36. Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Upacara Pasrah Temanten
|
us tinata titi tataning gati, nun inggih putra temanten kakung sampun jumeneng wonten sangajenging wiwara kepareng badhe hanetebi upacara pasrah, wondene ingkang kepareng hamasrahaken panjenenganipun Bp ___________ minangka sulih salira panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati, menawi temanten saking wisma palereman) Bp ___________ (Besan, menawi putra temanten saking dalemipun piyambak). Wondene ingkang piniji hanampi panjenenganipun Bp ___________ jumenengipun Bp ___________ ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bp ___________ ingkang sarta Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing samudayanipun saha swasana kasumanggakaken dhumateng para - para ingkang piniji, sumangga nun nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |