng tangané dak jak lunggúh íng sandhíngku. Wóng lanang mau manút waé.
"Biyasané wóng lanang iku sênêngané ngunjúk susu yå, kópi susu åpå coklat susu?" aku sansaya wani nggodhå, lha wóng síng digodhå yå sansåyå sênêng atiné.
Yå kåyå mêngkéné pênggawéyanku sabên ndinå nglayani tamu síng gêlêm mampír íng kamarku. Wêktu limang tahún uríp íng lokalisasi pancèn akèh bungah lan susahé, nangíng kêpénaké múng watês bab kadonyan, bisa cukúp sandhang lan pangan ora nyambút gawé abót, nangíng rêkasané biså-biså kêtularan pênyakit sifilis utawa AIDS lan dadi mungsuhé masarakat, amargå dianggêp dadi sampah masyarakat síng kudu disírnakaké. Aku isíh kèlingan nalikå lokalisasi iki didhémo warga masyarakat, awakku nganti ndrêdhêg kawêdèn.
"Lho kók malah ngalamún?" ujaré wóng lanang síng dadi tamuku iku ngagètaké atiku.
"Ah, iyå yå bênêr ngêndikamu Mas, lha kêpriyé ora ngalamún, mbók mênåwå panjênêngan iku tamuku íng papan kéné kang pungkasan amargå sésúk aku sak kåncå kudu lungå såkå papan iki."
"Ditêpungaké jênêngku Bagús sanajan rupaku ora bagús," mêngkono tamuku mau nêpúngaké.
"Sunthi jênêngku Mas," aku ganti sêmaúr. Priyayiné pancèn grapyak lan akèh gunêmé, lagi têtêpungan kurang såkå limang mênít waé rasané wís biså akrab.
"Aku mréné pancèn golèk kênangan kang púngkasan såkå papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki pancèn biså rêsík såkå tumindak maksiyat," mêngkono ujaré Mas Bagús. Sak jam luwíh aku lan Mas Bagús ngóbról ngalór ngidúl, lan pungkasané Mas Bagús pamitan arêp mulíh mênyang omahé. Dhèwèké ninggali dhuwít aku sing lumayan akèh lan njalúk jênêng lan alamat omahku síng sakbênêré.
****
Anèng ngomah rasané kåyå dikunjåra waé, la kêpriyé ora susah, la anèng ngomah yå múng thêngúk-thêngúk waé tanpå duwé gawéyan síng ngasilaké. Dhuwít cèlènganku wís wiwít nipís, rasané ati wís kêtar-kêtir, dumadakan pak pós mandhêg anèng ngarêp omah, ngêtêraké layang såkå Mas Bagús, dhúh,... bungahé ati iki, såpå ngêrti mbésúké Mas Bagús biså ngêntasaké aku såkå uríp kang nisthå iki. Layang dak bukak kanthi alón, ånå råså bungah lan ati iki tambah dêg-dêgan waé.
"Dhík Sutinêm síng dak trêsnani," mak dhêg rasané atiku kaya diumbúllaké karo Mas Bagús. Pancèn jênêngku síng asli iku Sutinêm, nangíng ing lokalisasi aku nganggo jênêng "Sunthi", layang dak waca kanthi ati kang dêg-dêgan
Surabaya, 12 Désèmbêr 2007
"Dhík Sutinêm síng dak trisnani"
Wiwít kêtêmu karo sliramu ing papan kånå kaé, aku dadi kêpingín omah-omah karo sliramu. Bab såpå tå sliramu aku kabèh wís mangêrtèni, nangíng åpå sliramu ngêrtèni aku lan såpå tå sêjatiné aku iki? Barès waé ya dhík, aku iki wóng lanang síng ora bédå karo sliramu. Tumindak nistå lan ålå kabèh waé wís naté dak tindakaké. Nangíng aku péngín marèni kabèh mau sakdurungé kasèp.
Mula yèn sliramu gêlêm dak jak uríp bêbarêngan nyabrang íng samodrå bêbrayan agúng, ayo dhík wangsulana layang iki, gêlêmå Dhík Sutinêm dak jak uríp anyar íng sakjêroníng balé somah kang rêsmi lan ayo pådhå uríp kang anyar, uríp kang kêbak laku utåmå sanajan múng uríp sarwå prasåjå, wís bèn lêlakónmu lan lêlakónku dikubúr barêng-barêng lan dilarúng íng samodra pangapurå.
Aku ora njanjèkaké uríp kang moncèr kêbak kêméwahan donyå, nangíng aku pêrcåyå yèn aku karo sliramu biså uríp bagyå múlyå. Sêpisan manèh, aku ora mêkså nangíng aku têtêp nunggu walêsan layang iki bèn atiku bisa têntrêm.
Såkå kåncå anyarmu síng nêmbé kasmaran.
Bagús
Ora kråså, kacu cilík wís têlês kêbês êlúhku, bisaku múng pasrah jiwå lan rågå marang Mas Bagús.
Sunaré srêngéngé wayah ésúk íng Suråbåyå nambahi éndahíng swasånå balé somahku. Kêmbang kênångå íng ngarêp omahku nyêbaraké gåndå kang arúm. Cêpêt-cêpêt aku dandan sak pêrlu arêp ngêtêraké Panji anakku mbarêp såkå titisané Mas Bagús kang saiki makaryå dadi móntír sêpéda mótór, Allahuakbar,... laillahaillallah, alhamdulilllah pujiku marang Pangéran Kang Maha Kuwasa.


::Dening: Sumédi::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет семьякерамические кастрюли купитьооо полигон работа

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301975
  Hari ini     :  Hari ini :311
  Kemarin     :  Kemarin :1090
  Minggu ini   :  Minggu ini :8753
  Bulan ini   :  Bulan ini :29251
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 34

Kontak Admin.

email-kidemang