038. Kenthong Titir
Thóng ... thóng... thóng
Swårå kênthóng titír síng mauné alón-alón sansåyå suwé sansåyå cêthå kêprungu íng kupíngku kiwå lan têngên.

 
Cêrita Cêkak -  

38. Kenthong Titir

Thóng ... thóng... thóng
Swårå kênthóng titír síng mauné alón-alón sansåyå suwé sansåyå cêthå kêprungu íng kupíngku kiwå lan têngên.
Anangíng aku ora énggal-énggal alihan såkå lincak papan síng taknggo turón, mripatku isíh kêlèt lan angèl dilèkké. Amargå mau bêngi aku lèk-lèkan karo Kang Kúsni, Kang Nartó, Kang Dimyati lan Kang Taryó nganti jam 02.30 WIB, jalaran kêjatah rondå.
Sêjatiné kênthóng titír mau awèh pitudúh bakal ånå bêbåyå. Dumadakan aku banjúr mlumpat bradat mlayu mêtu ngomah barêng ånå swårå kênthóng titír manèh síng dibarêngi swårå bêngók-bêngók lan tangís njalúk tulúng.
”Tulúng...tulúng... tulúng, ånå prahårå lindhu gêdhé,” mêngkono swarané wóng-wóng pådhå bingúng íng sakjabané omah. Swasånå ésúk íng désaku síng mauné adhêm ayêm sakkal dadi gêmbyèng. Tujuné aku énggal-énggal mêtu mênyang njaban omah, yèn ora aku mêsthi bakal kêbrukan omah.
Aku dhêlêg-dhêlêg íng ngisór wít talók síng ånå íng mburi omahku. Aku isíh durúng pêrcåyå yèn bar waé ånå prahårå lindhu gêdhé. Atiku isíh sêtêngah pêrcåyå sêtêngah ora. ”Åpå bênêr iki ånå lindhu gêdhé kang nrajang désaku ?” pitakónku íng batín. Mèh kåyå ngimpi, mripatku takucêk. Aku mbanjúr nyawang omahku síng wís råtå karo lêmah. Témbók, blandar, usúk, lan gêndhèng pådhå mosak-masík sakwalang-walang.
Sêmono ugå omahé tangga-tanggaku íng kiwå têngênku, ugå råtå karo lêmah. ” Mar... Mar ...Marni ... Marni ... Aji ... Aji ?!” Sakkal aku mbêngók bantêr bangêt nggolèki sisihanku síng takningkahi 14 taún kêpungkúr lan nggolèki Aji, anakku lanang síng umúr 12 taún. Aku adús kringêt. Awakku ndrêdhêg lan bingúng. Aku múng biså mbêngók karo nangís kêjêr. Tangisku ora biså tak ampêt. Aku dhéwé ora biså tumandang åpå-åpå. Kajåbå múng nyawang omahku síng ambrúk, ngêbruki Marni karo Aji.
Dinå iku dinå síng apês síng ora bakal taklalèkaké. Dinå apês síng gawé atiku rêmúk sakwalang-walang. Marni sisihanku síng daktrêsnani lan Aji anakku lanang síng takgadhang-gadhang biså nyuwargakké aku lan Marni tiwas kanti ora sakmêsthiné.
Tiwas íng sakngisóré omahku sing ambrúk. Tiwas kanthi nrênyúhaké jalaran prahårå lindhu gêdhé. Kåyå-kåyå aku durúng biså nåmpå pacobané Gústi síng dakrasakaké abót bangêt.
”Aku wóng síng ora nduwé åpå-åpå, kók diparingi pacoban kåyå ngéné iki ? ” aku nggrêsah dhéwé karo ngêlap lúh síng dlèwèran såkå mripatku. Kanyatan síng takadhêpi dadi kråså luwíh ènthèng nalikå ånå sisík mélík sakwisé pårå rélawan, tånggå têparo lan kåncå-kåncå awèh pambiyantu mèlu nggolèki Marni lan Aji.
Sakdurungé, kupiyaku nggolèki Marni lan Aji mau ora nuwúhaké asíl kåyå åpå síng dadi kêkarêpku. Aku yakín mênåwå Marni karo Aji isíh kapêndhêm, kêbrukan omahku dhéwé. Siji mbaka siji rélawan lan tangga têparo pådhå nyingkíraké gêndhèng lan båtå.
Swårå kênthóng titír bola-bali kêprungu manèh saka kidúl désa. Miturút katrangan síng kacathêt ånå íng kêlurahan, korban tiwas gunggungé ana cacah 230 wóng, gêdhé cilík, ênóm tuwå, lanang lan wadón. Lan korban lårå watårå ånå satusan wóng.
Watårå róng jam sakwisé kêdadéyan lindhu, ånå swårå kênthóng titír síng dibarêngi swårå sirinê móntór ambulan. Rumangsaku, swårå kênthóng titír lan swårå sirinê ambulan sansåyå suwé tambah akèh. Atiku tambah kåyå diirís-irís manèh.
Åpåmanèh aku durúng kasíl nêmókaké Marni lan Aji. Aku arêp njalúk tulúng såpå, wóng kabèh pådhå nandhang dhúhkitå. ”Pacoban kók kåyå mangkéné, åpå iki síng jênêngé kiyamat?” pitakónku íng batín wola-wali. Aku wís kåyå ora kuwat nglakóni uríp síng kåyå mangkéné iki.
Sawisé udåkårå têlúng jam, jasadé Marni dan Aji kasíl ditêmókaké. Marni lan Aji kurugan témbók lan gêndhèng íng pêrangan omah sisíh têngah, pasé íng kamar têngah. Awaké saklórón kêbak gêtíh. Aku ora tégå nyawang jasadé Marni lan Aji.
Kênthóng titír lan sirinê ambulan kêprungu manèh. Saiki såkå sisíh lór déså, tånggå têparo bêngók-bêngók yèn ånå tsunami gêdhé. Sakkal tanpå mikír manèh kabèh wargå íng désaku langsúng cincíng mlayu mênyang papan síng aman. Golèk slamêt dhéwé-dhéwé.
Malah korban tiwas síng durúng karumat ugå ditinggal kabèh. Mangkono ugå jasadé Marni lan Aji. Kabar tsunami mau jêbúl múng apús-apús, ora ånå kanyatané. Barêng wís rådå mêndhå, pårå wargå désaku bali manèh mênyang omahé dhéwé-dhéwé saprêlu ngupåkårå barang-barang lan kulawargané síng wís dadi korban lindhu gêdhé kang nggêgirisi.
Prahårå lindhu gêdhé kang nggêgirisi mau wís lumaku têlúng tahún luwíh. Aku durúng biså nglalèkaké kêdadéyan síng gawé rêmuké atiku. Amargå aku kudu pisah lan kélangan saklawasé, sisihanku, Marni, lan anakku, Aji. Anakku siji-sijiné. ”Mugå-mugå Marni lan Aji íng alam kalanggêngan ditåmpå Gústi Allah,” Mangkono pênjalúkku karo Gústi Allah Kang Múrbèng Dumadi.
”Síng uwís ya uwís, Kang. Ora sah digêtuni, uríp mono múng sakdrêmå. Kabèh mau kudu dibalèkké marang Gústi,” kandhané Kang Raji rikålå ngancani aku nyêkar ånå pasaréyané Marni lan Aji.
Aku mbanjúr mbrêbês mili. Kang Raji ngrangkúl aku lan ngêjak mulíh. Watara jam 21.30 WIB aku dhêlêg-dhêlêg nyawang mbulan síng kåyå ajak-ajak supåyå pådhå sênêng-sênêng. Wêngi kuwi sanadyan dilipúr karo mbulan, lintang lan swårå kéwan, atiku malah kåyå diirís-irís manèh. Kênthóng titír lamat-lamat kêprungu såkå kidúl déså. Aku kélingan kêdadéyan têlúng taún kapungkúr kuwi. Lindhu gêdhé síng nggêgirisi.
Sabên aku lungguhan ånå íng ngisór wít talók, aku mêsthi rungón-rungónên swårå kênthóng titír. Mripatku loro banjúr lambah-lambah, kêbak lúh. Aku kélingan Marni lan Aji. Sêdinå sakdurungé lindhu gêdhé nrajang, Marni mêlíng karo aku supåyå ngati-ati anggónku nglakóni uríp.
”Kang, uríp kuwi múng mampír ngombé, mulå takjalúk síng ngati-ati. Åjå nganti kagodhå déníng håwå napsu,” mangkono sisihanku, Marni, mêlíng marang aku sinambi golèk tumå íng rambútku.
Malah nalikå iku, Marni ugå ngêjak klumpúk-klumpúk dhuwít kanggo nguliyahaké Aji. Ananíng durúng kêlakón åpå síng dadi pêngarêp-arêpé. Dhèwèké, sisan barêng Aji, nêmóni bêbêndu lindhu gêdhé nganti dadi lan tiwasé.
Sabên ésúk sakbubaré solat subuh, biyèn Marni tansah adang sêgå lan nggódhóg banyu kanggo gawé wédang. Salêbaré sarapan aku mênyang sawah, déné Marni mênyang pasar dódólan bumbón. Aji mangkat sêkolah. Nalika kuwi, têlúng taún kapungkúr, sarapan durúng kêlakón wús katêrak lindhu gêdhé. Lindhu iku misahaké katrêsnanku marang Marni lan Aji.


Sanggar Pengrajin Sastra Indonesia-Jawa (Spasi-J), Desember 2008
::dening: Dwi Wignyo::
Edisi : Kamis, 11 Desember 2008 , Hal.C
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

 kds penutup
wangsul-manginggil

онлайн покер на деньгикастрюли биол отзывыадреса никас

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7737649
  Hari ini     :  Hari ini :138
  Kemarin     :  Kemarin :903
  Minggu ini   :  Minggu ini :138
  Bulan ini   :  Bulan ini :14634
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang