Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (24) Kaca 167 – 173

 

( Lêlampahanipun Siti Maryam Pramèswarinipun Raja ing Bagdad )

2. Kêtib Iman nyariyosakên lêlampahanipun Siti Maryam pramèswarinipun raja ing Bagdad ingkang putranipun kalih dados korban katigas jangganipun dening patih ingkang pinitados ngêtêrakên sang pramèswari dalah putranipun dhatêng ing Mêkah. Sang pramèswari sagêd oncat, wêkasan sang patih kawiyak wadosipun.


Kaca 167 - 173.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 168

131 Dhandhanggula

17.
Kacariyos wontên randha miskin |
Nyai Limah griya têngah wana |
kalangkung kathah mendane |
satunggil dintên nuju |
angèn menda kapanggih jalmi |
èstri endah ing warna |
cahyanya sumunu |
tinakonan tan prasaja |
pinangkanya miwah ingkang asêsiwi |
anama Siti Maryam ||

18.
Cêkakipun wus dènambil siwi |
sabên dintên kinèn angèn menda |
wontên ratu gung prajane |
Bahgêdad sudibya nung |
ambêbêdhag marang wanadri |
ingiring wadya kuswa |
praptaning wanagung |
umiyat wanodya endah |
sakalangkung kumênyut tyasnya sang aji |
dadak gandrung asmara ||

19.
Pinarêkan andangu sang aji |
èh ta rara kowe bocah apa |
dene ana ngalas ijèn |
lan sapa wong tuwamu |
Siti Maryam kagyating galih |
umatur saha nêmbah |
Maryam wasta ulun |
anakipun Nyi Ngalimah |
randha miskin damêlipun mêrês kambing |
griya têngahing wana ||

20.
Sang aprabu Bahgêdad miyarsi |
sakalangkung eraming wardaya |
mèsêm manis andikane |
dhuh sang pindha hèrlaut |
sakirane apa marêngi |
upama mèlu mring wang |
mungguh pangiraku |
mirid ing ngèlmu wirasat |
kang marahi wangkal lêngus têka mamring |
kang ana mung prasaja ||

21.
Gêr gumuyu rewangira linggih |
kêtib Arum (ng)galêgês lingira |
dene sumêrêpe nêmbe |
sri Bahgêdad puniku |
têka paham sranduning dhiri |
kêtib Iman lingira |
inggih bêtèkipun |
supadi angsal borokan |
lah ta kakang (n)dawêg pripun lajêngnèki |
(ng)gih adhi lajêngira ||

22.
Siti Maryam sarêng amiyarsi |
dhawuhipun sri nata Bahgêdad |
mung prasaja aturane |
dhuh gustiku sang prabu |
kakasihe Hyang Maha Sukci |
mugi linêpatêna |
sagunge bahêndu |
awit saking jrih kawula |
mring pun biyung bokbilih dipun srêngêni |
têmah (n)dhêdhêr druhaka ||

23.
Dene bilih pun biyung marêngi |
ulun èstu andhèrèk sakarsa |
sri nata sru sukèng tyase |
payo iridên ingsun |
mring wismane renanta nini |
Siti Maryam tumulya |
sisingir swara rum |
mendanira wus ngalêmpak |
cinacahkên jangkêp anulya giniring |
sapraptanirèng wisma ||

Jilid 2 - Kaca : 169

24.
Siti Maryam ngling mring biyangnèki |
lah punika wontên tiyang prapta |
kalangkung kathah rencange |
ayun pianggih biyung |
Ni Ngalimah sarêng ningali |
kalangkung ngunguning tyas |
sangêt ajrihipun |
sang nata nulya ngandika |
èh ta nini sira aja belatampi |
manira atêtanya ||

25.
Apa sira bokne bocah iki |
Nyi Ngalimah grago aturira |
inggih-inggih saèstune |
punika anakulun |
ingkang dados têlênging ati |
paranta karsanira |
lan sintên wong bagus |
rencange kalangkung kathah |
sri narendra ngandika yèn takon mami |
naranata Bahgêdad ||

26.
Nyi Ngalimah gupuh manganjali |
saha matur nyuwun pangaksama |
sakèhing kalêpatane |
èh nyai yèn panuju |
anakira si Maryam iki |
sunpundhut dumadiya |
garwènggong satuhu |
kathah dènnya amiluta |
mrih pakolih nyi randha sumanggèng kapti |
namung anyuwun dinar ||

27.
Sawawrate ing sutanirèki |
wus tinraju lawan uwang êmas |
tigang unta dumugine |
kalih dasa untèku |
taksih awrat Siti Maryami |
nyi randha aturira |
gusti sampun-sampun |
tumraping jasad-kawula |
donya kathah malah angribêdi ati |
kèndêl dènnira wawrat ||

28.
Maryam sampun binêkta narpati |
sapraptane prajadi Bahgêdad |
têtêp ngrênggani purane |
laminya tan cinatur |
sampun darbe putra kakalih |
kang sêpuh sinung parab |
Abubakar mungguh |
ginadhang gumantya nata |
arinira Siti Kalimah wêwangi |
nahênta pramèswara ||

29.
Nyuwun idi arsa tuwi maring |
ingkang rama dhumatêng ing Mêkah |
sang aprabu andikane |
sira pojar maringsun |
anakira Kalimah Nyai |
ing mangke sira arsa |
tuwi wong tuwamu |
bêcik sira sajarwaa |
babo sapa kang ayoga sira yayi |
Dyah maryam matur nêmbah ||

30.
Sèwu-sèwu apuranta gusti |
bilih mangkya nyuwun pangaksama |
datan sagêd ngaturake |
têmbe manawi sampun |
kula bêkta sowan sang aji |
kadangua piyambak |
tiyang sêpuhulun |
nggaraitèng tyas sri narendra |
wus linilan ambêkta putra kêkalih |
de manggalaning lampah ||

Jilid 2 - Kaca : 170

31.
Mantri-muka wadya kuswa ngiring |
wus samêkta kalilan umangkat |
tan kacriyos ing lampahe |
sipêng madyèng wanagung |
sêrap janmi kiyai patih |
têkiyur imanira |
Ijajil kukuwu |
lumêbêt mring unggyan risang |
pramèswari lagya angêloni siwi |
ki patih angrêrêpa ||

32.
Manuara mrih lunturing kang sih |
sri dayita kalangkung lênggana |
asru pamurih èngête |
ki patih mêksa (m)bêrung |
malah-malah ngajrih-ajrihi |
angagari jambiya |
bilih botên nurut |
sayêkti ulun-jambiya |
langkung eman pramèswari datan lirip |
putra gya jinambiya ||

33.
Wus ngêmasi binêkta mring (n)jawi |
wus pinêtak tan ana kang wikan |
wanci byar tata barise |
lajêng ing lampahipun |
pan kasaput ing ratri malih |
sipêng madyaning wana |
kadi ingkang sampun |
jinaganan wadya bala |
lingsir ratri samadya wus samya guling |
patih angot gêndhila ||

34.
Amanggihi sang dayita malih |
ingkang lagya angêloni putra |
patih amêksa ature |
gusti manawi lumuh |
datan wande putra-nirèki |
ulun-jambiya pisan |
kadi kang rumuhun |
pramèswari ing tyas panggah |
lingira ris apa sakarsanirèki |
Allah tan kasamaran ||

35.
Kyai patih wus tan nêdya eling |
putra kang lagya kinêlonan |
jinambya prajanane |
ludiranya sumêmbur |
kapisanan nulya ngêmasi |
Mariyam yun cinandhak |
gya malumpat gupuh |
lumajêng anasak wana |
iblis laknat wus nginggati kyai patih |
kaduwung rawatwaspa ||

36.
Kunarpanya risang raja siwi |
wus binêkto singidan pinêtak |
langkung ribêt bingung tyase |
umêdal akalipun |
bêngok-bêngok sarwi anangis |
kagyat kang wadya kuswa |
sami ting bilulung |
adhuh kanca katiwasan |
pramèswari kalawan sang rajasiwi |
katri pinangan sima ||

Jilid 2 - Kaca : 171

37.
Kunarpane datan ana kari |
wadya kuswa sadaya sungkawa |
tambuh-tambuh ing solahe |
ki patih asru muwus |
apa manèh ingkang pinikir |
kabèh aywa na susah |
lupute nèng aku |
pra wadya asrêp ing nala |
payo nuli budhalan bali mring nagri |
ukume sri narendra ||

38.
Ingsun dhewe ingkang anglampahi |
wus budhalan ingkang wadya kuswa |
wangsul marang ing prajane |
sadaya arawat luh |
maras-maras tyas kêtir-kêtir |
dumuginipun praja |
ki patih lumêbu |
prapta ngalbyantara nata |
ngaraspada pêgat-pêgat ngasmarani |
waspa drês marawayan ||

132 Asmaradana

1.
Dhuh gusti sri narapati |
amba atur pêjah gêsang |
sumanggèng karsa sang katong |
saking gung cacad dinuta |
angatêr sang dayita |
sarêng dumugi wanagung |
nèng riku manggih babaya ||

2.
wontên ingkang sima katri |
lumêbêt ing twah sang rêtna |
mangsa garwa putra katong |
garwa tuwan tuwin putra |
seda minangsa sima |
wadya uning sampun rampung |
sima wau panêdhanya ||

3.
Lêngêr lêngêr sri bupati |
sapandurat tan ngandika |
kalangkung ngungun galiye |
ginagas-gagasing driya |
èngêt ing garwa putra |
sru dahat duhkitèng kalbu |
sang nata sangêt udrasa ||

4.
Wus pinupus lawan takdir |
binengkas budi tawêkal |
sinèndhèkkên mring kang gawe |
sirna ilang kang sungkawa |
linud ing panarima |
pan wus karsane Hyang Agung |
puluh-puluh kadiparan ||

5.
Mring ngêndi (ng)gonne sumingkir |
kawula darma lumampah |
nora bisa obah dhewe |
yèn mungguh karêping jalma |
tan ana sêdya susah |
kabèh bungah kang kinayun |
tandhane karsèng Hyang Suksma ||

6.
Dene tan bungah sakalir |
Allah tan kêna pinrentah |
mung ngagêm Karsane Dhewe |
kaya ngapa (ng)gonne selak |
lamun mèriya liyan |
kang jinurung ing saumur |
sathithik sungkawanira ||

Jilid 2 - Kaca : 172

7.
Wus pasthi tan bisa mèri |
sabab kuwasaning Suksma |
tinitah kadi mangkene |
nanging ta rèhning kawula |
tan uning takdirira |
bêgja cilaka tan surup |
marmanta taksih ihtiyar ||

8.
Yèn mukaranah ing takdir |
marma maksih amiminta |
bok kaparêng ing Hyang Manon |
mugi Tuwan ambukaa |
sumpêging manah-amba |
dhuh Gusti (m)ba nyuwun tulung |
paduka langkung kawasa ||

9.
Kang anglimputi sakalir |
atas nèng ngarsa Pangeran |
kang mêngkoni sakabèhe |
mugi Allah nglambangana |
maring garwa sutamba |
dhuh Gustiku Kang Mahagung |
amba dahat nangis Tuwan ||

10.
Tan wontên ingkang kaliling |
mung Tuwan têlênging driya |
kang sagêd (m)bengkas salire |
marmamba tan sêdya oncat |
mung anut karsa Tuwan |
sanadyan kinarya dudu |
mring pundi (ng)gonne suminggah ||

11.
Dhuh Tuwan Rabilngalamin |
kita mung nyuwun ngapura |
sagung lêpat amba kabèh |
kang satmata lan kang samar |
rèhning ulun tan wikan |
kang uninga mung Hyang Agung |
mila muhung nangis Tuwan ||

12.
Pamintamba marang Gusti |
rèhning kawula tiyang ngam |
tan kuwawi cobèng Manon |
mung nuwun sakuwat amba |
sampun Tuwan sinungan |
ing donya kalangkung agung |
bokbilih amba tan kuwat ||

13.
Nuduhkên takabur Gusti |
tuwin sampun pinaringan |
kikirangan langkung kad-e |
bokbilih amba tan kuwat |
dadya ngêrsulèng Tuwan |
lah Tuwan anuwun puguh |
lan Tuwan sampun sinungan ||

14.
Susah ingkang sangêt Gusti |
bokbilih amba tan kuwat |
(m)bibrahkên manah kang sae |
lan Tuwan sampun sinungan |
bingah kalangkung êkat |
bokbilih amba têkabur |
katrècèt mring kakupuran ||

15.
Tyasingsun kadi wong (n)dlêming |
dene Allah sunpranata |
sunpurih manut tyasingong |
pasthi wus lamun tan bisa |
Allah pan nora karsa |
maring Êdat liyanipun |
beda kita karêp Tuwan ||

Jilid 2 - Kaca : 173

16.
Pangomyang-amba puniki |
mung saking bangêting susah |
dadya sawêtu-wêtune |
nanging mungguh yêktinira |
kabèh karêp manira |
rêbut dhucung ing tyasingsun |
tan bisa ngèwahkên kodrat ||

17.
Dadi mung bingung tyasmami |
tambuh-tambuh kang sinêdya |
kajaba (ng)glundhung Hyang Manon |
awit kabèh ciptaningwang |
lawan prihatin kita |
lan sakrêntêging tyasingsun |
kabèh iku tanpa pedah ||

18.
Mung cumadhong karsèng Gusti |
apa kang dèntakdirêna |
yaiku pasthi anane |
tanpa gawe pinikira |
jaba mung suhul Tuwan |
bokmanawa (n)tuk pitulung |
sabab Allah sipat rahman ||

19.
Kawula wungsal-wangsuli |
panggrêsahe sri narendra |
katungka Mahrib wêkdale |
dèrèng kula lajêngêna |
cariyos sri Bahgêdad |
kilap kadadosanipun |
lalampahaning ki patya ||

20.
Kakang kula nyuwun uning |
bapakipun Siti Maryam |
adhi Ngabdullah namane |
têdhak Kurès nagri Ngarab |
kênèng pangamandaka |
dinakwa jina puniku |
lawan Ki Sangip namanya ||

21.
Anulya utusan siwi |
sadhèrèkè Siti Maryam |
Sèh Abubakar namane |
sapraptanira ing wana |
tan têgêl mêjahana |
Abubakar tandya mantuk |
matur yèn wus pinêjahan ||

22.
Manthuk-manthuk kang sinung ngling |
kêtib Iman cariyosnya |
sigêg gantya winiraos |
ingkang cakêt jajagongan |
lawan Kyai Rasika |
jrukunci ing Glagaharum |
tinimbang amêdharêna ||

23.
Cariyosipun sang Aji |
Ngamarta Sri Darmawangsa |
paranbaya darunane |
dene sumare ing Dêmak |
kubur kalangkung panjang |
Kyai Rasika lingnya rum |
kabar makatên purwanya ||

24.
Nalikanira ing nguni |
mekrading natèng Pandhawa |
mawi srana pêjah obong |
Yudhisthira Sri Ngamarta |
Rahadèn Wrêkudara |
Janaka myang arinipun |
kalih Nangkula Sadewa ||

25.
Nênêm garwanya Sang Aji |
Yudhisthira ing Ngamarta |
Dyah Drupadi jujuluke |
kasapta Wara Sumbadra |
dayitèng Dananjaya |
Dyah Kunthi kawolunipun |
kang ibu katri Pandhawa ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (23) Kaca 165 – 167
  • (25) Kaca 173 – 183 >