Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (33a) Kaca 216 – 226

 

( Pêngantèn Kajagi Dening Para Tamu Wanita )

VI. Pêngantèn kajagi dening para tamu wanita.

1. Pangantèn ingkang sampun paripurna upacaranipun lumêbêt ing paprêman, kajagi dening para tamu wanita ingkang sami rêrêmbagan sarta mêdhar dêdongengan bab kasêtyanipun wanita dhatêng bojonipun. Nyai Atikah, ngulama wanita nyariyosakên lêlampahanipun Nyi Kasanah ingkang sakalangkung sêtya dhatêng bojonipun ingkang wasta Suhul. Nalika bojonipun kesah dagang, Kasanah katitipakên adhinipun nanging badhe kacidra-asmara, botên purun, lajêng kapitênah ngantos kaukum. Badanipun kapêndhêm sapalih, kabênturan ing sela. Kakintên sampun pêjah, lajêng kabucal dhatêng kuburan. Angsal pitulunganipun tiyang dagang, lajêng kadadosakên rencang. Badhe kapêndhêt semah botên purun, wasana kapasrahan momong anakipun. Kapitênah dening sami rencang jalaran botên purun kacidra-asmara, lajêng katundhung kanthi pasangon arta.

Ing margi mitulungi tiyang ingkang kaukum jalaran slingkuh, nanging tiyang wau malah badhe rêmên lan wêkasanipun mitênah. Kasanah kasade dhatêng tiyang dagang lêlayaran, kabêkta dhatêng sanès nagari. Ing kapal Kasanah badhe karodapaksa, nanging tansah wurung awit saking pitulunging Allah. Lumêbêt nagari sanès, lajêng santun pangangge jalêr wêkasan kaangkat dados raja Alim sarta sagêd njampèni sawarnining sêsakit. Para ingkang mitênah sami nyuwun pitulungan. Ugi kapitulungan, nanging kêdah nyariyosakên sababipun sakit.

Ki Suhul nyuwunakên jampi adhinipun, sagêd saras. Sang prabu ingkang èstunipun Nyi Kasanah wau pamit sholat, wasana ing salêbêting pasalatan kapanggih sampun seda.


Kaca 216 - 236.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 216

143 Pangkur

2.
Locitanira ing nala |
padha luwih abdidalêm sang mulki |
tan ana kuciwèng sêmu |
sêmu sumèh jatmika |
anaracak mêrakati tandang tanduk |
tuhu prajèng Ngêksiganda |
têlêng kraton bawah angin ||

3.
Tumênggung Sujanapura |
atanya ris marang kiyai panti |
lah kakang sintên puniku |
rare nêmbe kawuryan |
angladosi tandange têka tan kidhung |
pasêmon sanès tyang praja |
kadi trahe wong ngaluwih ||

4.
Ki Pujangkara turira |
nuwun inggih punika ingkang nami |
Mas Cêbolang aslinipun |
santri saking Cilacap |
sampun lami mondhok wontên wismanipun |
pènakanulun Têngara |
ulun têpang dèrèng lami ||

5.
Kilap punika lurah |
sarêng têpang tan mawi walangati |
sih trêsna lajêng tumutur |
mèsêm Sujanapura |
wawi kakang kula badhe tumut payu |
Mas Cêbolang tinimbalan |
wus parêk tinanya ririh ||

6.
Anakmas manira tanya |
nama miwah aslimu saka ngêndi |
sapa namane ramamu |
tanapi ibunira |
dènprasaja wus lawas pangrunguningsun |
sira nèng nagri Mataram |
wus akèh para priyayi ||

7.
Kang wanuh kalawan sira |
babasane mangkya kapasangyogi |
goningsun kapengin têpung |
Cêbolang duk miyarsa |
andikane ki tumênggung kadi juruh |
rinaras-raras rasèng tyas |
bêcik blaka apa mukir ||

8.
Wasana nêmbah turita |
nama ulun Cêbolang tiyang saking |
ing Sokayasa pukulun |
dene ingkang ayoga |
nama Ki Sèh Akadiyat biyung ulun |
nênggih nami Siti Wuryan |
tan darbe kadang sawiji ||

Jilid 2 - Kaca : 217

9.
Jalaran amurangsarak |
anuruti angkara mudha pingging |
manah muyar mawut-mawut |
tangèh wrin kautaman |
rèh nalisir kaliyan sudarmaulun |
merang ing tyas mring sasama |
kabarangas ngikis ratri ||

10.
Dumadya katula-tula |
kapalantrang praptèng nagri Mantawis |
wontên ingkang sarju ngukup |
nama Amat Têngara |
sanalika panganggêpipun mring ulun |
kadi tunggal dadah dulang |
tinêpangkên pra priyayi ||

11.
Tumênggung Sujanapura |
manthuk-manthuk maspadakkên kang warni |
(m)bêg mudha wus wiyahipun |
nanging kwasaning Suksma |
ing papasthèn pasthi tan kêna ginayuh |
ana sakawit utama |
wasanane tiba nisthip ||

12.
Ana kawitan angkara |
wasanane dadya jalma linuwih |
aywa sumêlang ing kayun |
Allah luwih kawasa |
Mas Cêbolang karasèng tyas makidhupuh |
ki tumênggung malih nabda |
(m)besuk sabubaring kardi ||

13.
Panuju sêla ing karya |
kaparênga dolan mring wismamami |
Mas Cêbolang nêmbah matur |
nuwun dhatêng sandika |
tyas kalangkung bingah amarwata sunu |
dene ta wong agung karsa |
nyaruwe mring dama nisthip ||

14.
Pra tamu kang samya cêlak |
kèh miyarsa dènnya lawanan angling |
dilalah anut tumutur |
sih wêlas mring Cêbolang |
sampun mundur anyakêti dènnya lungguh |
kalawan Ki Panjangêmas |
(ng)gèr kula mundur rumiyin ||

15.
Basane madal pasilan |
benjing-enjing sontên kinèn angringgit |
ngiras murwakalanipun |
pangantèn èstri apan |
duk amipis jampi tugêl gandhikipun |
wus mantuk Ki Panjangêmas |
nahên kang winuwus malih ||

16.
Pangantèn rampunging panggya |
kacar-kucur pinangka ing sudarmi |
myang ngujung mring kakungipun |
tanapi mring pra wrêdha |
sawatara gya lumêbêt gêdhong santun |
pangagême sakaliyan |
nulya mêdal (n)jawi malih ||

17.
Bujana mring gadri wuntat |
kêmbul lawan sanggyaning tamu èstri |
sêkul-lulut kadya gunung |
nèng ngarsane pangantyan |
rêsêp rahap dènnya andrawina nutug |
sawuse dènnya bujana |
wangsul maring wisma malih ||

Jilid 2 - Kaca : 218

18.
Lalênggahan sawatara |
pangantyan gya tinilêmakên maring |
patanèn samir tinutup |
ngajêngan sinung rana |
para tamu dèrèng wontên ingkang mantuk |
sugata lumadyèng ngarsa |
dhaharan wedang tap-sirih ||

19.
Tamu ngulamèstri nama |
Ny Atikah micara tutuk manis |
tinimbang rencangnya lungguh |
masalahing wanodya |
ingkang sampun tinraping korasan luhung |
kinarya sambèn lênggahan |
lawan dumadya palupi ||

20.
Nyi Atikah mèsêm lingnya |
luwih atut pamintanira nini |
karêbène aja ngantuk |
kocapa jroning praja |
Banisrail ana juragan linangkung |
sugih branarta budiman |
Ki Suhul arannirèki ||

21.
Kadange sawiji priya |
aran Kasut tunggal sayayah-bibi |
satuhune Kyai Suhul |
kalangkung butarêpan |
de bojone wadon Kasanah rannipun |
ki juragan arsa kesah |
dagang marang liyan nagri ||

22.
Pakewuh kang pinarcaya |
tunggu wisma Ki Kasut dènpasrahi |
rumêksa ing ipènipun |
wêlinge wantya-wantya |
aja kongsi sinung wruh têtamu kakung |
wusing mêling nulya budhal |
korining wisma kinunci ||

23.
Sabên ari tinilikan |
mring Ki Kasut sung salam saking jawi |
sinauran salamipun |
sawiji dina lagya |
nèng patirtan dhatêngira jaka Kasut |
asung salam kadi saban |
nanging tan ana nauri ||

24.
Kathah panggagasing nala |
sigra ngambil andha pinasang wuri |
pinènèk Ki Kasut mangsuk |
Kasanah nèng patirtan |
maksih wudya myat ipe dhatêng tyas gugup |
ngurat tinuturan rema |
kacukup sangkriping èstri ||

25.
Ki Kasut dupi uninga |
mring ipene warnane yu linuwih |
sru kasmaran gandrung-gandrung |
kalimput trêsnèng kadang |
pangucape miminta sih mring salulut |
Kasanah tyas tarataban |
pituturira (n)drêwili ||

Jilid 2 - Kaca : 219

26.
Mrih èngêt wurunging sêdya |
Kasut cuwa wirang umêdal aglis |
karungrungan gandrung-gandrung |
praptèng wisma ngupaya |
èstri ingkang mirib warnane kang bakyu |
nanging tan ana tumimbang |
dadya kalantur gêng brangti ||

27.
Dalu Ki Kasut gya marang |
wismèng ipe Kasanah lagya guling |
ginugah gragapan (n)jêtung |
Kasut anggung miluta |
Nyi Kasanah rèrèh ririh lingira rum |
yayi èlinga kakadang |
(m)bok dènwêdi ring Hyang Widdhi ||

28.
Ingkang nora kasamaran |
ing sasolah tingkah osiking kapti |
sira pinarcaya èstu |
marang ing rakanira |
têka badhe rinusak pribadi èstu |
kula tan apti akarya |
druhakèng Pangran myang laki ||

29.
Ki Kasut sugal wuwusnya |
bilih èstu kakangbok tan nuruti |
bilai dènnya tan wurung |
Kasanah saurira |
sira ayun gawe kiyanat wakingsun |
mangsa bodhowa Pangeran |
Ki Kasut merang wus mijil ||

30.
Byar prapta wisma anulya |
asasaji nyêpakkên sandhang picis |
ngaturi wong priya sêpuh |
catur sinuba-nuba |
Kasut angling nyaritakên wêlingipun |
kadang kakang lunga dagang |
miwiti malah mêkasi ||

31.
Mangkya ipe kula jina |
arsa kula ukumakên mring nagri |
ananging kapalangulun |
tan darbe sahit mangka |
sakalangkung ribêting manah satuhu |
ki tuwa catur wus sagah |
sami umanjinga saksi ||

32.
Tandya maring pangadilan |
lan pangulu Ki Kasut sampun panggih |
purwa wasanane katur |
pangulu atatanya |
apa sira darbe sahit saksi tuhu |
ature darbe sakawan |
wong papat wus anèng ngarsi ||

33.
Pangulu alon tatanya |
catur saksi padha wus supatani |
aturnya inggih saèstu |
uning Kasanah jina |
panjingipun maring Kasanah puniku |
ki pangulu gya utusan |
modin ambêkta piranti ||

Jilid 2 - Kaca : 220

34.
Nimbali wadon Kasanah |
wus kapanggih Kasanah dèndhawuhi |
rèh tan rasa nandhang luput |
kèh-akèh wangsulannya |
tan rinungu ki modin anjirêt gulu |
wadon Kasanah linarak |
ngrês wêlas ingkang udani ||

35.
Praptèng ngarsa kalidamar |
asung salam umatur mêlas asih |
pratela sucining kalbu |
gantya tanya mring dakwa |
lawan saksi ature satuhu wêruh |
cidraning wadon Kasanah |
tinêtêpakên ing dalil ||

36.
Si Kasanah kukum ranjam |
nulya undhang warata wong sanagri |
padha têka andudulu |
dadi têpa tuladha |
wusing pêpak maca kutubah pangulu |
tamat ing pamacanira |
Kasanah pinêndhêm margi ||

37.
Badan saparo katingal |
ki pangulu parentah mring ki saksi |
kang ginugat kinin gupuh |
awit ambênturana |
bênêr luput tan lyan mung anèng sirèku |
ingsun sayêkti sadarma |
amatrapi kukum adil ||

38.
Kasut lan saksi sakawan |
wus tumandang nulya sakèhing janmi |
samya balang ukur-ukur |
kèh nolèh asru wêlas |
mung Ki Kasut lan saksi sakawan bikut |
pinrih praptaning antaka |
kulit ajur ting saluwir ||

39.
Warni lir pindha kaluwa |
(m)bok Kasanah nanging sajroning ati |
asasambat kakungipun |
kyai kariya wirya |
anèng paran mugi rinêksèng Hyang Agung |
kawula nêdha apura |
dosèngngong ing awal akir ||

40.
Tulus andasihkên mring wang |
mêlêng ing tyas mring Pangeran kang Karim |
nêngna kang samya angrungu |
kojahe Nyi Atikah |
gondhong garing ana ingkang (m)barêbêl luh |
wêlas maring (m)bok Kasanah |
lir mas Tumimbuling warih ||

Jilid 2 - Kaca : 221

144 Maskumambang

1.
Sêrêt matur mangga linajêngna nyai |
cariyos Kasanah |
damêl ngêrês ing tyas tistis |
Nyi Atikah mêdhar sabda ||

2.
Bok Kasanah kinira uwus ngêmasi |
nulya kinèn (m)bawang |
marang kubur cakêt margi |
ngurate katon sadaya ||

3.
Gilang-gilang nèng kubur tan na ngrawati |
rinuhung srênggala |
saka parmaning Hyang Widdhi |
srênggala tan bisa mangsa ||

4.
Wayah bangun angin ngatirah sumilir |
ngalilir sasambat |
niayane ipenèki |
ya Allah nyuwun apura ||

5.
Banjur ana Baduwi dagang lumaris |
nunggang untanira |
angiring lêskar sawiji |
raryan cêlak pakuburan ||

6.
Jroning raryan ngrungu swara rintih-rintih |
tanya marang lêskar |
ature inggih miyarsi |
kyai manawi tyang pêjah ||

7.
Lah mèluwa payo padha diparani |
lêskar anèng wuntat |
praptaning kubur udani |
wong wadon akutbah êrah ||

8.
Wuda nglungsar gya angulig-ulig sikil |
sarta tinakonan |
sirèki uwong punapi |
pa jin setan bêrkasakan ||

9.
Bok Kasanah ririh sêrêt aturnèki |
kyai kula tiyang |
umating Widdhi kang langip |
bok inggih aparing toya ||

10.
Saclêgukan supados tuwan ing benjing |
winalês dening Hyang |
ngara-ara Mahsar akir |
amanggih toya kang mulya ||

11.
Takon manèh Baduwi apa sirèki |
kang dinakwa jina |
kukum ranjam kongsi mati |
anauri (m)bok Kasanah ||

12.
Apratela ing salalakone nguni |
Baduwi parentah |
mring lêskar angambil warih |
wus prapta sinungkên sigra ||

13.
Bok Kasanah angling tan bisa nampèni |
ya tuwan tulusna |
krana lah tulung kaswasih |
(n)dika junjung sirah kula ||

14.
Nuntên tuwan curri toya cangkêm-mami |
tinurut mangkana |
sawusira ngêlêt warih |
(m)bok Kasanah rada kuwat ||

15.
Matur malih sampun tanggêl gawe bêcik |
tutulung kasiyan |
ki Badwi alon nauri |
kaya ngapa karêpira ||

Jilid 2 - Kaca : 222

16.
Tuwan bêkta awak kawula yèn lalis |
tuwan angsal rahmat |
agêng kawula yèn urip |
dadosa lêskar paduka ||

17.
Badwi rêmbag lan rencang wus anyondhongi |
jinunjung mring unta |
sinasaban amrih rêmit |
ginawa wus praptèng wisma ||

18.
Mudhun saking wisma binopong mring panti |
pra rabine mapag |
sarwi tanya anyalêkit |
niku bakal maru kula ||

19.
Ki Baduwi supatanira dharindhil |
myang ngandhar carita |
(m)bok Badwi dupi miyarsi |
runtuh sihe bangêt wêlas ||

20.
Badwi wadon angopèni anambani |
tan antara lama |
waras kadi nguni-uni |
warna wuwuh ayu endah ||

21.
Ki Baduwi mulat manahe agonjing |
warnane Kasanah |
tan na winancèn sadêmi |
sêdhot aluwês pasaja ||

22.
Antêng ruruh rêspati jatmika manis |
alus amrakatya |
tur abêkti ing Hyang Widdhi |
lungit pasanging graita ||

23.
Pramilane Ki Badwi sangêt kagume |
tansah sabil ing tyas |
tawêkal pinasang klêndhih |
wasana ngling mring Kasanah ||

24.
êh Kasanah sira arsa ingsun kawin |
Kasanah aturnya |
kula taksih darbe laki |
tan ilok manggih druhaka ||

25.
Tuwin ngursak ngamal prayogi ngèngêti |
janjine Hyang Suksma |
baduwi dupi miyarsi |
sinung èngêt asru tobat ||

26.
(m)Bok Kasanah angling marang ki Baduwi |
kula darbe nadar |
yèn kaparêng ing panggalih |
nyuwun momong putra tuwan ||

27.
Wus sinungan momongan anak Baduwi |
cumucut wayahnya |
momong sinambi ngabêkti |
wus kadya wêka priyangga ||

28.
Wirang isin duk rinanjam sirna tapis |
rêna sukur ing Hyang |
mangkya ki lêskar ing uni |
sru kedanan mring Kasanah ||

29.
Kapiadrêng tinantun kinarya rabi |
nanging (m)bok Kasanah |
malah bangêt mituturi |
amrih elinge ki lêskar ||

30.
Nora eling malah bêngis apêpeling |
ayun apitênah |
Kasanah wacana aris |
ingsun pasrah ing Hyang Suksma ||

31.
Lêskar merang karanjingan lanat eblis |
wayah sirêp janma |
lêskar mara marang (ng)gènning |
(m)bok Kasanah lagya nendra ||

Jilid 2 - Kaca : 223

32.
Angêloni sutane kyai Baduwi |
lêskar wusing cêlak |
ladingnya nulya tinarik |
anak Baduwi pinragat ||

33.
Gurung pêgat rah sumêmbur anggrubasi |
jajane Kasanah |
kapati dènnira guling |
alon wêtune ki lêskar ||

34.
Dupi bangun ki Baduwi mring (ng)gon siwi |
kagyat mulat ing rah |
(mb)alabar pinriksa aglis |
gurunge atmaja pêgat ||

35.
Sru bramantya sarwi angujar-ujari |
kagyat kang anendra |
(n)jêtung datan bisa angling |
Badwi jalu èstri mojar ||

36.
Sarwi nangis wawalêsmu baya iki |
kang gawe kiyanat |
setan nora sêdya eling |
kapotangan kabêcikan ||

37.
(m)Bok Kasanah karuna kèh sambatnèki |
dhuh tuwan punika |
dhêndhaning Hyang duk kiyai |
arsa nuting napsu hawa ||

38.
Ngajak jina ulun datan animbangi |
mangkene pinanggya |
mendah kalakona nguni |
pasthi luwih kasangsara ||

39.
Dêmi Allah datan damêl awon maring |
sutèngsun priyawak |
tuhu ulun datan uning |
Baduwi saya bramantya ||

40.
(m)Bok Kasanah tinundhung myang dènsangoni |
limang atus dirham |
pêgat-pêgat dènnya pamit |
luh adrês kadi turasan ||

145 Mêgatruh

1.
Mêdal saking wisma liwung tanpa dunung |
lawan kang sinêdyèng ati |
saparan muhung nut pungkur |
jalma kang padha lumaris |
arta myang rukuh ginendhong ||

2.
Ing lakunya prapta sawiji praja gung |
(m)bok Kasanah aningali |
uwong sinulah rinubung |
kang sinulah maksih urip |
marêk takon dosaning wong ||

3.
Sinauran uwong iki dosanipun |
ngêntèkên artaning Gusti |
luwar yèn ana kang nêbus |
(m)bok Kasanah takon malih |
pintên (n)têke arta katong ||

Jilid 2 - Kaca : 224

4.
Saupami arta nata datan wangsul |
punapinggih dènpêjahi |
rèh sami bangsa Islamu |
kang yun nyulah amangsuli |
yêktine tan kukum layon ||

5.
De wang amung dirham êmas kawan atus |
prentah andika uculi |
punika arta panêbus |
arta wusnya dèntampani |
Kasanah lajêng dènnya (n)don ||

6.
Kang sinulah wusnya luwar tanya gupuh |
lah punapa sababnèki |
têka linuwaran ulun |
kang nyulah nauri aris |
ana sawiji wong wadon ||

7.
Kang nêbusi dirham êmas kawanatus |
kang sinulah gya nututi |
cêluk-cêluk ya tuwanku |
wanita asih kaswasih |
kèndêla pêpundhèningong ||

8.
Ingandhêgan kang sinulah wus apangguh |
matur tuwan kang nêbusi |
mring ulun saklangkung nuwun |
sasat tuwan angsung urip |
kawula malês sayêktos ||

9.
Kaabdèkna ing sapurug anut pungkur |
(m)bok Kasanah amangsuli |
andika lungaa gupuh |
saking sajroning nagari |
dene ênggon ulunpasok ||

10.
Krana Allah tutulung ing kawlasayun |
kang sinulah ciptanèki |
wong iki anyamut-nyamut |
lawan rasane tyasmami |
sun tan mundur praptèng layon ||

11.
Wus umanjing rêncakane setan gundhul |
ngangsêg marêk dènnya linggih |
miminta sihing pangungrum |
prasêtya ing dunya ngakir |
tulusa golong-gumolong ||

12.
Amarêngut amangsuli asung pemut |
ingsun isih darbe laki |
dènwêdi siksèng Hyang Agung |
wong dènêntas saking pati |
malês bilai tan ilok ||

13.
Tan rinungu gya nyandhak paglangan gupuh |
Kasanah nangis ing Widdhi |
katrima dènnya nyênyuwun |
kinipatkên mlêsat têbih |
tibane kongsêp kajongor ||

14.
(m)Bok Kasanah lajêng wau lampahipun |
kang kongsêp satêngah mati |
rêngkêng-rêngkêng grigah-griguh |
sangsayarda nora eling |
supata maring Hyang Manon ||

Jilid 2 - Kaca : 225

15.
Nora suda rasaning tyas yèn tan lampus |
kadhingklangan anututi |
kininthil sapurugipun |
praptèng têpining jaladri |
sang dyah ngaso suku rapoh ||

16.
Kang nututi uga prapta pinggir laut |
singidan nora kaèksi |
ana baita kadulu |
ingawe lawan kulambi |
wonge prau samya anon ||

17.
Matur maring lurahing parau gupuh |
labuh jangkar angandhêgi |
kèngkènan mantrus tumurun |
nampang sampun wus apanggih |
kalawan wong lanang pekoh ||

18.
Lingnya manis mula ngawe pamintèngsun |
ajêng tumut minggah maring |
palwa wontên kajatulun |
wus binêkta minggah prapti |
palwa gung nangkoda takon ||

19.
Iya apa kang dadi gatining kalbu |
winangsulan jênêngmami |
rumuhun atmajèng ratu |
rama ulun wus ngêmasi |
nanging tan gumantya katong ||

20.
Anuruti hardaning kang hawa napsu |
masakat ingkang pinanggih |
amung kari lêskar ulun |
sawiji ayu linuwih |
rèh mêsakat ulun êdol ||

21.
Tur punika kakasih jantunging kalbu |
lah nika (n)dika tingali |
nèng pasisir lagya lungguh |
para nangkoda nanggapi |
nanging kyai wêlingingong ||

22.
Dèn asandi ywa nganti uning mring ulun |
wit trêsna sih maring mami |
mêndahane lamun wêruh |
kula sade têmtu nangis |
pra jurugan gupoh-gupoh ||

23.
Samya miyat mring Kasanah lagya lungguh |
sru kasmaran wangsul aglis |
mring palwa gung kumarumpyung |
jor jinoran dènnya ngawis |
patang atus dirham pantog ||

24.
Wus tinampan arta patangatus wutuh |
si pekoh pamintanèki |
kinesahna badanulun |
supados aywa udani |
juragan tumurun alon ||

25.
Numpang sampan ngudhunakên si kêpaung |
juragan nulya murugi |
marang risang eca lungguh |
panggih awacana manis |
lah payo dakgawa dhenok ||

26.
Mring palwa gung Kasanah tyas sru kumêpyur |
mangsuli paran kang wadi |
sirèku dèndol tuwanmu |
aku kang tuku (n)dhuwiti |
patangatus dinar kropyok ||

Jilid 2 - Kaca : 226

27.
(m)Bok Kasanah mangsuli satuhunipun |
kawulane Suksma muklis |
amardika ing Hyang Agung |
dudu kamat jariyahi |
dudu lêskar dudu tukon ||

28.
Akèh-akèh sambate datan rinungu |
pinarwasa binêkta glis |
mring palwa gung wus ingusung |
dalu juragan marani |
(m)bok Kasanah dahat lumoh ||

29.
Laku dudu rinêksa dening Hyang Agung |
juragan adrêng ing kapti |
ayun angrangkula gapyuk |
(n)jola nêbut kênèng sarik |
cikêr tanganira karo ||

30.
Jêlih-jêlih awak baita gumrubyuk |
tanya paran darunaning |
wus winêdhar sababipun |
(m)bok Kasanah dènaturi |
pininta apura gupoh ||

31.
Ingapuran gya (n)do-donga ring Hyang Agung |
juragan waluya jati |
sumungkêm sru ajrihipun |
pinardikakên pinundhi |
sinungan branarta kaot ||

32.
Ing dalune malih wong awak perau |
kang samya kandhuhan wingit |
sêdyarsa agrabasèng lulut |
(m)bok Kasanah ngadêg sarwi |
(n)junjung astanira karo ||

33.
Andodonga nyuwun pitulung Hyang Agung |
nulya carat taun prapti |
angin topan wus tumêmpuh |
niyup wong sapalwa gusis |
muhung Kasanah tan kegoh ||

34.
Gya angrasuk busana awarna kakung |
punang palwa gung wus minggir |
praptèng labuhan pinêthuk |
wong nagri lir sabênèki |
Bagus Kasanah tatakon ||

35.
Nagri ngriki napa ontên ratunipun |
kang tinanya lon nauri |
wontên tur agama Rasul |
ambêg paramatèng dasih |
kisanak mungguh karsèng-ngong ||

36.
Kajatamba prau myang saisinipun |
katura paduka aji |
amba kaparênga ngaub |
ing saandhap dhampar gusti |
atur pêjah-gêsang-ingong ||

37.
Sang aprabu suka amarwata sunu |
sakala luntur ingkang sih |
têdhak pribadya mring prau |
Kasanah taksih kinanthi |
barang wus malbèng kadhaton ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (32) Kaca 206 – 215
  • (33b) Kaca 227 – 236 >