Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (20c) Kaca 124 – 131

 

( Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan )

VIII. Mas Cêbolang dumugi ing Prambanan, nyipêng griyanipun Lurah Harsana. Ningali Candhi Sèwu, Candhi Jonggrang sarta mirêngakên dongèngipun wiwit jaman Prabu Dewanata ing Pêngging, Prabu Dipanata ing Salêmbi mêngsah Prabu Karungkala ing Prambanan ngantos Bandung Bandawasa nyipta Candhi Sèwu lan Rara Jonggrang dados rêca.

Ing nalika ingkang jumênêng ing Prambanan Prabu Baka, kêrsa nglalipur panggalih kanthi abên sawung. Sang pramèswari kalihan para garwaning abdidalêm ngawontênakên lêlangên abên gêmak lan abên kêmiri. Punika wiwitipun ing Tanah Jawi wontên lêlangên abên-abên wau.


Kaca 85 - 131.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 124

204 Asmaradana

24.
Babon sulaya lan mami |
lah ta sapa ingkang bisa |
amurungkên patiningngong |
sanggêm asung sukarêna |
tinêmpuhkên babaya |
mangkana karsèng Dewa Gung |
Ki Japlak sinungan wikan ||

25.
Saking salu marêpêki |
ngintip-intip kandhang ayam |
wus cêtha ing pandulune |
ayam kang sanggêm babaya |
sawung ulêse krêsna |
buntutira mubal pingul |
tan siwah kadi wasita ||

26.
Ki Japlak tatanya aris |
èh jago kasaguhanta |
kang wus sira wahyakake |
apa kêna ingantêpan |
dhuh jalma ywa sumêlang |
gugunên saujaringsun |
eca tyase Kyai Mandang ||

27.
Sandayèng tyas mung manawi |
Kyai Buyut datan angsal |
wangsul maring paturone |
gya enjing nulya pamitan |
sarwi anyuwun ayam |
ulês cêmêng buntut pingul |
Ki Buyut mèsêm lingira ||

28.
Lah suwawi (n)dika ambil |
puniku sawung nanêka |
saking ing Mrapi pucake |
Ki Japlak kalangkung suka |
binopong ponang sata |
sarwi awacana arum |
dhusun Gumuling punika ||

29.
Nama prayogi dènêlih |
samangkê dhusun Kajiwan |
daruna wurung sawunge |
pinragat samangke arja |
Buyut manadukara |
katêlah lajêng kasêbut |
aran ing dhusun Kajiwan ||

30.
Mandangjaplak tandya pamit |
nèng marga datan winarna |
wus sinung aran sawunge |
pun Muwar sapraptanira |
ing wisma tan kêna sah |
lèngkèt agêng trêsnanipun |
binêkta byantarèng nata ||

31.
Sang nata tatanya aris |
saka ngêndi iku Japlak |
saking Marapi sang katong |
payo kono tatandhingan |
kalawan si Gajaksa |
Muwar kawon gung ngaluhur |
Japlak ajrih yèn mopoa ||

32.
Sawung Muwar abibisik |
asal sawunge sang nata |
sarta ywa sandeyèng tyase |
têka ndhèrèka kewala |
kakalih uwus tinoya |
cul payu Muwar tinutuh |
kapilis wus sinadasa ||

Jilid 3 - Kaca : 125

33.
Muwar malêsnya bêt (n)jiling |
pun Gajaksa kapisanan |
dadya dirada wangkene |
suka kang samya totohan |
kang kawon babayaran |
sang prabu langkung gêgêtun |
dhawuh tinutuh lan Sura ||

34.
Mandhangjaplak langkung ajrih |
manêmbah sumanggèng karsa |
saya agêng totohane |
wus tarung Sura sinampar |
ing jalu gumalimpang |
pêjah dadya naga agung |
sawusira babayaran ||

35.
Anulya tinandhing malih |
kalawan sawung pun Wira |
kalangkung rame tarunge |
Wira pêjah kapisanan |
wangke dadya taksaka |
kang kawon bayaran sampun |
kasaput ratri bibaran ||

36.
Ki Japlak sukanya ngênting |
kawonnya mantuk sadaya |
pamênange kinuruhke(?) |
sapraptanira ing wisma |
Muwar sinungga-sungga |
ing dalu tansah pitutur |
Ki Mandang dahat narima ||

37.
Enjingipun sowan malih |
lajêng kewala tandhingan |
kalawan kagungan katong |
pun Pancorèng namanira |
tanglêt lawan pun Muwar |
Pancorèng sinangga lampus |
wangkenipun dados sima ||

38.
Anulya tinêtah aglis |
lawan pun sangku Gundhala |
datan adangu tanglête |
Gundhala ginêbag pêjah |
wangkenya dadya gada |
pinanjêl tandhing pun Gandhu |
cul payu rame kalintang ||

39.
Gandhu tiwas dadya gandhi |
tinêtah malih kalawan |
pun Manyorèh tarung rame |
pun Manyorèh kapisanan |
wangke dadya curiga |
anêtah malih sang prabu |
sawung nama Candhiraras ||

40.
Rame dènnya mangun jurit |
Candhiraras pinaranggal |
mak sêg dadya warastrane |
kabaranang sri narendra |
tinêtah lan pun Sabak |
langkung rame wus kinabruk |
pun Sahak pêjah (n)jêrbabah ||

41.
Kuwandane dadya piling |
tinêtah malih kalawan |
pun Jaliseta namane |
kêtogan sagung totohan |
rukêt rame tarungnya |
Jaliseta wus ingêmbun |
mak sêg tan mangga puliya ||

42.
Dadya astra puthon rukmi |
kèndêl sêraping baskara |
sang prabu kathah kawonne |
botoh kathah kawudanan |
de kang anut Ki Japlak |
ambêntoyong antukipun |
wus kalilan abubaran ||

Jilid 3 - Kaca : 126

43.
Ing ratri sang yaksa aji |
dahat dènnira sungkawa |
Baèksi tansèng ngarsane |
dhinawuhan angupaya |
sawung kang ngasorêna |
lawan pun Muwar puniku |
Baèksi umatur nêmbah ||

44.
Bilih sang prabu marêngi |
pun Ditya Rota kewala |
pinudya dadya sawunge |
sang nata kalangkung suka |
Ditya Rota pinudya |
sakala wus dadya sawung |
wulu klawu nama Brama ||

45.
Enjing sang prabu miyosi |
Ki Japlak wus ingandikan |
kalawan (m)bekta sawunge |
pun Muwar tandhing lan Brama |
kalangkung ramenira |
sarosa gantya kapupu |
temah Brama kawatgata ||

46.
Maripatira kang kering |
kawus kabur wus anggeblas |
sang Baèksi dupi anon |
nututi lampahing sata |
tumekèng kidul arga |
panggyarsa binêktèng wangsul |
nulya na swara kapyarsa ||

47.
Baèksi ruwatên aglis |
yèn wus nulya agnyanana |
amanggon ing tanah kulon |
dumunung desa Gadhungan |
benjang dadya mulyanya |
yèn sirarsa golèk sawung |
kang ngasorakên si Muwar ||

48.
Mangetana dipun aglis |
maranga ing Kêlut arga |
pan kono ana wujude |
ulês putih lancur krêsna |
sêmu saplak lan Muwar |
sawung elok bisa muwus |
satata kadi manungsa ||

49.
Pilutanên ing mamanis |
lamun wus sambadèng karsa |
jênêngna Gutukmênur-e |
Baèksi mituhyèng swara |
suta sinidhikara |
wus waluya sinung tuduh |
kadya wangsit kang kapyarsa ||

50.
Ditya Rota wus lumaris |
Baèksi wangsul ing pura |
prapta ngabyantara katong |
matur sawung tan kapanggya |
taksih panggah ngupaya |
sang prabu lêjar ing kalbu |
dhawuh êpur wus bubaran ||

51.
Baèksi amit narpati |
kalilan anulya mentar |
datan cinatur lampahe |
wus prapta ing Kêlut arga |
nalasak angupaya |
tan antara dangu pangguh |
mamanising pangupaya ||

Jilid 3 - Kaca : 127

205 Dhandhanggula

1.
Sawung pêthak lancur mubal langking |
kawistara lir manungku puja |
Baèksi eram ing tyase |
sang wiku makidhupuh |
mangênjali mamalating sih |
sawung mèsêm sajarwa |
linut ing sabda rum |
sawusing titi carita |
atatanya marang ing rêsi Baèksi |
paran gatining karya ||

2.
Sang Baèksi matur mamalat sih |
saliring rèh tan na kaliwatan |
kalamun kaparêng mangke |
ing karsa sang linuhung |
binêkta mring Prambanan nagri |
katur sang natayaksa |
myang sinung jujuluk |
Gutukmênur Sang Hyang Sata |
tan lênggana binopong binêkta aglis |
praptèng byantara nata ||

3.
Sawung katur (ng)guguk sang yaksa-ji |
Mandangjaplak tandya tinimbalan |
kinèn ambêkta sawunge |
sapraptanirèng ngayun |
Muwar mulat sawung narpati |
bibisik mring Ki Japlak |
sawunge sang prabu |
arinira tunggal yayah |
samya sang Hyang Indra ingkang asisiwi |
wus winêdhar sadaya ||

4.
Kang sinung ling ngungun langkung ajrih |
wêwah sungkêm maring sawungira |
sang prabu parentah age |
mring Japlak sawungipun |
tinandhingkên lan sawung putih |
kagungan sri narendra |
sumangga turipun |
wus campuh madyèng kalangan |
Gutukmênur Muwar pagut ing pangèksi |
tan pangling kalihira ||

5.
Kawistara sru gitik-ginitik |
sajatine pan imbal-wacana |
Muwar alon andikane |
dhuh yayi kadangingsun |
wus alami ingsun-ulati |
lagi samangke panggya |
matur Gutukmênur |
ulun anèng Kêlut arga |
yèn mangkono payo yayi padha mulih |
kang rayi sru lênggana ||

6.
Dadya dangu wawan-winawan ngling |
lah ta yayi iki wus antara |
ing aprang ngalaha bae |
kang kinèn datan purun |
matur aris sarèhning mami |
sinaènan ing jalma |
langkung merang ulun |
wontên lukitèng babasan |
asih iku timbang wawalêse gêtih |
kang raka angandika ||

7.
Êmpan papan kang mangkono yayi |
dhihin amung walês jrih kewala |
pindho pêrih lan panase |
têlu wutahing marus |
tumrap ingkang sliranta yayi |
maksih tangèh malêsa |
wutahing kang marus |
dêstun lagya jrih kewala |
lah sumangga yèn ulun ngawona isin |
sabab ulun wus sagah ||

Jilid 3 - Kaca : 128

8.
Ngawonakên sawung kang dimurti |
darbèkipun Ki Mandangjaplak |
kang raka lon andikane |
ywa mangkono riningsun |
inggih kakang kadi punapi |
paran lamun kawuryan |
ing jalma kang ngruruh |
gya ulun mangejawantah |
wus sajarwa atmaja Hyang Endrapati |
mèsêm kang raka myarsa ||

9.
Kawistara agantya kapilis |
alok-alok surak (m)batarêbah |
kang samya non sru sukane |
amung Ki Mandang kang wruh |
wicarane sawung kakalih |
dangu awawan-sabda |
kongsi mumbul-mumbul |
tumitah pucaking arga |
amangalèr ngayuh pucaking Marapi |
anulya pipisaban ||

10.
Ingkang rayi kinèn kantun awit |
(n)dumugèkkên èsthining wardaya |
raka wangsul kayangane |
Muwar mincok wit randhu |
Gutukmênur mangetan aglis |
anapak jumantara |
prapta luhuripun |
padhusunan Sokawatya |
uning sata èstri mulus wulu putih |
Gutukmênur kasmaran ||

11.
Cumalorot tumulya ngrakêti |
tan saranta pinurwèng asmara |
satata ayam carane |
sawusnya amonglulut |
mibêr kadi nguni tan bangkit |
ngunthul sru merang ing tyas |
tantara muksa wus |
wangsul sarira bathara |
pan katêlah ing nguni prapta samangkin |
sawung ing Sokawatya ||

12.
Nora daya cêpak apêsnèki |
gantya kocap kang anèng kalangan |
sang prabu utusan age |
angruruh Gutukmênur |
Mandangjaplak asru nututi |
lan Muwar wus kapanggya |
nèng pucaking randhu |
Ki Mandang mènèk wus pêrak |
mangênjali umatur angasih-asih |
mugi panujèng karsa ||

13.
Kaparênga ulun êmong malih |
èh ta Japlak samangke wruhanta |
ingsun mring kayangan manèh |
amung ta wêkasingsun |
raga kita candhinên benjing |
lan manèh wêkasingwang |
yèn anggawa sawung |
ywa aso sor randhuwana |
yèn lumaris parêg lan randhu dèn aglis |
kang (m)bopong kalurukan ||

Jilid 3 - Kaca : 129

14.
Sukur sarta yèn kluruk pribadi |
yêkti jaya tuntas ing pamêkas |
Muwar ngracut sarirane |
wangsul kayanganipun |
raganing kang sawung tumuli |
binêkta mantuk sigra |
cinandhi di luhung |
katlah nama Candhiraga |
kang ngulari Gutukmênur tan kapanggih |
Baka langkung sungkawa ||

15.
Gya parentah angupaya malih |
bên-abênan mrih lipuring driya |
punggawa ngaturi age |
kaparêng tyasing prabu |
ngabên jangkrik myang ngabên miri |
pidak mawi dènolah |
niku purwanipun |
ngabên sawung miri pidak |
lawan jangkrik mila sawung kang prayogi |
wêdalan arga Mrapya ||

16.
Mas Cêbolang miwah catur santri |
langkung suka myarsakkên carita |
sinambi alèlèh-lèlèh |
jênggèlèk lon lingipun |
amêmêlas natèng Salêmbi |
lêrês nganyut palastra |
rumaos pêsipun |
labane kurang titika |
ing tyas limut kêni rinancanèng ngeblis |
satêmah (n)jamah putra ||

17.
Pawêlèhe puputra rasêksi |
Citrasena puputra wanara |
kadiparan ta pêrnahe |
pakèwêt kramanipun |
Ki Harsana lingira aris |
nyumanggakkên ing karsa |
mila kula (ng)galur |
cariyos sru pados têrang |
lawan kenging kaanggo têpa-palupi |
lampahan kina-kina ||

18.
Amangsuli cariyosing nguni |
radyan Bandung wus (n)dungkap diwasa |
tansah tanya sudarmane |
rinapu datan lipur |
wus sajarwa dyah Rarasati |
Dyan Bandung duk miyarsa |
tanpa pamit ibu |
pribadi tandya umêsat |
saking puri sapraptanira wanadri |
kapanggih Bandawasa ||

19.
Aprang rame Bandawasa kuntit |
dyan cinandhak arsa pinêjahan |
Bandawasa lon ature |
gêsangana wong bagus |
nama ulun sumanggèng kapti |
mêwahana paparab |
inguculkên sampun |
nêmbah anungkêmi pada |
saha matur samangke paduka nami |
Dyan Bandung Bandawasa ||

20.
Bandung mêsat praptèng têpis-wiring |
Parambanan gantya kang winarni |
Radyan Darmamaya mangke |
panggya lan ari prabu |
Citrasena umatur aris |
mèh lalu ing pangantya |
kang raka lingnya rum |
mêdhar ing purwa wasana |
ari ngungun wasana sukur ing Widdhi |
tandya nêmbang têngara ||

Jilid 3 - Kaca : 130

21.
Samya inggar kirap wadya Pêngging |
gugup prabu yaksa wus miyarsa |
Dyan Darmamaya praptane |
sinêngguh lajêng lampus |
Dyan parentah miyosi jurit |
wus campuh rame aprang |
Sri Baka umagut |
pinapag ing Darmamaya |
Radyan Bandung prapta rananggana aglis |
Darmamaya cinandhak ||

22.
Sangking wingking duk arsa binanting |
myarsa swara èh Bandung wruhanta |
iku ramanta yêktine |
Darmamaya yayahmu |
Bandung kagyat sinèlèh ririh |
rahap mangraup pada |
dhuh wong tuwaningsun |
ulun Bandung atmajanta |
Radyan Darmamaya gupuh ngrangkul siwi |
babo atmajaningwang ||

23.
Eyang miwah ibunira kaki |
apa padha basuki sadaya |
Bandung nêmbah lon ature |
inggih sami rahayu |
mugi rama ywa walanggalih |
pun yaksaprabu Baka |
ulun kang umagut |
tandya majêng rananggana |
wus acampuh lawan raksasa narpati |
angêtog kasudiran ||

24.
Sèlèh gaman kuwêl ing ngajurit |
mila wontên dhusun Kuwêlan rannya |
sayah prang sami aripe |
milanya wontên dhusun |
ing Koripan dènnira jurit |
mangidul kang katrajang |
lusah-lusah mawut |
mila karan dhusun Lusah |
lajêng sawur-sinawur mila samangkin |
wontên Wêdhi ran desa ||

25.
Praptèng kidul Prambanan yaksa-ji |
dyan cinandhak pinêtêlkên kisma |
amblong trus Laut Kidule |
praptèng samangkenipun |
dados tlaga Miniyan nami |
umbule saking kisma |
katon sirahipun |
jinênggit remanya têlas |
gya binucal mangilèn tibanya têbih |
mila na dhusun Ngrema ||

26.
Mripat kalih cinuplêk wus kêni |
gya binucal ngidul ngilèn mila |
wontên dhusun ing Mataèk |
purus binêthot gupuh |
pan mangilên pambucalnèki |
mila wontên ran desa |
Pagêlèn puniku |
sirah dènêntêpkên kisma |
dadosipun samangke ing ardi Gamping |
badane lajêng sirna ||

27.
Sasirnane Baka narapati |
Radyan Bandung gya malêbêt pura |
dyah Jonggrang lawan putrine |
pinarak jro kadhatun |
Bandung prapta nir tahèng ati |
dyan Jonggrang pinarpêgan |
linuting pangungrum |
sang dyah kawal ing wacana |
ababana kalangênan sèwu candhi |
sawêngi paripurna ||

Jilid 3 - Kaca : 131

28.
Radyan Bandung sagah gya umijil |
amanêgês ngêningakên cipta |
nênêdha mring Pangerane |
katrimah pujanipun |
candhi dadya sarêng sawêngi |
sèwu kirang satunggal |
mirêng tiyang nutu |
prênahe dhusun Katangga |
Bandung kagyat sinêngguh wus bangun enjing |
luwar dènnya mumuja ||

29.
Aningali dalu dèrèng lingsir |
Radyan Bandung lajêng angandika |
dak-tatêdha salawase |
marang Dewa Linuhung |
wong Katangga jalu lan èstri |
yèn parawan dadiya |
iya prawan sêpuh |
jaka dadi jaka tuwa |
pan katêlah ngantos dumugi samangkin |
parawan jaka tuwa ||

30.
Radyan Bandung malbèng pura malih |
asung uning Candhi Sèwu dadya |
minta sih kalêksanane |
patêmbayèng sang ngayu |
linunturan sabda mamanis |
sang dyah dahat lênggana |
kaslêpêk ing ngatur |
sigra lumajêng lan putra |
Bandung krodba binujung saparannèki |
dupi ayun kacandhak ||

31.
Sang dyah Jonggrang mêlêng ing sêmadi |
nyipta luhung dados sela-tama |
jlêg warni arca anggane |
èstri astane catur |
jangkêp sèwu nama lêstari |
cuthêl namung punika |
criyose tyang sêpuh |
kaol kadwi kalanira |
jamanipun karaton ing Majapahit |
Brawijaya pamêkas ||

32.
Ingkang damêl namanipun sami |
inggih Bandung atmajaning ngajar |
saking pinuja dadose |
rampung sami sadalu |
lampahane mèmpêr ing ngarsi |
punapi linajêngna |
Mas Cêbolang matur |
sampun samantên kewala |
sakalangkung gung-gunging panuwunmami |
rèhning wus wanci pajar ||

33.
Kalilana ulun minta pamit |
(n)dumungèkkên lampah saha miyat |
tlaga myang patilasane |
Sri Baka yaksaprabu |
Ki Harsana lingira aris |
bagus (m)bok-jêngandika |
lah punika sampun |
klêthêkan yun (ng)godog wedang |
prayogine ingêntosan sawatawis |
sêdhêng pajaring surya ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (20b) Kaca 106 – 123
  • (21) Kaca 132 – 134 >