45 Tuladha Rerepen Dhandhanggula Kangge Nyarengi Upacara Sungkem
|
1. Rama ibu kang luhuring budi Ingkang hangukirjiwa lan raga Kang agung pangurbanane Paring pituduh luhur Rina wengi tansah hangesthi Mrih rahayuning putra Lulus kang ginayuh Sadaya ribet rubeda Linambaran kanthi sabaring penggalih Tuhu pantes sinembah.
2. Kadya sinendhal rasaning ati Panyungkeme kang putra sajuga Tumetes deres waspane Tan kawawa jroning kalbu Ngondhok-ondhok rasaning galih Alon ngandikanira Dhuh angger putraku Sun tampa panyungkemira Muga-muga antuk barkahing Hyang Widi Nggonira jejodhohan.
3. Piwelingku aja nganti lali Anggonira mbangun bale wisma Runtut atut sakarone Adohna tukar padu Tansah eling sabarang ati Kuwat nampa panandhang Tan gampang amutung Dadiya tepa tuladha Uripira migunani mring sesami Hayu - hayu pinanggya.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |