090 Petruk
EJABA dhalang, Ki Darman uga baud natah wayang kulit. Saka baude, akeh budhayawan lan para pinter kang gawok ngungun ndulu endah edining kreasi tatah sunggingane.
 
Cêrita Cêkak -  

90 Petruk

EJABA dhalang, Ki Darman uga baud natah wayang kulit. Saka baude, akeh budhayawan lan para pinter kang gawok ngungun ndulu endah edining kreasi tatah sunggingane. Temahan  padha sapanemu nyebut yen Ki Darman iku hiya empune wayang purwa ing jaman anyar kiye. Garapane alus, tatahane ngremit-ngrawit.
petrukKejaba kreatif nyanggit cakrik-cakrik wayang purwa, cakrik wayang yasane Ki Darman katon ekspresif. Mung wae sing bisa weruh lan ngerti bobot karyane Ki Darman ya mung golongane para winasis kang wis awas pandulu lan panggraitane.
Ki Darman,  hiya Ki Darman Gunacarita. Lagi ketungkul gawe ngengrengan wayang Petruk ing jrambah cedhak lawang. Saka wis banget apale  marang sawernane wanda wayang, yen gegaweyan langsung diawang nganggo potlot minangka ancar-ancer.           
Petruk iku pesenane Har Purnomosidhi, sawenehing dhosen kang dhemen marang kagunan wayang. Wektu Har mara pesen seminggu kepungkur, Ki Darman kober pitakon.
"Butuh kok Petruk ki arep diagem apa ta, Dhimas?"
"Apa saiki wis ora ana wong butuh Petruk?"
"Yen kabeh dhalang ya mesthi butuhe, kanggo jejangkep ngesing lelakon.
Mung gumunku, selawase ora nate ana wong butuh Petruk kejaba mung lagi, Dhimas. Apa arep diagem souvenir?"
"Arep takpasang ing perpustakaan kampus."
"Ah, apa ya apik?  Wong mung Petruk wae. Petruk iku rak mung punakawan. Gur batur, gur kawula alit," tembunge Ki Darman tanpa niyat tutur nerangake.
Ki Darman ngerti yen Har Purnomosidhi wis ora perlu didunungake marang siji-sijine wayang. Kekarone malah wis kepara asring bawarasa ngonceki wayang kang kebak bundhelan.
Wayang sambunge karo jagad kang gumelar, wayang kang kebak simboling urip lan panguripan.
Ki Darman, hiya Ki Darman Gunacarita. Jeneng Gunacarita mawa pangajab, pakaryane crita sawarna dhalang, diajab ana guna paedahe tumrap bebrayan. Mula pedhalangane Ki Darman anteng anteb nengenake bobot isining crita. Ora mung mamerake ing ulah sabet kebak tehnik jotos waton rame.
Rampung gawe ngengrengan Petruk, Ki Darman menyat, nuruti pangatake sisihane kang jelih-jelih ngakon mangan. Wis kepatuh wiwit biyen, janji wis njenggruk gegaweyan, anane mung sengsem ngematake garapane. Sauger wis ketunggon kopi kothok lan rokok klobot karemane, mangane sok keri-keri. Bareng kecandhak lara mah, sisihane dadi juweh, ngelingake welinge dhokter supaya ajeg mangan ing wayahe.
Nengah-nengahi mangan iku, keprungu swarane asu gumerah ing plataran. Pating jregug, pating kraing, pating grudug keprungu uber-uberan ngubengi omah. Banjur ana bocah cilik gita-gita mlebu omahe, ngandhakake yen lulange digondhol asu.
Ki Darman meh keseleg enggone ngulu sega.
"Kirike lik Sun, mBah, sing nggondhol metu. Aku maeng ruh. Terus dioyak asu-asu," semambunge bocah iku ora kober dirungu Ki Darman awit wonge wis mencolot metu ninggal segane kang lagi kalong separo piring.
Ki Darman misuh-misuh weruh lulange kewer-kewer ing congore asu. Gupuh golek antem, golek penthung. Asu uber-uberan saya adoh. Ki Darman kontrang-kantring nututi, dietutake bocah-bocah cilik.
Swara gumerahe asu kang worsuh karo swarane bocah njalari tangga reparo padha mbrubul  metu. Nanging ora ana  wong sing gelem rerewang Ki Darman ngoyak barang darbeke. Saperangan wong malah bali mlebu omah karo grenengan cuwa, nganggep tiwas kaget metu, mung weruh kedadeyan sepele.
Saperangan wong kang isih nganjir nggrombol  ing njaba, ana kang mesem mlengeh nyawang polah kethanthilane Ki Darman. Apa maneh bareng Ki Darman mundur-mundur meh disander asu, ana sing kebacut ngguyu ngeklek.
Sisihane Ki Darman kang melang-melang, nututi sing lanang, menggak, nguwatirake keslametane.
"Ki!  Aja nyedhak, Ki! Sawangen wae, doyan tenan apa ora. Dha kaliren antarane."
"Watege asu iku nistha. Wareg lan kaliren ora ana bedane. Arepa wis wareg diweleg sega daging, imbuh roti lan ngombe susu pisan, ya isih saba pawuhan, doyan panganan rusuh. Kaya ngono kuwi apa irunge mung ambon-ambonen  daging wae? Mangka Petruk iku wis ora ana daginge. Kari lulang garing kok dimangsa."
"Lha hiya..., ben. Sawangen wae, doyan tenan apa ora. Ngko nek mendelik kloloten, lara gorokane, rak ya dieculake."
"Ckk, rak ya sedheng rusak," wangsulane Ki Darman karo isih nyawati.
"Tak plinthenge, mBah!  Tak plinthenge, mBah!"
"Ya, Le. Sing gedhe watune, ben moncrot, ngko nek mati, lulange tak gawene wayang Dasamuka."
"Sampeyan ki kok werna-werna. Wong yen nduwe pikiran kok aneh-aneh," grenenge sisihane kang banjur ngajak sing lanang, diajak mulih, nanging Ki Darman isih njenger nyawangi nasibe lulange kang dieneng-eneng asu papat. Kirike mung nyawang pengin.
Asu putih, asu ireng, asu coklat, lan asu blontheng,  padha  nyokot karo nggeret nyendhal ngetog karosan.
Sateruse kena dikakahi dening asu gedhe kang menang kerahe. Kewer-kewer digawa ngadoh, nanging asu liyane padha terus nguber. Hug! hug! Hug! Hug! Hug! Kirike nututi, kaik, kaik,kaik, kaik!
Watege swara asu, gampang narik kawigatene asu-asu liya. Asu-asu saka papan adoh padha mara gemrudug. Kempyung melu rayahan, cathek-cathekan kaya wedi yen ora keduman.
Pating jregug!  Pating kraing !  Pating gereng!  Pating baung! Matane jlalatan pating cliring. Ambegane ngosos pating krenggos. Ilate abang pating klewer.
Ki Darman mengkorog singunen weruh cacahe asu tanpa wilangan. Nanging asu-asu iku banjur ambyar. Ki Darman angkluh njupuk lulange kang setengah ajur. Suwek-suwek mubeng, bedhah, bolong-bolong pingget kebak tatu.
Petruk ketaton.
Gegere Petruk lakrak, pundhak, githok, lan sirah sisih mburi uga ajur dikemah asu-asu kang murang tata. Asu-asu wengis, asu-asu degsiya kang mung mikirake kabutuhane wetenge.
"Pucuke irung ya suwek, mBah." cluluke bocah ngrubung.
"Anu, ditambal, didondomi," semaute bocah paling cilik.
"Uuuuu..., ya elek, Le. Ning kepiye maneh wong irunge lara. Wong kecelakaan kae yen kulite suwek rak ya dijahit pak Dhokter," wangsulan nglegani  atine bocah.
Atine dhewe kelara-lara nyipati Petruke. Senajan Petruk iku isih wujud lakaran potlot, nanging kewuhan bisane ngingsret menyang papan kang wutuh.
Puteg nalare, diingar-inger meksa ora bisa mapan. Papan sakupenge Petruk wis rupak, wis rusak. Petruk kecepit, kelangan papan kanggo urip.
Har Purnomosidhi kang niyat mrono ndeleng Petruk pesenane, diduduhi lulang ajur iku sarta dicritani larah-larahe.
Har ditawani Petruk lawas saka njero kothak. Petruke Ki Darman akeh, nanging wis padha amoh lencu buceg saka lawase kanggo  ing pakeliran.
"Yen ora kersa, aku tak golek lulang anyar, ya kudu sabar."
"Wis, iki wae, Mas. Butuhku tak anggo bahan mata kuliyah budhaya dhasar," wangsulane Har milih siji, nanging Ki Darman emoh dilironi dhuwit.
Ki Darman, hiya Ki Darman Gunacarita. Senenge marang lulang, ora beda kaya seneng tukang kayu marang kayu. Senajan kayu mung setugel, yen sekirane isih kena kanggo dandanan, ana rasa eman arep ngobong.
Mula dening Ki Darman, lulang rusak iku isih disimpen awit isih kena digawe wayang siji sing ukurane luwih cilik.
Gareng, Bilung utawa wayang putren. Digaweya piranti gegamane wayang hiya bisa dadi akeh, tumbak, pedhang, bindhi, panah lan sapanunggalane. Kepepete yen butuh tangan wayang, lulang iku kena digunakake.
Nganti pirang-pirang sasi lulang rusak iku isih diumbar cemanthel kebak bledug.
Ki Darman malah wis ora ngeling-eling. Mung wae nalika mulih ndhalang, Ki Darman kedadak kelingan marang lulang iku.
Mulih ndhalang numpak bis bareng karo kanca pengrawit. Ki Darman kang nyawang-nyawang menjaba, weruh kekayon mati garing ing tengah sawah.
Ki Darman nggagas-nggagas, geneya kekayon iku mati ing sawah loh kang banyune mili gemlidhig. Apa oyote akeh kang kepacul, apa mati ngarang, utawa mati lodong disamber gludhug. Godhonge wis brindhil, pang-pange uga wis akeh kang sempal. Anane mung kari wit ngracung, dhuwur mlengkung, katon ireng saka kadohan.
Wit ireng bungkuk iku banget ngosikake atine. Cumithak keket ing telenging cipta rasane. Gagasane Ki Darman saya ngambra-ambra lan jero, adreng enggone kepengin rumeksa Petruk.
Sabenere, isih ana perangane lulang kang wutuh ing sangarepe ngengrengan Petruk iku. Nanging merga anane mung wates weteng tekan sapendhuwur, ora cukup yen kanggo ngajokake awake Petruk sawutuhe. Nanging yen gegere Petruk dibungkukake mlengkung kaya wangune wit ireng bungkuk ing tengah sawah, kena.
Kanthi dibungkukake mengkono, tatu suwek ing gegere, ing pundhak, githok, lan sirah sisih mburi, bisa disingkiri. Pernahe sirah kang maju mlengkung, uga ateges ngendhani tatu ing pucuk irung.
Petruk bungkuk klakon ditatah lan dipulas njlengut. Klakon dadi perangane wayang kang murwat urip ing jagading pakeliran. Wayang hiya wayangane sagung tumitah, titahing Hyang Sukma Kawekas kang urip nepusi alang ujuring dalan lelakone.
Mula yen durung tinakdir mati, Petruk kang kecepit ing karusakan iku isih bisa ketulungan  lumantar Ki Darman.
Gapit lan cempurite apik, saka penyu warna kuning gadhing. Mung wae saben sisihane weruh Petruk iku, sisihane sok banjur maido.
Uga nalika Ki Darman nuduhake Petruk iku marang Har Purnomosidhi, sisihane Ki Darman sing suguh wedang, grenengan maneh.
"Petruk kok wandane kaya ngono. Ora umum."
"Petruk dikerah ngasu kok. Kena racun rabies, awake rusak salah kedaden dadi kaya ngene iki."
Har Purnomosidhi saya gawok eram marang kreatifitase Ki Darman. Ora uwis-uwis dhosen iku enggone nyawang ngematake Petruk nyleneh kuwi. Kuru bungkuk, ireng, sirahe nlolor nyengangik. Praupane dipulas putih klawu, nuwuhake kesan  pucet ing panyawange Har Purnomosidhi.
Sawetara suwe Har legeg. Gagasane kaya keseret adoh nglangut. Tanpa noleh marang Ki Darman, Har kumecap lirih,"Petruk iki nuwuhake gagasan kang matumpa-tumpa Kangmas."
"Saka tresnaku, benere atiku nangis nyipati Petruk  dadi kaya ngono, Dhimas."
"Ya, aku bisa ngrasakake. Kangmas trenyuh jalaran iki dudu pangothak-athik. Kangmas ora njarag yasa sing aneh-aneh. Aku dhewe wong ya melu meruhi, panjenengan tuduhi rusak ajure lulang kae."
"Mula, saka akehe tatu kang ngrubung, kangelan bisaku mapanane menyang papan kang resik lan wutuh. Pirsanana, iku rak katon isih ana tatune."
Har Purnomosidhi nyawangi tatu-tatu kang isih bisa dititik. Ana tatu bolong rong enggon ing pilingane Petruk. Ing dhadhane uga ana tatu pingget sing nedhas.* 
(Kepacak ing Jaya Baya, No.4, tanggal 23 September 1990).      
*) Crita ksb  (lan crita liyane)  nate diwaca pengarange ing Taman Ismail  Marzuki, Jakarta, 24 Juni  1999, acara Pentas Sastra Daerah.


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/p-e-t-r-u-k.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

Вадим Логофет Москвакисти для макияжа харьковотзывы ооо полигон

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7301964
  Hari ini     :  Hari ini :300
  Kemarin     :  Kemarin :1090
  Minggu ini   :  Minggu ini :8742
  Bulan ini   :  Bulan ini :29240
Kunjungan Tertinggi
08-22-2016 : 1963
Online : 16

Kontak Admin.

email-kidemang