44. Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Upacara Sungkem
|
un inggih para rawuh saha para lenggah, kadang besan sutresna panjenenganipun Bp ___________ sekalihan (besan) sampun lenggah aben ajeng kalihan Bp ___________ sekalihan (ingkang mengku gati) wonten ing sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sekalihan, ingkang piniji nglolos dhuwung panjenenganipun Bp ___________ hambok bilih sampun samekta ing gati, rahayuning sedya kasumanggakaken para-para ingkang piniji, sungkeming putra temanten sinarengan rerepen sekar macapat dhandhanggula, sumangga nun nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |