(16) Kaca 216 – 230) |
( Ing rêdi Tênggêr, pinanggih Buyut Sudarga ) |
![]() Kaca 216-230 |
Jilid 1 - Kaca : 5
6. Kulup wus padhang tyasingsun |
datan sumêlang ing ati |
sira kariya raharja |
têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |
batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||
7. Têmbe ing sapungkuringsun |
sakèhe dunyarta mami |
sidhêkahna kang warata |
pêkir miskin anak yatin |
lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||
8. Poma kulup wêkasingsun |
Ni Samboja nulya lalis |
sawusira binêrsiyan |
layon kinubur tinunggil |
lan raka Kyai Samboja |
ing mangkya titiyang Giri ||
9. Lastantun pamundhinipun |
ing gusti Jêng Sunan Giri |
samya kapanjingan iman |
nglampahi sarengat Nabi |
ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||
10. Gêmah arjane kalangkung |
tan ana kang laku juti |
samya cêkap nyandhang mangan |
adoh ingkang dadya miskin |
têntrêm ciptane raharja |
wong ngamanca kathah prapti ||
11. Kabanjur tan arsa mantuk |
kalajêng wisma ing Giri |
raja pandhita Sètmata |
jujuluk Susunan Giri |
Gajah Kadhaton minulya |
kawêntar ing liya nagri ||
12. Miwah wus pinundhut mantu |
ing Suhunan Ngampèlgadhing |
dhinaupkên lan putrinya |
Nyai Agêng Ratu nami |
atut dènnya palakrama |
lêstantun ngantya sisiwi ||
13. Wowolu èstri myang jalu |
Nyi Agêng angrumiyini |
kondur maring rahmatolah |
layon sumare anunggil |
marasêpuh èstri priya |
garwa putra gung prihatin ||
14. Sigêg gantya kang winuwus |
Brawijaya Narapati |
mirêng pawartos sanyata |
ing mangkya Susunan Giri |
linulutan sakèh janma |
nungkul tan kalawan jurit ||
15. Sang prabu utusan gupuh |
Gajahmada kyana patih |
kinèn lumampah priyangga |
mukul prang Giri Garêsik |
tan cinatur lampahira |
wus prapta jajahan Giri ||
16. Gègère kadya pinusus |
kang katrajang samya ngili |
minggah kadhaton Prawata |
Jêng Sunan Giri marêngi |
anyêrat manêdhak Kur'an |
kagyat mirêng suwaraning ||
Jilid 1 - Kaca : 6
17. Tiyang alok mungsuh rawuh |
sumêdya ngrisak ing Giri |
kalam ingkang kagêm nyêrat |
anulya binucal aglis |
andodonga ing Pangeran |
sinêmbadan ing sakapti ||
18. Kalam lajêng dadya dhuwung |
cumlorot ngamuk pribadi |
pra wadya ing Majalêngka |
kathah ingkang angêmasi |
sakantune kang palastra |
pra samya lumayu (ng)gêndring ||
19. Mantuk marang Majalangu |
sawusira mêngsah gusis |
dhuwung wus wangsul pribadya |
sumèlèh ing ngarsanèki |
panyêratan sang pandhita |
sarta akukuthah gêtih ||
20. Kagyat risang amanêngkung |
miyat dhuwung kuthah gêtih |
dahat panalangsanira |
dyan dodonga mring Hyang Widdhi |
mugi Allah ngapuntêna |
solah amba ingkang sisip ||
21. Sang pandhita ngandika rum |
marang ing wadyanirèki |
kabèh padha piyarsakna |
myang anêksènana sami |
katgèki sun wèhi aran |
si Kalammunyêng prayogi ||
22. Sakèh wadya saur manuk |
wus samya kalilan mulih |
mring wismane sowang-sowang |
lêstantun asramèng Giri |
jumênêngnya Jêng Susunan |
Prabu Sètmata linuwih ||
23. Gêmah arjane kalangkung |
saya wêwah wadyanèki |
tan ana kang kasangsaya |
nahan wus antara lami |
Sunan Giri nandhang gêrah |
kaparêng praptaning takdir ||
24. Kundur mring rahmatolahu |
gumêr tangis ing jro puri |
wandu wandawa sungkawa |
layon sawusing barêsih |
sinarèkkên nora têbah |
sangking padalêmanèki ||
25. Sedanira tilar sunu |
sadasa kakung lan putri |
kang kalih sang king ampeyan |
Pangran Pasirbata nênggih |
kalawan Siti Rohbayat |
wowolu sangking padêmi ||
26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |
putra sêpuh sinung nami |
Ratu Gêdhe ing Kukusan |
nulya Sunan Dalêm nênggih |
katrinira apanêngran |
Susuhunan Têgalwangi ||
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |
panca Sunan Kidul nênggih |
Ratu Gêdhe Saworasa |
Sunan Kulon kang sumêndhi |
Sunan Waruju ragilnya |
wau ta ingkang winardi ||
Kacara 1 : 7
28. Sasampunira pangubur |
kumpul para wadya Giri |
angrêmbag ingkang gumantya |
mandhirèng Susunan Giri |
pra wadya wus golong rêmbag |
Sunan Dalêm kang gumanti ||
29. Gya ingangkat ajujuluk |
Sunan Giri kaping kalih |
Susunan Giri Kadhatyan |
garwa kakalih padêmi |
tan mashur ing panjênêngan |
Jêng Sunan wus praptèng jangji ||
30. Kundur mring rahmatolahu |
ugi sumare ing Giri |
atilar putra sadasa |
(m)bajêng Sunan Sedamargi |
panênggaknya apêparab |
Sunan Giri Prapèn Adi ||
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |
Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |
Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |
Pangran Bongkok nulya Nyai |
Agêng Waru arinira |
Pangeran Bulu sumêndhi ||
32. Wragil Pangran Sedalaut |
paripurna kang wus swargi |
rêmbag kang yoga gumantya |
kêmpal sakèhe kang dasih |
Sunan Parapèn ingangkat |
linuwih lir eyang swargi ||
33. Mandhirèng Giri Kadhatun |
jujuluk maksih lêstari |
Sunan Giri Prapèn dibya |
suyut kang wadya gung alit |
kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||
3. Mêgatruh
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |
sampun amiyarsa warti |
lamun Sunan Giri Prabu |
Sètmata wus angêmasi |
mangkya wayahe gumantos ||
2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |
lalajone kadya nguni |
sang wiku tan arsa nungkul |
marang nagri Majapait |
dadya sru bêndu sang katong ||
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |
miwah kinanthèn pra siwi |
angirid wadyabala gung |
kinèn ngrabasèng ing Giri |
wus samapta nulya bodhol ||
Jilid 1 - Kaca : 8
4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |
mring sang prabu Majapait |
wus budhal carakèng prabu |
kya patih myang rajasiwi |
balane lir samodra rob ||
5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |
karsanira nanggulangi |
mring carakèng Majalangu |
tan dangu mêngsah kaèksi |
nulya pinapak prang popor ||
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |
kathah ingkang nandhang kanin |
tanapi tumêkèng lampus |
Sunan Prapèn angoncati |
sagarwa putra wus lolos ||
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |
binasmènan kitha Giri |
sadaya wus dadya awu |
rajabrana dènjarahi |
rajaputra tindak alon ||
8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |
Sunan Giri kang wus swargi |
ingkang rumêksa ing kubur |
tyang kakalih samya dhêngkling |
rawuhe sang prawira nom ||
9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |
gya tumandang sagung dasih |
halate sang maha wiku |
cihnaning wali linuwih |
singa cêlak anggaloso ||
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |
kang kantun kalangkung giris |
bramantya sang rajasunu |
tumandang pribadi ajrih |
merang lamun tan kalakon ||
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |
kinèn andhudhuk dèn aglis |
binilaèn yèn tan purun |
pasthi tumêkèng ing lalis |
kinarya coban kris waos ||
12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |
dupi prapta blabak jati |
tutuping tabêlanipun |
binuka saking sakêdhik |
nulya ana ingkang miyos ||
13. Warni kombang tan petungan kathahipun |
mabur ngèbêki wiyati |
maniyub lir langit rubuh |
nêmpuh wadya Majapait |
dènnya nanggulang pakewoh ||
14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |
bingung wadya Majapait |
ting bilulung rêbut dhucung |
dènnira angungsi urip |
sèlèh gagamaning pupoh ||
Jilid 1 - Kaca : 9
15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |
sirah rapêt ngroyok sikil |
ngaruara sambat bingung |
prapta nagri Majapait |
kombang anglut datan kegoh ||
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |
tan kawawa nanggulangi |
dadya tilar prajanipun |
sawadya balanirèki |
gusis praja tan ana wong ||
17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |
wangsul mring nagrinya malih |
siji tan ana kang kantun |
sang aprabu Majapait |
sawadya wangsul ngadhaton ||
18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |
datan nêdya malih-malih |
nyikara dhatêng sang wiku |
ngamungêna ingkang uwis |
ing tyas datan walangatos ||
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |
kanugrahan mantun dhêngkling |
gagancangan lampahipun |
anusul Jêng Sunan Giri |
ingkang lagya amakuwon ||
20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |
tyang kalih marêk tur uning |
ing mangkya mêngsah wus larut |
jalaran tinêmpuh dening |
kombang ingkang mapak pupoh ||
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |
tilar gagamaning jurit |
samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |
tan ana ingkang tinolih |
swarane pating galêmbor ||
22. Sampun katur ing purwa wasananipun |
dalah waluyaning dhêngkling |
sang wiku kalangkung sukur |
(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |
rahayu ywa na pakewoh ||
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |
wus paripurna ing nguni |
eca tyase para wadu |
satêngah ana kang kibir |
sajêg tan na mungsuh rawoh ||
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |
lamun kraton Majapait |
wus andungkap sirnanipun |
jalarane sangking siwi |
dyan Patah mijil kar
Jilid 1 - Kaca : 216
61 Mêgatruh 4. rahadyan sipêng saratri | pajar gidib pangkatipun | ingkang sinêdya ing galih | karsanira sang wiranom || 5. ing raka dyan Jayèngrêsmi | tan cinatur laminipun | kang rayi tansah kinanthi | kalamun sayah ginendhong || 6. tan kampir gya manjat malih | asrêp rêkasa ing ngênu | wus prapta dhusun Tasari | ardi Tênggêr iring êlor || 7. kêsêl (ng)gonku ana gigir | nulya kinanthi sang Bagus | raryan ngandhaping sulastri | (n)jawining dhadhah têmbing lor || 8. lan gorèngna iwak pitik | Buras ngupayaa gupuh | mring jroning padesan iki | Buras sandika wotsinom || 9. Buyut Sudarga kakasih | Buras matur kula nuwun | manawi parêng ngilèni | sêkul tuwin ulam babon || 10. ki Buras umatur aris | kang ngutus bandaraulun | nama Radèn Jayèngsari | (m)bêkta sadhèrèke wadon || 11. dene bandara kakalih | inggih sami putranipun | Susuhunan Prapèn Giri | duk bêdhahe Giri lolos || 12. nama Radèn Jayèngrêsmi | inggih sarêng lolosipun | punika kang dènulati | ananging dèrèng kapanggoh || 13. mila klantur praptèng ngriki | Ki Buyut dupi angrungu | wacana mring Buras aris | kacung niku pyantun yêktos || 14. têdhake andana warih | kintêne napa sarêju | pami kula turri kampir | dhumatêng ing wismaningong || Jilid 1 - Kaca : 217 15. wawi anak (n)dika irit | ulun yun marêk sang luhung | Buras gya lumakèng ngarsi | prapta ngarsane sang anom || 16. trêpsila amangênjali | sarwi aris aturipun | pun bapa atur basuki | rawuh paduka ing dhukoh || 17. kajugrugan wukir gêndhis | sasat katamwan dewa gung | widadara widadari | tumêdhak mring dhepokingong || 18. paman sung bagya basuki | mahyakkên sukaning kalbu | kalangkung panrima mami | (ng)gih sami-sami kemawon || 19. Ki Buyut (n)dhêku turnya ris | kang sotah mastani ulun | Buyut Sudarga kinardi | pinisêpuh wong sadhukoh || 20. amba kang tinuwi-tuwi | mugi marêngna sang bagus | tuwin rayinta sang putri | lêrêp wontên wismaningong || 21. angyasakkên ingkang panti | miwah nyangga dhaharipun | kantuna nadhah myang guling | kawula ingkang mirantos || 22. inggih paman têmbe gampil | wus kerit marang Ki Buyut | lajêng tumamèng ing panti | Nyai Buyut gupoh-gupoh || 23. umatur dhuh gusti mami | prasasat katiban daru | rawuh paduka ingriki | sangêt suka sukuringong || 24. nak putu andhèr nèng ngarsi | ngladoskên sugatanipun | sacara caraning wukir | Ki Buyut turira alon || 25. lumayan jampi kalantih | ing sawontên-wontênipun | punika isining wukir | sumangga sang prawiranom || Jilid 1 - Kaca : 218 26. mênggah rêsêpe tyasmami | lir wus kulina sataun | Ki Buyut suka tan sipi | Nyai Buyut matur alon || 27. iya bibi mêngko dhisik | aku atêrêna adus | inggih sumangga mring tlagi | sang rêtna nulya ginendhong || 28. lan raka tan kêna têbih | gya dhahar sugata nutuk | Buras kongsi minthi-minthi | kêblêt ngising medang-medong || 29. sêdhênge purnama siddhi | Sang Hyang Wulan mungup-mungup | ana sapucuking wukir | Jayèngsari kagyat anon || 30. tatanya paman punapi | kang katingal mawa kukus | Ki Buyut turira aris | ardi Brahma ingkang marong || 31. paman wawi benjing enjing | yèn kenging kula ayun wruh | sapucuking Tênggêr ardi | Ki Buyut sangêt rumojong || 32. radyan ngandika mring rayi | yayi kowe aja milu | sun arsa mring pucak wukir | dalanne luwih pakewoh || 33. Buras kariya sirèki | dolannana bandaramu | ngandika dyah Rancangkapti | kakang nora milu ingong || 34. Nyi Buyut tanggap ngaturi | têdhak taman kêbon pungkur | rarya lit kathah kang ngiring | ramban lêmbayung myang jlegor || 35. ngundhuh sêkar warni-warni | sadintên tan arsa kondur | aring ana tamansari | lan lare alit kumroyok || 36. Ki Buyut lumakyèng ngarsi | ndêdêr mring pucaking gunung | kapungkur desa Tasari | praptèng pucak nulya anon || Jilid 1 - Kaca : 219 62 Pangkur 1. lwir kawahing ardi wiyar waradin | têngah ana ardinipun | lwir kukusan malumah | lamun siyang tan katon wêdaling kukus | Ki Buyut matur ring radyan | lah punika ingkang nami || 2. wontên ingkang mastani laut pasir | ingkang nèng têngah (n)jênggunuk | punika ardi Brahma | dhasaripun sitinya pasir sadarum | kajogan awu kang mêdal | saking kawahe Brahmardi || 3. mila sangêt pêthake dèntingali | awit saking kandêlipun | gasik tan kathukulan | kalamênta katêpan karokot rumput | dadya pêthak ngamplak-amplak | bilih kasorot Hyang Rawi || 4. kang pratistha sanginggilipun pasir | punika kang dadya alun | mindha ombak samodra | botên ngintên yèn punika sanès ranu | tinarka sagara ingkang | dumunung sanginggil wukir || 5. punapi (ng)gih kenging dipunpurugi | Ki Sudarga aturipun | prayogi tinêdhakan | wus tumurun kalangkung rêkasèng ênu | margi (n)julêg rumpil rampak | wus prapta sagantên pasir || 6. lah suwawi umiyat sapucaking | ardi Brahma kawahipun | Ki Buyut tur sandika | gya umancat andêdêr tumêkèng pucuk | ana satêpining kawah | têpung gêlang dènidêri || 7. langkung (n)julêg sela gêng kèh kaèksi | kajawi kawah kang agung | kathah êlèng têrusan | alit-alit ugi samya mêdal kukus | mambêt kadi lirang kobar | radyan ngandika suwawi || 8. datan eca ambête kukus ardi | kalihnya samya tumurun | dupi prapta ing dhatar | pinggir wetan ana arga tan aluhur | kalangkung asri kawuryan | rahadyan tatanya aris || Jilid 1 - Kaca : 220 9. langkung asri punika ardi pundi | Ki Sudarga mêndhak matur | punika ing ngasrama | Ngadisari ingkang dhêdhepok ing ngriku | awasta Ajar Satmaka | panguluning Tênggêr wukir || 10. endah-endah warna tan nguciwani | punika têbiyatipun | taksih ngluluri Buddha | Sang Hyang Brahma minangka panutanipun | wong agung ing Prabalingga | datan arsa ngêpik-êpik || 11. angandika paman lamun marêngi | benjang-enjang ulun laju | sowan dhatêng Ki Ajar | yun sumêrap mênggah ta ing lampahipun | agama Buddha Barama | Ki Buyut anayogyani || 12. tan rêkasa wangsul marginya lami | wanci Ngasar sampun rawuh | ing Tasari kapanggya | lawan ari Nikèn Rancangkapti gupuh | pinondhong sarwi tatanya | sira mau nora nangis || 13. Nikèn Rancangkapti turira aris | kakang ing sadina muput | tan mulih maring wisma | papasaran ana pakêbonan pungkur | lawan bocah wadon kathah | nganti lali durung bukti || 14. praptèng wisma sugata wus cumawis | Nyi Buyut gupuh umatur | pun bibi saos dhadhar | nyumanggakkên rayinta sadintên muput | ulun aturi tan arsa | sumadosipun ngêntosi || 15. lawan ari pakantuk dènnya bukti | dumugi linorod sampun | Ki Buyut lawan Buras | kêmbul nadhah sawusira samya tuwuk | ingundurakên sadaya | Ki Buyut tansah nèng ngarsi || 16. kakang mau apa sira ningali | marang gunung ingkang murub | aku caritakêna | dak rungokne karo turon nèng sandhingmu | rahadyan nulya carita | Nikèn Rancangkapti guling || Jilid 1 - Kaca : 221 17. byar raina wungu kang samya guling | Nyi Buyut miwah Ki Buyut | angladoskên sèmèkan | wedang angêt dhaharan myang jênang jagung | wajik atos jèpèn lawan | canthèl myang cariping linjik || 18. kênthang kacang gêmbili uwi lêgi | wedang têmulawak arum | lalap gêndhis siwalan | Kyai Nyai Sudarga manêmbah matur | nuwun bêndara sumangga | sugatanipun kang bibi || 19. inggih paman lah kono payo yayi | apa kang dadi karsamu | sawusnya dhadhaharan | Jayèngsari ngandika marang Ki Buyut | paman mugi andhanganna | nglarapkên mring Ardisari || 20. inggih anggèr kawula kang umiring | nyai miluwa sirèku | kalawan sasanguwa | wedang dharan nèng marga mêngko kalamun | sang dyah mundhut dhadhaharan | rèhning sawatara têbih || 21. tan winarna ing marga sampun prapti | pagaganing ardi sampun | rumuhun Ki Sudarga | sadayane kèndêl sajawining dhusun | wau ta Ajar Satmaka | wus wikan yèn ana tami || 22. dèn samapta dènnira yun sasanti | sacara caraning wiku | dupi Ki Buyut prapta | gya ingawe marêk ngarsa nêmbah matur | ing purwa madya wasana | kang dadya gita sumiwi || 23. hèh ta Buyut aturana tumuli | satriya nung ingkang ayun | katêmu jênêngingwang | ingsun mêthuk ana sajawining pintu | Ki Buyut mundur wus panggya | lawan Radèn Jayèngsari || 24. laju manjing sang rêsi sampun nganti | ana sajawining pintu | bidhal saking pagagan | Rancangkapti kinanthi raka nèng ngayun | wus tundhuk lawan sang tapa | kaliye rinangkul sami || 25. dadya lênggah satata lan sang yogi | animbali endhang gupuh | kang uwus ngadiwarna | samya marêk wiraganira pinatut | gambuh solahe pra endhang | dènnya mrih karya wiyadi || Jilid 1 - Kaca : 222 26. sugatamu ladèkna dèn agêlis | pra endhang ngladoskên sampun | kang sugata mawarna | saanane ngardi wus sumadyèng ngayun | sang wiku satuhu wignya | ambojakrama mring tami || 27. Kyai Buyut Sudarga nyuwun pamit | wangsul mring Tasari dhusun | kalawan anak rayat | wus linilan mangênjali tandya mundur | wau Radyan Jayèngsêkar | kang kantun nèng Ardisari || 28. tan kêna sah siyang pantara ratri | de kang rayi sang rêtnayu | suka ingêmong endhang | dadya lami kèndêl anèng Ardisantun | nahan ta ing ri sajuga | radyan umatur wotsari || 29. lampahipun myang tatacaranèki | agami Buddha linuhung | ingkang tansah tumindak | sang pandhita alon pangandikanipun | hèh kulup kawikanana | agama kang dènlakoni || 30. panutane Bathara Brahma yêkti | sapisan ing sabên taun | kala dina prayoga | lanang wadon tuwa anom atur-atur | mawarna dharan busana | munggah maring Brahma wukir || 31. gêgawane cinêmplungakên aglis | ing jroning kawah sadarum | pitêmbung aminulya | Sang Hyang Brahma kang makuwon anèng latu | jajaka lawan parawan | lamun lunga nambutkardi || 32. padha nganggo jungkat sasênêngnèki | pênyu kayu waja sungu | upama ana jaka | duwe karêp angrabèni prawan iku | utawa prawan kang arsa | nglakèni jajaka sami || 33. (n)jupuk jungkatira kang dènkayuni | jungkat sawuse jinupuk | tinêdahakên marang | wong tuwane ingkang duwe jaka mau | sawuse nampani jungkat | padha tuwa kang ngrampungi || Jilid 1 - Kaca : 223 34. dhinaupkên têmu wismaning èstri | pangantèn sawuse têmu | pangulu nulya prapta | (ng)gawa cangkir têmbaga kang (n)jabanipun | ingukir gambaran kewan | kêbak isi toya suci || 35. wusing cakêt pangulu nyawuk warih | tinètèskên sirahipun | pangantèn sakaliyan | kanthi matak pupudya mring dewanipun | nyuwun pangèstu raharja | mring Hyang Brahma kang kinanthi || 63 Kinanthi 1. yèn ana kang nandhang sakit | miwah ayun darbe suta | pangulu kang anunggoni | anggawa cangkir têmbaga | kang wus isi toya suci || 2. minta waluyaning sakit | yèn kang ayun darbe suta | panuwune mring dewadi | harjane kang yayah rena | sarana mung dènombèni || 3. warih suci saking wukir | kawasane Hyang Bathara | têka waluya kang sakit | gampang kang yun darbe suta | tan na sangsayane galih || 4. binrêsiyan toya suci | binusanan sarwa endah | pakurmatanira sami | pangantèn binayang karya | binakta mring Brahma ardi || 5. kawah cinêmplungkên aglis | winantu sagung pupuja | iku carane saiki | rahadyan matur anêmbah | cangkir isi warih suci || 6. myang laire jabang bayi | pupak pusêr kinurmatan | sinaratan warni-warni | wênang mokaling agama | sang pandhita ngandika ris || 7. dhawuhira Hyang Pramèsthi | kang dinuta Hyang Naraddha | (n)dhawuhkên mring Kanwapati | mranata agama Buddha | sagolong-golongannèki || Jilid 1 - Kaca : 224 8. miwah têtêngêr supadi | ywa worsuh peranganira | rêsah lampahing agami | andikane Hyang Naraddha | hèh Kano sri narapati || 9. dening Sang Hyang Odipati | sira kinèn amranata | lampah-lampahing agami | iki panêtêpan nata | agama dadi purbani || 10. ing bawana ambawani | panguwasa kang winênang | marentahakên ing dasih | dadi anggon-anggon praja | luhuring kratonirèki || 11. myang santosa ing agami | laku-lakuning agama | dèn kalakyan panataning | apa kang uwis kawêdhar | aja ana nyulayani || 12. kapindho têtêngêrnèki | kaping têlu panêmbahnya | kaping pat lakunirèki | kaping lima tapanira | kaping nêm riayanèki || 13. ping wolu wawênangnèki | kaping sanga papalinya | kaping sadasa yèn lalis | ping sawlas paliyasannya | ping rolas pamulyanèki || 14. kasêbut ing sastra adi | binagya nênêm agama | êndi ingkang dènkarêpi | aywa ana kang pêpeka | rumêsêp mantêp Hyang Widdhi || 15. pangulune kang agami | iku ingaran Pramana | sasewasogatanèki | padha nganggowa têngêran | walantaga dènarani || 16. parantining pudyastuti | bate-bate inganggowa | ing panêmbahira maring | arca laku têpa-têpa | mangsa Kartika tan kenging || 17. yèn mangsa Palguna sami | ngrapa lamun ari raya | sabarang kang sarwa asin | laranganne ora kêna | ngrabèni kaprênah nini || 18. myang pulunan kang luluri | saking ing jalu sadaya | wênang lamun saking èstri | iwak ati datan dhahar | kêna yèn kinarya jampi || Jilid 1 - Kaca : 225 19. nora kêna nganggo wêsi | wênang yèn kanggo sarana | wong laki-rabi yèn mati | wênang bela myang binelan | lamun lakine kang mati || 20. wênang cinukur yèn èstri | kang mati lanang tan bela | iku wênang dèntêtaki | yèn jabang mêtu wanodya | wênang lamun disunati || 21. nganggowa baladho nênggih | kang lanang nglangkahi jantra | wusu likasan myang ilir | kukusan enthong lan iyan | kang wadon nglangkahi linggis || 22. kalamun tumêkèng jangji | layone ingupakara | têgêse dipun rumati | nèng panggonan kang prayoga | ingopenan kang prêmati || 23. landha mêrang kêtan putih | yèn mulyakkên sarwa utang | agama Sambo wus tlêsih | kapindho agama Brahma | pangulune kang agami || 24. sasewasogatanèki | padha nganggowa têngêran | ekal trisula têmbagi | rineka-reka trisula | dènanggo jajamang sami || 25. lawan mring Hyang Bagaspati | lakune santosa ing tyas | yèn mangsa Sitra tan kêni | amanganna gogodhongan | mangsa Srawana tan kêni || 26. yèn riaya sarwa manis | laranganne nora kêna | ngrabèni kaprênah nini | uwa bibi ingkang saka | luluri lanang yèn saking || 27. tan kêna matèni gêni | daging lêmbu datan dhahar | mapas wiji ingkang lagi | thukul uga ora kêna | nganggo timah datan kenging || 28. ngrabèni kaprênah nini | uwa bibi ingkang saka | luluri wadon utawi | ngrabèni kaprênah kadang | pulunan nak putu saking || 29. dhaup anak inya kenging | lawan anak guru kêna | wênang mangan daging sapi | lamun kinarya tatamba | nganggo timah dènlilani || Jilid 1 - Kaca : 226 30. wênang dicukur pawèstri | lamun uwus luwas êrah | myang bela saking kang lalis | ontang-anting wadon lanang | wênang têtak disunati || 31. durunge pangantèn panggih | kudu anganggo badhudhak | wargane pangantèn èstri | lan warga pangantèn priya | padha lalangên tayèki || 32. yèn mati layon kabêsmi | paliyasaning kuwandha | dinusan we ron dlima di | yèn mumulya srana bêrah | yèku kang dak anggo iki || 33. pangulune kang agami | ya arannana Sakrana | sasewasogatanèki | padha nganggowa têngêran | ekal bajra saka galih || 34. dèn(ng)go sangga gêlungnèki | panêmbahe marang arga | lawan marang Sang Hyang Sasi | lakune lila narima | mangsa Naya tapanèki || 35. kalawan mangsa Asuji | nora kêna asanggama | yèn riaya sarwa pait | larangane nora kêna | ngrabèni kaprênah nini || 36. lanang wadon myang ngrabèni | kaprênah kadang kang saka | luluri jalu myang èstri | tan kêna misaya mina | kang lagi koyok marêngi || 37. (m)buwang susukêr nèng siti | tan kêna mêjahi liman | miwah angangge têmbagi | kêni yèn kinarya srana | wawênang kêna ngrabèni || 38. saka luluri pawèstri | ngrabèni prênah pulunan | miwah putu ingkang saking | luluri jalu wanodya | antigan lamun kinardi || 39. wênang cinukur dyah kêdhi | jalu èstri jaka rara | salah siji yèn ngêmasi | winênang bela palastra | wadon lamun arêp laki || 40. jalu lamun lagi lair | lan anake dhukun wênang | tinêtakan de papali | kalamun amangun krama | nganggo onjèr myang sintrèni || Jilid 1 - Kaca : 227 41. lan warga pangantèn èstri | samya prang catur pralambang | sasmitane sunggatèki | yèn lina layon kapêtak | tuwin linuwêng nèng siti || 42. paliyasane kang jisim | dinusan ing lêri bêngkak | yèn mumulya srananèki | urup-urupan sabarang | durma ping catur winarni || 64 Durma 1. panguluning agami | rannana Ramana | sasewasogatanya | nganggowa tatêngêr pasthi | aekal cakra | kêling ingkang kinardi || 2. babadhong bangsa kêling | sisiwalan tuwa | panêmbahe mring toya | lawan maring toya riris | lampah nurraga | tapane yèn Manggasri || 3. mangsa Jita tan kenging | mangan ulam menda | kalamun ari raya | kang mirasa sarwa gurih | larangannira | tan kêna angrabèni || 4. ingkang saka luluri | jalu myang tan kêna | ngrabèni anak inya | myang tan kêna mamatèni | kang lagya sarwa | anyawa myang tan kenging || 5. pênyu bulus suwari | minum myang anadhah | kang ngêndêmi tan kêna | nganggo parunggu tan kenging | wawênangira | ngrabèni prênah nini || 6. myang kêna angrabèni | kang kaprênah kadang | putu miwah pulunan | saka luri wadon ugi | angrabènana | anaking guru kêni || 7. nganggo parunggu kêni | yèn ginawe srana | wadon kang lagya lara | wênang cinukur balindhis | yèn priyanira | pralinna andon jurit || Jilid 1 - Kaca : 228 8. yèn nora lina jurit | amung tarakbrata | tan kêna yèn kaliya | wadon wênang disunati | lanange têtak | yèn anake wong baring || 9. myang kêmbarmayang kalih | sasrahan gunungan | wong tuwane pangantyan | nganggo mangan gêdhang siji | satugêl sewang | kalarung yèn ngêmasi || 10. layone dènsirami | we sêkar sataman | yèn mumulya sarana | papariman aminta sih | panca agama | Bayu pangulunèki || 11. sasewasogatèki | padha anganggowa | tatêngêr ekal satya | carma rineka pusêring | sato dèn (ng)gawa | pupuk nèng sirahnèki || 12. lan marang caratwarsi | sarta marang lintang | lakune angaksama | tapane mangsa Pusèki | tan kêna dhahar | ulam sikil pat nênggih || 13. larangan nora kêni | ngrabèni kaprênah | nini bibi pulunan | uwa miwah putu saking | luluri priya | myang luluri saking èstri || 14. lan guru ingkang siwi | munah sato lagya | susuta nora kêna | mangan wadêr nora kêni | myang datan kêna | angagêm buratwangi || 15. mêjahi datan kenging | têkèk cêcak clarat | wawênange pan kêna | prênah kadang dènrabèni | iku kang saka | luluri jalu èstri || 16. anganggo buratsari | utawa salaka | yèn ginawe sarana | wênang cinukur pawèstri | yèn randha anyar | wong lanang ditêtaki || 17. papaline yèn rabi | laki anganggowa | batoyang têgêssira | yèn pangantèn lanang apti | ngarak anulya | warga pangantèn èstri || 18. yèn rêbah ngarak pasthi | lamun datan rêbah | wangsul pangarakira | kêdah arinira salin | lamun palastra | kasetra layonnèki || Jilid 1 - Kaca : 229 19. kang pancèn panggonaning | pandèkèking sawa | paliyasan dinusan | ing we jawuh yèn mumuli | srana (m)babarang | sad Kala kang agami || 20. sasewasogatèki | sami anganggowa | têngêr ekal purusa | lingga iku iya gadhing | utawa tulang | rineka purus nênggih || 21. marang ing sarupaning | kang aèng myang wrêksa | watu sasamanira | lakune apan wirangi | tapane mangsa | Manggala yèn lunga nis || 22. mangsa Padrawanèki | sirik mangan uyah | kalamun ariaya | kang sarwa pêdhês sakalir | larangannira | tan kêna angrabèni || 23. anak guru utawi | ingkang seje bangsa | kayata bangsa Brahma | datan kêna angrabèni | bangsa Waisya | sapapadhanirèki || 24. kang ambaga bathari | lan lêmah kang kadya | punuking kang andaka | datan kenging mamatèni | sona kalabang | kalawan kalajêngking || 25. nganggo êmas tan kenging | wawênange kêna | rabi sanak kaprênah | ênom wênang angrabèni | kang tunggal bangsa | mangan kalapa kêni || 26. nganggo êmas manawi | kinarya sarana | papaline yèn krama | anganggowa lêmpêng nênggih | pra warganira | pangantèn èstri sami || 27. êndi ingkang kapilis | pan kêna padhêndhan | lan nalika angarak | nganggo dan-edanan nênggih | lamun palastra | katarap layonnèki || 28. paliysanning jisim | dinusan ing toya | ingkang rondhon widara | yèn mumulya srana maling | sing sapa ingkang | tan nêtêpi agami || 29. yèn Sambo kang agami | ukume kasulah | lamun agama Brahma | ukumanira kabêsmi | agama Endra | kaluwêng ukumnèki || Jilid 1 - Kaca : 230 30. agama Bayu nênggih | ukume katarang | dene agama Kala | katarap ukumannèki | kulup wus tamat | Buddha ingkang agami || 31. dene cangkir têmbagi | isi toya marta | pan iku titinggalan | saking para cantrik nguni | ing desa-desa | pasthi na siji-siji || 32. caritanira nguni | ardi ingkang ana | têngah pasir sagara | Hyang Brahma kahyangannèki | radyan turira | asru panuwun mami || 33. saèstunipun taksih | mangke ingkang kanggya | kalamun palakrama | dados wontên kang pinirit | lampahing Jawa | manthuk-manthuk sang yogi || 34. lakuning kang agami | kanabeyanira | apa ta iya nunggal | kalawan agamamami | radyan turira | wontên sanès sakêdhik || 35. sang yogi ngandika ris | radèn yèn sambada | manira ayun wikan | mara pratelakna kaki | radyan mênêmbah | jrudêmung sabda jati || 65 Jurudêmung 1. nyriosakên srengatipun | Kanjêng Nabi nênêm tuhu | ngasta agama minulya | lah punika ingkang sampun | linampahan para umat | pyambak-pyambak datan jumbuh || 2. nJêng Nabi Adam linuhung | sahadatipun Ashadu | Allah Ilahailolah | Ashadu ana Adamu | pitratollah têgêsira | satuhu nêksèni ingsun || 3. anging Allah sipat agung | lawan anêksèni ingsun | nJêng Nabi Adam sanyata | pataranira Hyang Agung | dene wêkdalira salat | sadintên sadalunipun || |
Jilid 1 - Kaca : 5
6. Kulup wus padhang tyasingsun |
datan sumêlang ing ati |
sira kariya raharja |
têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |
batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||
7. Têmbe ing sapungkuringsun |
sakèhe dunyarta mami |
sidhêkahna kang warata |
pêkir miskin anak yatin |
lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||
8. Poma kulup wêkasingsun |
Ni Samboja nulya lalis |
sawusira binêrsiyan |
layon kinubur tinunggil |
lan raka Kyai Samboja |
ing mangkya titiyang Giri ||
9. Lastantun pamundhinipun |
ing gusti Jêng Sunan Giri |
samya kapanjingan iman |
nglampahi sarengat Nabi |
ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||
10. Gêmah arjane kalangkung |
tan ana kang laku juti |
samya cêkap nyandhang mangan |
adoh ingkang dadya miskin |
têntrêm ciptane raharja |
wong ngamanca kathah prapti ||
11. Kabanjur tan arsa mantuk |
kalajêng wisma ing Giri |
raja pandhita Sètmata |
jujuluk Susunan Giri |
Gajah Kadhaton minulya |
kawêntar ing liya nagri ||
12. Miwah wus pinundhut mantu |
ing Suhunan Ngampèlgadhing |
dhinaupkên lan putrinya |
Nyai Agêng Ratu nami |
atut dènnya palakrama |
lêstantun ngantya sisiwi ||
13. Wowolu èstri myang jalu |
Nyi Agêng angrumiyini |
kondur maring rahmatolah |
layon sumare anunggil |
marasêpuh èstri priya |
garwa putra gung prihatin ||
14. Sigêg gantya kang winuwus |
Brawijaya Narapati |
mirêng pawartos sanyata |
ing mangkya Susunan Giri |
linulutan sakèh janma |
nungkul tan kalawan jurit ||
15. Sang prabu utusan gupuh |
Gajahmada kyana patih |
kinèn lumampah priyangga |
mukul prang Giri Garêsik |
tan cinatur lampahira |
wus prapta jajahan Giri ||
16. Gègère kadya pinusus |
kang katrajang samya ngili |
minggah kadhaton Prawata |
Jêng Sunan Giri marêngi |
anyêrat manêdhak Kur'an |
kagyat mirêng suwaraning ||
Jilid 1 - Kaca : 6
17. Tiyang alok mungsuh rawuh |
sumêdya ngrisak ing Giri |
kalam ingkang kagêm nyêrat |
anulya binucal aglis |
andodonga ing Pangeran |
sinêmbadan ing sakapti ||
18. Kalam lajêng dadya dhuwung |
cumlorot ngamuk pribadi |
pra wadya ing Majalêngka |
kathah ingkang angêmasi |
sakantune kang palastra |
pra samya lumayu (ng)gêndring ||
19. Mantuk marang Majalangu |
sawusira mêngsah gusis |
dhuwung wus wangsul pribadya |
sumèlèh ing ngarsanèki |
panyêratan sang pandhita |
sarta akukuthah gêtih ||
20. Kagyat risang amanêngkung |
miyat dhuwung kuthah gêtih |
dahat panalangsanira |
dyan dodonga mring Hyang Widdhi |
mugi Allah ngapuntêna |
solah amba ingkang sisip ||
21. Sang pandhita ngandika rum |
marang ing wadyanirèki |
kabèh padha piyarsakna |
myang anêksènana sami |
katgèki sun wèhi aran |
si Kalammunyêng prayogi ||
22. Sakèh wadya saur manuk |
wus samya kalilan mulih |
mring wismane sowang-sowang |
lêstantun asramèng Giri |
jumênêngnya Jêng Susunan |
Prabu Sètmata linuwih ||
23. Gêmah arjane kalangkung |
saya wêwah wadyanèki |
tan ana kang kasangsaya |
nahan wus antara lami |
Sunan Giri nandhang gêrah |
kaparêng praptaning takdir ||
24. Kundur mring rahmatolahu |
gumêr tangis ing jro puri |
wandu wandawa sungkawa |
layon sawusing barêsih |
sinarèkkên nora têbah |
sangking padalêmanèki ||
25. Sedanira tilar sunu |
sadasa kakung lan putri |
kang kalih sang king ampeyan |
Pangran Pasirbata nênggih |
kalawan Siti Rohbayat |
wowolu sangking padêmi ||
26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |
putra sêpuh sinung nami |
Ratu Gêdhe ing Kukusan |
nulya Sunan Dalêm nênggih |
katrinira apanêngran |
Susuhunan Têgalwangi ||
27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |
panca Sunan Kidul nênggih |
Ratu Gêdhe Saworasa |
Sunan Kulon kang sumêndhi |
Sunan Waruju ragilnya |
wau ta ingkang winardi ||
Kacara 1 : 7
28. Sasampunira pangubur |
kumpul para wadya Giri |
angrêmbag ingkang gumantya |
mandhirèng Susunan Giri |
pra wadya wus golong rêmbag |
Sunan Dalêm kang gumanti ||
29. Gya ingangkat ajujuluk |
Sunan Giri kaping kalih |
Susunan Giri Kadhatyan |
garwa kakalih padêmi |
tan mashur ing panjênêngan |
Jêng Sunan wus praptèng jangji ||
30. Kundur mring rahmatolahu |
ugi sumare ing Giri |
atilar putra sadasa |
(m)bajêng Sunan Sedamargi |
panênggaknya apêparab |
Sunan Giri Prapèn Adi ||
31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |
Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |
Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |
Pangran Bongkok nulya Nyai |
Agêng Waru arinira |
Pangeran Bulu sumêndhi ||
32. Wragil Pangran Sedalaut |
paripurna kang wus swargi |
rêmbag kang yoga gumantya |
kêmpal sakèhe kang dasih |
Sunan Parapèn ingangkat |
linuwih lir eyang swargi ||
33. Mandhirèng Giri Kadhatun |
jujuluk maksih lêstari |
Sunan Giri Prapèn dibya |
suyut kang wadya gung alit |
kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||
3. Mêgatruh
1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |
sampun amiyarsa warti |
lamun Sunan Giri Prabu |
Sètmata wus angêmasi |
mangkya wayahe gumantos ||
2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |
lalajone kadya nguni |
sang wiku tan arsa nungkul |
marang nagri Majapait |
dadya sru bêndu sang katong ||
3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |
miwah kinanthèn pra siwi |
angirid wadyabala gung |
kinèn ngrabasèng ing Giri |
wus samapta nulya bodhol ||
Jilid 1 - Kaca : 8
4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |
mring sang prabu Majapait |
wus budhal carakèng prabu |
kya patih myang rajasiwi |
balane lir samodra rob ||
5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |
karsanira nanggulangi |
mring carakèng Majalangu |
tan dangu mêngsah kaèksi |
nulya pinapak prang popor ||
6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |
kathah ingkang nandhang kanin |
tanapi tumêkèng lampus |
Sunan Prapèn angoncati |
sagarwa putra wus lolos ||
7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |
binasmènan kitha Giri |
sadaya wus dadya awu |
rajabrana dènjarahi |
rajaputra tindak alon ||
8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |
Sunan Giri kang wus swargi |
ingkang rumêksa ing kubur |
tyang kakalih samya dhêngkling |
rawuhe sang prawira nom ||
9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |
gya tumandang sagung dasih |
halate sang maha wiku |
cihnaning wali linuwih |
singa cêlak anggaloso ||
10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |
kang kantun kalangkung giris |
bramantya sang rajasunu |
tumandang pribadi ajrih |
merang lamun tan kalakon ||
11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |
kinèn andhudhuk dèn aglis |
binilaèn yèn tan purun |
pasthi tumêkèng ing lalis |
kinarya coban kris waos ||
12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |
dupi prapta blabak jati |
tutuping tabêlanipun |
binuka saking sakêdhik |
nulya ana ingkang miyos ||
13. Warni kombang tan petungan kathahipun |
mabur ngèbêki wiyati |
maniyub lir langit rubuh |
nêmpuh wadya Majapait |
dènnya nanggulang pakewoh ||
14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |
bingung wadya Majapait |
ting bilulung rêbut dhucung |
dènnira angungsi urip |
sèlèh gagamaning pupoh ||
Jilid 1 - Kaca : 9
15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |
sirah rapêt ngroyok sikil |
ngaruara sambat bingung |
prapta nagri Majapait |
kombang anglut datan kegoh ||
16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |
tan kawawa nanggulangi |
dadya tilar prajanipun |
sawadya balanirèki |
gusis praja tan ana wong ||
17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |
wangsul mring nagrinya malih |
siji tan ana kang kantun |
sang aprabu Majapait |
sawadya wangsul ngadhaton ||
18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |
datan nêdya malih-malih |
nyikara dhatêng sang wiku |
ngamungêna ingkang uwis |
ing tyas datan walangatos ||
19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |
kanugrahan mantun dhêngkling |
gagancangan lampahipun |
anusul Jêng Sunan Giri |
ingkang lagya amakuwon ||
20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |
tyang kalih marêk tur uning |
ing mangkya mêngsah wus larut |
jalaran tinêmpuh dening |
kombang ingkang mapak pupoh ||
21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |
tilar gagamaning jurit |
samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |
tan ana ingkang tinolih |
swarane pating galêmbor ||
22. Sampun katur ing purwa wasananipun |
dalah waluyaning dhêngkling |
sang wiku kalangkung sukur |
(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |
rahayu ywa na pakewoh ||
23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |
wus paripurna ing nguni |
eca tyase para wadu |
satêngah ana kang kibir |
sajêg tan na mungsuh rawoh ||
24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |
lamun kraton Majapait |
wus andungkap sirnanipun |
jalarane sangking siwi |
dyan Patah mijil karaos ||