Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (12a) Kaca 142 - 165

 

 ( Wariga Gemet – Petang Nagajatingarang )
7. Dumugi ing rêdi Cêrme pinanggih Rêsi Singgunkara ingkang mêdharakên bab:
1. Wariga-gêmêt, awon saening dintên miturut Wuku 30;
2. Petang Nagajatingarang kangge tiyang ngalih griya. Lampahipun kalajêngakên dumugi rêdi Tampomas, pinanggih Sèh Trênggana dalah semahipun wasta Sitarêsmi lan anakipun èstri wasta Ni Ruhkanti, winulang ngèlmi kasidan kanthi wangsalan.
Botên dangu Sèh Trênggana muksa. R. Jayèngrêsmi suka piwulang dhatêng Ruhkanti bab Martabat-pitu. Ni Ruhkanti kapundhut garwa Sultan Cêrbon lajêng kaboyong dalah ibunipun. Jayèngrêsmi nglajêngakên lampah. ...

Kaca 142-165

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 1 - Kaca : 142

43 Dhandhanggula

17.
Lir nambrama ingkang lagya prapti |

sung usada mring sang jayaning prang |

Gathuk ngaturakên wohe |

kêpêl gandanya arum |

nanging radyan tan arsa bukti |

tansah ginanda-ganda |

sêngsêming tyas (n)dulu |

talaga kinêpung arga |

madyèng tlaga wontên ardi alit-alit |

sapta samya gêngira ||

18.
Wêning tlaga kasorot Hyang Rawi |

gêbyar-gêbyar wayangan saptarga |

mawarna-warna warnine |

rawe-rawe amanglung |

anèng ranu kadya sinoming |

dyah adi pinangantyan |

angarompyoh sêmu | gumêriting ampèl dênta |

katêmpuhing samirana lir panjriting |

dyah nêmbe katêrassan ||

19.
Lajêng minggah Radèn Jayèngrêsmi |

myat patapan sapucaking arga |

pala pelak asri tinon |

sinalisir rum-arum |

sinarojèng kayu teja-di |

ingapit parijatha |

anjrah anèng ngayun |

panggunge munggul katingal |

sru kasmaran rahadyan duk aningali |

sinêrang dènnya mangsah ||

20.
Nênggih ingkang martapa ing wukir |

apaparab Wasi Singgunkara |

atmaja ri sang pamase |

bêdhahing Majalangu |

numpang palwa ngambang jaladri |

kèndêl ing palabuhan |

Cirêbon gya laju |

tutruka nèng Cêrme arga |

sakalangkung nglangkungi tapanirèki |

rahadyan duk uninga ||

21.
Mring sang tapa kêsêl sayah urip |

lupa cape ilang tan karasa |

tumamèng marang ngarsane |

sang wiku manggung minggu |

Jayèngrêsmi matur mamanis |

dhuh sang kulinèng tapa |

kang dahat manêngkung |

dene sung prabawanira |

angramati mring dasih kang kawlasasih |

nir ing tyas ingkang murka ||

22.
Malah-malah sudira ing tapi |

sru kapengin kadiya paduka |

têka wingit pasêmone |

nêtêpi puja nung kung |

ulun èngêt ing guru mami |

Sèh Sêkardlima arga |

Slamêt dhepokipun |

Singgunkara api kagyat |

angandika iya tan sira pribadi |

kang prapta ngarsaningwang ||

23.
Padha olih sabarangkarsèki |

kêna barang kang padha sinêdya |

nanging iya sapangkate |

eh kulup ingsuntutur |

ananingsun martapèng wukir |

sang rêsi sigra ngandhar |

lalampahanipun |

ing purwa têkèng wasana |

radèn matur mênggah kawaspadan lair |

piridanipun etang ||

Jilid 1 - Kaca : 143

24.
Maharêsi angandika aris |

iku kulup mirid saka etang |

wuku têlungpuluh kèhe |

Warigagêmêt tamtu |

ala bêcik uwus kapasthi |

ing dalêm sapta dina |

tampane kang wuku |

ri Dite sèrèn tinampan |

kawit Sinta Watugunung kang mungkasi |

lah kaki kawruhana ||

25.
Dite Paing Sinta amurwani |

barang karya bêcik tur raharja |

Soma Pon ayu bêcike |

babêdhat ambuburu |

olèh buron kang dera amrih |

Anggara Wage ala |

lulungan tan arju |

kawêlèh ana ing paran |

lola kaelangan guru ingkang bêcik |

masah wêlah ing sawah ||

26.
Buda Kliwon rahayu utami |

alulungan salamêt saparan |

Rêspati Manis watêkke |

ala kalawan ayu |

(n)jampènana mata kang sakit |

sayêkti aglis waras |

suwitaa iku |

bisa kandêl kinasiyan |

Sukra Paing ala nanging ingkang olih |

amamasanga pikat ||

27.
Tumpak Êpon ala ingkang kardi |

ywa lulungan katadhahan kala |

Sinta sèrèn gya tinampèn |

Landêp Dite Wageku |

atur têmên langkung prayogi |

ngupayaa wanita |

sayêkti glis antuk |

Soma Kaliwon raharja |

babêdhaga aglis olèh tur agampil |

karya sumur bak toya ||

28.
(ng)Gara Manis ala ayu nanging |

karya sumur drês wêdaling toya |

lulungana tan asuwe | (n)tuk rijêki nèng dlanggung |

Buda Paing awon sakalir |

karya ywa lunga-lunga |

nanging karya susup |

jala jaring kang prayoga |

Rêspati Pon ing sabarang kardi bêcik |

karya sumur bak toya ||

29.
Sukra Wage rahayu sakalir |

amasanga pêlantih piluwang |

aglis antuk buburone |

Tumpak Kaliwonnipun |

ala aja lulungan kaki |

Landêp sèrèn tinampan |

Wukir Dite Madu |

rahayu ta ngunggahêna |

pari marang lumbung iku luwih bêcik |

Soma Paing raharja ||

Jilid 1 - Kaca : 144

30.
Barang karya ingkang luwih bêcik |

karya sumur kêbak toyanira |

Anggara Pon baranggawe |

abêcik tur rahayu |

lulungana manggih rijêki |

ing marga tan pantara |

Buda Wage ayu |

sabarang karya prayoga |

Rêspatine Kaliwon rahayu ugi |

lulungana kapanggya ||

31.
Kêkasihe lamun rare lair |

têka ana sandhang panganira |

Sukra Lêgi prayogane |

mêmarangana ayu |

ing têgêse amêmarangi |

pikir yun bêbesanan |

Tumpak Paingipun |

ala aja lunga-lunga |

katadhahan ing kala kalawan manggih |

kurda-kurda nèng paran ||

32.
Nanging rare lair aprayogi |

Wukir sèrèn Kurantil kang tampa |

Dite Pon sabaranggawe |

ala nanging kang ayu |

angupaya wadon glis olih |

ing Soma Wage ala |

sabarang karyèku |

lulungan tan têkèng paran |

nanging ambêbêdhat ambuburu bêcik |

Anggara Kliwon ala ||

33.
Alulungan katrapan gung sakit |

myang sabarangkarya tiba lara |

Buda Nis rahayu rèntès |

barang karya panuju |

angupaya sandhang myang bukti |

aglis antuk tur gampang |

panuju ing kayun | ing Rêspati Paing ala |

pangadhanganing satru anêrang pati |

poma aywa lulungan ||

34.
Ing Sukra Pon apan ala ugi |

aywa lungan yêkti manggih kala |

lan kalaran nèng paranne |

Tumpak Wage rahayu |

amisaya iwak prayogi |

mamarangana bagya |

barangkarya tulus |

Kurantil sèrèn tinampèn |

wuku Tolu Dite Kaliwon marêngi |

ala aja lulungan ||

35.
Nandur pala-brungkah tulus bêcik |

Soma Manis rahayu nandura |

pala-brungkah dadi wohe |

Anggara Paing iku |

barangkarya datan prayogi |

turunning taragnyana |

tuju miwah têluh |

ngadhang aywa lunga-lunga |

Buda Êpon rahayu sabarang kardi |

Rêspati Wage bagya ||

36.
Mumundhuta padha suka sami |

lan salamêt ana ing dadalan |

gantya Sukra Kaliwonne |

rahayu tuhu tulus |

ingkang urip ing Tumpak Lêgi |

rahayu nambanana |

sakit bisa mantun |

kalawan pitulunging Hyang |

mangkya wuku Tolu sèrèn dèntampani |

Gumbrêg kadangnya mudha ||

Jilid 1 - Kaca : 145

44 Sinom

1.
Gumbrêg Dite Paing ala |

barangkarya tan prayogi |

lunga kasêngkalèng paran |

Soma Êpon ala ugi |

ringkêl gulu sapalih |

lungan kalaran nèng purug |

Anggara Wage ala |

nanging tuku iwèn bêcik |

lan nambani wong edan pan bisa waras ||

2.
Buda Kaliwon raharja |

mamarangana prayogi |

padha suka sugih sanak |

ing ari Rêspati Manis |

rahayu tur sayêkti |

sabarang karyane èstu |

lêlungan slamêt paran |

Sukra Paing barang kardi |

apan bêcik lulungan suka nèng paran ||

3.
Tumpak Êpone raharja |

sabarang karya utami |

rijêki apan tumêka |

bukti dhatêng amimbuhi |

Gumbrêg sèrèn tinampi |

Wrigalit Dite Wageku |

ala nanging (m)bêbêdhat |

bêburu antuk kang pinrih |

Soma Kliwon rahayu amumundhuta ||

4.
Padha suka ing paturan |

(m)bubrah omah mèt guruning |

omah apan bêcik uga |

(ng)Gara Nis rahayu kardi |

sumur akêbak warih |

ing Buda Paing rahayu |

barangkarya prayoga |

bukti dhatêng wanti-wanti |

padha suka ing Rêspati Pon pan ala ||

5.
Ywa lunga lan aja lena |

pangadhangan satru sêkti |

ing Sukra Wage raharja |

salamêt kapanggih urip |

alulunganna bêcik |

Tumpak Kliwon ala ayu |

nanging lêkasa tarak |

olèh cahya anêlahi |

lan sabarang karêp sayêkti katêkan ||

6.
Wriga-lit sèrèn tinampan |

Wariga-gung Dite Lêgi |

rahayu karyaa tumbal |

susuwuk ama sakalir |

karya susuk prayogi |

miwah karya tumbakipun |

Soma Paing raharja |

mumundhut suka lêstari |

anèng paran angguntur wisma prayoga ||

7.
Anggara Êpon raharja |

amasanga sisirêping |

ing sakèhing wisa-wisa |

lan sakèhing maling sêkti |

tan tumamèng sirèki |

karya tumbal apikantuk |

Buda Wage raharja |

akaryaa sumur bêcik |

lan sabarang karya iku bêcik uga ||

8.
Ing Rêspati Kliwon ala |

pangadhanging satru sêkti |

dèn prayitna aywa lena |

Sukra Nis rahayu yêkti |

sabarang akrya bêcik |

lulungan suka ing puruk |

Tumpak Paing raharja |

prayogi suwita maring |

ing wong agung antuk asih myang kawiryan ||

Jilid 1 - Kaca : 146

9.
Wrigagung sèrèn tinampan |

ingkang wuku Julungwangi |

Dite Pon ala sabarang |

-karya aja lungan kaki |

Soma Wage basuki |

dum-duman dunya pakantuk |

palane kinèdhêpan |

Anggara Kliwon tan bêcik |

aja lunga kasangkala gring nèng dalan ||

10.
Sabarang kang padha nyawa |

iku dadi sangkalèki |

Buda Nis bêcik nandura |

pisang palakirna dadi |

myang rangkat iku bêcik |

Rêspati Paing rahayu |

masang tumbal wurungan |

karya wêlah iku bêcik |

Sukra Êpon rahayu sasolahira ||

11.
Lungaa nanagih utang |

tan asuwe nuli olih |

kang katêkan padha suka |

Tumpak Wage tan prayogi |

barang karya tan bêcik |

uwas-pangantèn rannipun |

sèrèn kang julungsêkar |

wuku Sungsang ingkang tampi |

Dite Kliwon ala aja alulungan ||

12.
Kalaran ana ing marga |

nèng paran amanggih isin |

Soma Manis gawe tumbal |

-ling omah lan sabin bêcik |

tuna kang mrih tan bêcik |

nyanjataa mèt mina |

ringkêling buron sakalir |

Buda Êpon rahayu sabarang karya ||

13.
Lulunganna sukèng paran |

Rêspati Wage prayogi |

arangkatta bêcik uga |

sanake pracaya sami |

Sukra Kaliwon bêcik |

yèn rare lair puniku |

ana rijêkinira |

Tumpak Lêgi tan prayogi |

luwih ala alaning kang barangkarya ||

14.
Sungsang sèrèn tinampènan |

Galungan ing Dite Paing |

ala ing sabarangkarya |

nanging pasang tutumballing |

wurunging sirêp bêcik |

Soma Êpon ambuburu |

olèh buron akathah |

Anggara Wage maringi |

marang pêkir bêcik ing pandonganira ||

15.
Buda Kaliwon raharja |

lêkas tarak antuk idi |

arangkatta bêcik uga |

Rêspati Nis ala bêcik |

lungan datan prayogi |

kasêngkala nèng dêlanggung |

ngunggahna pantun marang |

ing lumbung ingkang prayogi |

Sukra Paing luwih bêcik tur utama ||

16.
Lulunganna sukèng paran |

barang karêpira olih |

Tumpak Êpon ngulatana |

wong minggat tan suwe panggih |

Galungan wus tinampi |

Kuningan Dite Wageku |

rahayu udan êmas |

lamun ana rare lair |

asugiyan tur wruh marang ing kêkadang ||

Jilid 1 - Kaca : 144

17.
Soma Kaliwon raharja |

anambanana wong elik |

dadi atut apês kuwat |

ngupaya pangan prayogi |

(ng)Gara Nis nagih olih |

Buda Paing ngupayèku |

wong minggat aglis panggya |

Rêspati Pon ala yêkti |

Sukra Wage kang prayoga macak tumbal ||

18.
Keringan yèn ana aprang |

liyèku kabèh tan bêcik |

Tumpak Kaliwon raharja |

nagiha utang pakolih |

Kuningan wis tinampi |

Langkir Dite Nis rahayu |

nanandura sabarang |

bisa bukti uwohnèki |

Soma Paing rahayu yèn ana bocah ||

19.
Lair ana rijêkinya |

lungan rijêki (n)dhatêngi |

Anggara Êpon raharja |

lungan rijêkine nganti |

lan ingadhangan bukti |

lare lair apikantuk |

ana sandhange benjang |

ing Buda Wage basuki |

alêkassa tarak antuk cahya mulya ||

20.
Antuk idi katarima |

Rêspati Kliwon basuki |

ngurit wiji lêkassana |

bêcik myang tulus ing wuri |

Sukra Manis basuki |

mamarangana pakantuk |

anandur pala bungkrah |

Tumpak Painge basuki |

padha suka bungah amamarangana ||

21.
Langkir sinèrènkên marang |

Mandhasiya ingkang tampi |

Dite Êpon ala aywa |

kelangan iku marêngi |

kèh satru angadhangi |

Soma Wagene rahayu |

gawe wisaya mina |

jala sèsèr jaring slundhit |

miwah krakat iku watêke sêrêppan ||

22.
Anggara Kaliwon ala |

pangadhangan satru sêkti |

dèn prayitna aja lunga |

Budane Manis prayogi |

mêmundhut padha olih |

(ng)guntura omah rahayu |

Rêspati Paing karya |

mumundhuta padha olih |

Sukra Êpon rahayu karya bêndungan ||

23.
Bisa pêpêt kaduluran |

Êsri lan pasanjan bêcik |

Tumpake Wage kaliwat |

bêcik kukuh dènajrihi |

marangana pan bêcik |

padha suka ing tyassipun |

yèn atintrim mungsuhnya |

Mandhasiyane gumanti |

Julungpujud Dite Kaliwon raharja ||

24.
Gawe pawong mitra lawan |

(ng)guguru bêcik lan asih |

Soma Manisse raharja |

ngupaya istri glis olih |

(ng)Gara Paing basuki |

lungan na rijêkinipun |

padha ngadhang tur suka |

barangkarya antuk bukti |

Buda Êpon raharja sabarangkarya ||

25.
Rêspatine Wage ala |

barang karya tan prayogi |

aja lunga nêmu kala |

Sukra Kaliwon tan bêcik |

sabarang sêdyanèki |

lulungan ala kalangkung |

Tumpak Lêgi raharja |

angunggahna pari maring |

lumbung bêrkat Julungpujut sèrèn marang ||

Jilid 1 - Kaca : 148

26.
Pahang Dite Paing ala |

aja lungan yèn nglampahi |

lungan katiban ing tangan |

Soma Êpon ala ugi |

ywa lulungan sirèki |

Anggara Wage winuwus |

ala ywa lunga-lunga |

kalaran nèng papan yêkti |

Buda Kliwon raharja sabarangkarya ||

27.
Awiwit sawah prayoga |

Rêspati Manis basuki |

ngupayaa pêksi gangsar |

Sukra Painge kaluwih |

ala ywa lungan pêsthi |

ana ing marga tinêluh |

nging bêcik (ng)guntur omah |

Tumpake Êpon basuki |

nambanana ing wong lara dadi waras ||

28.
Pahang sèrèn wus tinampan |

Kruwêlut Dite Wage-ki |

uwas-pangantèn ing paran |

nanging masang tutumballing |

wurungan blai bêcik |

Soma Kaliwon raharja |

mamarangana yogya |

mêtu dunya-palanèki |

(ng)Gara Manis ala aja lunga-lunga ||

29.
Kalaran agêng tinêmah |

Buda Paing ala ugi |

sadina ywa lunga-lunga |

Rêspati Êpon basuki |

mumundhut suka olih |

angguntur omah sarêju |

Sukra Wage masanga |

tumbal wurungan abêcik |

tan tumêka kang samya asêdya ala ||

30.
Tumpak Kaliwonne ala |

nanging gawe wêlah bêcik |

banjur age pinasanga |

Kruwêlut sèrèn tinampi |

Marakèh Dite Lêgi |

rahayu yogya nanandur |

pala kalawan bungkrah |

Soma Paing ayu ugi |

barangkarya (ng)guntura omah prayoga ||

31.
Anggara Pon aja lunga |

nèng paran kataman sakit |

Buda Wagene raharja |

sabarang karyane bêcik |

mung lungan ala yêkti |

uring-uringên nèng purug |

Rêspati Kliwon arja |

mumundhuta suka olih |

nambanana wong lara anulya waras ||

32.
Sukra Lêgi kang prayoga |

masanga barang-piranti |

gajêg luwang sèsèr jala |

sapanunggalane bêcik |

Tumpak Paing basuki |

lulungan slamêt nèng pruug |

Marakèh sèrèn marang |

wuku Tambir ingkang tampi |

Dite Êpon ala aja lunga-lunga ||

33.
Manggih kala wêwatêgnya |

Somane Wage basuki |

lulungan na bêgjanira |

rawuh ing sadina mangkin |

(ng)Gara Kasih basuki |

nandura pala-gumantung |

andadi uwohira |

Buda Nis ala ywa nganti |

lunga tinut wingking sagunging lêlara ||

34.
Rêspati Paing raharja |

lêkas ngurit gadhu bêcik |

Sukra pon rahayu lungan |

sinung pêpak rijêkining |

Tumpak Wage utami |

purnama siddhi rannipun |

barang karya prayoga |

wuku Tambir sèrèn maring |

Madhangkungan Dite Kaliwon atampa ||

Jilid 1 - Kaca : 149

35.
Masanga tumbal wurungan |

sisirêp datan prayogi |

kang samya asêdya ala |

Soma Nis rahayu yêkti |

angunggahêna pari |

mring lumbung brêkat kalangkung |

(ng)Gara Paing prayoga |

masang tumbal tumbak bêcik |

Buda Êpon ala ing sabarangkarya ||

36.
Pitnah têka ambêbeda |

ujar dènajarkên yêkti |

Rêspati Wage raharja |

lulunganna aprayogi |

angadhang anèng margi |

Sukra Kliwon ala amung |

angadonana upas |

iku pasthi bisa mandi |

Tumpak Lêgi rahayune datan pêgat ||

45 Mêgatruh

1.
Amundhuta padha suka lamun (ng)guntur |

omah kalangkung prayogi |

Madhangkungan sèrèn gupuh |

mring Maktal ing Dite Paing |

ala lungan kaprêk lumpoh ||

2.
Soma Êpon ala bêcik têgêsipun |

madya (ng)Gara Wage-nèki |

ala ywa lunga puniku |

satogalak angadhangi |

Buda Kliwon karahayon ||

3.
Amamarangana padha sukanipun |

akèh pialanirèki |

Rêspati Manis rahayu |

sabarangkarya ananging |

lulungan wêkasan awon ||

4.
Sukra Paing ala ywa lungan sirèku |

tukaran ana ing margi |

Tumpak Êponne rahayu |

mamarangana utami |

padha suka trusing batos ||

5.
Maktal sèrèn tinampèn ing Wuye wuku |

Dite Wage amarêngi |

karya padha sukèng kalbu |

mitoni lare prayogi |

Soma Kliwon langkung awon ||

6.
Ywa lulungan nèng paran wirang tinêmu |

Anggara Manis abêcik |

barang karya anênandur |

pala-pêndhêm aglis (m)bukti |

Buda Paing karahayon ||

7.
Anggaweya sèsèr jala srêpan antuk |

Rêspatine Êpon bêcik |

lungan na rêjêkinipun |

Sukra Wage ayu yêkti |

ngadoni upas pitados ||

Jilid 1 - Kaca : 150

8.
Tumpak Kliwon rahayu karyaa iku |

ragi kaduluran manis |

Wuye sinèrèn kêtampan |

mring Manail Dite Manis |

uwas pangantèn pan awon ||

9.
Nanging anjaringa pêksi aglis antuk |

Soma Painge basuki |

alulunganna pakantuk |

suka kang sira parani |

nandur kêmbang pulu dados ||

10.
Anggara Pon alulungan tan pakantuk |

Buda Wagene basuki |

suka sugih ngupayèki |

sandhang nandur cikal bêcik |

Rêspati Kaliwon awon ||

11.
Ywa lulungan Sukra Manisse rahayu |

ana rêjêki anganti |

nèng marga tan tara dangu |

Tumpak Paing ayu kardi |

ing sabarang rêna yêktos ||

12.
Anandura bêcik miwah gêlis subur |

Manail sèrèn tinampi |

Prangbakat Dite Pon iku |

ala lungan nêmu gêring |

Soma Wage ayu rawoh ||

13.
Ing rêjêki rare lair sugih èstu |

Anggara Kasih tan bêcik |

aja lungan kandhêg dlanggung |

kêna ing gêgêring nanging |

ana bêcike ngundhuh woh ||

14.
Buda Manis rahayu ngunggahna pantun |

marang lumbung ambêrkati |

Rêspati Paing alèstu |

ywa lulungan pangadhanging |

satru dèn prayitnèng kewoh ||

15.
Sukra Êpon ala lunga rogèng purug |

Tumpake Wage basuki |

ana bêgja agêng rawuh |

lunga têmu kang kinapti |

Prangbakat wus sèrèn gupoh ||

16.
Tinampèn ing Bala Dite Kliwon ayu |

rahmat agêng andhatêngi |

ngulatti wong glis kêtêmu |

Soma Nis rahayu ugi |

lungana bêgja glis rawoh ||

17.
(ng)Gara Paing karya wisaya pakantuk |

Buda Pon lunga prayogi |

ana bêgja ngadhang dlanggung |

Rêspati Wage akardi |

sumur bêcik tan rêkaos ||

18.
Amamarangana padha sukanipun |

lawan barangkarya bêcik |

Sukra Kliwon ala tuhu |

away lungan pangadhanging |

satru dèn angatos-atos ||

Jilid 1 - Kaca : 151

19.
Tumpak Lêgi lungan nèng paran rahayu |

Bala sèrèn Wugu tampi |

Dite Paing ala èstu |

ywa lungan nèng paran agring |

myang katêkan pitnah kaot ||

20.
Soma Êpon rahayu lulungan sarju |

ana bêgja ngadhang margi |

miwah glis praptaning purug |

Anggara Wage prayogi |

lêkas ngurit wiji manggon ||

21.
Gêlis mangan uwohe ingkang tinandur |

Buda Kliwon ala yêkti |

pangadhangane kang satru |

kêna tan bisa malêssi |

Rêspati Manis pitados ||

22.
Bêcik padha ananandur pasthi tulus |

Sukra Paing rahayu-di |

mamarangana sarêju |

karya sumur kêbak warih |

lungan bêcik sukèng ngênggon ||

23.
Tumpak Êpon rahayu mumundhut (ng)guntur |

omah lungan kabèh bêcik |

Wugu sèrèn wus sinambut |

Wayang Dite Wage ari |

bêcik barangkaryaning wong ||

24.
Nanging êsok doracara datan tuhu |

Soma Kliwon ala ywa nis |

satêmah agring nèng purug |

ana kala ngadhang margi |

(ng)Gara Manis karahayon ||

25.
Lulunganna ana bukti ngadhang dlanggung |

kalawan kapanggih Êsri |

nanging taliwangke nuju |

Buda Paing barangkardi |

bêcik nanging lungan awon ||

26.
Rêspati Pon rahayu barang karyèku |

lulunganna ana bukti |

ngadhang marga datan dangu |

Sukra Wage ala yêkti |

lungan kalaran ing pondhok ||

27.
Tumpak Kliwon ala sabarang karyèku |

nanging masang tunggal bêcik |

Wayang sèrèn mring Kulawu |

ri Dite Manis basuki |

bêcik tuku iwèn babon ||

28.
Anambani lara dadi warassipun |

Soma Paing aprayogi |

ngusadani saliripun |

sasakit muliya jati |

lawan istijab sayêktos ||

29.
Anggara Pon aja lulungan saèstu |

katêkan ingkang sasakit |

Buda Wage ala lamun |

lungan satru angadhangi |

nging mèt mitra sae yêktos ||

Jilid 1 - Kaca : 152

30.
Suka sugih Rêspati Kliwon alèstu |

ponang satru angadhangi |

kêna tanpa malês ambruk |

Sukra Nis rahayu luwih |

bêcik ananandur dados ||

31.
Tumpak Paing bêcik barang pakaryèku |

lulungan salamêt ugi |

Kulawu sèrèn mring Dhukut |

Dite Pon rahayu bêcik |

tutukuwa sapi kêbo ||

32.
Soma Wage rahayu rijêki suguh |

karya lair darbe bukti |

Anggara Kasih tan ayu |

ywa lunga-lunga sing panti |

Buda Manis karahayon ||

33.
Mumundhuta padha suka wah pikantuk |

aguntur omah basuki |

Rêspati Paing rahayu |

ing sabarangkarya bêcik |

amamarangana dados ||

34.
Sukra Êpon rahayu wong tani iku |

padha witta ngurit bêcik |

akèh bangêt parinipun |

Tumpak Wage ala kardi |

aywa lunga-lunga awon ||

35.
Dhukut sèrèn tinampan ing Watugunung |

Dite Kaliwon mungkassi |

aywa tuku suku catur |

kêbênêran lawan bêcik |

Soma Nis rahayu yêktos ||

36.
Alêkassa ngurit pantun yêkti tulus |

(ng)Gara Paing ala yêkti |

ywa lunga gring anèng purug |

Buda Êpon ala ugi |

ywa lungan kasangsayèng (n)don ||

37.
Krana-bumi pipitu aran puniku |

Rêspati Wage basuki |

lulungan slamêt ing purug |

lare lair aprayogi |

sandhang panganne dumrunoh ||

38.
Sukra Kliwon ala ywa lungan sirèku |

anèng paran antuk agring |

lare lair tan pakantuk |

gêringan sungkanan yêkti |

Tampak Manis karahayon ||

39.
Ing sabarangkarya bêcik ananandur |

pala kabrungkah mêtoni |

lah iku pathokaningsun |

anak putu ingkang apti |

pucung tatanya maring ngong ||

Jilid 1 - Kaca : 153

46 Pocung

1.
Jayèngrêsmi dahat pangunguning kalbu |

atul ing petangan |

tan ana ingkang katalip |

sang awiku wus tan mawi pêpèngêtan ||

2.
Papannipun dumunung sajroning kalbu |

tulise èngêtan |

ginusthi raina wêngi |

winimbuhan pinuja pininta ing Hyang ||

3.
Mila tamtu ing sabda tan amarucut |

wasana ris turnya |

hèh risang tuhu utami |

ing tyas ulun sakalangkung sukarêna ||

4.
Myarsa tutur ari wuku dhaupipun |

sanggyaning pakaryan |

awon pênêt kacêtha ring |

tan (m)barojol sudibyaning jalma tama ||

5.
Sang awiku langkung sukarênèng kalbu |

aris angandika |

pedahe mahas ngasêpi |

waspadèng tyas mêlêng barang kang sinêdya ||

6.
Ana maning dadi paraboting mau |

lah kawikanana |

lakuning naga myang jati |

-ngarang rijal manggon nèng keblat sakawan ||

7.
Sabên têlung sasi ngalih ênggonipun |

puputing sawarsa |

bali manggon kala wiwit |

tinumbukkên lan sasi agama Islam ||

8.
Awit sasi Sura Sapar têkan Mulut |

jatingarang wetan |

sirah naga manggonnèki |

êlor-wetan pêthite ana ing têngah ||

9.
Wêtêng anèng êlor-kulon gya dumunung |

gigir kidul-wetan | mangetan dènnya ngalirik |

rijal êlor jangkêp tri-sasi tinampan ||

10.
Ing Rabingulakir Madilawal myang Ju |

-madilakir wulan |

jatingarang manggèn aglis |

kidul bênêr sirah naga kidul-wetan ||

11.
Pêthit têngah wêtêng lor-wetan puniku |

gigir dul-kulonnya |

ngalirik mangulon nênggih |

rijal wetan lêrês sèrèn wus tinampan ||

12.
Rêjêb Ruwah kalawan Pasa sitèngsu |

jatingarang manggyan |

ing kulon sirah naga-di |

ana kidul-kulon pêthit manggon têngah ||

13.
Wêtêng kidul-wetan gigir manggonipun |

lor-kulon punika |

ngalirik mangulon nênggih |

rijal anèng kidul lêrês sèrèn marang ||

Jilid 1 - Kaca : 154

14.
Sawal Êdul-kangidah Bêsar sitangsu |

jatingarang manggyan |

ing lor de sirah naganing |

êlor-kulon pêthit têngah manggonnira ||

15.
Wêtêngipun anèng kidul-kulon nênggih |

gigir êlor-wetan |

angalirik wetan ugi |

rijal ana ing kulon pungkasannira ||

16.
Ngalih panti nyingkirana manggonnipun |

naga jatingarang |

mung iku tan ana maning |

kawruhingsun nanging rèhning wus alama ||

17.
Kaya-kaya wus sayah gyanngong tumuwuh |

bab ing kasampurnan |

sumendhe karsaning Widdhi |

durung lawas ana wisiking Jawata ||

18.
Ujaripun Singgunkara sira besuk |

katêkan ngulama |

cacaloning oliya-di |

iku ingkang pituduh sampurnèng pêjah ||

19.
Sira manjing agamane Kangjêng Rasul |

Islam tur ginanjar |

kamulyan tan owah gingsir |

tikêl sèwu kamulyan nikmating dunya ||

20.
Hèh ta bagus muga asiya maring sun |

asunga pitêdah |

mungguh sampurnaning pati |

anut marang agama ingkang minulya ||

21.
Dyan tumanduk radyan nyêpêng astanipun |

rêsi Singgunkara |

winêjang Sahadat kalih |

purna jati ingikêt têlênging driya ||

22.
Mahawiku alon pangandikanipun |

Jayèngrêsmi sira |

asung sampurnaning lalis |

apranyata cacaloning aoliya ||

23.
Ingsun tutur kulup marang ing sirèku |

ing têmbe katêkan |

kang dadya sêdyanirèki |

adoh neya katêmu lan kadangira ||

24.
Pancaddane saka ing Karang argagung |

kang dhêdhepok Karang |

Sèh Ibrahim Ibnu Bakrim |

ya Ki Agêng Karang satuhu utama ||

25.
Sarwa putus patakon tan ana wangsul |

lah pruhitanana |

gugunên satuturnèki |

wusing tampa samoaning wulangira ||

26.
Sira banjur maranga karajan agung |

aran Wanamarta |

pradikan kalangkung alim |

darbe suta wanodya yu tanpa sama ||

27.
Lamun sira dhinaupkên lan sang ayu |

poma lakonana |

sawuse sira akrami |

pan ing kono wus cêdhak lan sêdyanira ||

Jilid 1 - Kaca : 155

28.
Nêngna atus pangandikanya sang wiku |

musna tan katingal |

sampurna saraganèki |

yata wau rahadyan kantun anggana ||

29.
Gandrung-gandrung lam-lammên wiraosipun |

rahadyan ngandika |

Gathak Gathuk uwus lami |

anèng Cêrme payo padha nuli linggar ||

30.
Wus tumurun marang marga lampahipun |

kusuma-di panjrah |

pratishèng hawaning wukir |

pinarwasa maruta gandanya ngambar ||

31.
Angênani ing tyasnya sang anahên kung |

sangking Cêrme arga |

ngalèr-ngilèn turut wukir |

wus angancik sukune ardi Tampomas ||

32.
Talatahing Priyangan Pasundhan Bandhung |

manjat ing Tampomas |

anon masjid tunggul asri |

kinubêng ing balumbang tinunggul sela ||

33.
Kitri taun ngubêngi capurinipun |

ron ijêm ngrêmbaka |

lagya tumaruna sami |

wênèh sêkar karuk pêntil nyadham tuwa ||

34.
Kang dhêdhepok Sèh Trênggana wus linuhung |

têngah tuwuh lagya |

barêgas sêngsêm ing ngèlmi |

garwanira Ni Kèn Sitarêsmi raras ||

35.
Warna luhung pasaja sasolahipun |

yèn siyaga endah |

bombrong bae amrakati |

darbe putra wanodya sampun diwasa ||

36.
Sinung aran rara Ruhkanti linuhung |

luwês pamicara |

sèdhêt dêdêge raspati |

ayu tama kang anon yuda kanaka ||

47 Pangkur

1.
Sangking endahing kang warna |

sariranya jênar abêngle kêris |

mula karannya sang ayu |

mupakat Rara Êmas |

pra sudagar miwah pangagênging dhusun |

kathah kang ngayunkên marang |

Rara Êmas dining wukir ||

Jilid 1 - Kaca : 156

2.
Nanging sang dyah datan arsa |

lagya sêngsêm birahi srengat Nabi |

datan sah dènnira (n)darus |

Kur'an amaos kitab |

sru ngibadah tan towong bêkti Hyang Agung |

sisirih sunat puwasa |

bèlsiwat myang Sênèn Kêmis ||

3.
Sèh Trênggana myang Rubiyah |

Rara Êmas sabakdaning Ngasêr-i |

anèng plataran ngungundhuh |

kalampok maja-ganda |

kêpêl manggis jêruk kêprok langsêp dhuku |

kagyat santrinya tur wikan |

kidul-wetan suku wukir ||

4.
Wontên dhatêngan têtiga |

kang satunggal warnanya langkung pêkik |

wênês cahyanya umancur |

antêng sêmu dyatmika |

ingkang kalih rare kintên rencangipun |

Sèh Trênggana duk miyarsa |

ature santrinirèki ||

5.
Ngandika lon marang garwa |

Sitarêsmi cacawissa kang bêcik |

sunggata saananipun |

lan wisma gêlarana |

papatutên ingkang sawatara mungguh |

manawa kang nêmbe prapta |

ing mêngko kaparêng mampir ||

6.
Rara sira ngladènana |

garwa putra sandika aturnèki |

mundur mring wisma agupuh |

ngrêrakit pasunggata |

tan antara dangu sadaya wus ramut |

Sèh Trênggana wus tumêdhak |

marang ing sukuning wukir ||

7.
Kapang-kapang uluksalam |

radyan kagyat tanggap dènnya mangsuli |

mualaikum salamu |

tundhuk ajawat tangan |

Sèh Trênggana alon pangandikanipun |

saking rêsêping tyasingwang |

jêbèng sira aja krami ||

8.
Marang jênênge pun bapa |

mrih rumakêt datan na walangati |

padha bêcik sarawuhmu |

paran ta kang sinambat |

lan ing ngêndi pinangkanira wong bagus |

mring êndi kang sira sêdya |

pun bapa têmbe udani ||

9.
Rahadyan osiking driya |

rada wantêr wong iki kaduk manis |

pasaja luwês ing têmbung |

wasana angandika |

pandangunta rama ing kakasih ulun |

Jayèngrêsmi sangka praja |

Sokaraja ardi Giri ||

10.
Grêsik tlatah Surapringga |

atmajane Suhunan Prapèn Giri |

lagya nglampahi ragèngsun |

karsane Kang Misesa |

sru kasrakat tan ana sinêdyèng kayun |

sênêng sumêngkèng ngaldaka |

marang (ng)gyan kang sêpi-sêpi ||

Jilid 1 - Kaca : 157

11.
Sèh Trênggana nulya nabda |

iya kulup ajwa (n)dêdawa pikir |

balik dhangana ing tyasmu |

kampir ing wisma amba |

kêtêmua bibèkmu lawan adhimu |

anakku wadon sajuga |

rara Ruhkanti wawangi ||

12.
Dangu radyan tan ngandika |

Sèh Trênggana mèsêm ngandika aris |

aja wagugên ing kalbu |

rèh ulun asung wikan |

anak wadon tyasmu yèn andakwa ingsun |

karsamu mampir jalaran |

katarik saka pawèstri ||

13.
Iku jêbèng nora watak |

radyan matur dahat lêngganèng kapti |

wus kerit ing lampahipun |

Gathak Gathuk nèng wuntat |

gèdhèg-gèdhèg myarsa sabdanya sang wiku |

iki si wong aprasaja |

tatas têtêg apratitis ||

14.
Babasan (n)jaring pawana |

lampahira uwus tumamèng panti |

lênggah glaran batu alus |

ki dalêm angandika |

kang sakeca kulup (ng)gonnira alungguh |

anggêpèn wisma priyangga |

(n)dhêku Radèn Jayèngrêsmi ||

15.
Garwa putra tinimbalan |

praptèng ngarsa sang rêsi ngandika ris |

Sitarêsmi wruhanamu |

iku atmaja Sunan |

Giri Prapèn Jayèngrêsmi kasihipun |

mêngko ingsun ambil suta | dadi kadange Ruhkanti ||

16.
Mara asunga pambagya |

Sitarêsmi pangandikanya manis |

padha bêcik sira kulup |

prapta ing ngarsaningwang |

radyan matur jêng bibi pangèstunipun |

rara Ruhkanti sung bagya |

kakang katuran basuki ||

17.
Iya rara sun tarima |

pambagemu marang ing jênêng mami |

Sèh Trênggana ngandika rum |

Rubiyah sunggatanta |

pangêsêsan tapsirih pateyanipun |

ywa kari kang nyênyamikan |

iki sêlak wêktu Mahrib ||

18.
Sunggata luamdyèng ngarsa |

apikantuk dènnira angrêsêpi |

wus manjing ing Mahrib wêktu |

Sèh Trênggana ngandika |

payo kulup mring masjid sêdhênge waktu |

linggar sangking padalêman |

samya ngambil toyastuti ||

Jilid 1 - Kaca : 158

19.
Tan winarna dènnya wêkdal |

bakda Ngisa wangsul mring dalêm malih |

wus rinakit dhahar sêkul |

sangkêp jangan myang ulam |

Nikèn Sitarêsmi aris matur kakung |

(ng)gyan ulun sudhiya dhahar |

punika sampun cumawis ||

20.
Nulya dhahar langkung rahab |

Kèn Ruhkanti ingkang anglêladossi |

wus dumugi (ng)gènnya kêmbul |

linorodakên sigra |

maring Gathak Gathuk samya angathêkul |

dhasar wus lami tan nadhah |

dhaharan lumadyèng ngarsi ||

21.
Sangkêp sanggyaning woh-wohan |

rêsêping tyas risang ingakên siwi |

Sèh Trênggana ngandika rum |

kulup paran ing karsa |

apa aso utawa isih sarêju |

lalênggahan anèng wisma |

rahadyan umatur aris ||

22.
Kajawi karsanya rama |

maksih eca pinarak anèng panti |

sambèn ginêm kang pakantuk |

ulun aminta barkah |

dimèn ing tyas aywa manggung wayang-wuyung |

Sèh Trênggana sru karênan |

pangandikanira aris ||

23.
Apa ing patanyanira |

mêngko ingsun jawab ingkang patitis |

ngangge wawangsalan mungguh |

dimènne aywa kêmba |

payo kulup aywa wawang marang ingsun |

rama paran urip para | jawabên ingkang patitis ||

24.
Lae-lae gudhe pandhak |

dhuh-dhuh anggèr nagrinya ing Kuranji |

uripira iku kulup |

tan mawi paran-paran |

puspa ranu wit namaning bujangga gung |

uripira kadya sêkar | tunjung tan salaga kaki ||

25.
Ngêndi (ng)goning Pangeranta |

brêkukut gung pêtis cinandu lêtih |

kang angucap mring sirèku |

sapa (n)dadèkkên para |

paksi kardha putra nata Ngayodyèku |

sêdya bakal dadya lawan |

dhèwèkira wong ngasigit ||

26.
Sapa kang molahkên para |

minangkara sring apus gita sami |

lae-lae osikingsun |

wisesa tanpa krana |

lah ing êndi pinangkanira puniku |

ingsun saka Sawosêmpal |

wismane Hyang Bagaspati ||

Jilid 1 - Kaca : 159

27.
Saking nora mulaningwang | dadi ana tumitah (n)donya iki |

lamun rama praptèng lampus |

mring ngêndi parannira |

tapas arèn tala pindha buntalèku |

ulih marang awaluya | kaya duk noranirèki ||

28.
Jroning pati manggih apa |

kunir pita putra ing Janggala sri |

jroning pati iku kulup |

tan nêmu paran-paran |

kaya paran rama sadatira iku |

guladrawa prabu-yêksa |

purubaya sadat mami ||

29.
Tuli bisu lawan wuta |

datan pêgat dènnira acariwis |

ngêndi (ng)gonne Hyang Suksmèku |

tirta-prana pratala |

kênèng swara ananing Hyang tanpa nglindhung |

ana ing sajroning cipta |

kèh katungkul tatakrami ||

30.
Hèh ta kulup prana-dina |

angun-angun anata praja adi |

wus lali jiwa kasaput |

ing gunggunging asmara |

asmarane tansah gawe wigênèku |

babo kulup parangmuka |

sela ginênia rèki ||

31.
Lae-lae pujinira |

akalurung tambuh parannya yêkti |

poma-poma ywa katungkul |

sêmbahira kang nyata |

carma-leka kajungan martalayèstu |

gurayang tambuh dènsêmbah |

kulup iku tan patitis ||

32.
Ngêndi ênggon kang tan mêdal |

margaina mara jawabên aglis |

Wisangkara putraningsun |

gêbang paniwêr wana |

kang durung wruh akèh ujar kang karungu |

lamun iku kababara | benjang rama ulun ngabdi ||

33.
Kulup guguywaning rasa |

poma kaki aywa asalah tampi |

pranalapa wanita yu |

sêdhêp angganda prana |

lamun (m)babar wacana tanpa karyèku |

babo-babo jambu-alas |

jêmpana mung dyah ingèsthi ||

34.
Kapok mitra wong tan lana |

puspalulut gunung malang Wêlèri |

pêgat sihe nora tuhu | kulup wacananira |

rama apa kurang ing prabèyaningsun |

sêtyanana lamun cidra |

wacana kang wus kawijil ||

35.
Kadya paran uningakna |

pudhak-cêngkal palastraning narpati |

Sang Arjuna Sasrabahu |

kalamun kababara |

mara dhewe kang kawudan iku kulup |

wau sawusing ngandika |

Sèh Trênggana angêmasi ||

Jilid 1 - Kaca : 160

36.
Radyan angrungkêpi gêpah |

saha matur waspanira drês mijil |

rama sira dene banjur |

wafat tanpa karana |

Sèh Trênggana musna tilar swara arum |

tan mati namung kewala |

ngalih panggonan sakawit ||

48 Asmaradana

1.
Wau ta kang kari brangti |

rahadyan myang garwa-putra |

nahên gung-gunging prihatos |

pinupus wus karsaning Hyang |

papasthèn tan kêna-wah |

wasana narimèng kalbu |

sukur ing Allahu Akbar ||

2.
Rara Ruhkanti prihatin |

saya birai myang Suksma |

mindhak kêncêng ngibadahe |

cacêgah myang pasa sunat |

lumintu sabên wulan |

mila sang dyah sakalangkung |

mancur mèntèr ujwalanya ||

3.
Nikèn Sitarêsmi tuwin |

radyan langkung wlas ing driya |

muhung miminta Hyang Manon |

cêpaking kang jatukrama |

antuk jodho utama |

mangkana ri sang binagus |

lami nèng Tampomas arga ||

4.
Anuju sajuga ari |

Nikèn Sitarêsmi lênggah |

anèng èmpèr ingkang kilèn |

putra kalih anèng ngarsa |

rara Ruhkanti turnya |

kakang paran dunungipun |

ingkang kasapta martabat ||

5.
Yogya kawruhana yayi |

wong birai marang Suksma |

ing martabat iku rêke |

martabat sapta sadaya |

puniku (ng)gènnya mundhak |

tingalê wong arib têrus |

paningalle maring Suksma ||

6.
Akadiyat ingkang dhingin |

kapindho martabat wahdat |

wakidiyat ping têlune |

kaping pate ngalam arwah |

ngalam misal ping lima |

ngalam ajêsan nêmipun |

insan-kamil kaping sapta ||

7.
Martabate insan-kamil |

milane wontên ing wuntat |

ênggone pakumpulane |

martabat nênêm kang kocap |

batinne iku iya |

têtêlu kocap karuhun | laire ingkang sêkawan ||

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (11b) Kaca 132 – 141
  • (12b) Kaca 142 - 165 >