29. Tuladha Aturipun Panatacara Wonten Ing Salebetipun Swasana Mirunggan
|
ara lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala. Namung panyuwunipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) panjenenganipun para lenggah kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih miwah rama ibu (ingkang mengku gati) sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar ingkang sawatawis, nuwun, matur nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |