Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (22) Kaca 160 – 165

 

( Midadarèni, Tahlil, Agêm-agêmanipun, Ningkahing Pêngantèn, lan Panggihipun Pangantèn )

5. Ki Pujangkara kaadhêp modin Ki Goniyah. Ingkang karêmbag bab tujuanipun mêmule arwahipun para lêluhur, bab panampining lamaran, dhatêngipun calon pêngantèn jalêr ngabdi calon marasêpuh, midadarèni, tahlil, agêm-agêmanipun tiyang mantu, ningkahing pêngantèn, lan panggihipun pangantèn.


Kaca 160 - 165.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 161

130 Pocung

10.
Wilujêngan sabibaring ningkahipun |
ujub kintun donga |
tuwin mumule sanggyaning |
pra luluhur saking èstri saking priya ||

11.
Kang sêmara-siti tuwin kutu-kutu |
walang wong antaga |
kang dènambah sadayèki |
tinêbihna saking ing beka sêngkala ||

12.
Anyêlakna ing sênêng suka rahayu |
kadugèn sakarsa |
donganya Slamêt-bidini |
saha mawi donga Takwil-ngumurana ||

13.
Wilujêngan brokohan sasampunipun |
panggihing pangantyan |
ujubipun nyumêrêpi |
sadhèrèking pangantyan èstri lan priya ||

14.
Ingkang lair nunggil sadintên puniku |
mugi andongakna |
lêstantun suka basuki |
donganipun Takwil-ngumur myang Raharja ||

15.
Wilujêngan inggih ing sapêkênipun |
pangantyan ujubnya |
mumule kang smara-siti |
amumule kang dipun ambah sadaya ||

16.
Myang kadangnya pangantyan èstri lan jalu |
lawan dintên sapta |
pêkênan gangsal kang mugi |
anyêlakna kêcêkapan sukawirya ||

17.
Alêstantun karya sapanginggilipun |
ywa na sambekala |
donganipun sami ugi |
muhung Slamêt lawan Takwil-ngumurana ||

18.
Wilujêngan salapanan warninipun |
tumpêng jajanganan |
jênang pêthak jênang abrit |
jênang baro-baro tuwin jajan-pasar ||

19.
Arta wajib kalih wang saprapat namung |
ujub amumulya |
dhatêng kang sêmara-siti |
nyumêrêpi dhatêng sadhèrèkipun pangantyan ||

20.
Èstri jalu ingkang sarêng lairipun |
anjumurungana |
kadugèna ing sakapti |
sukawirya winantua karaharjan ||

21.
Kadrajatan amintir rijêkinipun |
drêman sugih putra |
donganya Takwil-ngumuri |
lawan donga Sålamêt datan tinilar ||

22.
Ingkang ulunlampahi salaminipun |
inggih mung punika |
Ki Juru ngandika aris |
rèh wus lumrah prayoga kalêstarèkna ||

23.
Laminipun nambutkarya tan cinatur |
wus aparipurna |
sadaya sampun rinakit |
kang pinatah anyanyêpêng ing pakaryan ||

Jilid 2 - Kaca : 162

24.
Èstri jalu nêtêpi rêmbag kang sampun |
iyêg abipraya |
tan ana cêngil-cinêgnil |
wawangkiting ari dhatêng ing sumbangan ||

25.
Ambarubul datan ana kêndhatipun |
Kêbogiro ngangkang |
pra èstri tinampèn nyai |
para jalêr Kyai Juru kang atampa ||

26.
Sêgahipun wedang dharan ulam sêkul |
sawusing sinêgah |
mantukipun dènsangoni |
binêktanan panganan myang sêkul ulam ||

27.
Ing arine dhatênge lamaranipun |
Ki Juru pinarak |
anèng madyane pandhapi |
kadang warga sawatara anèng ngarsa ||

28.
Dhatêngipun wanci sadèrènge bêdhug |
sadaya pinarak |
èmpèr pandhapi kang kering |
Nyai Juru pinarak mêdal pandhapa ||

29.
Ingkang ngirid wusing matur parlunipun |
kanthi srat pratelan |
nulya sugata lumadi |
wedang dharan gantèn êsês wangi ngambar ||

30.
Nyai Juru sêkaliyan Kyai Juru |
nampèni priyangga |
miturut isarat nênggih |
cinocogkên cacahe lawan pratelan ||

31.
Sampun rujuk anêtêpi criyosipun |
ing uni Sriyatna |
sawusing binujakrami |
ingangsulan pamit mantuk wus linilan ||

32.
Ri dhatênge anyantri Kiyai Juru |
miwah kadangwarga |
pinarak têngah pandhapi |
bakda Mahrib badhe pangantèn dhatêngnya ||

33.
Carabalèn umyung lawan gangsa agung |
amungêl Ladrangan |
prapta palataran aglis |
ingacaran laju pinarak pandhapa ||

34.
Wusing tata kang minangka kamisêpuh |
nyêlak mring ki wisma |
masrahkên bakal pangantèn |
wus tinampan anulya asung pambagya ||

35.
Marang badhe pangantèn sarowangipun |
sêgahan magnarsa |
wedang êsês gantèn wangi |
kyai wisma manis wijiling wacana ||

36.
Lah sumangga sami kaparênga ngunjuk |
pasugata wedang |
miwah êsês gantèn wangi |
kang sinung ngling angrahabi pasunggatan ||

37.
Wusing nginum wedang êsês gantèn arum |
Ki Juru wacana |

rèhning sampun sawatawis |
prayogine aso dhatêng ing pondhokan ||

Jilid 2 - Kaca : 163

38.
Sampun aso maring pamondhokanipun |
Ki Juru tan obah |
maksih pinarak pandhapi |
angêntosi dhatênge para ngulama ||

39.
Ingkang ayun tilawat Kur'an nèng tajug |
sinambi ngandikan |
mungguh wong adarbe kardi |
ingaranan ewuh-ewuh sayêktinya ||

40.
Dene ingkang têka basane martamu |
têgêse ywa kurang |
pangaksama angrahabi |
marang ingkang darbe wisma myang sêgahnya ||

41.
Pamikirku mungguh wong darbe karyèku |
yèn uwis kacêkap |
iya kang limang prakawis |
dhingin (ng)gonne lulungguhan kang kapenak ||

42.
Pindho rupan kang bêcik nyênêngkên kalbu |
ping tri pamirêngan |
kang kapenak piniyarsi |
kaping pate kêdah suguh kang mirasa ||

43.
Kaping lima dènbarêsih manahipun |
aywa katèmpèlan |
hawa angrêgêdi ati |
katingalan wênês manising wadana ||

44.
Krama alus ingkang marêkakên kalbu |
pra tamu kawratan |
panêmbrana narambahi |
ing pangarah padha suka pirêna-a ||

45.
Gya kasaru pra ngulama dhatêngipun |
pinarak plataran |
laju ingirid mring masjid |
nèng surambi lajêng atilawat Kur'an ||

46.
Kyai Juru nèng surambi tumut (n)darus |
langkêp sugatanya |
rampung tilawat kêndhuri |
wus bibaran mantuk samya (m)bêkta brêkat ||

47.
Wangsul maring ing pandhapa Kyai Juru |
para kadangwarga |
maksih pêpak nèng pandhapi |
nulya prentah anatap ingkang pradangga ||

48.
Nguyu-uyu midadarèni puniku |
Ki Juru ngandika |
kabèh para kadang sami |
awanuha marang Ki Mase Cêbolang ||

49.
Para kadang kulawarga sadaya wus |
abagya-binagya |
rakêt lir wus wanuh lami |
nora mantra yèn lagya nêmbe kapanggya ||

Jilid 2 - Kaca : 164

50.
Kyai Juru tanya mring kabayanipun |
ingkang padha mangkat |
marang pasareyan tahlil |
apa uwis padha lapur marang sira ||

51.
Lawan ingkang sowan ki lurah pangulu |
nyuwun kêtib ingkang |
ningkahake benjing-enjing |
lan palilah (ng)goningsun nabuh gamêlan ||

52.
Ki kêbayan mangênjali matur sampun |
klampahan sadaya |
Ki Juru ngandika malih |
Mas Cêbolang anak iki cara praja ||

53.
Sadurunge kalakon ing parlunipun |
binantu anyadran |
kalawan tahlilan maring |
pra luluhur kang wus sumare sadaya ||

54.
Anyuwun idi pangèstu rahayu |
ywa na kara-kara |
sajrone amangun kardi |
lastariya kadi èsthining wardaya ||

55.
Abdidalêm katib kang ningkahkên sesuk |
panabuhing gangsa |
utawa ananggap ringgit |
nanging nganggo talèdhèk pan nora kêna ||

56.
Iku kudu nyuwun lilahe pangulu |
Ki Cêbolang turnya |
kadipundi sababnèki |
wit kajuron babasane têgngah-têngah ||

57.
Kawadanan suyud marang ing pangulu |
ananging kalilan |
nganggo caraning priyayi |
sawatara janji tan narajang karam ||

58.
Kajabèku panganggoku lan ibumu |
umanjing isarat |
bêbêd tapih kudu sami |
lawan sabuk iku padhane sumêkan ||

59.
Awit bilih jarik kudu tuluh-watu |
kêmbên bangun-tulak |
amidadarèni iki |
jarik bathik taruntum sindur sumêkan ||

60.
Sesuk têmu jarik cakar kêmbênipun |
iku mayang-mêkar |
wising têmu jarik lurik |
corak kêpyur kakêmbêne pacing-tawa ||

61.
Sapasaring pangantèn apan tinamtu |
jarik kêmbang jarak |
sumêkane sêmèn-tritis |
nanging aku anganggo sabuk bandhoga ||

62.
Mas Cêbolang gèdhèg-gèdhèg sarwi matur |
tobil langkung kathah |
sarat-sarat cara Jawi |
iya kulup sapuluh kinapakêna ||

63.
(n)Gonne nata majêmukan uwis rampung |
payo padha mangan |
mêngko sawise abukti |
rèh wus wêngi prayoga padha bubaran ||

Jilid 2 - Kaca : 165

64.
Sigêg dalu enjinge ingkang cinatur |
ningkahe pangantyan |
mung marasêpuh nênggani |
sore panggya tamune kalangkung katthah ||

65.
Kyai Juru miwah para among-tamu |
tan ana kèndêlnya |
dènnira ambojakrami |
para tamu jalu èstri sukarêna ||

66.
Sarta rahab supêkêt sanggyaning lungguh |
tan ana kuciwa |
bibaring bojana nênggih |
boya nana kang sêdya madal pasilan ||

67.
Jalu èstri wangsul palênggahanipun |
para tamu priya |
dènnya lêngsah nèng pandhapi |
sasukanya amrih enaking sarira ||

68.
Miyarsakên ungêling pradangga arum |
sinambi ngandikan |
suwuking gangsa miyarsi |
ingkang samya kokojahan warna-warna ||

69.
Pan riningkês rêroncène ningkah pangguh |
sajèn myang isarat |
tuwin lampah-lampahnèki |
traping karya miwah ingkang dadya karya ||

70.
Sadaya wus tan ana kuciwanipun |
uruting sunggata |
patraping pambojakrami |
turut mathis arum-manis lir sarkara ||

131 Dhandhanggula

1.
Tamu kakung ingkang mangagêngi |
Kyai Pangulu Amat Katêgan |
kalawan sapanêkare |
pujangganing prajagung |
Ki Tumênggung Sujanapuri |
panèwu mantri dêmang |
pênglawe nêlung jung |
sêsêg dènnya kêkojahan |
apêpanthan samya sênêng kang miyarsi |
ing crita amawarna ||

2.
Ki Pangulu mêdharkên turuning |
Letulkadri ing wulan Ramêlan |
lamun ri Akat tanggale |
malêm ping pitulikur |
tumuruning Laitulkadri |
yèn Sênèn tanggalira |
malêm sangalikur |
lamun Salasa kang tanggal |
malêm kaping salawe tumurunèki |
ingkang Laitulkadar ||

3.
Lamun ari Rêbo tanggalnèki |
malêm pitulikur tumurunnya |
kalamun Kêmis tanggale |
malêming têlulikur |
tumuruning Laitulkadri |
yèn tanggale Jumuwah |
malêm sangalikur |
yèn ari Saptu tanggalnya |
malêm kaping salikur tumurunèki |
ingkang Laitulkadar ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (21) Kaca 158 – 160
  • (23) Kaca 165 – 167 >