33. Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun Temanten Putri Lenggah Hangancik Adicara Salajengipun
|
ara rawuh saha para lenggah, kawistara sri atmaja temanten putri sampun lenggah hanggana raras wonten sasana adi inggih ing sasana rinengga ingkang ateges lenggah piyambakan lamun cinitra ing ukara semu kuciwa ing wardaya kaya - kaya hangrantu praptaning satriya mudha ingkang dadya gegantilaning nala, memaniking netra kang lagya labuh nagara. Nun inggih para rawuh saha para lenggah, laksitaning tata upacara salajengipun sowaning putra temanten kakung saking wisma palereman ingkang kakanthi panjenenganipun Bp ___________ saha Bp ___________ wondene ingkang hamboyong sekar cepaka mulya inggih kembar mayang panjenenganipun Ibu ___________ , Ibu ___________ ingkang sarta Ibu ___________ minangka panyongsongipun, jengkaring caraka pamethuking temanten kakung kabiwaldha ungeling ladrang kapang - kapang laras pelog pathet 6 sumangga nun, nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |