Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (38a) Kaca 293 – 309

 

( Dumugi Tanjêp Kayon, Ki Dhalang Mriksa Sajèn Murwakala )

2. Sarampunging lampahan Partadewa dumugi tanjêp-kayon, ki dhalang lajêng mriksa kawontênanipun sajèn Murwakala, jangkêp tur kathah. Ingkang badhe karuwat sampun siyaga mangangge sarwi pêthak, katungka rawuhipun para tamu jalêr èstri. Ki dhalang lajêng lênggah ing ngandhap blencong, ringgit lampahan Murwakala katindakakên. Wiwitan jêjêr Bathara Guru kalihan pramèswari Dèwi Uma kaadhêp Bathara Kala dalah para dewa sanès-sanèsipun. Bathara Kala nyuwun pêpancèn têdha awujud manungsa, kaparingan nanging botên sadhengah manungsa kajawi namung ingkang kalêbêt 'tiyang sukêrta', i.p. ontang-anting, ugêr-ugêr lawang, kêmbang sapasang, gêdhana-gêdhini, gêdhini-gêdhana lan sapanunggilipun, wontên warni kalihwêlas, satunggal-satunggalipun kacêthakakên ciri-cirinipun. Bathari Uma nambahi pêpancènipun Bathara Kala. Sapêngkêripun Bathara Kala, Sang Hyang Naraddha kadhawuhan enggal tumurun dhatêng Ngarcapada nganthi Bathara Wisnu tuwin Brama, pêrlu ngirangi pêpancènipun Kala. Caranipun: Bathara Wisnu dados dhalang ringgit wacucal santun nama Kandhabuwana; Bathara Brama dados panggêndèr èstri nama Surani, Bathara Naraddha dados pangêndhang nama Kalunglungan. Bathara Kala kadhèrèkakên ingkang garwa Bathari Durga tuwin rayi Bathara Panyarikan, nglangut lampahipun pados têdha wujud manungsa. Kapanggih lare ontang-anting nama Jatusmati, lajêng oyak-oyakan nanging tansah mrucut, wasana dumugi ing panggenanipun ringgitan Murwakala. Bêbantahan dhalang Kandhabuwana kalihan Bathara Kala. Bathara kala kawon lan ngakêni dhawah ênèm. Salajêngipun ringgit lampahan Murwakala katindakakên dumugi ing saparipurnanipun.


Kaca 293 - 344.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 294

160 Asmaradana

6.
Kacarita dènnya ngringgit |
tumut ingkang lalampahan |
pajar gidib tancêp-kayon |
dhasar wus gambuh ki dhalang |
gêndhing kawin janturan |
banyol sasabêtan putus |
ngêse karasa ing driya ||

7.
Sêrêng wilêt amranani |
wiraos nglamlami driya |
kalawan kang samya anon |
miwah kang samya miyarsa |
jumbuh tyas mring panggagas |
antawacanane turut |
cocog lan wujuding wayang ||

8.
Dhalang saniyaganèki |
maring langgar samya kadas |
nulya parlu waktu Suboh |
bakda Subuh kyai dhalang |
kajat kalih rêkangat |
paragat anulya wangsul |
lan niyaga mring pandhapa ||

9.
Kyai dhalang mariksani |
sajèn-sajèn myang isarat |
langkêp tan ana kang cèwèt |
dene kang arsa rinuwat |
wus ngrasuk sarwa pêthak |
nèng jro kêlir dènnya lungguh |
jêng-ajêngan lan ki dhalang ||

10.
Para tamu jalu èstri |
kang santri linggar sêmbahyang |
ana kang ngaso mring gêdhong |
siram gya ngrasuk busana |
wangsul maring ngajêngan |
sunggata lumadyèng ngayun |
wedang dharan (n)jing-enjingan ||

11.
Ki dhalang sampun mangarsi |
nèng ngandhap balencong nulya |
nyampala kothak tinampèn |
ayak-ayakan manyura |
bêdhol kayon gya mêdal |
jêjêrnya Bathara Guru |
lawan garwa Dèwi Uma ||

12.
Hyang Narada anèng ngarsi |
Hyang Panyarikan Hyang Kala |
jinantur ririh swarane |
ki dhalang nulya carita |
nênggih ingkang kocapa |
kayangan Suralaya nung |
iya ing Jonggringsalaka ||

13.
Pae lan sri narapati |
Ngarcapada kang ingucap |
ginunggung kawibawane |
lan pambêganing narendra |
jêmbar ingkang jajahan |
miwah luhuring kadhatun |
ing Suralaya ta boya ||

14.
Amung wasesanirèki |
datan wênang winasesa |
wênang murba sakalire |
tan wênang lamun pinurba |
wênang kalamun yoga |
dènyogakkên datan purun |
ajujuluk Hyang Prawata ||

15.
Nênggih Hyang Guru Pramèsthi |
iya Sanghyang Nilakantha |
Sanghyang Jagadpratingkah-e |
iya Sanghyang Kang Wisesa |
Bhathara Girinata |
ya Bathara Manik iku |
ya Bathara Siwahboja ||

Jilid 2 - Kaca : 295

16.
Pinunggêl kang murwèng kawi |
panudya ri panangkilan |
Sanghyang Girinata miyos |
siniwaka lan kang garwa |
nèng bale Martyukundha |
iya Pargyawarna iku |
ing bale Samarakata ||

17.
Ingkang parêk anèng ngarsi |
sang Rêsi Kanekaputra |
Bathara Nrada parabe |
punika ingkang minangka |
pinisêpuhing dewa |
myang Hyang Panyarikan iku |
jawata paramèng sastra ||

18.
Tuwin Sanghyang Kalasêkti |
wuragilnya Sanghyang Siwah |
tinanêm nèng Nungsa Barong |
têka mangkana Hyang Siwah |
osike kang wardaya |
paranbaya karêpipun |
si Kala iki mangarsa ||

19.
Tan karana suntimbali |
ki dhalang nyêmpala kothak |
sêsêg ayak-ayakane |
suwuking ayak-ayakan |
mungêl gêndhing Prawara |
lir jinantur nora sêru |
nulya maos ilahèngan ||

20.
Tamat pamaosirèki |
ilahèngan dyan carita |
Sanghyang Giri ngandika lon |
durung suwe kulup Kala |
sira nèng ngarsaningwang |
paran ta padha rahayu |
Sanghyang Kala matur nêmbah ||

21.
Timbalanipun dewaji |
ingkang dhumawuh patikbra |
ing sadèrèng sasampune |
ulun cadhong kalih asta |
kacancang pucuk rema |
kapêtêk ing ngêmbun-êmbun |
kapundhi dadosa jimat ||

22.
Sira marak ngarsamami |
nora sarana dakundang |
bangêt kagyating tyasingong |
Kala nêmbah aturira |
nuwun sowan kawula |
sapisan dahat wulangun |
lami tan sowan bu-rama ||

23.
Ngunjukakên pangabêkti |
myang sanggyaning kalêpatan |
nyuwun gunging aksamane |
kulup bangêt panrimèngwang |
upama kaluputan |
gêdhe pangaksamaningsun |
matura gatining karsa ||

24.
Sowanulun dhuh dewaji |
èstune atur uninga |
sakawitan nêdhakake |
dhumatêng ing marcapada |
ingkang kawula têdha |
tan lyan padhas pèrèng gunung |
mring angga apriyang-priyang ||

Jilid 2 - Kaca : 296

25.
Lêsu-lêsah nglêlês nisir |
dene manawi (m)bubucal |
pating palilit raose |
sasukêr lir krikil wêtah |
(m)badêdêng boya lêga |
sabên-sabên mèh sumaput |
tanpa marêm karambyangan ||

26.
Sawiji dintên marêngi |
wanci manjêre Hyang Surya |
wontên tiyang dhusun (n)dèrès |
dhawah dhumatêng ing padhas |
kang badhe kula têdha |
pun dèrès wasana katut |
kula têdha sarêng padhas ||

27.
Sampun kang kawula bukti |
badan kraos sêgêr sumyah |
marêm tan na sangsayane |
dumlodong bilih (m)bubucal |
punika kangjêng rama |
rèhning nêdha tiyang èstu |
damêl sakecaning badan ||

28.
Mila ing samangke ugi |
wontêna sih kamirahan |
(n)jêng rama amarêngake |
ulun nyuwun têdha tiyang |
kewala sampun liyan |
têtela eca satuhu |
sanès timbange lan padhas ||

29.
Hyang Pramèsthi duk miyarsi |
panuwune Sang Hyang Kala |
sapandurat minggu tyase |
pangudasmaraning driya |
kang tan karêngèng kathah |
hongilahèng sang um pa um |
jagad mastuna masidham ||

30.
Kaya pa lalakon iki |
yèn boya ngongturutana |
si Kala ing panuwune |
saiba nêsune baya |
mungkat angkara murka |
angrurusak aru-biru |
gawe rêtuning bawana ||

31.
Ribêting tyas Hyang Pramèsthi |
sinamun samuning netya |
ing nayana mêksa katon |
wasana alon ngandika |
hèh putraningsun Kala |
ingkang dadya panuwunmu |
manira mangayubagya ||

32.
Ananging kang sunlilani |
dadi panganpêkênira |
nora sadhengaha wong |
sawiji yèn ana bocah |
ontang-anting rannira |
bocah siji tur ajalu |
maligi datanpa kadang ||

33.
Kapindhone ontang-anting |
siji wadon tanpa kadang |
tri ugêr-ugêr-lawange |
karo kadang padha priya |
catur kêmbang-sapasang |
padha wadon karonipun |
dhana-gêdhini kalima ||

34.
Bocah loro jalu èstri |
nanging tuwa ingkang lanang |
gêdhini gêdhana nême |
bocah dwi wadon kang tuwa |
kapitu ran pandhawa |
kadang lima padha jalu |
datan kasêlan wadon ||

Jilid 2 - Kaca : 297

35.
Kaastha aran ngayomi |
lilima wadon sadaya |
astha aran madangake |
bocah lima lanang papat |
sawiji kang wanodya |
apil-apil kang sapuluh |
lanang siji wadon papat ||

36.
Kang sawlas yèn ana jalmi |
mlaku têngange kang wayah |
tan asumping gêgodhonge |
nora ngidung datan muncang |
siji ran bathang ngucap |
yèn dwi ran jisim lumaku |
rolase kalamun ana ||

37.
Aran bocah ontang-anting |
lumuntir tunggaking ngaryan |
tanpa kantha lan kanthine |
lair wus mawa têngêran |
gathuking alis ana |
rupa putih mung sadumuk |
sayup ulate abiyas ||

38.
Beda lan liyaning janmi |
iku kang wus ingsunucap |
dadi panganira kabèh |
karodene manèh sira |
sun-gadhuhi gêgaman |
badhama paèsan iku |
kanggone samangsa-mangsa ||

39.
Yèn sira (n)tuk mangsan kaki |
kang pinasthi panganira |
katamanna badhamane |
wuse kataman badhama |
banjur sira pangana |
yèn durung kataman èstu |
ora sunlilani mangan ||

40.
Myang ingsun paringi kanthi |
kakangira Panyarikan |
iku mèngêti gawene |
kang dadi ing panganira |
taha yèn tan ngèstokna |
sira nandhang ing papa gung |
ywa (n)duduk sawiyah janma ||

161 Mêgatruh

1.
Hyang Bathari Uma angandika rum |
ingsun iya amaringi |
wuwuhe panganirèku |
lamun ana bocah lair |
nèng jroning babagan kono ||

2.
Iya iku ingkang anunggal sadhusun |
mangka jroning desa lagi |
ana kang wayangan iku |
bocah tan sinungkên maring |
ki dhalang kang murwèng lakon ||

3.
Wus tartamtu dadi panganira kulup |
nanging yèn sinungkên maring |
ki dhalang dadi kadangmu |
aran bocah tibasampir |
kapindhone putraningong ||

Jilid 2 - Kaca : 298

4.
Lamun ana ingkang anyandhungi laku |
(ng)gonnira ngupaya bukti |
wong mancah arannirèku |
dadi panganira kaki |
poma dèn-angatos-atos ||

5.
Sang Hyang Kala manêmbah umatur nuwun |
Hyang Guru ngandika malih |
Panyarikan titah-ulun |
tulisana sadayèki |
lan sira mèlua andon ||

6.
Têmbe lamun wus tan ana kang kalimput |
tinggalên ingsun lilani |
Panyarikan matur nuwun |
sandika dhatêng nglampahi |
ing rèh Sang Maha Kinaot ||

7.
Sang Hyang Kala pamit wus anguswa suku |
ing ramèbu miwah pamit |
mring uwa Kanekasunu |
wa Cêmpluk kantun sumiwi |
Kanekatmaja lingnya lon ||

8.
Iya kulup rahayua ing lakumu |
Sang Hyang Kala nulya mijil |
Panyarikan atut pungkur |
Hyang Guru ngandika maring |
Kanekaputra lingnya lon ||

9.
Kakang rêsi Kanekaputra dèn-gupuh |
(n)dika tumuruna maring |
ing dhèpok Nguntaralayu |
paringna pangèstumami |
maring sutanira karo ||

10.
Wisnu Brama matêdhanana sumurup |
lamun ulun amaringi |
pangan mring kadange wruju |
si Kala amangsa jalmi |
niku anakira karo ||

11.
Mring kiraka pribadi parentah-ulun |
katri tumuruna sami |
mring marcapada puniku |
ngalapa basanirèki |
si Kala kang yun linakon ||

12.
Sakêcap mung kanggea waton saumur |
Kanekatmaja wus pamit |
mundur mring Nguntaralayu |
nahên ta Sang Hyang Pramèsthi |
lawan garwa sang lir sinom ||

13.
Jêngkar saking bale Martyukundha laju |
manitih lêmbu andini |
anganglang jagad sawêgung |
sigêg gantya adêgnèki |
kang wus samya tampi dhawuh ||

14.
Sang Hyang Kala kapanggih garwanirèku |
Bathari Durga kakasih |
Panyarikan datan kantun |
Durga aturira aris |
pirantinta minta wartos ||

Jilid 2 - Kaca : 299

15.
Dene ngantos sawatawis radi dangu |
nimas rakapara uwis |
munjuk rama Sangyang Guru |
purwa madya wasanèki |
ing kono rama wirangrong ||

16.
Sawatara minggu banjur paring dhawuh |
kaparêng panyuwunmami |
janma kang dadi panganku |
nanging tan sawiyah janmi |
dene kang mêsthi dakbadhog ||

17.
Wus kasêbut ing pèngêtane kakangmu |
Panyarikan dadya kanthi |
tumuntur ing salakuku |
Dyah Durga suka sarya ngling |
babo kakang kadangingong ||

18.
Sakalangkung suka rênane tyasulun |
de kiraka dadya kanthi |
Panyarikan lingira rum |
yayi rakanta sadarmi |
nglampahi karsaning katong ||

19.
Hyang Kala ngling nimas mring ngêndi kang sarju |
(ng)gonne angupaya bukti |
Durga mèsêm lingira rum |
lah botên wontên sayêkti |
titahing Jawata kaot ||

20.
Angupados têdha pangane kang ngluru |
madosi kang badhe nêdhi |
ah lo ngêndi olèh gêndhuk |
Durga awacana malih |
paran makatên kalakon ||

21.
Panandure angon dina kang panuju |
mêthik mangsa kang prayogi |
èdi ing pangolahipun |
tiniti angati-ati |
matêng winadhahan alon ||

22.
Kang barêsih dènaji-aji saèstu |
satata dènnira bukti |
Sang Hyang Kala asru (ng)guguk |
nimas iku sabda aji |
rumasa kalah wakingong ||

23.
Dhuh kiraka èstrènana ujaringsun |
panyuwuningwang mring Oti |
yèn padinane wismèku |
anjaba anggêr kang pasthi |
wong lanang tan anut wadon ||

24.
Ing karêpe aja ana padha tutug |
yayi ingsun angèstrèni |
Bathari Durga umatur |
paran punika wus wanci |
sumangga sami mangulon ||

Jilid 2 - Kaca : 300

25.
wontên tlaga mawa teja angunguwung |
tlaga Madirda rannèki |
Kala ngling nimas sundhaup |
ing lampah sira nèng ngarsi |
lan kiraka sakaloron ||

26.
Mila ulun purih nèng ngarsi witipun |
margane pangan sirèki |
wus budhal katiganipun |
sigêg gantya kang winarni |
ing Nguntaralayu dhepok ||

27.
Sang Hyang Wisnu Hyang Brama manggihi tamu |
Sang Rêsi Kanekasiwi |
manêmbrama kalihipun |
samya ngaturi basuki |
Kanekatmaja lingnya lon ||

28.
Iya babu bangêt panarimaningsun |
pangèstuku mring sirèki |
muga ulun basa babu |
marang sira kêli-kêli |
padha sumurupa kenthol ||

29.
Wus pinasthi dening Kang Amurbèng Tuwuh |
Wisnu anurunkên benjing |
wawadhah kraton sawêgung |
kakangmu Brama mancêri |
nganti sirnane karaton ||

30.
Sang Hyang kalih manganjali matur nuwun |
widada-a sabda aji |
rawuhta Nguntaralayu |
dene ta kalangkung gati |
Naraddha lingira alon ||

31.
Satuhune praptaku kene ingutus |
de ramanta Otipati |
kang dhingin paring pangèstu |
kapindho angsung udani |
panyuwune rinta Blowong ||

32.
(m)Badhog uwong cinara ambadhog pohung |
ramanta uwis ngidèni |
Bathara Wisnu umatur |
kang pinaringakên pundi |
rèh titah dèrèng mangrêtos ||

33.
Baji(?) têlas babo kulup damarmancung |
èngêta arannirèki |
sira ran Bathara Wisnu |
karsaning Hyang Otipati |
wis ana ing sira manggon ||

34.
Inggih uwa sumangga lajêng tumurun |
Nrada mlèngèh (n)junjung alis |
lah aja walaka kulup |
kudu nganggo disranani |
(n)juwarèhi ing lêlakon ||

35.
Bêbasane kamanungsan padha wêruh |
Wisnu mèsêm matur aris |
kaluhuran ingkang dhawuh |
uwa kantuna rumiyin |
ulun lan kakang yun dandos ||

Jilid 2 - Kaca : 301

36.
Naraddha ngling ulun iya mèlu adus |
wus samya siram barêsih |
sakala warnanya santun |
Ki Sang Hyang Kanekasiwi |
pindha Hyang Maya kinaot ||

37.
Sanghyang Wisnu pindha Hyang Kumajayèku |
Sanghyang Brama pindha Ratih |
Nrada ngling samangke Wisnu |
sira asiliha nami |
Sang Hyang Wisnu matur alon ||

38.
Uwa mugi paduka èstrèni ulun |
samangke silih kakasih |
Dhalang Kandhabuwana gung |
iya kulup dakèstrèni |
bangêt kêmbang bolong ingong ||

39.
Kandha tutur buwana jagad sawêgung |
karsane ramanta kaki |
kang winênangakên tutur |
isining jagad sakalir |
ginugu ora pa nganggo ||

40.
Kaki Brama owahana suwaramu |
aja kaya kêna pancing |
glêgas-glêgês gêrok guguh |
èmpêrên swaranta kaki |
kaya ibumu pamiyos ||

162 Mijil

1.
Karodene sisiliya nami |
babo putraningong |
Brama matur èstrènana mangke |
namaulun Panggêndèr Surani |
Naraddha ngling apik |
kèwèk uwis gathuk ||

2.
Wong anabuh yèn wis sugih gêndhing |
panuthuke golong |
lan wong bodho kèh samudanane |
ingsun dhawak iya salin nami |
Kalunglungan lungit |
pangêndhangmu kulup ||

3.
Ngêndhang ngedhe yèn gamêlan muni |
pulurane rawoh |
tan dêksura nampani suguhe |
tan mêdhotkên ing iramanèki |
kulup Wisnumurti |
anggawea gupuh ||

4.
Punang wayang Wisnu mangênjali |
cinatur wus dados |
sabdaning kang dewa kuwasane |
godhong nangka kang kinarya ringgit |
dadi sarananing |
wong kêna ing latu ||

5.
Kothak upih kuwasanirèki |
lêlêmbut pan adoh |
siti kang kinarya gamêlane |
milanira sakèhing wong kundhi |
sinandhang binukti |
tan kèh turahipun ||

Jilid 2 - Kaca : 302

6.
Karananya angêlong-êlongi |
Naradha lingnya lon |
prayogane tumuruna mangke |
ywa kasuwèn manawa kasilip |
marang Mêndhangkawit |
(n)jujug dhukuhipun ||

7.
Nyai randha Sumampir kang nami |
padha mondhok kono |
putra kalih sandika ature |
wus tumurun sang bathara katri |
gantya kang winarni |
wau lampahipun ||

8.
Panyarikan Durga Kala wingking |
manrang arga Bondhot |
Sang Hyang Kala sayah sru aripe |
angga lêsu lupa angalikik |
kèndêl sèndhèn witing |
kayu Kamal aup ||

9.
Akasêngsêm angandika aris |
wit iki samêngko |
dak-arani kayu Asêm kiye |
pan katêlah tumêkèng samangkin |
kasiliring angin |
Sang Hyang Kala ngantuk ||

10.
Nanging isinanira kêpati |
gya kagyat malerok |
pan dènêntup bêburon cêngêle |
dhaham-dhaham kêcoh wanti-wanti |
supaya ywa nganti |
ingaranan ngantuk ||

11.
Ngandika lon buron apa iki |
mangan iduningong |
lah dakpundhut ing samêngko kowe |
umanjinga dadi bala-mami |
aran Kalajêngking |
de (n)jênthir buntutmu ||

12.
Wus sinabda Kala ngantuk malih |
cinokot buburon |
kagyat (n)jola kêcoh-kcoh maleh |
angandika buron apa iki |
ngokop idu-mami |
dadiya balaku ||

13.
Nganti abang drohun (n)gonne (ng)gigit |
aranne samêngko |
Kala-abang olah uwis suwe |
(ng)gonku lèrèn kiraka lan nyai |
cat tan katon kèksi |
Sang Hyang Kala laju ||

14.
Durga lawan Bathara Panyarik |
(n)dêdêr lampahnya lon |
ngambah corah arga rêracahe |
toya wêning saing pucak ardi |
wastrane sang dèwi |
katimpal ing lesus ||

15.
Wêntis katon lir pudhak piningit |
Hyang Kala duk anon |
rêta korut gya dhumawah ing we |
pan dumadi sèn-isèning warih |
ulam loh sakalir |
iku asalipun ||

16.
Mung sawiji tansah angubêngi |
ing paglangan nyondhol |
Kala kêcoh myang ningali ing we |
angandika kawanane iki |
buburon mênuhi |
mung sawiji iku ||

Jilid 2 - Kaca : 303

17.
Ingkang pijêr anêrajang sikil |
mangan iduningong |
rêrupamu kaya anu kiye |
lah manjinga dadi bala-mami |
dakparingi nami |
Kala Ele patut ||

18.
Akatêlah tumêkèng samangkin |
toya ingkang anjog |
maring ngare aranna kaline |
desa pisan (ng)gonku ngambah iki |
Hyang Kala lumaris |
mêntas saking ranu ||

19.
Nuju wanci têngange marêngi |
kêpapag Hyang Katong |
Rodrapati kalawan garwane |
Dèwi Uma sakaliyan nitih |
ing lêmbu Andini |
Sang Hyang Kala gupuh ||

20.
Marêpêki praptanirèng ngarsi |
nêmbah matur gupoh |
o o jêbul kangjêng rama kiye |
sakaliyan lawan ibu sori |
rama kados-pundi |
nyuwun nyadhong dhawuh ||

21.
Sanghyang Siwah mèsêm ngandika ris |
babo sutaningong |
rèh wus dadi dhawuhingsun anggèr |
aywa wang-wang (ng)gonmu ayun bukti |
panganên wakmami |
kalawan ibumu ||

22.
Nanging ingsun darbe catur kaki |
cacangkriman kaot |
sakirane sira bisa (m)badhe |
de kanggone yèn sira marêngi |
jagongan kang luwih |
saka wong sapuluh ||

23.
Rah-arahên wêktune sabdadi |
tilingna sutèngong |
eka êgul eka wawancahe |
dwi bagêm dwi puswadmi srênggi |
tri nabi sapta tri |
nurcahya puniku ||

24.
Asthanada catur guthonèki |
badhênèn dèn mêlok |
Kala nêmbah mlongo gèdhèg-gèdhèg |
nêmbah matur rama abon siti |
mopo datan bangkit |
ambadhe pukulun ||

25.
Angandika Sang Hyang Otipati |
lah mangkene Dhoglong |
babasane olah iku wadine |
pak-umpakan wiwilangan aming |
eka pan sawiji |
êgul iku buntut ||

26.
Mungguh buntute lêmbu Andini |
pan namung sawiyos |
eka siji wancah kêkêluhe |
de kêluhe si lêmbu Andini |
uga mung sawiji |
Sanghyang Kala matur ||

27.
O la gèsèh tampar wujud kalih |
ingetang sawiyos |
Sang Hyang Guru sru sukèng driyane |
kawruhamu lèng irung puniki |
dumunung sawiji |
awit bolong têrus ||

Jilid 2 - Kaca : 304

28.
Dwi pan loro bagêm wardinèki |
kwadonan sayêtos |
wit Andini abaga puruse |
duwi loro purus wus ngaranni |
ingsun lan Andini |
padha duwe purus ||

29.
Duwi loro srênggi sungu yêkti |
sungune mung loro |
tri têtêlu nabi wudêl rêke |
ingsun ibunira lan Andini |
padha nyiji-nyiji |
gênêp dadi têlu ||

30.
Sapta pitu tri sun pandêlêng ing |
cahya mata yêktos |
lah etungên mripat pira kèhe |
Sang Hyang Kala matur anggaligik |
rama kirang siki |
jangkêpipun pitu ||

31.
bênêr kulup kang katêlu mami |
anèng cêthak manggon |
astaningsun papat têmbungane |
astha wolu pada apan sikil |
sun dwi ibunta dwi |
si Andini catur ||

32.
Catur papat gutha wêrdinèki |
paringsilan yêktos |
ingsun lawan Andini ganêpe |
mula iku dakgawe mêkasi |
dadine sakalir |
saka loro kulup ||

33.
Wis pungkasan panganên wakmami |
aywa ewuh rikoh |
nanging sira tumingala age |
maring wiyat samêngko Hyang Rawi |
wus wanci punapi |
Kala nêngèng luhur ||

34.
Matur sampun gumlewang Hyang Rawi |
Guru ngandika lon |
dadi nora kêna sira anggèr |
mangan ingsun wus kasèp ing wanci |
Kala mangênjali |
(m)barêbêl wêtu luh ||

35.
Sênggruk-sênggruk rama langkung wêgig |
(m)bêbêngok maringong |
iki kulup dadi undhe-undhe |
nahan jênênge wong anyèlèngi |
kalamun wong uning |
ing cèlèng lumayu ||

36.
Têmtu kamitênggêngên ningali |
mula têmbe Dhoglong |
lamun sira olèh mamangsane |
aja gêlêm diajak cariwis |
mênèk anêlahi |
lir caturku mau ||

37.
Lawan maning wêkasingsun kaki |
poma dikalakon |
ana têlung prakara cacahe |
kang rumuhun yèn ana udani |
titipannirèki |
kang ana babathuk ||

38.
Iku nama caraka dibalik |
kalorone manggon |
anèng têlak dene katêlune |
pan dumunung nèng dhadhanirèki |
yaiku cacahing |
jênênging balamu ||

Jilid 2 - Kaca : 305

39.
Têrusane kang ana ing gigir |
kawruhana dhoglong |
pan cacahe bojomu balane |
utawa yèn ana kang udani |
ing sarandunèki |
badanmu sakujur ||

40.
Ywa ko anggêp manungsa sayêkti |
ingsun kang nèng kono |
amanuta saujar-pakone |
sarta idhêpên ing lair batin |
kulup aja lali |
dènawas dènemut ||

41.
Lamun sira tan ngèstokkên kaki |
nandhang papa abot |
sun-jabakkên ing yoga dewane |
wus banjurna angupaya bukti |
sunparing basuki |
atus ingkang dhawuh ||

42.
(n)Dêdêl nitih sang lêmbu Andini |
lamat-lamat katon |
Sang Hyang Kala laju ing lampahe |
sigêg gantya kang winarna malih |
kocap Mêndhanggati |
malik têmbang pucung ||

163 Pocung

1.
Nyai randha prihatin lan sutanipun |
jalu tanpa kadang |
karan Jaka Jatusmati |
pinaraban Jattusmati Jaka Mulya ||

2.
Miskin trabas karyanya asade kayu |
rèncèk lan ron plasa |
anuju dina sawiji |
nyai randha tampi wangsiting jawata ||

3.
Jaka Mulya pasthi nir cintrakanipun |
yèn adus ing tlaga |
Madirda toyanya wêning |
nyai randha sru ngarih-arih ing wêka ||

4.
Dhuh anakku wong abagus mêlês mulus |
di(m)bangunturuta |
marang ujar kang mrih bêcik |
dadi suka rêna atine si biyang ||

5.
Marènana anggonmu wangkal awêlu |
aku iki kandha |
tampa wangsiting dewadi |
lamun kowe adus talaga Madirda ||

6.
Nora ketang saciluman banjur uwus |
wit sirèki bocah |
ingaranan ontang-anting |
yèn kalakon masthi cintrakamu ilang ||

7.
Jaka Mulya amangsuli iya biyung |
nanging (n)jaluk opah |
akêp-akêp jagung bukti |
yèn wis adus dak pangan ana panasan ||

Jilid 2 - Kaca : 306

8.
Nyai randha kalangkung sukaning kalbu |
rinangkul kinudang |
dhuh anakku jantungati |
aku mangkat kowe banjura mring tlaga ||

9.
Wus umentar praptèng tlaga ayun adus |
mangu duk tumingal |
rasêksa kungkum ing warih |
Sang Hyang Kala tatanya hèh bocah apa ||

10.
Têka mrene apa kang dadi karêpmu |
Jaka Mulya mojar |
aku bocah ontang-anting |
de jênêngku Jatusmati Jaka Mulya ||

11.
Nake biyung nyai Prihatin ing dhusun |
Mêndhanggati kana |
arêp adus talaga-di |
awit saka wangsiting dewa kawasa ||

12.
Cintrakaku ilang anêmu rahayu |
tan na kara-kara |
kowe buta mêmêdèni |
lah mêntasa banjur lungaa kang têbah ||

13.
Sang Hyang Kala suka amarwata sunu |
(ng)guguk aris nabda |
i dalah kapasangyogi |
luwih apik klêbu wêtêngku kewala ||

14.
Cintrakamu pasthi ilang saknyawamu |
Jaka Mulya mojar |
dudu padon aku suthik |
o lah blai gya lumajar lonjong lêrak ||

15.
Sanghyang Kala anglut ing sapurugipun |
ki jaka umpêtan |
bumbung wungwang dènlêbêti |
Sanghyang Kala nyandhak bumbung wungwang sigra ||

16.
Jaka Mulya mêdal saking sisihipun |
Hyang Kala tan wikan |
nabda kacandhak sikênit |
mangsa (n)dadak gagala ing ngastaningwang ||

17.
Bumbung tinon malompong isine suwung |
o o mênyan pêthak |
bumbung wungwang wus binanting |
sru ngandika he he bocah wadu-barat ||

18.
Golèkana wonge kang amasang bumbung |
nèng nglatar yèn panggya |
kayane êlongên aglis |
sadinane rong kêthêng ywa kongsi kurang ||

19.
Lamun durung kacandhak bêburoningsun |
ing panjupukira |
aja kêndhat sabên ari |
kang sru ngintar cat katon Kala lumarap ||

20.
Jaka Mulya lumêbêt pomahan gupuh |
kapêlak jinambak |
marucut (ng)gêblak lumaris |
Sang Hyang Kala kaloloh suku kalihnya ||

Jilid 2 - Kaca : 307

21.
Nabda kojur sapa wonge kang anandur |
pêpala kasimpar |
ana sangarêping panti |
têka bisa gawe cuwa kawirangan ||

22.
Ing samêngko lung iki aranne waluh |
bocah wadu-barat |
tunggunên kasimpar iki |
wohe paron yèn buronku wis kacandhak ||

23.
Nadyan isih urip êlunge si waluh |
daklilani ninggal |
kalamun êlunge mati |
lah tinggalên têmbe ywa nandur nèng nglatar ||

24.
Sang Hyang Kala laju dènnira (m)bubujung |
nahan kacarita |
wong adandan-dandan panti |
êmpyak ingkang sasisih sampun aminggah ||

25.
Kang sasisih lagya rinancang abikut |
sakaguru apan |
pêndhême dèrèng pinati |
Jaka Mulya nrambul mèlu nambutkarya ||

26.
Sanghyang Kala kèndêl anyrabani gupuh |
bocah konên lunga |
iku rak bêburonmami |
nanging ingkang nambutkarya tan uninga ||

27.
Kang kapyarsa muhung swara gumarumung |
datan na rinasa |
lumintu anambutkardi |
Sang Hyang Kala mindhik-mindhik arsa nyandhak ||

28.
Jaka Mulya ampingan ing sakaguru |
tansah bêng-ubêngan |
Hyang Kala ngandika aris |
hèh nututa aja ampingan ing saka ||

29.
Apa kowe tan kauban dening iku |
Sang Hyang Kala tandya |
nubruk ki Jaka ngoncati |
mamprung mêmêt mêdal saking jroning wisma ||

30.
Wisma ambruk êmpyak ambyuk bubar kabur |
Hyang Kala kajêngkang |
saka êmpyak anindhihi |
sapandurat minggu tan kawasa nabda ||

31.
Angling ririh kajujur kalajur-lajur |
dhuh simbok dhuh bapak |
nganti makpêt panonmami |
apa nora nana wonge kang atuwa ||

32.
Omah iki dhandhang-ngêlak arannipun |
e e wadu-barat |
kayane ing sabên ari |
jukukana tikêl lan kang masang wungwang ||

Jilid 2 - Kaca : 308

33.
Sadurunge kacêkêl buburoningsun |
aja kanti kêndhat |
panjupukmu sabên ari |
digêgojog maranga lak-lakan naga ||

34.
Nora wêgah babo mring ngêndi karêpmu |
di-lèngèng mandhêga |
Hyang Kala nututi ririh |
nêkêm sirah marawayan mêdal êrah ||

35.
wontên janma èstri ayun mipis jamu |
pipisan malumah |
tinumpangan punang gandhik |
prênah anèng ngarêp lawange kang omah ||

36.
Kênthang-kênthang tinilar angracik jamu |
anggi-anggi lawan |
êmpon-êmpon warni-warni |
nèng ngajênging patanèn tan na tinata ||

37.
Jaka Mulya tunggu pipisan anyêngkruk |
Hyang Kala uninga |
manglung lawang ingkang kering |
anyrabani marang ingkang darbe wisma ||

38.
Hèh (m)bokayu bocah tunggu pipisanmu |
nuli konên lunga |
kuwi rak mamangsanmami |
nyai wisma krungu swara tan rinasa ||

39.
Dhasar bagus patute miturut nutut |
ah aja ampingan |
ing pipisan kuwi awit |
saka kono (ng)gonmu sêgêr kuwarasan ||

40.
Kang sinung ling tan praduli gya tinubruk |
lêpat wus anginthar |
Hyang Kala angidak gandhik |
tugêl kalih pipisan mancêlat gêmpal ||

41.
Tiba gabrus garès bundhas tandhês balung |
kêrangkangan mêdal |
ngêsês-êsês krasa pêrih |
bojlèng-bojlèng eblis lanat ajêjegang ||

42.
Kêsit têmên kakèkane gojog ngasu |
apa duwe mantra |
wêlut kuning dilêngani |
nora jamak kaya nyandhak wêwayangan ||

43.
E e bocah wadu-barat dèn agupuh |
kang masang pipisan |
longana kayanirèki |
sabên dina kaya kang ngadêgkên wisma ||

44.
Aja uwis yèn buron durung kapikut |
marang ngêndi lanat |
ngungsia dhasaring bumi |
Sang Hyang Kala lumpêpas yudakênaka ||

Jilid 2 - Kaca : 309

164 Pangkur

1.
Nahan wontên janma bêthak |
lawang-kori kabèh dipun inêpi |
de kang têngga kakèkipun |
anèng jawining wisma |
nyambi karya gêbêgan timah katungkul |
Jaka Mulya malbèng wisma |
tunggu dandang nguthik api ||

2.
Kala kandhêg wangsul sigra |
ngupadosi kang ngêntêp dandangnèki |
pinanggih nèng têgalipun |
lagya ramban janganan |
sinrabanan (m)bok nyai muliya gupuh |
dandangmu tinunggu janma |
buburonku sipênyakit ||

3.
Nyi wadon miyarsa swara |
nanging warnanira nora udani |
tulus arêramban mungkul |
Kala wangsul tan drana |
Jaka Mulya ngrangkul dhêngkul tunggu latu |
Sang Hyang Kala (m)buka lawang |
ki Jaka nêdya kadingkik ||

4.
Wus oncat ampingan dandang |
Sang Hyang Kala ngalètèr (m)bêkik-(m)bêkik |
ki Jaka cinandhak mrucut |
mungsêr ngubêngi dandang |
pêgat-pêgat Hyang Kala ngandikanipun |
hèh pangan sira nututa |
ywa ampingan dandang iki ||

5.
Apa si nora rumangsa |
(ng)gonmu warêg saka ing dandang iki |
wus purêngên dyan tinubruk |
ki Jaka oncat mêdal |
dandang rêbah Hyang Kala kaplèsèt guprut |
gobag-gabig kicat-kicat |
ingkang darbe wisma mulih ||

6.
Uning dandange gumlimpang |
tanya maring kaki kang anèng (n)jawi |
e apa mulane iku |
dandangku nganti rêbah |
kang tinanya mèlu gêtun wacana rum |
iku wong kêna sangkala |
tiwas dandananing èstri ||

7.
Lah nglakonana sarana |
wudaa byar (n)jogèt ngubêngi panti |
têpung-gêlang kaping têlu |
daktabuhi dhug-dhug-brag |
sarta dilokake wong edan barundhul |
ngrucat busana linakyan |
miturut warahing kaki ||

8.
Kala maksih ngêmu duka |
duk umiyat asru ngandika wêngis |
iki uwong mlayu-mlayu |
lan ngiwi-iwi mring wang |
e e bocah wadu-barat dèn-agupuh |
kajabane ingkang kaya |
bêrase ing sabên ari ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (37) Kaca 275 – 293
  • (38b) Kaca 310 – 327 >