009. Angin Têlågå
angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak. Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng
 
Cêrita Cêkak -  

09. Angin Têlågå

angín dolanan pang randhu sangarêpé omah cilík iku nalikå Súrjan mudhún såkå bécak.
Panyawangé landhêp ngêmataké omah síng kêbak nyimpên lêlakón uripé duking uni. Wís róng taún dhèwèké ninggalaké papan iki, lan nganti sapréné durúng akèh owah-owahan. Wít randhu síng tumiyúng pinggír kali, kêmbang kênångå síng wiwít mranggas lan plataran síng kathukulan sukêt-sukêt têki. Isíh dadi sêsawangan kåyå mångså síng wís-wís. Ing kéné Súrjan dilaírké lan ing kéné Súrjan ngroncé uríp nganti nyandhak dhéwåså.
Kèlingan iku kabèh Súrjan nêlångså. Kênångåpå katrêsnan síng wís karoncé kanthi kêsabaran lan katêguhan kudu rantas déníng kanyatan síng paít nyêthêg. Lamat-lamat wêwayangan lêlakón dukíng uni mrêntúl manèh. Kèlingan iku prasasat kabêlèr landhêpíng wêlat, atiné Súrjan pêrih.
Sawusé ngipataké síh trêsnané Súrjan, Níngrúm, kênyå gêgantilaning atiné milíh Dibyå anaké lurah kéné. Lan saiki mêsthiné biså uríp múlyå klawan juragan kayu síng cukúp suksès iku. Pancèné yå ngono. Såpå gêlêm klawan Súrjan priyå síng dilaíraké såkå wóngtuwå mískín lan nganti saiki uripé ya durúng nêmókaké owah-owahan. Isíh mlarat.
Rikålå nyawang kumlébaté manúk dårå síng nuli méncók íng pang randhu ngarêp omah iku. Atiné Súrjan kumitír. Manúk dårå, ya manúk iku síng dadi wêwayangan kang bangêt nabêt ati. Ing têlågå síng ora adóh saka omahé Níngrúm, sinêksèn sêpasang manúk dårå kang kêkibêran íng têlågå iku. Súrjan nêlakaké råså trêsnané klawan Níngrúm. Tan kanyånå wóng wadón iku datan nolak apa kang dikarêpaké Súrjan.
Wóng loro iku nuli kêkanthèn tangan sinambi ngurút dalan cilík síng ngêpúng têlågå. Prasasat Súrjan kêpéngín pamèr marang dårå-dårå iku, kalamún dudu manúk-manúk iku waé síng biså kêkanthèn klawan pasangané sinambi ngibêri akåså.
"Kowé ora bakal blénjani trêsna iki, Níng?" Súrjan katindhês råså wang-wang.
"Kang Súrjan ora susah sumêlang. Aku bakal sêtyå kåyå sêtyané têlågå iki síng nyranti têkané banyu íng kapan waé," Níngrúm nanduki måwå têmbúng síng ngumbúlké atiné Súrjan.
Lan soré íng sawêtårå taún kêpungkúr iku saiki amúng dadi wêwayangan síng nêdhas íng dhådhå. Jalaran ora gantalan suwé amúng têlúng sasi såkå kêdadéyan kuwi Níngrúm wis dadi darbèké Dibyå. Tan kuwat ngampah kanyatan síng gawé tatuné ati, ora ånå pilihan liyå Súrjan kudu minggat. Nadyan pilihan iku dudu ditóhi klawan nêgakaké wóngtuwané wadón síng wís uríp ijèn awit katinggal bapaké kanggo salawasé.
Nganti saiki sawisé róng taún lumaku. Súrjan antúk kabar yèn mbóké lara nêmên. Lan iku síng dadi alêsan Súrjan bali ing papan kêlairané iki, sawusé ngumbårå mêcaki ambané kuthå Jakarta.
Tan kinirå wêwayangan iku bali ngaléla manèh nalikå Súrjan jumangkah íng plataran. Kalawan ngimpún katêguhan ati, dhèwèké agé jumangkah nuju íng èmpèran omah síng sêlót kêlêm íng umúr.
