091 Gara Gara Kagiri Giri
ara-gara !
Bumi gonjing.
Samodra kocak.

 
Cêrita Cêkak -  

91 Gara Gara Kagiri Giri

ara-gara !
Bumi gonjing.
Samodra kocak.
Gludhug magenturan.
Lesus lir pinusus.

Lir kinebur tirtaning samodra, umob mawalikan, akeh buron toya kang padha mati kesrakat. Horeging bumi akarya rusaking pekarangan lan pategalan. Tanem tuwuh padha garing anggagrag. Sawah-sawah padha nela, dadi pandhelikane gegremetan mawa wisa. Sato iwen lan iber-iberan nglayung tan antuk memangsan. Pageblug njeblug sadalan-dalan. Jisim ambalasah. Bawana sintru. Peteng dhedhet!
Bareng karo tibaning ukara peteng kang diucapake dhalang, dhop neon mati pet. Penonton alok gemrenggeng. Ana kang suit-suit. Ana kang bengok-bengok. Ana kang nylorat-nylorotake  lampu senter.
"Ing swasana peteng, nuli ana cahya ijo cumlorot  saka akasa, gumebyarrrrrrr...., miyak petenge jagad!" semambunge dhalang ndhodhog kothak ngeget. Gendhing sampak manyura ngungkung binarung karo urube dhop neon.
Penonton kang ngira aliran listrik mati, rumangsa kecelik. Malih keplok-keplok, sengsem ndulu kekembangane dhalang mateni lampu kanggo nguripake swasana pakeliran.
"Cumloroting ponang wahyu, padhangggggg....! Ilang sipating cahya, jleg, silih warna dadi sawenehing wanodya."
Tidhem.
Sindhene kang aran Wara Wiranti, ngelik garingan. Rerepen Sinom sapupuh. Arum renyah swarane, nyandra wanodya panjalmane wahyu.
lathi abrit lir ginambar
supenuh  nggregetken ati
wajanira pethak rampak
yen mesem katon lir thathit
lamun binarung liring
janma kang sami andulu
mati ngadeg sadaya
tan kuwawa anadhahi
umak-umik andaleming turut marga
Sindhene lima, sing papat gawane dhalang. Sijine kang aran Sutilah, sindhen saka wewengkon kono, sisihane Pardi. Adate, yen Sutilah kanggo ing tanggapan, Pardi kang trampil nabuh gamelan, sok kecangking. Nanging merga dhalange wis nggawa pangrawit komplit, Pardi mung trima nonton.
Penonton kebak. Tata gelaring pakeliran mapan ing panggung, ing alun-alun, mawa rerenggan umbul-umbul gendera rontek. Jenggerenge panggung kang ngengkreng kawistara dilarasake karo kondhange dhalang saka njaban dhaerah, Ki Yudhoprakosa. Kondhange katelah dhalang sabet. Lire, dhalang kang trampil nyabetake wayang.
Bacuting crita, kacritakake, horeging bumi awit saka akehe nagara kang bengkah kobong dening kobaring geni kamurkan. Akeh pandhita kang wis ilang rehing rasa panembahe. Akeh guru kang wis bengkong, ora kena kanggo patuladhan. Para sentana lan para narapraja padha anggung  anggone angumbar hawa. Durjana lan laku culika ngaji pumpung. Budi candhala menang petung. Judhi ngabotohan anjrah ing sadhengah papan, antuk pangayoman.
Bumi kobong abang  malerah
Bengkahhhhhhh....
Pager-pagering kasusilan, kautaman lan pranatan katut kobong. Kari sisa-sisane pating crongat, mureng, isih ngebulake asep ireng kumendheng. Akeh kawula lan para among tani kang padha kekes atine. Midak wawa-wawa panas. Pating njlerit ngeres-eresi.
Waaaaauta..., wus kaweca ing sasmitaning Jawata. Awit saka wis banget rusake, wis ora ana titah sawantah kang kuwagang nyirep ubaling geni salumbung bandhung gedhene. Amung kari panguwasane Jawata kang bisa nyirep mranata kanthi anurunake wahyu. Sapa kang tatag tanggon kalis ing reridhu, lah hiya  iku janma kang kuwat santosa katitisan wahyu. Bakal dadi janma kuncara, gedhe  kawibawane, lestari dadi pangayoman. Lulus widada ngembat pusaraning adil, raharja praja lan  kawulane.
Mula akeh jejunggul lan lelancuring praja kang padha amesu brata. Olah batin, sesirik, ngadhang tumuruning wahyu kanthi cara kang beda-beda. Ana kang njajah desa suka dedana marang kawula kaya kang ditindakake dening Lesmana Mandrakumara, putra Nata Hastina.
Rikala iring-iringan kreta kang kebak rajabrana ngambah bulak dawa, Lesmana mlolo kamitenggengen sumurup kasulistyane wanodya kang ngadeg ing sapinggiring dalan sepi.  Lesmana mudhun amrepegi sarta banjur ngulungake mas picis satompo munjung. Weruh wanodya iku nolak paweweh, Harya Sangkuni nututi mudhun, nuli muwus," Iki rejekimu, nDhuk. Tampanana. Iki kabegjanmu dene  kowe keparingan luwih akeh. Kowe sapa jenengmu lan ngendi omahmu?"
"Kula Srimuhani, saking Sampang-Buntalan, Kyai."
"His, ra tau ngulang ngaji kok mbokundang Kyai. Undangen wae Oom. Iki  bapa  pamanku, Sri," semaute Lesmana.
"Kowe ra perlu wedi. Iki dudu kredhit, nDhuk ,nanging mligi bantuwan. Bantuwan kesejahteraan, ngono. Bantuwan saka kraton kanggo ngentas bot-repote kawula. Lho, rak apik ta? Iki tegese, tata panguripane kawula banget digatekake," wuwuse Sangkuni mlengeh, katon saperangan untune kang ompong.
"Menapa dana driyah menika mboten amargi kadereng wontenipun pamrih sinandi? Awit saenget kula, sampun dangu bebrayan alit rekaos gesangipun. Teka nembe sapunika wonten kawigatosan."
"Lho, lho... Kosik, kosik..," semaute Sangkuni, Patih Hastina.
"Kula mireng reraosing tiyang samargi-margi, dana driyah punika awit wontenipun lekas anggayuh wahyu. Dedana kados mekaten punika nami mboten tumus saking tulusing manah. Namung dhapur ulas-ulas krana wontenipun sedya. Menawi mekaten, sengara wahyu anyedhak," tuture Srimuhani malih cahya ijo sumorot. Plas, ilang, mlesat sumingkir.
"Welha kojur, blaiane. Tuna, kadhung entek akeh je, Man,"  sambate Lesmana  ndlongop, Sangkuni dhelologen.
Bomanarakasura saka Trajutrisna melu angadhang wahyu, Uga Somba saka Paranggarudha, Dewasrani saka Tunggulmalaya, lan Lintang Ireng saka Ngawu-awu Langit. Nanging kabehen padha gagar wigar panjangkane. Kari Arjuna kang isih maneges.
Srimuhani mlayu-mlayu mrepegi Arjuna. Semu krenggosan napase, ngaku dioyak-oyak pawongan arep dirudapeksa." Kula kamigilan,kula ajrih. Kula nyuwun sih pitulungan paduka, Raden."
"Perang iku totohane nyawa. Apa pituwase yen aku bisa  ngayomi kowe?"
"Kula ngangge sesupe, gelang kalung saha ali-ali. Punika pituwasipun."
"Yen mengkono, kowe ngregani jiwamu nganggo ajine  barang. Apa kok ulungake yen jiwamu taktuku tikel ping telune barang-barangmu kuwi."
Srimuhani ora gage semaur. Sauntara meneng, banjur kumecap," Raden,  keparenga kula andongeng. Mugi kersoa mirengaken sarta kula bandhe nyuwun priksa, leres lan mbotenipun dongeng punika."
"Hiya, kepriye?"
"Tiyang sepuh kula nate  anggula wenthah kula mekaten. Yen kowe tetulung marang liyan, kudu resik atimu. Sithik aja kedunungan pamrih kepengin antuk sembulih saka wong kang kok tulungi. Kabecikanmu ora ana ilange. Kang  Akarya Jagad kang bakal asung nugraha matikel-tikel. Ing kono kowe bakal ngrasakake  jatining kamulyan. Panggula wenthah kados mekaten punika kadospundi? Leres menapa mboten?"
Arjuna legeg.
"Kadospundi?" pandhesege  Srimuhani.
"Kuwi wis bener," wangsulane Arjuna kecipuhan.
"Ujaring tiyang sepuh kula, darmaning satriya punika, asung teken dhateng sok-sintena ingkang kalunyon. Asung tudhung dhateng tiyang ingkang kepanasen, tuwin asung pepadhang dhateng pawongan ingkang kepetengen. Teka paduka kalawau wentala mundhut pituwas dhateng kula. Kula sampun tanggap ingkang paduka kersakaken, bilih paduka ngajab pasrahing jiwa raga kula."
"Kowe aja murang tata. Lungaa saka kene. Kuwi mung saka keladuking rasa pangrasamu," bantahe Arjuna kewirangan.
"Apa dupeh dadi lelanange jagad. Bojone akeh, ampirane saenggon-enggon. Saben tetulung wanita, karepe njaluk opah rasa. Oalah...,Golek wahyu kok isih kanggonan napsu."
Arjuna muntap, ngunus curiga. Srimuhani malih cahya ijo  gumebyar amblerengi. Oncat mlesat. Arjuna ambruk kapidara, kaya dilolosi bebayune.
Akeh penonton kang mlengok. Awit manut crita kang uwis-uwis, janji Arjuna melu ngupadi wahyu, mesthi kenane. Banjur, sapa baya kang patut kepanjingan wahyu?
"Ing mangka wis ora ana satriya liyane. Sapa bakale sing kewahyon?" cluluke saweneh penonton.
"Ya  embuh, wong aku ya rung tau ruh lakon ngene iki. Ra ngerti nek mengko ana satriya liyane sing lagi muncul," wangsulane kanca liyane.
"Ah, apa ya nyandhak wektune, wong wis meh parak esuk."
"Dhalang rak wis kira-kira njereng wektune. Soal sapa sing oleh wahyu, aya embuh, kari apa jare dhalange. Arepa Gareng pincang, tangan cekot, kera mripate, nek digawe beja dening sing gawe lakon, bisa wae Gareng oleh wahyu," kanca liyane nrambul.
Kang rembugan sakala meneng. Kepara kaget, cingak weruh eloking pakeliran. Dhalange kang nyengkelit keris warangka ladrang, tangi kemrengkang, nubruk Srimuhani. Diruket keket. Dikekep-kekep. Dipondhong-pondhong. Penonton horeg, maju ngangseg. Pating braok, ngucap sauni-unine.
"Ya mesthi menange ta, wong dhalange melu main!"
"Kok terus dipek dhewe!  Lhah! Lhah!"
"Apa ngono kuwi! Thik ngono carane!  Huuuuu...!"
"Elek! Elek!"
"Lho...! Boma metu! Boma metu! Hut, hut...! Somba barang!"
"Lintang Ireng ya metu!  Dewasrani ya metu! Lha. lha...!"
Paraga-paraga kang cabar anggayuh wahyu padha obah metu saka kothak. Padha urip, nabrak-nabrak. Nglabrag, ngamuk ngebyuk, nyampluk-nyampluk dhalang lan pangrawite. Panjak gender sambat keculek  cempurit mripate. Boma lan Lintang Ireng, luput disaut panjak kendhang. Kekarone malah ilang  nyusup ing ketele simpingan wayang.
Pakeliran geter.
Pakeliran kedher.
Blencong mobat-mabit.
Saperangan wayang saka simpingan kiwa lan tengen padha bedhol. Obah polah katut murina. Kabeh pangrawit pating bleber nyauti wayang-wayang  kang ngrangsang. Polahe pangrawit neraki gelas piring lan gamelan, nuwuhake swara pating klemprang. Pating klonang, pating kloneng, pating glembreng lan pating jlegur.
Saya kisruh.
Saya gidhuh.
Pakeliran kendho.
Kecanthol bedhah.
Bengkahhhhhh.
Pardi gedandapan nggoleki sisihane. Ketemu, Sutilah nangis kami sesegen saka wedine. Gelunge meh wudhar, kebayake suwek, jarite nglingkap. Dhalange kang rumangsa bisa nubruk wahyu, butuhe wahyu. Ora ngreken panyedha, ora maelu loking swara njaba. Gegere panggung wiwit sirep. Wayang-wayang kang murina wis entek karingkus, kalebokake kothak, banjur dikunci.*
(Kepacak ing majalah Jaya Baya, No. 16,  Tgl 17 Desember 1989)


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/gara-gara-kagiri-giri.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

сыграть в покер24 бел ру интернет магазинлобановский александр

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7338912
  Hari ini     :  Hari ini :997
  Kemarin     :  Kemarin :1150
  Minggu ini   :  Minggu ini :1956
  Bulan ini   :  Bulan ini :24357
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 59

Kontak Admin.

email-kidemang