092 Buntung
AKEHING luwak padha ngumpul ing alas gundhul. Ngumpul dadakan saka anane prentah ndadak yen Bangkong, pimpinane, arep sesorah prakara wigati. Saka banget
 
Cêrita Cêkak -  

92 Buntung

AKEHING luwak padha ngumpul ing alas gundhul. Ngumpul dadakan saka anane prentah ndadak yen Bangkong, pimpinane, arep sesorah prakara wigati. Saka banget wigatine, kabeh luwak kudu metu ngrungokake, ngono prentahe Gangsir andhahan kinasihe Bangkong.
Weruh Bangkong muncul tanpa buntut, kabeh luwak njomblak kaget. Kagete ora ilok nganti padha pating plongo lan takon-tinakon marang kancane, geneya pimpinane dadi kaya mengkono?
"Buntut iku ora penting, ora ana gunane, mung ngewuh-ewuhi wae. Mula buntutku tak buwang supaya ing awak luwih kepenak dienggo mingar-minger," tembunge Bangkong langsung nggepok wigatining sesorahe.
Senajan Bangkong wis ngandhakake mengkono, nanging saka panyawange para luwak, Bangkong katon aneh bareng tanpa buntut. Bokonge brundhul, poking buntut katon ngucis mbendhol diubel-ubeli perban, Nitik perbane abang ngembes dening getih, nandhakake yen tatune isih anyar.
"Awak dadi entheng sawuse buntutku  tak buwang, wis ora ana sing ngebot-eboti awak. Luwih kepenak dienggo mlaku lan uga luwih  kebat dienggo mlayu," sesambunge Bangkong sing sesorah ing sangisore wit plasa kanthi ancik-ancik watu njugrug.
Kanthi ancik-ancik watu dhuwur, Bangkong bisa nyawang rakyate sing andher ing antarane tunggak-tunggak jati. Nanging enggone sesorah wis ora pati dirungokake dening para luwak sing ana ing mburi. Anane mung padha umyeg nanggapi prakara buntut sing dening Bangkong dianggep mung ngebot-eboti awak iku.       
"Ckkk, ndi ana buntut thik ngebot-eboti awak. Wiwit lair procot bangsane dhewe wis nduwe buntut. Wis kulina wiwit cilik nggawa buntute lan ya ora tau ana sing sambat kabotan," grenenge luwak aran Kliwon.
"Buntut rak wis kodrat, wis dadi perangane awak sing kudu ana. Yen ora ana ya saru, ya ora pantes. Yen ora ana buntute ngono kuwi arane terus piye?" semaute luwak aran Paing.
"Arane  ya buntung, ya cacat," Kliwon mangsuli.
"Pimpinan kok buntung. Rasaku dadi malih kurang sreg ngene iki," grenenge luwak liyane numpangi rembug.
"Sttt...," Kliwon nyasmitani kanca-kancane  supaya meneng awit ana  andhahane Bangkong sing arep liwat ing sacedhake.
Kliwon sakancane balki nata  adheping awake kanggo api-api ngrungokake bacuting sesorane pimpinane ing alas jati sing wis gundhul iku. Gundhuling alas saka dijarah wong-wong sing peteng pikire keterak krisis ekonomi. Reregan larang, pengasilan seret, pegaweyan sepi ngamuk nebangi wit-wit jati. Kari wit-wit kayu puruk sing pating klanjir ing kana-kene bangsane wit klampis, wit sana, urik-urik lan wit plasa sing godhonge amba-amba  sagodhong waru. Saka godhonge sing ketel amba -amba kena digunakake kanggo iyup-iyup tumrap sing sesorah saka panase srengenge jam telu sore.
Sarampunge Bangkong sesorah, Gangsir maju banjur kumecap ngegongi yen lekase pimpinane mbuwang buntut  iku mujudake langkah maju sing patut ditiru dening rakyat kareben ing awak bisa entheng kepenak. Awak bisa luwih lincah trengginas kanggo ngadhepi ajuning jaman sing bakal saya rame lan kebak persaingan. Ora mung saingan luru pangan karo garangan , rase, kuwuk lan klembak, nanging uga saingan karo liya-liyane.
"Yen dinalar, buntute dhewe iki pancen kedawan. Dawane padha karo dawane awak utawa malah isih dawa buntute. Rasane nggandhul, ngebot-ngeboti awak. Kejaba buntut ora ana gunane sing baku, uga melu nyadhong zat pangan sing kita pangan. Ora ana gunane kok njaluk cadhong, ya tiwas mbeborosi," semambunge Gangsir mbumboni, nguyah asemi. " Dadi ing bab iki, bapak Bangkong nyata dadi pelopor. Wani mlopori mbucal kagungane buntut amrih luwih trincing, luwih ramping."
Sing dialembana mesem manthuk-manthuk. Banjur mlengeh katon untune sing rangah lancip-lancip. Senajan Bangkong wis tuwa nanging untune durung ana sing pokak. Isih wutuh pengkuh lan tedhas sembarang kalir.
Sateruse Bangkong ngawe juru tigas supaya nigas buntute Gangsir. Krungu mengkono Gangsir kaget kepati, kumelap atine weruh  clerame gegaman landhep ing tangane juru tigas.
Durung nganti Gangsir miterang, Bangkong wis kumecap," Aku wis nyontoni. Kowe ya kudu nyontoni ing sangarepe rakyat. Kepiye bisane rakyat percaya lan gelem tiru yen ora dicontoni dhisik?"
Gangsir blangkemen, ora wani ngunggahi rembug. Anane mung pasrah kanthi rai pucet lan awak gemeter. Poking buntute dilanggesake  tunggak jati, ditonton rakyat sing kupeng  temu gelang. Sing ora tegel nyawang padha sumingkir karo ngajak anak-anake.
Ketiban gegaman, cleng sepisan tatas. Gangsir njerit  sarosane, getihe muncrat, mancur. Rakyat nganti merem-merem, mrinding mengkirig, giris weruh Gangsir  ngosel sambal ngaruara.
"Sateruse enggal nyusuna undhang-undhang yen kabeh luwak ora kena kewar-kewer ngingu buntut," prentahe Bangkong marang Gangsir sing wis diobati lan diperban juru rawat.
Prentah mengkono iku nggetapake atine rakyat. Satemah rakyate dadi ungkrap pating kresuh. Ora ana sing wani mbantah, anane mung wedi. Apa maneh bareng juru tigas  sing isih nyekeli gegaman landhep nyawang menyang pernahe rakyat sing lagi kisruh atine, rakyat ambyar mlayu saka wedine, emoh yen dikatutake dadi conto ing dina iku.
Mlayu bubar pating blesar,  pating krosak nerak-nerak, nabrak-nabrak adoh parane. Kliwon lan Paing  mlayu montang-manting mblusuk menyang bambrongan pring. Paing mringis ngeses sambat perih kulite keberet-beret eri carang.
"Adhuh, adhuh, huh, huh, rusak. Huh, huh..., rusak bakale, huh, huh..." swarane Paing pedhot-pedhot bareng lan ambegane sing ngongsrong.
"Kae mau gek kaya ngapa larane."
"Lha hiya, rusak tenan bakale. Bakal ana owah-owahan gedhen. Buntut wis kodrat kok kudu dibuwang. Kodrat kok kalah karo undhang-undhang," guneme Paing petat-petoto." Kathik bojoku meteng tuwa wayahe nyeprot. Mosok lair procot anakku terus tak tugel buntute."
"Buntung kok ajak-ajak."
"Lha hiya, karepe ki piye?"
KLiwon ora wangsulan, malah cluluk weruh buntut luwak dirubung semut ing bambrongan pring papane ngumpet. Kekarone ora pangling yen iku buntute Bangkong. Sing digumuni, kok adoh temen Bangkong enggone mbuwang buntute. Nanging merga ing papan iku ana getih kececeran sing adoh parane, kekarone dadi sujana lan kepengin nurut getih iku.
"Suwe-suwe kok nyedhaki omah nek getih iki diturut terus," grenenge Paing nliti saurute getih sing kececeran ing pasuketan.
Paing lan Kliwon ora ngerti yen lakune bakal papagan karo wong sing duwe omah. Surup-surup sing duwe omah arep ngombongake pitik-pitike. Ngerti-ngerti mak-jegagik, padha kagete.
"Lho! Luwak! Luwak! Luwak! Malah loro! Luwak!" aloke wong iku gupuh karo nguber sawetara jangkah, kalah kebat karo playune luwak.
Wong iku njupok arit terus nututi menyang bambrongan pring. Ngingat-ngigeti menjero, incang-inceng karo nyuwara," Neng ndi kene maeng. Rene kok  playune. Mesthi ngindhik-indhiki pitik sing arep ngombong maeng. Gregetan aku. Kok akeh luwak saiki."
Paing lan Kliwon ndhepipis ing njero. Wis rumangsa aman ndhesel ing njero bambrongan pring sing rempet lan rungkut. Apa maneh wayahe saya nyedhaki peteng.
"Wingi ya ana Luwak. Wis kewer-kewer nyaut pitik ,tak sawat arit kaya kenek apane. Ora ngober-oberi wong ingon-ingon. Pitik larang-larang jamane krisis, kok trima dibadhog luwak. Saiki mara maneh, tuman, malah ngajak kancane. Neng ndi kene maeng? Rene kok parane."
Saka swarane wong iku, KLiwon lan Paing dadi ngerti apa sing ditindakake Bangkong wingi. Sawise wong iku nyingkrih butuh ngombongake pitik-pitike, Kliwon lagi wani nyuwara.
"Konangan saiki. Kok pinter omong saka julige nutup-nutupi. Mangka Bangkong wis dicadhong pangan cukup saka rakyat, kok isih tlusuran. Yen ora duwe wareg, angah-angah, aku lan kowe uman apa? Golek pangan sakepel wae saya angel."
"Kaya iki mau ya meh cilaka. Mangka ora niyat piye-piye, wis diuber wong, digawakake arit."
"Yen ngono, buntut iki arep tak gawa."
"Ya. Kena diduduhake kanca-kanca. Kena kanggo miyak  perkara sing sabenere bab buntunge Bangkong."
"Nanging buntut iki mbok menawa kurang cukup kanggo ngadili dheweke."
"Kurang apane?"
"Kudu ana buktine apa sing dicolong. Mangka sing dicolong wis dipangan, ilang lacake. Sapa seksine nalika nyolong lan endi arit sing dienggo nyawat, kudu ana. Iki sing angel."
Paing unjal  ambegan, kesusu cuwa atine krungu rembug pangira-irane Kliwon sing ora gampang kanggo nyeret Bangkong menyang pengadilan.
"Kejaba yen wong iku mau bisa ditekakake ing donyaning luwak kanggo aweh paseksen. Nanging aku ora ngerti, yen wong iku mau gelem, apa pengadilan luwak bisa nampa paseksene? Utawa wong iku mau sing ora gelem merga wedi marang luwak-luwak gedhe  balane Bangkong," semambunge Kliwon karo nyandhak buntute Bangkong kang nglemprak dirubung semut bongkote saka anane  getih kang isih teles morah-morah.
Bukti buntut lagi digawa metu saka bambrongan pring sawise peteng. Nggoleki ing endi dununge kanca-kancane.
Sing digoleki lagi nggrombol rembugan ing sawijining papan. Ora ana liya  sing dirembug kejaba arep nolak  rancangan undhang-undhang sing nglarang luwak ora kena  ngumbar buntut  iku.
"Yen rancangan edan iku nekat disidakake, o..., gepeng ilir tak tempuh. Taker jiwa tak ujudi."
"Ya. Iki perjuangan. Ora mung kanggo awak-awak iki, nanging uga kanggo lestarining anak-putu lan sateruse, aja nganti padha buntung."
"Buntung kok dikudokake. Apa kareben buntunge Bangkong katon apik merga wis umum kabeh nglakoni?"
"Kok malah kwalik. Diwolak-walik ora karuwan. Sing apik, sing ganep  malah dianggep ala nerak undhang-undhang."
Rakyat sing wis sumuk kepengin ngamuk, dicritani lan diduduhi buntute Bangkong, dadi saya panas kumebul ngerti dhodhok-selehe perkara. Dadine ora mung kepengin nolak rancangan undhang-undhang nanging luwih saka iku. Mula cacahe luwak sing ngumpul ing kana-kana saya tambah-tambah.
Cancut gumeregut.
Sagolong rembug.
Sagolong tekat.
mBengok bareng," Ayo! Bangkong wis wayahe kudu didhobrag!
Brag!  Brag!  Brag!  Brag!
Bangkong nggeblag  didhobrag!
Ayo! Terus! Terus! Terus!
Buntute Bangkong diurus!*
(Kepacak ing majalah Jaya Baya, No. 23, 7 Pebruari 1999)


Kapethik saking :
Cerkak Djajus Pete
Sumber : http://djajuspete.blogspot.com/2010/10/b-u-n-t-u-n-g_03.html

 kds penutup
wangsul-manginggil

Vadim Logofet Sberbankсковородка вок купитьникас ресторан отзывы

Kaca Ngajeng

IKON KIDEMANG 2016 A

 
ikon-penanggalan
ikon-piwulang-kautaman
ikon-puspawarna
 ikon-pasinaon
 ikon-referensi
 ikon-naskah-kuno
 ikon-cerkak
 ikon-kesenian
 ikon-galeria
 ikon-kendhang
 ikon-lelagon
 ikon-resep-masakan
 ikon-download

Link Sutresna Jawa

kongres-bahasa-jawa
candi-diy-jateng
sejarah-medang

    Jumlah Pengunjung

7338912
  Hari ini     :  Hari ini :997
  Kemarin     :  Kemarin :1150
  Minggu ini   :  Minggu ini :1956
  Bulan ini   :  Bulan ini :24357
Kunjungan Tertinggi
08-21-2016 : 1963
Online : 56

Kontak Admin.

email-kidemang