060 Wewadi Jeroning Koper
Wiwit ana kethoprak tobong sing beber ana lapangan sisih kidul desane, Warti anake Pak Lurah Suradimejo mundhak sregep dandan. Dhasar ayu lencir kuning, se­kolahe dhuwur lan kasil
 
Cêrita Cêkak -  

60. Wewadi Jeroning Koper

Wiwit ana kethoprak tobong sing beber ana lapangan sisih kidul desane, Warti anake Pak Lurah Suradimejo mundhak sregep dandan. Dhasar ayu lencir kuning, se­kolahe dhuwur lan kasil ngregem  gelar sarjana. Isih kawimbuhan putrane wong sugih sing kesampiran panguwasa, mula ora mokal yen dadi kembange desa, dadi kekidungane para priya.
wewadi-jroning-koper-1Rombongan kethoprak mau jenenge “Ngesthi Budaya”. Jare saka Jawa Timur. Pemaine isih enom-enom cakrak lan bagus-bagus. Nganti Warti kesengsem karo pemain rol priya sing jeneng Dar­manto. Wonge bagus, dadi peran apa wae bisa tur ya menjiwai. Mangka kostum lan peralatane uga lengkap.
Anak panggung mau, yen awan padha dolan neng omahe warga Pandhansari kono, klebu Darmanto sing banjur akrab karo Warti. Darmanto sing grapyak se­manak, wasis micara kaya dong ana pang­gung ndadekake Warti meneng-meneng kayungyun. Sasat pendhak bengi Warni mesthi nonton diterake salah sijine wong sing tugas rondha ana Kalurahan. Warti dhewe gumun, geneya atine kegiwang karo pemain kethoprak neneka iku. Ning jebulane ora mung Warti dhewe sing ke­pencut karo Darmanto. Prawan-prawan desa kono akeh sing kepingin cedhak karo sang pekik tetungguling panggung kuwi. Katitik akeh prawan sing sok ngirimi apa-apa rupa pangan ana tobong.
Pak Sura, kejaba sawah plungguhe amba, ning mula tinggalan warisan saka wong tuwane uga pirang-pirang glebag­an. Sak panenan wae asile kena kanggo tuku motor siji gres sing made inJapan. Mula sak rampunge kuliah, Warti ora ku­sung­kusung golek gaweyan. Ning malah ambyur neng masyarakat ngrewangi ba­pake majokake desa wilayahe. Senajan putrane siji thil, Pak Sura ora tau ngugung anak. Semono uga Warti, apa wae tansah mbudidaya mandhiri. Mula kuliahe uga lancar.
Lan ya lagi kuwi Warti seneng karo bo­cah lanang. Pangakune Darmanto ma­rang Warti, jare dheweke iku uga sarjana seni. Gandheng golek gaweyan angel, mula banjur nggamblok kethoprak Nges­thi Budaya iku. Jare kejaba nyalurake ba­kate seni, uga golek pengalaman mang­gung. Warti anane mung percaya, nyata­ne ana panggung ya bisa gawe gawoking penonton tenan.
Nalikane ngomah sepi, Darmanto dolan mrono. Barengwispadha ngobrol ngalor ngidul, kawetu tembunge Warti :
“Mas Dar, suk emben nek bapak ibu sida tindakan, penjenengan dolan rene ya!“
”Bapak ibu arep tindakan menyang ngendi ta, dhik?”
“Bapak ibu ki rak arep neng Secang, neng daleme omku. Saka kana karo om terus arep tindak Jakarta sowan Pakdhe.”
“Kagungan kersa apa ta dhik, kok tindakan bareng-bareng?”
“Ngene lho Mas, rong panenan iki bapak anggone mbudhalke gabah lan nebas-nebaske neng sawah entuke dhuwit rak lumayan. Kersane bapak rak arep mun­dhut mobil sing mburi bukakan, perlune kena kanggo ngangkut panenan saka sawah digawa mulih, utawa ngu­sungi rabuk menyang sawah. Kae lho mas mobil sing protholan”.
“O… mungkin kuwi bangsane Suzuki Carry sing dikersakke bapak, dhik?”
“Iya ayake, mas. Dene nek kersane ibu, pengin mundhut mobil cilik sing wangun kanggo tindakan, perlune ora ndadak nunggu bis”.
“O… ngono ta dhik. Ya bener kuwi, nek kersane bapak ibu arep dicanthelake kanggo mundhut apa-apa.”
Sauntara wong loro meneng-meneng­an, wusana Darmanto nanjih :
“Kira-kira wis nglumpuk pira, dhik, nek rong panenan mono ?”
“Sing arep diasta neng Jakarta kuwi ya ana nek ming rong atus yuta, Mas. Jare bapak, mengko mundhut nengJakarta, pakdhe sing arep ngiguhake. Apa nggo pribadhi yen tindakan, apa nggo ang­kutan, bapak ibu mung manut kersane Pakdhe”.
“Ha njur … bapak ibu kapan lehe arep tindak Jakarta?”
“Anu, Mas, suk dina Minggu. Nek bapak ibu tindakan, mas Darmanto dolan rene ya, aku dikancani!”
“Ha ning nek bengi jelas aku ora bisa ta, dhik. Lha olehku manggung?”
“Ya nek awan, mas, perlune ana sing tak ajak omong-omong.”
“O… iya bapak ibu budhale jam pira, dhik, njur nitih apa?” Darmanto olehe nlesih sajak komplit.
“Nyewa Kijange Pak Hadi kidul kono, Mas. Bapak ngersakke nyetir piyambak, jare arep mat-matan nostalgia karo ibu. Saka ngomah sore bar Mahgrib. Ibu nek slirane kuwat ya ndherek terus neng Ja­karta, nek ora ya nyare neng Secang ngan­cani bulik. Dadi saka Secang bapak di­kancani om”, Warti ngandhakke blaka kabeh rancangane bapake.
wewadi-jroning-koper-2Dhik Warti, aku titip koper iki ya, yen dak tinggal ana tobong aku wedi ilang
Dina Minggu bubar Maghrib, Pak Lurah Sura sida budhal sarimbit. Ing bak mburi pirang-pirang dhus oleh-oleh sing arep kanggo adhine ing Secang lan kagem kang mase ingJakarta. Kutha Yogya wis mungkur, Munthilan Magelang wis kliwat­an. Ngalor Magelang katon bulak amba, ya ing tengah-tengah bulak iku Pak Lurah pirsa yen ana pawongan loro sing tangane klowa-klawe nyetop mobile. Pak Lurah mandheg, kaca ngarep dibukak sithik. Lagi wae Pak Lurah noleh, pawongan sing kulite kaya bule, sirahe buthak mepet kaca karo kandha:
“Nyuwun ndherek Pak, namung du­mugi dhusun ngajeng ingkang ketingal punika. Dhateng panggenan sripah, kang­masipun kanca kula punika tilar donya.”
“Krungu tembung sripah, penggalihe Pak Lurah luluh.
“Ning apa kersa nek dheseg-dhesegan kaliyan kerdus?”
“Mboten dados punapa, pak, kepa­reng ndherek kemawon sampun remen”.
Lawang bak mburi dibukak, wong loro gage mlebu. Senajan mung sak tleraman, Pak Lurah nggatekke karo wong kuwi. Sing siji kulite lan rupane kaya bule, ning kok baut omong Jawa. Dene sijine raine serem, rambute mawul-mawul semu gim­bal.
Pas tengah bulak, kahanan sepi, wong loro sing nunut mau saka tase ngetokke kacu amba sing srebetan ambune nyeg­rak. Kaya dikomandho, wong loro mau bareng-bareng mbekep raine Pak Lurah lan garwane. Pak Lurah sing ngasta setir kaget. Rekane arep bangga, ning bareng ambegane nyedhot ambu semegrak saka kacu mau, sanalika dhadhane krasa seseg. Semono uga Bu Lurah. Wusana kekarone semaput lali purwa duksina.
Eling-eling bareng wis tengah wengi. Bu Lurah dhisik eling, banjur ngoyog-oyog sing kakung. Bareng Pak Lurah sadhar, gage niliki, mbrengkal jok sing dilenggahi, kanyata dhuwit rong atus yuta sing dibun­tel tas kresek wis amblas musna.
Pak Lurah lemes, dene Bu Lurah mung muwun ngguguk, nggetuni dhuwit sing semono akehe iku. Barang-barang liyane kabeh wutuh lan mobil uga ora dimuna­sika. Kanggo nyapih garwane, ngendika­ne Pak Lurah :
“Wista, bu, rasah dipikir, sesuk golek maneh. Isih syukur awake dhewe pinaring­an slamet ora dikapak-kapakake. Ayo awake dhewe saiki bali wae”.
Mobil muter bali kondur, ning mampir neng kantor pulisi saperlu lapuran. Pak Lurah Sura manti-manti garwane supaya aja nganti kandha sapa-sapa kejaba Warti putrane, merga wis ditangani pulisi. Mesthi wae Pak Lurah SMS karo rayine Secang lan kangmase singJakarta. Kabeh diaturke apa anane.
Kethoprak tobong wis sesasi main. Ning ya kuwi, Desa Pandhansari dadi ora aman. Kerep ana warga sing padha ke­lang-kelangan. Ana pit motor, pit onthel, TV neng jeron omah. Ketoke malinge wis profesional tenan.
Gandheng ijine wis entek, mula Pak Sar­kara pimpinane kethoprak, arep golek­golek papan, ngendi anggone arep pindhah. Sing diajak ora liya Darmanto karo Sardi. Dene anggone mbongkar tobong yen wis cetha entuk papan.
Awan kuwi Darmanto teka karo nggawa koper loro gedhe-gedhe neng omahe Warti. Bareng karo Warti ditemoni kaya adate, Darmanto kandha :
“Dhik Warti, aku titip koper iki, ya! Yen dak tinggal ana tobong, aku wedi ilang. Aku arep ndherek Pak Sarkara survei, ngendi mengko olehe papan”.
“Iya, mas, aja samar. Barangmu bakal ndak jaga becik-becik”.
Nalika Darmanto pamit, Warti ngun­tapke tekan latar kanthi panyawang su­wung. Warti banjur nutup lawang. Nalika arep ngangkat koper digawa memburi, ndadak ing ngisor koper ana kunci loro cacahe. Warti mesthekake yen iku kunci koper, sing cetha Darmanto mesthi lali tiba, dheweke ora nglegewa. Ora kejarag, Warti nyoba-nyoba mbukak koper nganggo kunci sing ditemu kuwi, dadakan muni “ceklik” lan koper menga, mbarengi Pak Lurah mlebu kamar tamu. Nuli ngendika­ne :
“Aja sok seneng bukak-bukak dudu duweke lho ndhuk, iku ora becik”.
“Ora papa ta, Pak, wong aku ya dipasrahi. Wong aku ora duwe karep ala”.
Bareng koper mbukak, sisih nduwur dhewe Warti weruh album. Saya olehe pingin nonton. Album dibukak, jebul isine ana adegan-adegan kethoprak sing apik-apik banget. Nganti Warti cekikikan ngguyu dhewe. Weruh solahe anake, Pak Lurah nyedhak melu nonton.
Wah Jan… apik-apik tenan. Bareng tekan foto-foto adegan sing medeni, ndadak Pak Lurah ngendika serius :
“Mengko dhisik ndhuk, akuwistau weruh wong sing kaya ngene iki!”
“Ah bapak kuwi aneh, iki rak ya mung foto, adegan kethoprak ta, pak.“
“Ora, dhuk, iki tenan. Nalika bapak di­bius lan dijambret, ya kaya ngene iki rupane wonge. Siji rai bule sirahe buthak, sijine rai serem rambute mawul-mawul. Lha… lha iki gambar sijine,” Pak Lurah dadi bali kelingan gawang-gawang, rupa­ne wong singwismlayokake dhuwite dhek semana.
Warti gage mbukak koper sijine, uga nganggo kunci sing sijine mau … kena. Koper gedhe iku isi kostum kethoprak lan sawernaning topeng, lan ya tinemu to­peng presis ing album, rai bule sirah bu­thak, lan rai serem kanthi rambut mawul-mawul. Nuli ngendikane Pak Lurah :
“Wis, ndhuk, ora usah kangelan, ayo saiki lapur pulisi. Iki bukti wis kecekel kabeh ana tangane dhewe”.
Pak Lurah nggandheng Warti, ngetok­ke motor langsung neng kantor pulisi. Baline wis ditutke intel loro, sing nalika bali ngantor, pulisi kuwi wis nggawa bukti koper loro saisine. Kabeh wis cetha yen sing tumindak mesthi loro ing antarane anggota kethoprak Ngesthi Budaya kuwi. Saiki kadurjanan iku wis ana tangane pulisi. Dheweke sing duwe tugas bakal ngrampungake perkarane. Jroning batin Warti ngudarasa :
“Duh Gusti matur nuwun… kula tesih pinaringan wilujeng. Tujune durung tau nganti kebablasen anggonku srawung karo mas Darmanto”.


Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat.
Posted by admin on August 7, 2011
http://www.panjebarsemangat.co.id/

 kds penutup
wangsul-manginggil

биография Вадим Логофет керамическая кастрюлякомпания ооо полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7338898
  Hari ini     :  Hari ini :983
  Kemarin     :  Kemarin :1150
  Minggu ini   :  Minggu ini :1942
  Bulan ini   :  Bulan ini :24343
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 37

Kontak Admin.

email-kidemang