46. Tuladha Aturipun Panatacara Paripumaning Upacara Sungkem
|
aripurna putra temanten hanggennya ngaras pada wonten ngarsanipun rama miwah ibu kanthi lulus raharja hing sambekala. Para rawuh saha para lenggah, titi laksana upacara salajengipun nun inggih atur pambagya yuwana saking panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati), panjenenganipun Bp ___________ (ingkang mengku gati) keparenging sedya badhe hangaturaken raos suka ebahing manah bingah inggih atur pambagyaharja dhumateng panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, inggih karana bombong birawaning manah ingkang mboten saget ginambaraken ing mriki, pindha kajugrugan harga inten karoban seganten madu, anggenya badhe matur mboten kawiyos wijiling lesan amung kandheg wonten samadyaning jangga, sinten ta minangka talanging basa atur pambagya, tan nolyan panjenenganipun Bp. ___________ mbok bilih sampun samekta ing gati mrih rahayuning sedya kasumanggakaken, nuwun.
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |