089 Dhor
KANG ngetik ing kamar iku sawijining pengarang. Lagi ngarang crita cekak ngenani pencurian kayu jati ing alas Perhutani. Grambyangane pikire, dawane naskah crita sing
 
Cêrita Cêkak -  

89 Dhor

KANG ngetik ing kamar iku sawijining pengarang. Lagi ngarang crita cekak ngenani pencurian kayu jati ing alas Perhutani. Grambyangane pikire, dawane naskah crita sing lagi digarap iku bakal rampung antarane nem tekan  wolung lembar. Wektu iku, tekan jam wolu bengi iku, enggone ngarang lagi oleh telung lembar.
Telung lembar asil ketikane banjur disemak. Disemak wiwit saka judhule karo dibenerake yen ana salah  ketik. Judhulre : DHOR !

dor
D H O R !

Dening   :    Pangripto

Tengah wengi ing alas jati.
Kasbi  lan  Setu lagi  patroli.
Abot sanggane ngreksa alas. Apamaneh alas wewengkone kinepung dening desa, akeh gangguane. Wong-wong mlebu alas mburu butuhe dhewe.  Alas jati enom kang larangan kanggo pangonan, diculi rajakaya sarana nglimpe-nglimpe. Kebo sapi nasak-nasak, neraki lan ngosoti jati-jati enom kang uwite isih melur.  Mengkono wit-wit jati enom dadi rusak dhoyong.  Wit kang cilike rusak dhoyong, gedhene  uga dadi wit kang dhoyong. Ora bisa lurus lempeng dadi tegakan kang becik kaya kekudangane Perhutani.
Saliyane dilimpe  kanggo  pangonan, jati-jati enom umur sepuluh taun kang gedhene uwite kurang saka salengen, uga ora mesthi kalis saka cendhalane tangan ngglithis, dicolong kanggo kayu bong. Selagine maling-maling kayu, ora mari-mari enggone nggrumut negor jati,  diedol dadi kayu peteng.
"Jaga alas, ewuh enggone nyangkani. Nek disabari,  alase mawut, dikrampyang pimpinan. Kereng-kereng, digethingi masyarakat,"  grenenge  mandhor Setu sing pegaweyane nguripake lan ngreksa tanduran jati ing lahan reboisasi. Mula sebute Setu aran mandhor tanem senajan jabatane Setu ing SK-ne katulis : polhuter (polisi hutan teritorial).
"Penak sing neng kantor, jam kantore mesthi, panggonane iyup, sing dicandhak mung dluwang. Ora ngadhepi wong akeh sing watege modhel-modhel. Angon digurak, batine wis mringkil. Dhendham, ngobong alas, mbabati janggleng. Durung nek ngadhepi maling kayu sing watege mogol. Nek konangan, kebentel ra isa mlayu, wani mogok, mbacok petugas."
"Yen diogoki, mongsok Mantri lan polhute sing arep mlayu, Tu."
"Ah, nggih mboten patut. Teneh diguyu cah angon."
"Lha hiya."
"Ajenga kadospundi nggih diadhepi. Pripun sagede kecepeng, petugase slamet."
"Pancen kudu ngono. Jenenge tanggung jawab. Ora mung seneng Jaspro-ne thok pendhak arep Riyaya," tembunge Kasbi, mantri alas.
Alas jati tengah wengi.
Peteng lan sepi.
Sepi nyenyete alas kaisen dening swarane urip-uripan. Gangsir ngenthir, jangkrik ngerik, worsuh karo swarane orong-orong lan gegremetan liyane. Swara orok-oroke kodhok bangkak, kempyung karo pangerike walang kecek ora meneng-meneng ing godhong jati. Kala-kala kaseling swara blag-blug, swarane kukuk beluk lan swara krak-krek ing kekayon.  Swara krak-krek iku swarane manuk saba bengi kang duwe swara kaya swarane wong nyuwek mori buntel mayit.
Kasbi kang cekel pistul Colt 38 nyenteri pernahe swara manuk krek ing epange wit klampis kang mangklung ndhuwur pernahe lungguh. Manuke ora katon. Sing katon ora kejarag, kalane Kasbi nyenteri sepedha motore, katon ula ijo ing ngisor sepedha motor. Nanging merga Kasbi lan Setu sirikan mateni ula,  ula ijo iku digusah supaya sumingkir.
"Hes, hes...,ayo, hes...,nyingkrih kana.  Kon nyingkrih kok alot," grenenge Setu karo isih nyuthik-nyuthik ula ijo kang munggah menyang dalan makadham  papane Kasbi lan Setu lungguhan.
"Tujunipun pas njenengan senter-senter. Umpami mboten..."
"Ya embuh. Ula mandi. Yen kepidak mesthine ya nyawel. Beda karo watege ula tali picis utawa ula jangan. Lagi krungu kreseg ngono wae wis mlayu nggeblas, adoh parane. Umpama bisa omong, kira-kira unine, eee...,ya wani mlayu aku, butuh slamet. Tak cawela ya ora nggandra, wong aku ora nduwe upas mandi. Tiwas aku sing digepuk. Beda karo watege ula mandi, malah kendel ngaglah ngono kuwi. Kaya ora wedi uwong.  Kok cuthik-cuthik nyatane ya angel nyingkrih ngono kok."
"Nggih, kados angkuh, rumangsa duwe upas ampuh.  Mangsa waniya wong sembrana nyang aku. Apa ngono kira-kira, batine," Setu ngegongi karo mapan ing boncengan awit Kasbi  atasane wis nyetater sepedha motor, nerusake patroli.
Patroli mengetan sawetara dohe. Kasbi nggragap weruh sorote lampu mobil saka kadohan.  Kasbi mandheg, nyegat mobil iku kanthi ati sujana jalaran ora tau ana mobil bengi-bengi ngambah dalan Perhutani njero alas. Anaa trug liwat mung truge Perhutani ing wayah awan menawa ana tebangan.  Kayu asil tebangan diangkut menyang TPK, gudhang kayu papane  Perhutani  ndhasarake  kayu dagangane.  Mobil iku, sawise cedhak, lagi cetha yen dudu mobil cilik bangsane Colt tepak utawa Colt pickup, nanging trug ban engkel. Mesine kemrangsang ngeden-ngeden kaya kabotan muatan ngambah dalan ala.  Dalam makadham ancur,  watune pating blesat,  morat-marit.
Trug gelem diendheg. Bak trug disenteri. Muat kayu jati pesagen. Nomere trug disenteri. Banjur nlesih, iku kayune sapa, kayu saka endi, arep digawa menyang endi lan apa ana surat-surate? Ora ana swara wangsulan kejaba unine manuk krek sing saya  ngganter. Kasbi sing isih ana ing mburi trug anyel atine. Sauntara suwene uga durung ana wong mudhun saka trug. Mengkono njalari Kasbi saya panas,  rumangsa  disepelekake.
"Iki kayune sapa?!  Aku butuh ngerti surat-surate!"
"Kayuku."
"Lho..., sinten?  Kok ngoko?" grenenge Setu lirih.
"Ckk, mbuh."
"Kok ngoko? Ngko ndang kanca, wis kenal."
"Semene iki ora ukur. Padha karo ngrampog. Iki punjul rong-kibig."
Regemenge wong mudhun saka sirahe trug, banjur disenteri. Senter isi battery  lima, padhang kencar-kencar. Dudu tepungane. Weruh wae Kasbi durung nate. Gedhe dhuwur. Raine bethem. Rampute potong pendhek. Duwe brengos. Lengene kang pengkuh kanggonan wulu ketel  dawa-dawa. Sing isih dipanjer senter misuh kasar kaya emoh dibloloki, kaya emoh kaweruhan rupane.  Nesu, misuh maneh kaya arep wani njalari Kasbi mundur prayitna. Eling wayah lan papane adoh  lor - kidul,  supaya wong iku ora kebacut bangga, Kasbi terus ngunekake tembakan peringatan  :  dhor !
"Tu!  Ati-Ati!"
Dhor!  Dhor!
Kasbi ambruk kena pelor.
Setu kang njumbul gage mencolot mlebu alas. Ditututi swara tembakan  :  dhor!  dhor!  Setu krungu siyute pluru nruntun nrabas gegodhongan sandhinge mlayu. Mlayu nasak-nasak, ora weruh grumbul, diterak-terak. Entek atine, lagi sepisan iku ngalami dieles pluru.  Lagi dheweke ngglethak satibane sawuse rumangsa aman, adoh playune.
"Hadhuh, hadhuh, huh, huh, huh,huh..., kaya arep, pedhot ambeganku. Kuwi maeng bangsane apa. Kok ya nde cekelan kaya ngono. Dhore malah luwih banter. Huh huh huh huh huh...Dadi apa aku nek ra ndang mlayu plecet. Pluru mak-ciyut, ciyut, cedhak kupingku.  Halhah-halhah,   meh ae..."
Setu ngglethak athang-athang. Weruh lintang surem siji-loro ing selane mendhung gegolongan, nanging pikire kelingan Kasbi. Batine kepengin weruh nandhang kepiye, kepengin tetulung sabisane. Nanging merga durung dirungu gerenge trug nerusake laku, Setu dadi ora wani mingket saka papan kono.  Raine kang perih kekrendhet eri digroyang-grayangi.

Mengkono naskah crita-cekake Pangripto kang wis dadi ketikan telung lembar. Kertas  kosong, lembar kapapat, dilebokake menyang rolling mesin tulis. Bali ngetik, nutugake laku enggak-enggoke crita .

Ing alas.
Kasbi kebacut tiwas.
Perhutani geger. Esuk repet-repet, Administratur Perhutani, Ajun, Asper, Mantri-Mantri alas, sawetara polsus, sawetara polhut lan wong-wong Perhutani wis gumerap ing TKP. Mandhor Setu dadi paran pitakonan. Administratur Perhutani, pejabat paling dhuwur ing wilayah KPH Perhutani, miterang, apa Setu weruh cirine wong sing nembak iku?
"Wekdal pak Kasbi nyenteri tiyang menika, panggenan kula ngadeg, kaling-kalingan bak treg. Kula namung mireng  anggenipun misuh-misuh. Nomeripun treg kula cathet."
"O...,ngono?"
"Tregipun cet kuning wetah. Nomeripun kula cathet wonten bungkus rokok awit kula mboten ngesaki kertas. Anggen kula nyerat dipunterangi senter pak Kasbi. Selajengipun nembe kepireng swantenipoun tiyang mandhap saking treg.  Dipun senteri, lajeng kedadosan sulaya menika.  Kedadosanipun cepet sanget mergi kalih-kalihipun mpun sami nesu."
"Nomere treg pira?"
Durung nganti Pangripto ngetik wangsulane Setu sing arep ngandhakake nomere trug, Pangripto kaget ana pistul ditodhongake pilingane. Pangripto njeketet. Bathuk, pilingan lan gulune sakala  kemringet. Jantunge nitir nganti ora wani ngobahake sirahe. Nanging mripate bisa nglirik-nglirik lan weruh yen pistul iku ditodhongake dening tangan kang kanggonan wulu ketel dawa-dawa. Todhongan pistul ilang bareng karo glibete wong metu saka kamare. Pangripto unjal ambegan lega, banjur metu saka kamar. Takon marang sisihane, sapa wong sing mentas metu saka kamare?
"Elho...,kok lucu ta?" wangsulane sisihane mlenggong. Sisihan lan anak-anake lungguh kupeng ing kursi ngarep kamar papane Pangripto ngetik karangane. Sisihane maca majalah. Anak-anake lagi sinau. " Umpama tenan ana wong metu saka kamar kono, aku lan cah-cah iki rak ya weruh, wong ora ngalih-ngalih saka kene."
"O..., ya uwis." Pangripto ngulapi kringet ing gulune."Katone kaya cetha, ngglibet metu cepet banget."
Sisihane wis  ora ngreken, bali ketarik maca majalah. Sisihane wis apal marang slagane sing lanang yen wis ngadhep mesin tulis. Konsentrasi total, ora weruh kiwa tengen lan sok ora nyaut yen diajak caturan. Mula sisihane banjur nganggep ora aneh yen sing lanang salah deleng rumangsa kaya weruh  glibete wong metu saka kamare.
Pandumuk mengkono iku beda karo pikire sing nglakoni. Tengan wulu ketel kang nodhong pilingane, persis kaya tangane wong kang nembak mantri Kasbi. Apa karepe?  Moh kasuse diungkap?  Pangripto thenger-thenger mikirake. Lembar kapapat ing roll  mesin tulis sing wis isi ketikan separo, disawangi suwe. Ana rasa gojag-gajeg enggone arep nerusake,  wedi yen todhongan pistul mara maneh.
Mesin tulis ditinggal kluyur-kluyur ing njaba. Banjur nyimak-nyimik ngambah lurung jemek ngarep omah, menyang warung  kulon dalan kang iosih bukak, butuh rokok. Sawise pikirane lerem, dienggo ngobrol  sedhela karo wong-wong ing warung, naskah crita cekake sing lagi dadi separo bali nggodha atine. Wis dicepaki prangko lan amplop awit pangajabe ing sakawit, crita iku bakal dirampungake bengi iku. Sesuk esuk dikirimake menyang majalah sing dituju. Mula banjur diterusake enggone ngetik.         
Mandhor Setu kang ditakoni pira nomere trug,  wangsulan yen rokoke kecer ing alas mau bengi nalika dienggo mlayu nubras-nubras.""Kula dereng saged madosi. Kejawi wekdalipun taksih peteng, kula mboten saged nilar jisimipun pak Kasbi. watawis jam sekawan nembe wonten tiyang langkung mriki. Lare-lare enem mbeta  sepedha motor, bakda ningali sindir. Lajeng kula suwuni tulung supados ngaturi pak Asper," semambunge Setu kang raine njlaret abang krendhet  eri nalika nerak grumbul mau bengi.
"Saiki wis padhang. Titiken rokokmu karo polsus lan polhut-polhut kuwi."
"Nggih. Kula piyambak nggih kuwatos menawi ical dipun panggih tiyang.   Menawi kantun bungkus thok ngaten, mboten dipunsaki tiyang".
"Alas jajahanmu, wewengkonmu, kowe mesthine ora bingung.  Eling menyang endi arah playumu mau bengi. Nanging aja nganti krungu wong njaba, apa sing lagi digoleki. Akeh wong. Bisa wae ana wong sing mau bengi melu ngunggahake kayu iku, banjur seneng yen bisa mbuwang rokokmu."
Rokok Jarum 76 sing jare Setu isih ana isine rokok nem ler, dadi golekan ngrusuk-ngrusuk, Karo nggoleki pating clileng, kanca polsus lan polhut sing cedhak Setu, seneng takon kedadeyan mau bengi. Setu nganggo ngandhakake rembuge mantri Kasbi sing nggepok watege ula. Watege ula mandi, wani ngaglah ora wedi wong. Yen kepidak, nyawel.
"Bareng pak Kasbi kaya ngono, aku dadi mikir, ngrasak-ngrasakake. Apa sing ngaglah nggawa kayu satreg iku bangsane wong mandi?  Emoh kepidak petugas, banjur nyawel?"
"Ya. Akeh wae wong sing arep mati ndadak, duwe gunem werna-werna ing sadurunge."
"Aku kelingan wae marang ula ijo mau bengi. Ing ngisor sepedha motor, mung karo tengah meter dohe saka papane lungguh pak Kasbi. Tak cuthik-cuthik ora gelem nyingkrih. Apa ula ijo ngalamat rupane bebaya sing bakal nekani? Pak Kasbi ya omong tekan ula talipicis lan ula jangan."
"Piye?"
"Takgagas-gagas kok ya pas. Maling-maling kayu golonge wong cilik sing negor dholog sauwit-rong uwit iku, sanepane rak ya padha karo ula tali picis utawa ula jangan sing ora nduwe upas mandi. Krungu kresege polhut liwat ya terus mlayu adoh. Yen ula mandi  ya ora mlayu krungu kresege sikil. Yen ora kebeneran lakune sikil, ya kecawel," wangsulane Setu karo isi terus nyawangi ngisor, nyawangi kiwa-tengen lan nyawangi papan sawatara dohe. Mripate Setu mlolo amba bareng weruh rokoke ora adoh saka papane ngglethak mau bengi. Setu gage mlayoni.         
Nanging durung nganti Pangripto ngetik senenge Setu weruh cathetan nomer trug ing rokok iku, todhongan pistul mara maneh luwih cepet nodhong pilingane. Cepeting tekane kaya lakune wong nesu, ora sabar, banjur : dhor !  Mengkono njalari sirahe Pangripto wiwit ngliyeng. Pandelenge peteng. Samubarang sing disawang kaya mubeng. Kursi sing dilungguhi kaya obah miring-miring. Wekasan : brag!
Pengarang umur 47 taun iku tiba nggeblag sakursine. nJrebabah ora obah, gilang-gilang cedhak kursi njrekangkang. Sisihan lan anak-anake nangis pating njlerit nggondamake tangga teparo. Pangripto didhabyang menyang paturon. Pilingane tatu getihen.
"Tatu mboten sepintena. Kados ketatap wekdal dhawah," tembunge Mantri Puskesmas sing ditekakake. Pangripto wis eling saka enggone semaput. Tatu ing pilingan ditambal perban." Raosipun kados pundi? Pusing-pusing, mual, menapa kadospundi?"
"Namung radi mumet," wangsulane cekak. Ora butuh crita saka mulabukane jalaran pengalaman psikis sing mentas dialami bakal angel dipahami dening wong liya. Mula Pangripto trima meneng katimbang dianggep wis ora waras.
Tekanan dharahe dipriksa. Ketege jantunge dirungokake nganggo stetoskop.
"Kadospundi?" pitakone sisihane semu kuwatir.
"Tensinipun normal. Saged ugi namung kesayahen kemawon."
"Pak Ripto menika, samireng kula, wiwit riyin, kok ngetikkkkkk mawon mben dalu. Kados mboten nate sare," clemonge tanggane paling cedhak, ngemu karep mbenerake tembunge mantri kesehatan.
"Lehku ndrememel wis ora jamak. Karepku, disuda nggone dhur-dhuran melek. Eling ragane, saiki wis tuwa.  Blas, gunemku ora tau digugu. Lha...,dadi ngono kuwi suwe-suwe. Glenthangan kaya wong kesambet," semaute sisihane kresah-kresuh.
Pangripto diinjeksi. Ditinggali kapsul lan pil. Sapungkure mantri kesehatan, uga sawise tangga-tanggane entek mulih, sisihane kebacut ngomel.
"Wong nek wis njenggruk, nek wis mancep neng mesin tulis, kok ora eling apa-apa. Ora eling adus, ora eling mangan, ora eling turu, nganti awake njlebut. Wayahe mangan ra ndang mangan. Nek wetenge mules mung digosak-gosok rhemason."
Pangripto meneng wae.
Karo ngangkat mesin tulis , liwat  ngarepe sing lanang, durung entek enggone muna-muni," Wis.  Leren.  Kukut. Ngeman awake. Ora urip dhewe. Anak-anake sing mburi isih cilik. Isih akeh tanggungane. Kathik anak wedok, akeh ragade. Ngarang diatur. Aja umbar-umbaran. Nek ambruk, wong saomah susah kabeh." Mesin tulis dilebokake lemari lan dikunci. Kuncine didhelikake.
Pangripto ndemak-ndemek perban ing pilingane. Eling enggone nggeblag, eling naskah crita cekake  sing durung rampung. Lagi ing sateruse dheweke ngrenengan," Apa maneh wong wani nyuwara lan wani tumindak nglabuhi bebener ing alam kanyatan. Lagi ing angen-angen wae wis nyumelangi."
Sisihane ora ngerti sing dikarepake.
"Wong wis bisa giris, wedi karo pikirane dhewe. Isih ana ing njero pikiran wis ana sing inceng-inceng."
"Sampeyan ki omong apa?  Aku kok ora mudheng."
"Kasbi, mantri alas, mati ketembak kena jantunge."
"Mantri alas ngendi?"
"Pluru sijine nyrempet natoni baune tengen."
"Sing nembak sapa?"
"Lha ya kuwi perkarane."
"Aku kok ora  krungu. Kapan?  Yen ing alas cedhak-cedhak kene kok ora ana wong crita?"
"Esuk iki jisime mantri Kasbi isih dirubung wong Perhutani ing tengah alas. Nunggu tekane polisi lan dhokter sing arep ninjo lokasi. Klongsong pluru limang iji ditemokake ing TKP. Sing siji ,klongsong plurune Kasbi kanthi ukuran luwih cilik lan luwih cendhak. Sing papat, klongsong plurune oknum sing nembak  Kasbi kuwi. Klongsong  pluru sewelas mili sing kalibere luwih gedhe lan luwih adoh jangkauan tembake."
"Kuwi crita tenan apa mung karangan?"
"Apa bedane crita tenan lan karangan"
"Kok muni esuik iki jisime Kasbi isih dirubung wong ing alas. Saiki iki, bengi, ora esuk. Mulane mlipir wae ditakoni, ing ndi, kapan? Mlipir wae ora  ndang diwangsuli. Dirungokake tenan-tenan kok mung karangan."
"Lha hiya, aku takon, apa ana ta bedane crita tenan lan karangan."
Sisihane wis sumingkir, butuh nutup kordhen-kordhen cendhela lan nliti kabeh lawang apa wis dikunci rapet. Senajan ing sateruse Pangripto manut dipeksa sisihane supaya ngaso, turu, nanging mripate isih panggah kancilen.

Cathetan :

Ajun
Asper
dholog
janggleng
jaspro
KPH
polsus
polhut
psikis
sindir
tegakan
TPK 
: pejabat setingkat ing sangisore Administratur  Perhutani
: Asisten Perhutani ; sinder alas
: wit jati enom diameter 19 - 28 sentimeter
: tanduran jati , uga arane woh jati
: jasa prodhuksi
: Kesatuan Pemangkuan Hutan
: polisi khusus
: polisi hutan
: ana sambunge karo jiwa ; pikiran
: tayub ; tledhek ; tandak
: sebute wit tanaman pokok  ( istilah Perhutani )
: Tempat Penimbunan Kayu





(Kepacak ing Panyebar Semangat, No.18, tanggal 6 Mei 1995 )


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/d-h-o-r.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

игровые автоматы онлайн lucky haunterбиол ком рулобановский александр компромат

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301966
  Hari ini     :  Hari ini :302
  Kemarin     :  Kemarin :1090
  Minggu ini   :  Minggu ini :8744
  Bulan ini   :  Bulan ini :29242
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 20

Kontak Admin.

email-kidemang