Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (06b) Kaca 25 – 35

 

( Dhusun Margawati Kedu - Bab Ciri-cirining Kapal )

6. Lampahipun dumugi ing dhusun Margawati talatah Kêdhu, kapanggih Ki Lêhdaswaninda ingkang nyariyosakên bilih kapal (kuda) Margawati pinilala dening Kangjêng Sultan ing Mataram.
Ki Lêbdaswaninda suka sêsêrêpan bab ciri-cirining kapal sakalangkung moncèr ngantos dumugi bab dintên kalairanipun kapal sarta pamindhahipun dhatêng gêdhogan.


Kaca 25 - 35.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 2 - Kaca : 25

8.
Ing wuri kalih ênggènnya |
Andha-saya nora bêcik |
yèn suku ngarêp (ng)gènnira |
Andha-mastaka tan bêcik |
lamun pukang kapipit |
Galingga-nastra ranipun |
awon lêksananira |
yèn ngajêng ambênanèki |
yèku Sujèn-ucap rahayu ing karya ||

9.
Yèn ing ambênan (ng)gènira |
Kala-kapipit tan bêcik |
tiwas inganggoa aprang |
lamun suku ingkang wuri |
cakêt wadidangnèki |
luhuring jaja (ng)gènnipun |
kang ngingu kacurnan |
lamun ana ing susuri |
watêk panas kang ngingu agung kalaran ||

10.
Yèn titiga suku (ng)gènnya |
awon watêke kang nitih |
tiba satêngahing karya |
yèn ing jajalak (ng)gènnèki |
Tonggèng-toya tan bêcik |
gêringên ingkang angingu |
tumular sabarayat |
têkèng ingon-ingonèki |
tatanggane kabèh padha katularan ||

11.
Gantya ingkang cinarita |
sarupaning para ciri |
kabèh awaking turangga |
ingkang katularan sami |
kabèh amratandhani |
liya nyêng-unyênganipun |
saranduning turangga |
gèthèk bêlang lêkok dhêkik |
yêkti mawa wêwatêkaning turangga ||

12.
Yèn bêlang ilate ala |
bokong pesok datan bêcik |
angurut-uruti karya |
yèn palawanganing suri |
tuwang pan nora bêcik |
yèn cupêt susurinipun |
adoh nora kasaban |
kalamun dènkakapani |
awonipun kang ngingu tamtu repotan ||

13.
Yèn mêndhukul gigir (ng)gènnya |
satèmpèl pan nora bêcik |
iku mêngakakên baya |
pinrih ing mungsuh agampil |
pancal gêgilitanèki |
lawan katunon tan patut |
kang ngingu kasarakat |
yèn Bramara-lêbu-gêni |
puputihe netra kapalêtuk abang ||

14.
Pan awon lamun wong wajar |
apan na barang pakarti |
amung wong pandhe ngingua |
kêmasan wong sayang sami |
kalawan wong akundhi |
liyane tan pantês ngingu |
yèn nguyuh (ng)gêrêng ala |
Durga-ngantu milalati |
anrus panas sapa nguwuh katularan ||

15.
Anggêringakên têtangga |
wèh malarat kang anyandhing |
pantêsnya amung pinurak |
nora pantês dèningoni |
yèn kuda dènparani |
dhadhangkak kadya anguyuh |
puniku Durga-(n)dhangak |
panasan pan nora bêcik |
Durga-ngawe yèn nguyuh sikile mêngkap ||

Jilid 2 - Kaca : 26

16.
Panas tan pantês ngingua |
yèn nguyuh uyuhe malih |
yèku Durgapamanggahan |
nora patut dèningoni |
mung sinèmbêlèh bêcik |
asile mung dagingipun |
lamun netrane kuda |
wawayangane ambalik |
Gondrèng-ngilo iku kuda sêmbêlehan ||

17.
Yèn pugag jêjompongira |
panas watêke turanggi |
ingaranan Watangpugag |
yèn bêlang puruse nênggih |
Tumpêr-ingas tan bêcik |
agêringan kang angingu |
yèn lêkok bokongira |
Kala-luwang nora bêcik |
yèku panas ingkang ngingu agêringan ||

18.
Yèn na jaran angipanas |
yèn agung angêngosodi |
ing jajalang iku panas |
yèn pancal padha kang warni |
suku ngarêp lan buri |
ala ing lêksananipun |
yèn nuju jêng-ajêngan |
dumadak tiba kuwalik |
lamun ana kuda mulir tinitihan ||

19.
Buntute angulêr-kilan |
Pancal-anjot-sêmang-gêrit |
ala marahi gêringan |
kang ngingu myang anak rabi |
prayoga disingkiri |
yèn perot wadananipun |
siyunge iku ala |
yèn ana dosane cilik |
dumadakan saya wuwuh dosanira ||

20.
Yèn Pancal gêl-ugêlira |
munggèng sukune kang wuri |
Pancal-katunu pan ala |
kacurnan ingkang anitih |
yèn papak sukunèki |
yèku Pancal suku panggung |
bêcike pan akêkah |
sabarang pakaryanèki |
lamun ana putih sukune katiga ||

21.
Walang-kêjèt apan ala |
yèn nibakkên anglarani |
malah dadalan antaka |
yèn ana sakêpêl putih |
suku kanan myang kering |
Sri-katimpal namanipun |
ala angungkat bêja |
yèn mèh katêkan rêjêki |
dumadakan adoh malah wurung tampa ||

22.
Lamun kuda tinitihan |
mingkar buntute anincing |
Durga-nincing iku panas |
yèn ana turangga putih |
abang netrane kalih |
anrus marang juburipun |
punika apan ala |
kang angingu nandhang kanin |
lamun ana sukune pancal sasigar ||

23.
Ing wuri miwah ing ngarsa |
Sandhung-watang nora bêcik |
yèn inganggo yun-ayunan |
ing karya nora lumaris |
bêlang sukune wuri |
kang kiwa awon puniku |
sampar-wangke namanya |
mung wong kapêtêngan nênggih |
Sampar-wangke ingkang pantês angingua ||

Jilid 2 - Kaca : 27

24.
Golèk jagane wong jagal |
Dhandhang-aring kang turanggi |
yaiku jaraning jaksa |
yèn ana ingkang turanggi |
angringkêl dènnya guling |
sandhing pamakananipun |
Wadhudhak-angrêm panas |
yèn clakuthikane kering |
kang ing ngarsa manginggil punika panas ||

25.
Angêcrahkên pawong sanak |
barang pakaryannya nyêngit |
angêdohkên pawong mitra |
yèn Mata-kitiran nênggih |
mathi pucuking kuping |
kang kiwa won watakipun |
lamun amanggih karya |
luputa kang anitihi |
turanggane nora wurung kawanguran ||

26.
Yèn Baya-kapranggul mapan |
yèku kudaning prajurit |
nanging kang juru pacalang |
yèn ciri bathuke katri |
papag jaran prêmati |
Satriya-mong-bala iku |
kudane senapatya |
prajurit pamêngku baris |
sasolahe karya ungguling paprangan ||

27.
Yèn ciri pupunggung kiwa |
Pandhawa-akutha-wêsi |
tunggal kudane satriya |
kang sami pakaryan jurit |
kinarya tan bêcik |
dadya tumbal nagarèku |
yèn Raja-wana puwang |
anrus ing purus pan bêcik |
pan utama yèku nama Panungkurat ||

28.
Kudane wong among bala |
yèn ikute (ng)gonning ciri |
pan iku Jayapurusa |
pantês kudaning narpati |
ugêl sadumuk putih |
suku kang têngên (ng)gonnipun |
puniku Darpa-muntap |
tunggal kudaning narpati |
sasolahe kang ngingu tiba utama ||

29.
Yèn mungsêr bokong kang kiwa |
Suru namane abêcik |
kèdhêp parentahing wadya |
kang angingu kang anitih |
yèn ana mungsêr nênggih |
pucuking kuping (ng)gènnipun |
puniku Jayèngrana |
wèh kukuh barang pakarti |
gulu iring pan Kusuma-binasika ||

30.
Kupingnya nyalung tiningal |
netrane anincing-goling |
mukane anyakathakan |
sirahipun aniruti |
ilat alit agilig |
untu kawêtu ing pucuk |
ulês mêlês anglamat |
gulu dawa ngukêl pakis |
ngarêp mêlar anênggih ing clakuthikan ||

31.
Angukulandhêp katingal |
tur kumurêp aprayogi |
nêbu ing jalu watêsnya |
alêrês lurus tur alit |
pupu amukang-gangsir |
pan aos babokongipun |
pupu kiyal sêmbada |
bobokong nyangkok ing baning |
dêdêgipun atangkêl-tangkêl asinga ||

Jilid 2 - Kaca : 28

32.
Abundêr gantanganira |
apindha uwohing manggis |
lambe anglambèni kidang |
atipis-tipis alunci |
cêndhak puruse alit |
karakêt ing wêtêngipun |
yèku kuda utama |
kang pantês angrêspatèni |
amalipir dadya kudaning narendra ||

33.
Yèn bathuk unyêngan papat |
Jaga-satru iku bêcik |
lamun naraju balabar |
bênêr trusing jajanèki |
praptèng ing wêtêng maksih |
mung kandhêg pupurusipun |
Kokonang-anungkurat |
pênêde angrêjêkèni |
yèn ing bathuk titiga rada kawuntat ||

95 Pangkur

1.
Taraju-mas iku srêpan |
tuhu agung mintir ingkang rêjêki |
yèn Bêlah-kadhaton untu |
salewah iku panas |
lamun papak kajantaka nora patut |
Kusuma-tan-bisa-sika |
Bêlah-kêdhaton anunggil ||

2.
Abang mulus ulêsira |
abang têkèng netranipun kalih |
têka clakuthikanipun |
pênêd wataking kuda |
palanya glis ingkang sinêja kapangguh |
yèn kuda mulus cêmêngnya |
yèn netra kakalih putih ||

3.
Yèn clakuthitkane abang |
kadi pancal iku kuda rêspati |
kalangkung utamanipun |
yèku Rêtna-kumala |
kang angingu suka sugih tur rahayu |
tan ana sangsayanira |
satingkahe (m)basukèni ||

4.
Yèn ulês purnama-sada |
kuda putih têkan netrane kalih |
kapat clakuthikanipun |
mulus putih sadaya |
liwat saking utama kudaning ratu |
minangka tumbaling pura |
miwah parangmuka ajrih ||

5.
Datan kêna winisaya |
kang angingu yèn ulês Wisnumurti |
irênge pan irêng mulus |
utamaning turangga |
palanya doh kinajrihan marang musuh |
dadya tumbaling kadhatyan |
yèn ulês sêmu dhadhari ||

6.
Abang mulus netra pêthak |
bêlalake wêdhar kapat ing sikil |
utama kudaning ratu |
kèdhêp ing wadyabala |
lamun siwêr netra pêthak kiwanipun |
ala yèn siwêr ing kanan |
puniku luwih utami ||

Jilid 2 - Kaca : 29

7.
Yèn siwêr netra kalihnya |
yèku pênêt asrêpan kang nitihi |
yèn pancal sukune têlu |
pancal kalih utama |
kang anitih miwah ta ingkang angingu |
palanya kèdhêp ing wadya |
kudane ratu prajurit ||

8.
Yèn irêng mulus ulêsnya |
miwah netra lambene irêng sami |
utama kudaning ratu |
pan Krêsna-malangdewa |
Sri-mangêpêl putih clakuthikanipun |
kang têngên miwah ing ngarsa |
suka sugih kang nitihi ||

9.
Sri mangêpêl suku ngarsa |
pancal têngên pan kudane wong tani |
Bramani-kokop puniku |
turangganing prawira |
Sri-palangka pêthak sukune katêlu |
yèn nibakkên nora lara |
prawira kang anitihi ||

10.
Tamat ciri kuda lanang |
Mas Cêbolang umatur bilih èstri |
punapi (ng)gih kadi jalu |
pamilih panampiknya |
lah punapi tan wontên sadayanipun |
Lêbdaswaninda lingira |
lanang wadon kudu milih ||

11.
Kang èstrine kaya lanang |
ingkang wajib pinilih lan tinanmpik |
mung ana wuwuhanipun |
uga sêlang-sinêlang |
rupa siji kanggo marang èstri jalu |
ana ingkang amung tumrap |
mring wadon pyarsakna kaki ||

12.
Turanggèstri winursita |
lamun ciri lènging talinganèki |
yèn ing têngên ênggènnipun |
lawan ulêse abang |
panasipun antuk pitung puluh surup |
turanggane katularan |
yèn irêng turangga èstri ||

13.
Kang ciri sukune kiwa |
iku Dhandhang-mangah pan nora bêcik |
yèn aputih ulêsipun |
mungsêr sandhing wadonan |
iku cèprêt kuda tungganganing kaum |
yèn abang buntute dawa |
mungsêr sukune ing ngarsi ||

14.
Kang suku kiwa namanya |
Panggung-rencoh ala watêke mati |
ing paprangan kang angingu |
yèn putih sukune papat |
Asthamanik watêse sangisor dhêngkul |
iku lêksanane ala |
kalingsêman kang anitih ||

Jilid 2 - Kaca : 30

15.
Yèn kuning ulêsing kuda |
mungsêr munggèng ing talingane kalih |
Dewa-nganglang naminipun |
pênêd watêking kuda |
abang putih ararahap wulunipun |
nora bêcik nora ala |
yèn mungsêr lambene nginggil ||

16.
Puniku kuda utama |
nênggih bêcik kang ngingu sarwa sugih |
kèdhêp paparentah batur |
miwah anak lan garwa |
kuda abang mungsêr kiwa netranipun |
kalamun buntute sarang |
iya Gondrèkngilo nênggih ||

17.
Kudane Bathara Kala |
yèn ing pasamuwan tiba kuwalik |
yèn kuning unyênganipun |
mung siji kuping kiwa |
nadyan sami Dewa-nglaya iku punjul |
yèn aprang sor tan kacandhak |
yèn ambujung anututi ||

18.
Tur cat nora cat katingal |
lamun mungsêr ing sangisoring kuping |
ingkang têngên ênggènipun |
kasaban ing jajêmbrak |
pan asrêpan Sandiwana namanipun |
kang ngingu adoh ing susah |
mung suka kang anitihi ||

19.
Lamun kuda wadon abang |
ana mungsêr ing lambe ingkang nginggil |
pralambangnya kalikakum |
aranne iku Ralak |
panas bangêt gêringan ingkang angingu |
sapa nguwuh katularan |
tatanggane kêni gêring ||

20.
Kudane Bathari Durga |
lamun kuda irêng lambene nginggil |
ana mungsêr cirinipun |
Pujangga-ênom namanya |
sisiwine Jayèngrana watêkipun |
digdaya ingangge aprang |
unggul atêmah basuki ||

21.
Kudane Sang Danardana |
lamun kuda putih unyênganèki |
ing kuping têngên (ng)gènnipun |
lamun buntute abang |
iya sami Dewa-nglayang namanipun |
kudane Sang Girinata |
wèh prawira rèh kawijil ||

Jilid 2 - Kaca : 31

96 Mijil

1.
Yèn ginawa ing ayuda bêcik |
tan kêna pinêngkok |
yèn ambujung kèh kêna mungsuhe |
lamun kuda lanang ulês kuning |
panjang mungsêrnèki |
lambe kiwanipun ||

2.
Rikut pêpêt Puspalada rèki |
namane kinaot |
tunggil siwi Anjayèngranane |
kuda abang sêmbur wulu putih |
mungsêr lambe nginggil |
Nilakantha iku ||

3.
Kuda utama pan senapati |
pantês kang anganggo |
irêng mulus yèn mungsêr lambene |
anèng luhur iku ora bêcik |
Dhandhang-nunggang-jisim |
nênggih namanipun ||

4.
Pan gêringan kang ngingu kang nitih |
ngajarakên awon |
turanggèstri yèn mungsêr wêtênge |
Mega-ngêmu-wulan iku bêcik |
srêpan ingkang nitih |
sarèhe rahayu ||

5.
Turanggèstri abang ana putih |
ing sasuri amor |
dhukun-masinggun iku aranne |
srêpan lamun ginawe ngajurit |
apan nora kêni |
sagunge pakewuh ||

6.
Pinèt puniku anake bêcik |
lamun jaran wadon |
ulês kuning mungsêr clakuthike |
anèng wuri puniku tan bêcik |
kang ngingu kang nitih |
patine dènamuk ||

7.
Kuda putih mungsêr duburnèki |
ing lambe tumemplok |
ana ingkang kêdhik atumèmplèk |
Gadêgan-nêrus iku abêcik |
kuda wulu manggis |
mungsêr netranipun ||

8.
Ingkang têngên Surèngkara nênggih |
turangga kinaot |
sugih rêtna sasotya kang darbe |
kang balalak mungsêr kuping kalih |
yèn ulêse kuning |
namane puniku ||

9.
Jênu-udaka puniku bêcik |
miwah waskithèng (n)don |
wadon abang mungsêr pupukange |
ingkang wuri Durga-racun nênggih |
gêringan kang nitih |
kuwur anggung wuyung ||

10.
Kuda putih lan amungsêr kuping |
lolongope karo |
mandhalasa-lalawang namane |
srêpan kang ngingu miwah kang nitih |
akèh kang rêjêki |
bêgjane lumintu ||

Jilid 2 - Kaca : 32

11.
Palangka mungsêr sukune ngarsi |
kang kiwa kinaot |
mung rahayu pasaja kang darbe |
Sandhung-bawa lamun kuda abrit |
mungsêr poking kuping |
awon watêkipun ||

12.
Sapa nguwuh midêr anulari |
tatangga kasêmpyok |
ing gagêring miwah malarate |
kalamangga namane sayêkti |
lamun kuda abrit |
ambênan (ng)gènnipun ||

13.
Nyêng-unyêngan iku datan bêcik |
wèh kuwur kawaon |
kala-mumbul puniku aranne |
kêna amuk kang ngingu kang nitih |
lamun turangga brit |
ciri jangga luhur ||

14.
Arja-parilaya iku bêcik |
turangga mangkono |
kuda kuning adawa buntute |
nadyan sami Dewa-nglayang luwih |
pakantuk yèn jurit |
rahayu kang ngingu ||

15.
Kuda abang (m)balalak kang ciri |
gulune tan awon |
Bawakara puniku namane |
kang angingu rahayu basuki |
mungsêr netranèki |
lamun kuda dhawuk ||

16.
Arcu-turo iku kang anitih |
tan wun tibèng asor |
yèn palangka aciri kang lambe |
Rustrakara aranne pan bêcik |
kang ngingu kang nitih |
entar budinipun ||

17.
Mas Cêbolang umatur wotsari |
yèn turangga awon |
nora pênêd nênggih cicirine |
yèn dèningah adamêl bilai |
Swaninda lingnya ris |
ana istyaripun ||

18.
Pangruwate ciri kang tan yogi |
ingkang wus kalakon |
kuda putih sinulêd sarate |
ing salaka mêntas saking agni |
kuda irêng wêsi |
susulêdanipun ||

19.
Sinulêd ing êmas kuda kuning |
têmbaga ingobong |
lamun kuda abang susulête |
turangga dhawuk mas kang kinardi |
kang suwasa yêkti |
kang tan mambêt sêpuh ||

20.
Puniku sirna alaning ciri |
luwar ing pakewoh |
Sonyantaka angèl tatambane |
ingkang ngingu simpêna li-ali |
intên kang arêgi |
sakêmbaran sèwu ||

21.
Panulaking Sonyantaka kêni |
yèn nora mangkono |
Sonyantaka angèl tutulake |
turangga Bramara-lêbu-gêni |
pan walirang abrit |
winor lawan jêruk ||

Jilid 2 - Kaca : 33

22.
Binênêm lawan kulite nuli |
pan ginawe pupoh |
ing netrane wancine têngange |
lamun nora nuju têngah wêngi |
puniku pan uwis |
mari panasipun ||

23.
Kang ngingu manpangat dènluluti |
maring para wadon |
rawan kinajrihan ing mungsuhe |
pedahe Bramara-lêbu-gêni |
lampahing turanggi |
yèn mêntas tinuku ||

24.
Miwah yèn angalih (ng)gènnirèki |
dina kang winaon |
lan pasaran amrih basukine |
kuda putih yèn tinuku Manis |
ing sasi Kasèki |
Petroka rannipun ||

25.
Yèn marêngi ing turangga abrit |
tinuku Kaliwon |
sasi Karo Suwela aranne |
kuda irêng Wage dènpicisi |
nuju wulan Katri |
Prawada rannipun ||

26.
Lamun ana iku jaran kuning |
tinumbas ing Êpon |
sasi Kapat Wiyoga namane |
apan ana kang winuwus malih |
wêtonning turanggi |
awon pênêdipun ||

27.
Jaran putih lamun mêtu Manis |
prayoga inganggo |
yèn liyane tan pantês ingangge |
turangga bang lamun mêtu Paing |
dèningu prayogi |
liyane tan patut ||

28.
Kuda irêng yèn Wage umijil |
sayêkti kinaot |
senapati prayoga kang ngangge |
yèn liyane irêng datan bêcik |
Kaliwon umijil |
kang prayoga dhawuk ||

29.
Yèku utamane kang turanggi |
yèn mêtu kaliwon |
abang kuning irêng nistha bae |
nora bêcik nora (m)bilaèni |
mung dhawuk utami |
turangganing ratu ||

30.
wontên liya kang cinatur malih |
pênêd lawan awon |
ing tulise kang anèng ilate |
Talaga-kumêmbêng srêpan èstri |
dumadakan gampil |
ngupaya dyah ayu ||

31.
Nora angèl mamrih èstri luwih |
dumadakan moprol |
lire padha amasang ciptane |
malah pating tarèmplèk kang prapti |
samangsa darbe sir |
kang prapta kumrutug ||

32.
Yèn Dhandhang-nucuk tulisirèki |
ing ilat pan awon |
kang angingu gêringan tur bèsèr |
lamun kadi Kalabang kang tulis |
kang angingu asring |
tan wun nandhang tatu ||

Jilid 2 - Kaca : 34

33.
Tulis kêlêng ing ilat tan bêcik |
mawèh tukar awon |
lamun kadi angkul ing rajahe |
kang angingu kèdhêp ing sasami |
yèn rajahe kadi |
pupuganing randhu ||

34.
Ala kang ngingu miwah kang nitih |
aganas tan awon |
gora godha sabarang tingkahe |
yèn rajahe ilat nyakrabumi |
lire kadi-kadi |
naga èmpêripun ||

35.
Yèku pênêd ing pakarti bêcik |
kêkês mungsuh adoh |
lamun kadi arga ing rajahe |
ngêdohakên rêjêki kang prapti |
mung kari sathithik |
dumadakan wurung ||

36.
Lamun kadi gada ingkang tulis |
ngêdohakên mungsoh |
pan keringan kang ngingu watêke |
yèn wong agung kèdhêp ing wadyèki |
kalamun wong cilik |
kèdhêp rayatipun ||

37.
Lawan adoh ing pancabaya gring |
pitênah tan (ng)gêpok |
lara roga suminggah kabèhe |
pinarêkan marang ing rêjêki |
myang gustine asih |
kang ngingu kudèku ||

38.
Lawan waris kang ngingu kang nitih |
kèdhêp tan wun wayoh |
saking dènnya manpangat kudane |
ulatana ilating turanggi |
kang rajah Gadèki |
wèh asmarèng kalbu ||

97 Asmaradana

1.
Datan katanggungan kaki |
(ng)goningsun asung pitêdah |
ing turangga pangêlihe |
angunggahkên mring gêdhogan |
milih ari pasaran |
nêptune roro kinumpul |
gya ingetang kang prayoga ||

2.
Sakawan etangannèki |
awit Suku pan ingetang |
pindho Buta ing etange |
kaping têlu etung Gajah |
kaping pat tiba Sela |
ganêp papat etangipun |
kang tan sae singgahana ||

3.
Yèn tiba Suku marêngi |
pincangan wataking kuda |
tiba Buta galak rêke |
yèn etunge tiba Gajah |
pan lêmon adatira |
tiba Watu kang pakantuk |
kukuh awèt kasarasan ||

4.
Ri Akad lêgi winilis |
kaetung tumiba Buta |
Akad Paing Buta manèh |
Akad Ponne tiba Sela |
ing Akad Wage tiba |
Suku Akad Kliwonnipun |
uga Suku tibanira ||

Jilid 2 - Kaca : 35

5.
Gumantya ri Sênin Lêgi |
tiba Suku etangira |
Isnèn Paing Suku manèh |
Isnèn Êpon tiba Gajah |
Isnène Wage Sela |
Isnèn Kaliwon puniku |
amarêngi tiba Sela ||

6.
Ing ari Salasa Lêgi |
tiba Watu etangira |
Salasa Paing Buta-ne |
Salasa Pon tiba Sela |
Salasa Wage Gajah |
ing Salasa Kliwon nuju |
uga tumiba Dirada ||

7.
Gantya ari Kêmis Lêgi |
tiba Suku etangira |
Kêmis Paing Suku manèh |
Kêmis Pon tumiba Liman |
Kêmise Wage Sela |
Kêmis Kaliwon ingetung |
iku uga tiba Sela ||

8.
Jumungah Lêgi marêngi |
petunge tumiba Gajah |
Jumngah Paing Gajah manèh |
Jumngah Pon Suku tumiba |
Jumungah Wage Buta |
Jumungah Kaliwonnipun |
iku uga tiba Buta ||

9.
Ing arine Saptu Manis |
etung masih tiba Buta |
Saptu Paing Buta manèh |
Saptu Pon Mêtu prayoga |
Saptu Wage Sukunya |
Saptu Kliwon tiba Waku |
lungguhe nggunggahkên kuda ||

10.
Yèn putih pasaran Lêgi |
dhawuk Kaliwon prayoga |
abang Paing utamane |
irêng Wage dènunggahna |
kalamun kuda jênar |
pasaran Êpon pikantuk |
wus titi babing turangga ||

11.
Kacarita sabên ari |
Kiyai Lêbdaswaninda |
tan lyan kang winêdharake |
marang Ki Mase Cêbolang |
namun bab katuranggan |
sadayanya wus kacakup |
manêmbah aris turira ||

12.
Kalangkung panuwun mami |
paduka asung pitêdah |
katuranggan saputuse |
ulun tanêm ing wardaya |
dumadya papawitan |
kalawan indhaking kawruh |
dhuh babo panuwuningwang ||

13.
Kalilana ingkang dasih |
ayun (n)dumugèkkên lampah |
anut ing suku tindake |
aywa kirang pangaksama |
kantunna sukawirya |
kinuwatna ing Hyang Agung |
raharja panjang kang yuswa ||

14.
Ki Swaninda lingira ris |
tan luwih pangèstuningwang |
marang sira sakabèhe |
katêkana kang sinêdya |
aywa na kara-kara |
Mas Cêbolang ngraup suku |
santri catur gantya-gantya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06a) Kaca 16 – 24
  • (07) Kaca 36 – 37 >