(08) Kaca 69 - 83 |
( Latu Pakayangan - Ukuran Dhuwung ) |
Dumugi ing Kasanga pinanggih Ki Jatipitutur ingkang dongèngakên bab Prabu Jaka ing Mêdhangkamulan mêjahi sawêr dumugi kagungan putra wujud sawêr wasta Jaka Nginglung ngantos mulabukanipun wontên sumbêr-sumbêr lisah. ... Kaca 69-83 |
Jilid 1 - Kaca : 5
6. Kulup wus padhang tyasingsun |
datan sumêlang ing ati |
sira kariya raharja |
têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |
batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||
7. Têmbe ing sapungkuringsun |
sakèhe dunyarta mami |
sidhêkahna kang warata |
pêkir miskin anak yatin |
lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||
8. Poma kulup wêkasingsun |
Ni Samboja nulya lalis |
sawusira binêrsiyan |
layon kinubur tinunggil |
lan raka Kyai Samboja |
ing mangkya titiyang Giri ||
9. Lastantun pamundhinipun |
ing gusti Jêng Sunan Giri |
samya kapanjingan iman |
nglampahi sarengat Nabi |
ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||
10. Gêmah arjane kalangkung |
tan ana kang laku juti |
samya cêkap nyandhang mangan |
adoh ingkang dadya miskin |
têntrêm ciptane raharja |
wong ngamanca kathah prapti ||
11. Kabanjur tan arsa mantuk |
kalajêng wisma ing Giri |
raja pandhita Sètmata |
jujuluk Susunan Giri |
Gajah Kadhaton minulya |
kawêntar ing liya nagri ||
12. Miwah wus pinundhut mantu |
ing Suhunan Ngampèlgadhing |
dhinaupkên lan putrinya |
Nyai Agêng Ratu nami |
atut dènnya palakrama |
lêstantun ngantya sisiwi ||
13. Wowolu èstri myang jalu |
Nyi Agêng angrumiyini |
kondur maring rahmatolah |
layon sumare anunggil |
marasêpuh èstri priya |
garwa putra gung prihatin ||
14. Sigêg gantya kang winuwus |
Brawijaya Narapati |
mirêng pawartos sanyata |
ing mangkya Susunan Giri |
linulutan sakèh janma |
nungkul tan kalawan jurit ||
15. Sang prabu utusan gupuh |
Gajahmada kyana patih |
kinèn lumampah priyangga |
mukul prang Giri Garêsik |
tan cinatur lampahira |
wus prapta jajahan Giri ||
16. Gègère kadya pinusus |
kang katrajang samya ngili |
minggah kadhaton Prawata |
Jêng Sunan Giri marêngi |
anyêrat manêdhak Kur'an |
kagyat mirêng suwaraning ||
Jilid 1 - Kaca : 6
17. Tiyang alok mungsuh rawuh |
sumêdya ngrisak ing Giri |
kalam ingkang kagêm nyêrat |
anulya binucal aglis |
andodonga ing Pangeran |
sinêmbadan ing sakapti ||
18. Kalam lajêng dadya dhuwung |
cumlorot ngamuk pribadi |
pra wadya ing Majalêngka |
kathah ingkang angêmasi |
sakantune kang palastra |
pra samya lumayu (ng)gêndring ||
19. Mantuk marang Majalangu |
sawusira mêngsah gusis |
dhuwung wus wangsul pribadya |
sumèlèh ing ngarsanèki |
panyêratan sang pandhita |
sarta akukuthah gêtih ||
20. Kagyat risang amanêngkung |
miyat dhuwung kuthah gêtih |
dahat panalangsanira |
dyan dodonga mring Hyang Widdhi |
mugi Allah ngapuntêna |
solah amba ingkang sisip ||
21. Sang pandhita ngandika rum |
marang ing wadyanirèki |
kabèh padha piyarsakna |
myang anêksènana sami |
katgèki sun wèhi aran |
si Kalammunyêng prayogi ||
22. Sakèh wadya saur manuk |
wus samya kalilan mulih |
mring wismane sowang-sowang |
lêstantun asramèng Giri |
jumênêngnya Jêng Susunan |
Prabu Sètmata linuwih ||
23. Gêmah arjane kalangkung |
saya wêwah wadyanèki |
tan ana kang kasangsaya |
nahan wus antara lami |
Sunan Giri nandhang gêrah |
kaparêng praptaning takdir ||
24. Kundur mring rahmatolahu |
gumêr tangis ing jro puri |
wandu wandawa sungkawa |
layon sawusing barêsih |
sinarèkkên nora têbah |
sangking padalêmanèki ||
25. Sedanira tilar sunu |
sadasa kakung lan putri |
kang kalih sang king ampeyan |
Pangran Pasirbata nênggih |
kalawan Siti Rohbayat |
wowolu sangking padêmi ||
26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |
putra sêpuh sinung nami |
Ratu Gêdhe ing Kukusan |
nulya Sunan Dalêm nênggih |
katrinira apanêngran |
Susuhunan Têgalwangi ||
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |
panca Sunan Kidul nênggih |
Ratu Gêdhe Saworasa |
Sunan Kulon kang sumêndhi |
Sunan Waruju ragilnya |
wau ta ingkang winardi ||
Kacara 1 : 7
28. Sasampunira pangubur |
kumpul para wadya Giri |
angrêmbag ingkang gumantya |
mandhirèng Susunan Giri |
pra wadya wus golong rêmbag |
Sunan Dalêm kang gumanti ||
29. Gya ingangkat ajujuluk |
Sunan Giri kaping kalih |
Susunan Giri Kadhatyan |
garwa kakalih padêmi |
tan mashur ing panjênêngan |
Jêng Sunan wus praptèng jangji ||
30. Kundur mring rahmatolahu |
ugi sumare ing Giri |
atilar putra sadasa |
(m)bajêng Sunan Sedamargi |
panênggaknya apêparab |
Sunan Giri Prapèn Adi ||
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |
Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |
Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |
Pangran Bongkok nulya Nyai |
Agêng Waru arinira |
Pangeran Bulu sumêndhi ||
32. Wragil Pangran Sedalaut |
paripurna kang wus swargi |
rêmbag kang yoga gumantya |
kêmpal sakèhe kang dasih |
Sunan Parapèn ingangkat |
linuwih lir eyang swargi ||
33. Mandhirèng Giri Kadhatun |
jujuluk maksih lêstari |
Sunan Giri Prapèn dibya |
suyut kang wadya gung alit |
kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||
3. Mêgatruh
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |
sampun amiyarsa warti |
lamun Sunan Giri Prabu |
Sètmata wus angêmasi |
mangkya wayahe gumantos ||
2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |
lalajone kadya nguni |
sang wiku tan arsa nungkul |
marang nagri Majapait |
dadya sru bêndu sang katong ||
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |
miwah kinanthèn pra siwi |
angirid wadyabala gung |
kinèn ngrabasèng ing Giri |
wus samapta nulya bodhol ||
Jilid 1 - Kaca : 8
4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |
mring sang prabu Majapait |
wus budhal carakèng prabu |
kya patih myang rajasiwi |
balane lir samodra rob ||
5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |
karsanira nanggulangi |
mring carakèng Majalangu |
tan dangu mêngsah kaèksi |
nulya pinapak prang popor ||
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |
kathah ingkang nandhang kanin |
tanapi tumêkèng lampus |
Sunan Prapèn angoncati |
sagarwa putra wus lolos ||
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |
binasmènan kitha Giri |
sadaya wus dadya awu |
rajabrana dènjarahi |
rajaputra tindak alon ||
8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |
Sunan Giri kang wus swargi |
ingkang rumêksa ing kubur |
tyang kakalih samya dhêngkling |
rawuhe sang prawira nom ||
9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |
gya tumandang sagung dasih |
halate sang maha wiku |
cihnaning wali linuwih |
singa cêlak anggaloso ||
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |
kang kantun kalangkung giris |
bramantya sang rajasunu |
tumandang pribadi ajrih |
merang lamun tan kalakon ||
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |
kinèn andhudhuk dèn aglis |
binilaèn yèn tan purun |
pasthi tumêkèng ing lalis |
kinarya coban kris waos ||
12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |
dupi prapta blabak jati |
tutuping tabêlanipun |
binuka saking sakêdhik |
nulya ana ingkang miyos ||
13. Warni kombang tan petungan kathahipun |
mabur ngèbêki wiyati |
maniyub lir langit rubuh |
nêmpuh wadya Majapait |
dènnya nanggulang pakewoh ||
14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |
bingung wadya Majapait |
ting bilulung rêbut dhucung |
dènnira angungsi urip |
sèlèh gagamaning pupoh ||
Jilid 1 - Kaca : 9
15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |
sirah rapêt ngroyok sikil |
ngaruara sambat bingung |
prapta nagri Majapait |
kombang anglut datan kegoh ||
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |
tan kawawa nanggulangi |
dadya tilar prajanipun |
sawadya balanirèki |
gusis praja tan ana wong ||
17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |
wangsul mring nagrinya malih |
siji tan ana kang kantun |
sang aprabu Majapait |
sawadya wangsul ngadhaton ||
18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |
datan nêdya malih-malih |
nyikara dhatêng sang wiku |
ngamungêna ingkang uwis |
ing tyas datan walangatos ||
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |
kanugrahan mantun dhêngkling |
gagancangan lampahipun |
anusul Jêng Sunan Giri |
ingkang lagya amakuwon ||
20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |
tyang kalih marêk tur uning |
ing mangkya mêngsah wus larut |
jalaran tinêmpuh dening |
kombang ingkang mapak pupoh ||
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |
tilar gagamaning jurit |
samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |
tan ana ingkang tinolih |
swarane pating galêmbor ||
22. Sampun katur ing purwa wasananipun |
dalah waluyaning dhêngkling |
sang wiku kalangkung sukur |
(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |
rahayu ywa na pakewoh ||
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |
wus paripurna ing nguni |
eca tyase para wadu |
satêngah ana kang kibir |
sajêg tan na mungsuh rawoh ||
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |
lamun kraton Majapait |
wus andungkap sirnanipun |
jalarane sangking siwi |
dyan Patah mijil karaos ||
Jilid1 1 - Kaca : 69 24 Maskumambang 27. (n)dhêku Kaki Padhang | rahadyan tandya lumaris | tan pisah ki Gathuk Gathak || 28. myat kukus mangampak | rahadyan nulya nyêlaki | kang murub warni balumbang || 29. dene panjangira | tigang dasa langkung kalih | lêbête sahasta wrata || 30. nahan tan pantara | murub lir wisma kabêsmi | latu sumundhul ing mega || 31. Gathuk Gathak waswas | giris maras miris tistis | tyas lir tatas anaratas || 32. mariksa pawaka | kagyat anon janma katri | pinarak têpi balumbang || 33. yèn dudu trah tama | mangsa waniya nyêlaki | ing balumbang Pakayangan || 34. rahadyan têtanya | baya sirèku kang (n)jagi | balumbang isi dahana || 35. mila gupuh amba | mariksa balumbang api | awit dadya panêngêran || 36. dhusun ingkang cêlak | kang uning urubing agni | apês lir mêndêm pocungan || 25 Pocung 1. mung amba priyangga | kang wikan urubing agni | sampun tamtu kadhatêngan janma tama || 2. punika winastan | Pakayangan latu nênggih | criyosipun prapène êmpu duk kina || 3. baya kang Kêpalang | têdhaking êmpu rumiyin | ingkang darbe patilasan Pakayangan || Jilid1 1 - Kaca : 70 4. Ki Kapalang mojar | o (ng)gèr dede têdhaknèki | nanging yêktos pancèn pandhe damêl kula || 5. yèn damêl curiga | punapi (ng)gih dènukuri | panjangipun punapa sakarsa-karsa || 6. napa manut bakal | Ki Kêpalang anauri | dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya || 7. panjangipun ganja | ingkang kaukur rumiyin | lajêng kangge ngukur panjanging curiga || 8. dumugi pucuknya | nênêm wêwilanganèki | kang rumiyin cakra kapindho gundhala || 9. ping gangsal sagara | kaping nênêm madu nênggih | ingkang sae têkèng pucuk dhawah arga || 10. titiga prayoga | utawi dhawah jaladri | gya winalik sangking pucuk pangukurnya || 11. kang langkung utama | ing pungkasan dhawah ardi | lah punika ingkang pantês pinilala || 12. kêpêlnya priyangga | sakawan etanganèki | sangga runggi sarah watang kang prayoga || 13. Gathuk (n)dhêku lingnya | paringe kakang kapundhi | Ki Kapalang noraga matur rahadyan || 14. kampir wisma-amba | ing Dhandhêr tan pati têbih | dhusun ingkang katingal ngajêng punika || 15. (n)dumugèkkên lampah | (m)bungkuk Kapalang tur inggih | botên langkung kula (n)dhèrèkkên raharja || Jilid1 1 - Kaca : 71 16. lajêng lampahira | ngambah ara-ara wradin | tanah Dhandhêr ngilèn nulya anon toya || 17. Gathuk tan saranta | ngokop toya ingkang mili | praptèng tênggok wangsul mutah bulakêran || 18. têka mutah-mutah | Gathuk angling mbrêbêsmili | dudu banyu iku lênga latung blaka || 19. iku banyu kêna | kanggo didiyanan sami | wong padesan mung kukuse ngudubilah || 20. iku kang pinanggya | janma tan sarèh ing budi | kaya-kaya masthi manggih kasangsaya || 21. nalasak galagah | kêtêl rumput mendhong wlingi | nabrang lèpèn ngantya rambah kaping gangsal || 22. rahadyan ngandika | payo Gathak Gathuk mampir | yun tatanya tanah ngêndi iki baya || 23. isi lêgèn klapa | santri kalih anyêlaki | nabda nêdha ngilèni lêgèn kalapa || 24. ngilèni tan susah | (n)dika badhe dhatêng pundi | kamayangan têka maring dhêkahingwang || 25. sukanira mahas | panggènan kang sêpi-sêpi | amurugi kang singit tan kambah janma || 26. bagus yèn sêmbada | parêng kampir wisma mami | kula mantuk (ng)gêlar-(ng)gêlari ing wisma || 27. kyai ingkang ngrêmbat | paduka katuran mampir | mring wismane rèhning sampun nanggêl lampah || Jilid1 1 - Kaca : 72 28. wus kêrit rahadyan | Gathak angupaya warih | ki wisma ngling anak ngupados punapa || 29. o anak tan ana | ing ngriki toya kang suci | mèh sadaya pakungkumaning waraha || 30. ki wisma gya mancas | pang wit jêmbul toya mijil | lir pancuran wêning asrêpe sêdhêngan || 31. manthêr lir pancuran | kaagêm wulu prayogi | radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas || 32. Gathak eram ing tyas | wakne iki nyata luwih | nora nyana yèn mêtu karamatira || 33. nulya samya sunat | bakda sunat kinamati | waktu Mahrib myang Ngisa sampun paragat || 34. kang lêgèn kalapa | tela gamblok matêng ing wit | aturira manis wêdaling wicara || 35. sunggata tan mandra | sawontêne tiyang langip | anèng wana tanpa rowang datan pakra || 36. langkung rêsêp ing tyas | radyan dhahar tlas salining | ngunjuk lêgèn watara tigang cêgokan || 37. Gathuk Gathak nadhah | miwah ngombe lêgèn krambil | sakatoke tan ana tinaha-taha || 38. kiraka sun tanya | ngriki niki tanah pundi | lawan sintên sinambatipun kiraka || 39. asli saking Sela | ing Kasanga jurukunci | pan ing ngiriki talatah siti Grobogan || 40. Blêdhug Kuwu miwah | Crèwèk kalawan Mandhikil | myang ing Sêndhang Ramêsan toya mawarna || Jilid1 1 - Kaca : 73 41. paran mulanira | yèn wontên cariyosnèki | kang jinarwa kiraka niku sadaya || 42. lumayan kinarya | sasambèn cagaking arip | kala kina wontên panjênêngan nata || 43. ing Mêndhangkamulan | karêm mêng-amêng wanadari | anunumpu banthèng sangsam kancil kidang || 44. nuju ri sajuga | uning sarpa manguntèki | langkung agêng sisikira mancawarna || 45. ula apa karsa | de bangêt amatiragi | mêngko sira tan wurung rampung dening wang || 46. jêmparing lumêpas | cumundhuk sawêr ngêmasi | wontên swara kapiyarsa ing sang nata || 47. yêkti bakal tampa | paukumaning Hyang Widdhi | datan bisa mujadahi hawanira || 48. gara-gara prapta | jawah lesus kilat thathit | aliwêran balêdhèg dhar-dhèr tan pêgat || 26 Mêgatruh 1. angraos sangêt kalantih | têdhak mring karandhan ngaub | tuwin karsa anuwèni | duk nguni sri nata anon || 2. ing Sangkèh tuhu linuwih | Rarasati maksih timur | rèh sampun antawis lami | kakintên wus jonggrong jonggrong || 3. wêdaling dyah Rarasati | nyai randha lagya nuju | nênggani (ng)gêntang pra èstri | gagêndhingan dhungprong-dhungprong || Jilid1 1 - Kaca : 74 4. asinjang pathola abrit | konyoh jênar slendhang kawung | tinêpi parada kuning | wimbuh ayu mêlok mêlok || 5. juga babon kate adi | pêthak mulus cènggèripun | sanggardalima rêspati | sapraptanira sang sinom || 6. sukunira kang sasisih | angidak sirahing pantun | angikis sinjangirèki | kakempol katon mancorong || 7. dupi miyat sri bupati | gandrung-gandrung amangun kung | ngandika jroning panggalih | pantês dadya garwaningong || 8. matêk asmaragama di | para dyah kang samya nutu | tan ana ingkang praduli | katungkul dènnira gerong || 9. datan prabeda sang dèwi | ugi korut nutpahipun | samya tumètès ing siti | tandya kate pêthak gupoh || 10. wus nunggil dadya satunggil | Prabu Jaka dahat ngungun | sangêt lingsêming panggalih | nulya kundur angadhaton || 11. radyan mèsêm ngandika ris | kiraka Jatipitutur | nêdha kalajêngna maning | cariyosipun kang babon || 12. dupi wus antara ari | amanigan kate pingul | nyi randha dupi udani | antigan pinêndhêt gupoh || 13. tinunggilkên tigan katri | winor uwos kang lumintu | sabên ari dènêdangi | nanging botên katon kalong || 14. baya iki kang marahi | atigan gêng pedahipun | bêras dakdang sabên ari | mora kalong malah wuwoh || Jilid1 1 - Kaca : 75 15. dupi uwosira ênting | nyai randha mêndhêt pantun | mring lumbung ambuka kori | mêndhêt sabêlah ginendhong || 16. sampun nêtês nanging warni | taksaka agêng kalangkung | ngalêkêr pinuju guling | kagyat nulya tatanya lon || 17. nyai randha nulya nolih | anon sarpa nulya gugup | gya dhawah bali anjêlih | lumajêng aketol-ketol || 18. taksaka suka ningali | wus mêdal saking ing lumbung | mring gyannya dyah Rarasati | sarwi ngling dhuh ibuningong || 19. wungu nututi bok nyai | sakaliyan prapta sampun | ngarsanira kyana patih | naga wus nèng wuri (n)jongok || 20. samya gumuling ing siti | kya patih arsa lumayu | naga gumujêng sarya ngling | kaki aja jrih maring ngong || 21. kya patih ngoplok lingnya ris | lah ula apa sirèku | tanpa sangkan (ng)gonmu prapta | sang naga saurira lon || 22. kyana patih anauri | mung manthuk lumaris gupuh | risang naga anèng wingking | dupi prapta ngarsa katong || 23. naga wus nèng wurinèki | Prabu Jaka gya andangu | èh ula apa sirèki | de bisa clathu lir uwong || 24. kalangkung dènnira runtik | èh ula kawruhanamu | ingsun iki durung rabi | sira têka anyalêmong || 25. naga karuna turnya ris | (ng)gêlarkên nalikanipun | sri papara ing wanadri | tumêkèng kundur ngadhaton || Jilid1 1 - Kaca : 76 26. nigan têkèng nêtêsnèki | sang prabu miyarsa atur | dahat ing lingsêming galih | nulya jêngkar angadhaton || 27. dhawuh timbalan narpati | ponang sawêr kinèn nantun | madosi pacangan aji | lan mêjahi satru katong || 28. punika yèn antuk kardi | ingakên putra satuhu | patih wus (n)dhawuhkên maring | sarpa matur arawat loh || 29. karsane sri narapati | suka tumêkèng ing lampus | kya patih wêlas ningali | punang sarpa mêsat gupoh || 30. amrih aglisira prapti | amblês bantala jumêdhul | têlênging kanang jaladri | susumbar anguwuh mungsoh || 31. ing Mêndhangkamulan adi | Sang Dewatacêngkar Prabu | kang awarna baya putih | miyos sangking ing kadhaton || 32. ngantya pirang-pirang ari | sri dyah lami laut kidul | nama Prabu Anginangin | sukaning tyas dènnira non || 33. jaladri akocak-kacik | toya bêntère kalangkung | mina kathah angêmasi | baya pêthak yudanya sor || 34. sirnaning angga pan dadi | Argalima wastanipun | sarpa sukane angênting | wus pasthi inganggêp katong || 35. suka amarwata siwi | satrunira baya pingul | mangkya wus tumêkèng lalis | naga tinimbalan gupoh || 36. natadèwi ngandika ris | èh sarpa kang jayêng pupuh | ingsun nguni pasanggiri | sapa kang agambuh pupoh || Jilid1 1 - Kaca : 77 27 Gambuh 1. amatèni mring si baya-pingul | gêntènana sadhela jumênêng aji | luwarana punagiku | sarpagung turira alon || 2. anglampahi pasang giri prabu | nanging lampah amba punika tinuding | wusing nyirnakakên satru | ngulati pacangan katong || 3. Prabu Rara angandika arum | pacangane ramanta pan ingsun iki | sira munjuka sang prabu | ngulati pacanganingong || 4. nanging andadèkna kawruhamu | ramanira tan widada madêg aji | namung tigang warsa puput | ginantyan kang darbe kraton || 5. lèk purnama Galungan kang wuku | dak aturi têdhak mring kadhaton mami | sira sun rabèkkên kulup | olèh Balorong yu anom || 6. langkung rame ing bawahanipun | ing dharatan pagêblug agêng (n)dhatêngi | wusing dhaub madêg ratu | sapta ri gya pamit gupoh || 7. myang winisik kang badhe tinêmu | ing sarira miwah jangkaning nagari | purwa madya wusanèku | wêlingira wantos-wantos || 8. Linglung Tunggulwulung jujulukmu | têmbe sira karsaning Hyang angratoni | lêlêmbut ing gunung-gunung | mring sira anganggêp katong || 9. sira dadya ngalamat satuhu | dauruning jaman myang kêrtaning nagri | wis mangkata sira kulup | garwamu rara Balorong || 10. lah tinggalên nèng kene rumuhun | sira aja mêtu marganira lami | têlêng samodra kapungkur | amblês ing pratala gupoh || Jilid1 1 - Kaca : 78 11. amblês malih (n)jêbus wontên Kuwu | ing Carèwèk Mandhikil jêbusnya malih | sampun cêlak nagrinipun | mlampah dharatan nalosor || 12. kapatiyan wus kêrit lumêbu | dupi prapta ngarsa nata mangênjali | kyana patih makidhupuh | Tunggulwulung analosor || 13. sampun katur purwa wasanèku | Prabu Jaka langkung trusthanirèng galih | wus inganggêp putra prabu | ginanjar makutha kaot || 14. buntut untu atanapi siyung | binrongsong mas tinarètès sosotyadi | sisik linapis mas murub | kalung sosotya mancorong || 15. asthagina isi lisah kayun | kuwasanya yèn wontên sarpa ngêmasi | tinètèsan lisah cupu | gêsang malih lenggak-lenggok || 16. myang musthika naga kwasanipun | sinuyutan sakèhe sarpa sabumi | dumunung ing cêthak murub | dhawuh dalêm sang akatong || 17. piyarsakna samêngko si Linglung | ingsun junjung pangkat pangran adipati | manggon ana Tunggulwulung | wus kulup mundura gupoh || 18. lah arakên lakune si Linglung | lan rêksanên sacara-caraning janmi | pangran dipati wus mundur | ing marga tan winiraos || 19. dupi antuk sawarsa sang Linglung | anêlaskên iwèn wus katur sang aji | gya ingêlih dalêmipun | myang winulang rama katong || 20. wus kacêkap tan ana kalimput | Tunggulwulung tapa mangap nèng wanadri | awit sangking laminipun | badan kathukulan bondhot || 21. ical sipatira taksaka gung | tutuk kadya wiwaraning guwa wingit | wus matêng ing tapanipun | manungsa tan ana wêroh || Jilid1 1 - Kaca : 79 22. nuju dêrês jawah gumarubug | wontên rare angon sasanga kèhneki | kajawahan samya ngaub | nèng tutuk naga kinaot || 23. kang satunggal siningkang tan antuk | gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi | mêmêrang siti marêntul | guwa mingkêm kadya angob || 24. sarêng samya pêjah tanpa muwus | kang satunggal wontên jawi mêrang gigir | inggal lumajêng umantuk | mring sudarma awawartos || 25. sri narendra sakalangkung bêndu | gya adhawuh kinèn mantèk wêsi gilik | cangkêmira Jaka Linglung | supadi pêjah ing ngênggon || 26. Jaka Linglung tumêka ing lampus | lah punika cariyosipun ing nguni | atatanya Gathak Gathuk | athik ula kaya uwong || 27. Rara Blorong kacariyos ayu | pinaèsan saya wimbuh amrakati | Jaka Linglung sigit bagus | winêwahan mawi topong || 28. kados pundi kêkahe puniku | ah wong criyos wikana nyatane nguni | tamating cariyos bangun | Gathak Gathuk adan Suboh || 29. sabakdanya Subuh ngandika rum | lah kiraka wawi ulun ayun uning | patilasan Tunggulwulung | inggih sumangga sang anom || 30. mrih lêstantun tan sangsayèng laku | kaparênga miturut sacaranèki | kiraka hywa walang kalbu | datan nyuwalani ingong || 31. prapta ing Kasanga têpinipun | siti lêbu kadi awu warnanèki | tan wontên taru kang thukul | ngilak-ilak lir sinapon || 32. nanging mawi malengkong mangidul | kathah bolong kadya lènge yuyu nênggih | katutub ing lêbu lêmbut | tiniyub maruta katon || Jilid1 1 - Kaca : 80 33. lir tutuban dene têlêngipun | wontên êlèng sadandang wiyarirèki | akumrangsang ungêlipun | tinindakan alon-alon || 34. lampah bocong ngambah krikil alus | warna abrit pêthak jêne anêlasih | kèndêl sila dènnya lungguh | rahadyan anulya jongkok || 35. kilêng-kilêng kinclong warninipun | kadya lingsah ingkang sakalangkung wêning | swara kumrangsang saya sru | wusing anon ngandika lon || 36. lampah bocong Ki Jatipitutur | matur kurmat rèh wus cêlak dunungnèki | Prabu Anom Tunggulwulung | kadinanan ngèlmi kaot || 28 Asmaradana 1. gih punika netranira | lêbu lir awu warnane | tilas Linglung duk samana | pinantèk tutukira | badan polah siti (m)blêdug | nanging botên sagêt kesah || 2. kinarya nyêmêng gêgaman | toyane jram pêcêl winor | paedah ampuhe mindhak | rahadyan sampun linggar | tan pati doh nulya (n)dulu | sumbêr alit isi toya || 3. kidul têlêng kawistara | wontên gumuk mujur ngilèn | kilèn gumuk datan têbah | rawa lit kêbak toya | ugi asin raosipun | lèr kilèn têlêng Kasanga || 4. sitinipun bulak pêthak | barênjul samya inggile | turut pinggir pupundhungan | dumugi ing lèr wetan | mathuthuk lir wisma pingul | bênggang ajêg lir tinata || 5. waradin pênuh thukulan | rumput mêrakan myang mendhong | têkèng kidul notok arga | tinon asri kawuryan | nglilipur ing tyas margiyuh | Ki Jati malih turira || 6. mangsa katiga akathah | sima sawêr samya manggon | asring-asring ing Kasanga | sawiyaring têlêngnya | (m)blêdhos swara kadya gludhug | inggilnya ngungkuli arga || Jilid1 1 - Kaca : 81 7. gih punika kruranira | Tunggulwulung ingkang manggèn | ing sangandhaping Kasanga | ri wusnya mangun krura | kula gya mariksa gupuh | punapa kawontênannya || 8. maryêm badhe wontên pêrang | yèn katingal kados layon | badhe kathah tiyang pêjah | sampuning amariksa | nuntên lapur lurah ulun | dhatêng Mêthakan ing Sela || 9. dene lèpèn cacah gangsal | kalamun rêndhêng mangsane | punika dados satunggal | tinon wus kadya rawa | ila-ilane rumuhun | para priyantun ing praja || 10. anon têlênge Kasanga | kilap punika wadose | yèn tinrajang kadrawasan | linungsur kang darajat | apês nandhang ing papa gung | kinêbat kang sandhang pangan || 11. Ki Jatipitutur lingnya | suwawi angalèr ngilèn | punika tilas kadhatyan | nagri Mêndhangkamulan | ing Kasanga wus kapungkur | prapta tilasing kadhatyan || 12. wus dumadya wanawasa | linajêngkên ing lampahe | prapta ing sêndhang Ramêsan | wawêngkoning Kradenan | cakêt satêpining ranu | tan patya lêbêt kang toya || 13. de toya sasêndhang wrata | kadi dene wedang umob | lir umbul modal ing toya | gumlêdhêg kang suwara | mancawarni toyanipun | pindha kukuwung wangkawa || 14. dadu jambon cêmêng pêthak | inginum anta raose | sêmune kaworan lirang | bêntère sawatara | tan na ilèn-ilènipun | pindhane kadya balumbang || 15. punika sêndhang Ramêsan | lajêng tindak mring Carèwèk | aningali gumuk karang | sanginggil gumuk ingkang | êlèr miwah kilènipun | wontên sumbêripun samya || Jilid1 1 - Kaca : 82 16. punika kenging kinarya | sarêm alêmbut warnine | sêmu abrit asin kirang | wus têrang pinariksan | lajêng mangalèr sang luhung | ing Mêndhikil kang sinêdya || 17. nulya samya inginggahan | sampun rawuh ing têpine | lir sumur bundêr apapak | nanging tan isi toya | êndhut cuwèr ngantya pênuh | papak lambe ambaludag || 18. bêntèr namung sawatara | wontên ilèn-ilènane | mili we asin raosnya | gya anon sumur tiga | lir wedang panas wenipun | kang kadya sumur lit kathah || 19. sadaya kenging kinarya | sarêm kadi ing Carèwèk | kawratan wus pinariksan | ing Blêdhug tinindakan | saking mandrawa kadulu | anon ara-ara wiyar || 20. punika kang katingalan | ing Blêdhug Kuwu wastane | kalangkung agêng tinimbang | lawan kang kathah-kathah | mawi suwara jumêgur | tan kêndhat dalu raina || 21. nêdha andika atêrna | Ki Jati sandika ture | saking Mandhikil wus linggar | tan dangu lampahira | praptèng talatahing Kuwu | katon trang umbuling lahar || 22. kandhêg ing têpi rahadyan | milih siti ingkang atos | kang êmpuk tan kenging kambah | rahadyan kagawokan | miyat ing têngahing Blêdhug | malêmbung kadi plêmbungan || 23. dupi wus katon gya pêcah | jumêgur asru swarane | kadya maryêm kapiyarsa | mêdal kumukus pêthak | wusing (m)blêdhos ngandhap mlêndhung | kadya ing suwaunira || 24. swaranira nora kêndhat | ki Jati umatur alon | malêndhung tuwin nyuwara | tan lèrèh dalu rina | katiga rêndhêng kèh jawuh | tansah makatên kewala || 25. ungêlipun datan sora | ugi makatên patrape | upami wontên kang ngambah | lajêng amblês kewala | sangking lêbête kalangkung | sampun èstu lajêng sirna || Jilid1 1 - Kaca : 83 26. tinalorongkên manêngah | dêling amblês datan katon | lah punika dêling ical | tri ari yèn klêrêsan | dêling mumbul katut lumpur | malêsat dhawahnya têbah || 27. sadaya kang kauningan | punika patilasane | Tunggulwulung Linglung Jaka | pramila ingaranan | Kuwu nalika mênthungul | wontên ngriki kantos lama || 28. kacariyos ngantos krama | ugi angsal putri Blorong | rahadyan kasêngsêm miyat | kaelokaning Sukma | sru nalangsa mring Hyang Agung | dene sipate kang ula || 29. kalimput ngulati kadang | dadya gandrung ing Hyang Manon | katongton murah asihnya | aris wijiling sabda | kiraka Jatipitutur | punapa sun walêsêna || 30. dhumatêng badan kawula | datan mantra lagya nêmbe | de arsa asung carita | nêdahkên kanyataan | patilasaning ngaluhung | lalakyan jaman kadewan || 31. winantu ing suka rêna | myang dèn agung aksamane | ing mangkya ulun paliman | andumugèkkên lampah | kantun manggiya rahayu | jinurunga ing sakarsa || 32. kula sakalangkung bingah | de paduka karsa nyruwe | mugi raharja ing lampah | anulya sasalaman | Ki Jatipitutur mantuk | radyan lajêng lampahira || 33. dhumatêng ing dhusun Sela | (n)jujug ing pajurukuncèn | ki jurukunci atanggap | manggihi kang dhatêngan | alon wijiling kang wuwus | rèhning wus ciklu manira || 34. manira datan akrama | marang sariranta anggèr | mangkya ingsun nilakrama | ing êndi kang pinangka | lawan sapa kakasihmu | mring ngêndi kang sira sêdya || 35. jêng kyai dhawuh paduka | saèstu sampun lênggahe | ngasêpuh maring ngamudha | ngoko tan mawi krama | de lamun andangu ulun | pun santri mg dhukuh wetan || |
Jilid 1 - Kaca : 5
6. Kulup wus padhang tyasingsun |
datan sumêlang ing ati |
sira kariya raharja |
têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |
batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||
7. Têmbe ing sapungkuringsun |
sakèhe dunyarta mami |
sidhêkahna kang warata |
pêkir miskin anak yatin |
lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||
8. Poma kulup wêkasingsun |
Ni Samboja nulya lalis |
sawusira binêrsiyan |
layon kinubur tinunggil |
lan raka Kyai Samboja |
ing mangkya titiyang Giri ||
9. Lastantun pamundhinipun |
ing gusti Jêng Sunan Giri |
samya kapanjingan iman |
nglampahi sarengat Nabi |
ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||
10. Gêmah arjane kalangkung |
tan ana kang laku juti |
samya cêkap nyandhang mangan |
adoh ingkang dadya miskin |
têntrêm ciptane raharja |
wong ngamanca kathah prapti ||
11. Kabanjur tan arsa mantuk |
kalajêng wisma ing Giri |
raja pandhita Sètmata |
jujuluk Susunan Giri |
Gajah Kadhaton minulya |
kawêntar ing liya nagri ||
12. Miwah wus pinundhut mantu |
ing Suhunan Ngampèlgadhing |
dhinaupkên lan putrinya |
Nyai Agêng Ratu nami |
atut dènnya palakrama |
lêstantun ngantya sisiwi ||
13. Wowolu èstri myang jalu |
Nyi Agêng angrumiyini |
kondur maring rahmatolah |
layon sumare anunggil |
marasêpuh èstri priya |
garwa putra gung prihatin ||
14. Sigêg gantya kang winuwus |
Brawijaya Narapati |
mirêng pawartos sanyata |
ing mangkya Susunan Giri |
linulutan sakèh janma |
nungkul tan kalawan jurit ||
15. Sang prabu utusan gupuh |
Gajahmada kyana patih |
kinèn lumampah priyangga |
mukul prang Giri Garêsik |
tan cinatur lampahira |
wus prapta jajahan Giri ||
16. Gègère kadya pinusus |
kang katrajang samya ngili |
minggah kadhaton Prawata |
Jêng Sunan Giri marêngi |
anyêrat manêdhak Kur'an |
kagyat mirêng suwaraning ||
Jilid 1 - Kaca : 6
17. Tiyang alok mungsuh rawuh |
sumêdya ngrisak ing Giri |
kalam ingkang kagêm nyêrat |
anulya binucal aglis |
andodonga ing Pangeran |
sinêmbadan ing sakapti ||
18. Kalam lajêng dadya dhuwung |
cumlorot ngamuk pribadi |
pra wadya ing Majalêngka |
kathah ingkang angêmasi |
sakantune kang palastra |
pra samya lumayu (ng)gêndring ||
19. Mantuk marang Majalangu |
sawusira mêngsah gusis |
dhuwung wus wangsul pribadya |
sumèlèh ing ngarsanèki |
panyêratan sang pandhita |
sarta akukuthah gêtih ||
20. Kagyat risang amanêngkung |
miyat dhuwung kuthah gêtih |
dahat panalangsanira |
dyan dodonga mring Hyang Widdhi |
mugi Allah ngapuntêna |
solah amba ingkang sisip ||
21. Sang pandhita ngandika rum |
marang ing wadyanirèki |
kabèh padha piyarsakna |
myang anêksènana sami |
katgèki sun wèhi aran |
si Kalammunyêng prayogi ||
22. Sakèh wadya saur manuk |
wus samya kalilan mulih |
mring wismane sowang-sowang |
lêstantun asramèng Giri |
jumênêngnya Jêng Susunan |
Prabu Sètmata linuwih ||
23. Gêmah arjane kalangkung |
saya wêwah wadyanèki |
tan ana kang kasangsaya |
nahan wus antara lami |
Sunan Giri nandhang gêrah |
kaparêng praptaning takdir ||
24. Kundur mring rahmatolahu |
gumêr tangis ing jro puri |
wandu wandawa sungkawa |
layon sawusing barêsih |
sinarèkkên nora têbah |
sangking padalêmanèki ||
25. Sedanira tilar sunu |
sadasa kakung lan putri |
kang kalih sang king ampeyan |
Pangran Pasirbata nênggih |
kalawan Siti Rohbayat |
wowolu sangking padêmi ||
26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |
putra sêpuh sinung nami |
Ratu Gêdhe ing Kukusan |
nulya Sunan Dalêm nênggih |
katrinira apanêngran |
Susuhunan Têgalwangi ||
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |
panca Sunan Kidul nênggih |
Ratu Gêdhe Saworasa |
Sunan Kulon kang sumêndhi |
Sunan Waruju ragilnya |
wau ta ingkang winardi ||
Kacara 1 : 7
28. Sasampunira pangubur |
kumpul para wadya Giri |
angrêmbag ingkang gumantya |
mandhirèng Susunan Giri |
pra wadya wus golong rêmbag |
Sunan Dalêm kang gumanti ||
29. Gya ingangkat ajujuluk |
Sunan Giri kaping kalih |
Susunan Giri Kadhatyan |
garwa kakalih padêmi |
tan mashur ing panjênêngan |
Jêng Sunan wus praptèng jangji ||
30. Kundur mring rahmatolahu |
ugi sumare ing Giri |
atilar putra sadasa |
(m)bajêng Sunan Sedamargi |
panênggaknya apêparab |
Sunan Giri Prapèn Adi ||
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |
Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |
Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |
Pangran Bongkok nulya Nyai |
Agêng Waru arinira |
Pangeran Bulu sumêndhi ||
32. Wragil Pangran Sedalaut |
paripurna kang wus swargi |
rêmbag kang yoga gumantya |
kêmpal sakèhe kang dasih |
Sunan Parapèn ingangkat |
linuwih lir eyang swargi ||
33. Mandhirèng Giri Kadhatun |
jujuluk maksih lêstari |
Sunan Giri Prapèn dibya |
suyut kang wadya gung alit |
kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||
3. Mêgatruh
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |
sampun amiyarsa warti |
lamun Sunan Giri Prabu |
Sètmata wus angêmasi |
mangkya wayahe gumantos ||
2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |
lalajone kadya nguni |
sang wiku tan arsa nungkul |
marang nagri Majapait |
dadya sru bêndu sang katong ||
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |
miwah kinanthèn pra siwi |
angirid wadyabala gung |
kinèn ngrabasèng ing Giri |
wus samapta nulya bodhol ||
Jilid 1 - Kaca : 8
4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |
mring sang prabu Majapait |
wus budhal carakèng prabu |
kya patih myang rajasiwi |
balane lir samodra rob ||
5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |
karsanira nanggulangi |
mring carakèng Majalangu |
tan dangu mêngsah kaèksi |
nulya pinapak prang popor ||
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |
kathah ingkang nandhang kanin |
tanapi tumêkèng lampus |
Sunan Prapèn angoncati |
sagarwa putra wus lolos ||
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |
binasmènan kitha Giri |
sadaya wus dadya awu |
rajabrana dènjarahi |
rajaputra tindak alon ||
8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |
Sunan Giri kang wus swargi |
ingkang rumêksa ing kubur |
tyang kakalih samya dhêngkling |
rawuhe sang prawira nom ||
9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |
gya tumandang sagung dasih |
halate sang maha wiku |
cihnaning wali linuwih |
singa cêlak anggaloso ||
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |
kang kantun kalangkung giris |
bramantya sang rajasunu |
tumandang pribadi ajrih |
merang lamun tan kalakon ||
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |
kinèn andhudhuk dèn aglis |
binilaèn yèn tan purun |
pasthi tumêkèng ing lalis |
kinarya coban kris waos ||
12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |
dupi prapta blabak jati |
tutuping tabêlanipun |
binuka saking sakêdhik |
nulya ana ingkang miyos ||
13. Warni kombang tan petungan kathahipun |
mabur ngèbêki wiyati |
maniyub lir langit rubuh |
nêmpuh wadya Majapait |
dènnya nanggulang pakewoh ||
14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |
bingung wadya Majapait |
ting bilulung rêbut dhucung |
dènnira angungsi urip |
sèlèh gagamaning pupoh ||
Jilid 1 - Kaca : 9
15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |
sirah rapêt ngroyok sikil |
ngaruara sambat bingung |
prapta nagri Majapait |
kombang anglut datan kegoh ||
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |
tan kawawa nanggulangi |
dadya tilar prajanipun |
sawadya balanirèki |
gusis praja tan ana wong ||
17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |
wangsul mring nagrinya malih |
siji tan ana kang kantun |
sang aprabu Majapait |
sawadya wangsul ngadhaton ||
18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |
datan nêdya malih-malih |
nyikara dhatêng sang wiku |
ngamungêna ingkang uwis |
ing tyas datan walangatos ||
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |
kanugrahan mantun dhêngkling |
gagancangan lampahipun |
anusul Jêng Sunan Giri |
ingkang lagya amakuwon ||
20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |
tyang kalih marêk tur uning |
ing mangkya mêngsah wus larut |
jalaran tinêmpuh dening |
kombang ingkang mapak pupoh ||
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |
tilar gagamaning jurit |
samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |
tan ana ingkang tinolih |
swarane pating galêmbor ||
22. Sampun katur ing purwa wasananipun |
dalah waluyaning dhêngkling |
sang wiku kalangkung sukur |
(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |
rahayu ywa na pakewoh ||
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |
wus paripurna ing nguni |
eca tyase para wadu |
satêngah ana kang kibir |
sajêg tan na mungsuh rawoh ||
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |
lamun kraton Majapait |
wus andungkap sirnanipun |
jalarane sangking siwi |
dyan Patah mijil karaos ||