57. Tuladha Aturipun Panatacara Badhe Paripurnaning Gati
|
un inggih para rawuh saha para lenggah, kados sampun ndungkap paripurna lampahing tata upacara pawiwahan prasaja ing ri kalenggahan punika, ingkang punika jumbuh kahan urut reRoncening tata upacara ingkang sampun rinakit, purwa, madya, wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sambekala, awit saking punika tebih saking raos panundhung saking panjenenganipun Bp __________ (ingkang mengku gati) anggenipun nampi keraWuhan panjenengan kiranging tanggap, tangguh, gupuh miwah suguh mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya, jengkaring putra temanten saking sasana wisudha tama minangka paripurnaning pawiwahan, ingkang kepareng hanganthi jengkaripun nun inggih panjenenganipun Bp __________ sekalihan, jengkaring putra temanten binarung ungeling gangsa ladrang gleyong laras pelog pathet nem sumangga, nun nuwun. Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan prasaja ing ri kalenggahan punika, mila awit saking punika kula minangka jejering pambiwara tartamtu kathah kekiranganipun saha kekilapan labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen kula nampi wewarah mawantu - wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kula. Akhirul kalam wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Keterangan: Tuladha lampahing upacara pawiwahan punika saged dipun wuwuhi utawi dipun kirangi punapa dene dipun ewahi manut miturut kabetahan tuwin kawontenan (swasana).
Kapethik saking : Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara Rinakit dening : Soenarwan Hadi Poernomo, Latimin Winoto Adi |