Sêpi. Ora ånå sabawané wóng.
Mangu-mangu Surjan anggoné nêrúsaké jangkah. Kudu piyé nalikå dhèwèké kudu adu arêp klawan mbokné. Sawusé róng taún ninggal tanpå pêpoyan lan saiki kêtêmu kanthi wóng tuwå wadón jroníng kahanan ringkíh. Gumléthak ånå ngambèn kanthi ngampah lårå, ijèn tanpå rowang. Kèlingan iku dumadakan mripaté Súrjan kêmbêng-kêmbêng. Råså doså síng sakgumúk gêdhéné prasasat ngantêb dhadhané.
Åpå Níngrúm iku jêjêré mustikané wanita? Åpå Níngrúm iku ngungkuli kamulyané wanitå síng naté nggémból Súrjan sangang sasi sêpulúh dinå? Síng mêrês susuné sabên mångså kanggo ngandêlaké dagingé.
"Oh, kênångåpå aku dadi liwúng jroníng ngadhêpi kahanan róng taún kêpungkúr?"
Wís sawêtara Súrjan lêlungguhan ånå lincak síng têtêp pêngkúh sumèlèh íng èmpèré. Lincak síng pêngkúh iku kåyå nggambaraké pêngkuhé atiné síng nggawé, yaiku bapaké. Saibå wóngtuwa lanang iku ngêtóhi pati lan uripé kanggo ngêbóti kulåwargå. Nadyan mangkat ésúk mulíh wêngi, udan klawan panas, ngêlak klawan luwé, nyambút gawé minångkå burúh panggúl pasar kudu dilakóni. Nganti kasêtyané mríng kulåwargå kudu ditêmbús klawan tètèsíng gêtíh pungkasan.
Ngélingi iku kabèh dadi gawang-gawang ing tlapukané Súrjan nalikå bapaké digåwå mulíh déning kåncå-kancané kanthi tatu dhådhå kang abót. Dinå kuwi nalikå íng pasar têka trêk kanthi mómót bêras, wís dadi jêjibahané bapaké Súrjan sakåncå kudu ngudhúnaké. Nangíng dinå iku tibå apês, lagi waé tutúp bak trêk dibukak. Dumadakan bak iku mrucút såkå gujêngan lan sarosané ngantêm dhadhané bapaké Súrjan. Wêkasané priyå iku gugúr ing kalané dhèwèké ngêmbari rosaning sêsanggan uríp kanggo ngopèni anak lan bojoné.
Nangíng généyå, rikålå bapaké wís ora ånå lan Súrjan kudu wani kêsampiran tanggúng jawab ngopèni mbókné, kêdadak tinggal glanggang cólóng playu kagåwå såkå solahé wanitå síng blénjani atiné. Ånå ngêndi råså bêktiné anak mríng wóngtuwó, ånå ngêndi dunúng ngrêgani labúh labêté wóngtuwå síng wís wani ngêtóhi pati lan sóróh nyåwå? Åpå kudu lungå manèh awít kêtêmu mbókné kêpårå malah nambah atiné kasikså?
Ora! Saibå sêlót mblêdhak tumpukan doså iku yèn aku kudu ninggal kanyatan iki. Mangkono tuwúh kêkuwatané Súrjan. Bênêr! Aku kudu mlêbu omah, mangkono katêtêpané atiné.
Wóng lanang iku agé mênyat såkå lincak. Tumuli kanthi nglumpúkaké kêkuwatan jêrón dhådhå mårå dicobå Súrjan nyakêti lawang omah cilík iku. Alón kêbak pangati-ati lawang dibukak. Rainé cobå diungak mênjêro, kahanan njêro têtêp sêpi. Súrjan jumangkah kanggo marani papan pêturoné mbókné. Nangíng síng digolèki ora ånå kono. Råså bingúng, mirís, lan sêdhih gilír gumanti.
"Mbók kowé ånå ngêndi, Mbók?" lirih lambéné Súrjan nyuwårå kanthi gêtêr.
Sêpi.
"Såpå kuwi?" dumadakan kêprungu swårå ringkíh såkå pawón.
Atiné Súrjan lêgå. Gênah kuwi swarana mbókné, agé-agé dhèwèké jumangkah mênyang pawón. Nalika têkan pawón, sapandurat Súrjan ora pêrcåyå. Nangíng råså kagèt mau amúng sakêdhép nétrå, nuli malík råså bungah awít nyatané mbókné katón sêgêr waras ora åpå-åpå. Ora kåyå kabar síng têkå íng kupingé sawêtårå dinå kêpungkúr.
"Mbóók...," Súrjan njêrít karo ngrangkúl mbókné. Kêncêng. Sasat dhèwèké kêpéngín nglêbúr råså salah síng matumpå íng kêkêpané mbókné.
"Sêpuranên aku Mbók, aku wís ninggal Simbók sasuwéné iki," swarané Súrjan mêlas karo têtêp ngrangkúl lan ngambúngi pipiné mbókné sing wís kisút.
"Yå Lé, Simbók wis ngapurå kabèh salahmu. Wís ora ånå salah tumrap awakmu, Nggèr. Dinå kêpungkúr mbókmanåwå lagi lali, lan saiki kowé wís kèlingan manèh," wóngtuwå wadón kuwi sansåyå ora biså ngampah luhé kang têrús ngurút kali cilík síng ngrênggani pipiné.
"Mbók aku bali mêrga krungu Simbók lårå nêmên, åpå kuwi bênêr?"
"Aku síng mêling-mêlingké kanthi kabar kuwi, Lé, murih kowé gêlêm bali,"
Sawusé katón aríng. Tumuli wóng wadón kuwi nyritakaké mulå-bukané gawé kabar yèn dhèwèké lårå bangêt lan ngajab Súrjan biså bali.
"Simbók darbé tåmbå kanggo larané atimu róng taún kêpungkúr, Nggèr," pungkasan alêsan kuwi síng mrêntúl såkå wóng wadón tuwå kuwi.
"Aku manút waé Mbók, kabèh kanggo nêbús sagunúng dosaku klawan Simbók," Súrjan saiki anané amúng pasrah.
"Yå, wís, manåwå mangkono mêngko soré bocahé dakjaluké bisa mréné."
Gódhóng-gódhóng randhu ngarêp omah cilík iku kumitír katiyúp angín soré. Súrjan lan mbókné wís lungguhan ånå èmpèran omah nyranti wanitå síng wís dijanjèkaké têkå soré kuwi.
"Såpå ta Mbók wanitå kuwi?" pitakoné Súrjan sasêlané ngrantu síng bakal têkå.
"Mêngko kowé harak ngêrti dhéwé," wangsulané mbókné cêkak.
Wanitå síng diantu-antu Súrjan lan mbókné wís katón klédhang-klédhang têkå.
"Kuwi bocahé, Lé," kandhané Mbókné Súrjan klawan nudúhaké síng lagi têkå.
Barêng ngêrti såpå kang têkå, Súrjan dadi kagèt. Wanitå kanthi pawakan kuru cilík lan praupané ciyut kuwi dudu wanitå síng asíng mungguhé Súrjan.
"Bênêr Mas, aku. Dudu salah pandêlêngmu, aku Níngrúm," agé-agé wanita kuwi ambrúk ing pangkóné Surjan.
"Généyå, gén...généyå kowé, Níng?" sagumuk pitakón lan sèwu råså bingung matumpå íng dhadhané Súrjan.
Éwåsémånå wanitå sing róngtaún kêpungkúr ngrojah-rajèh atiné kuwi wís ora biså wangsulan. Tangisé kasuntak, lan síng biså amúng ngrangkúl kêncêng sikilé Súrjan. Mbókné síng ngêrti munggúh nasíb kang tumêmpúh ing panguripané Níngrúm múng biså kêmbêng-kêmbêng waspå nyipati kêdadéyan surúp iku. Íng langit sansåyå pêtêng, krungu tangisé Ningrúm surúp iku. Angên-angêné Súrjan tumlawúng. Kåyå kêprungu manèh angín tlågå síng dadi sêksi kåndhå-kandhané Ningrúm róngtaún képungkúr.


::Dening: Yan Tohari::
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет семьямясо рецепты на сковороденикос ресторан харьков

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301970
  Hari ini     :  Hari ini :306
  Kemarin     :  Kemarin :1090
  Minggu ini   :  Minggu ini :8748
  Bulan ini   :  Bulan ini :29246
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 18

Kontak Admin.

email-kidemang