Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (31) Kaca 241 244

 

( Dumugi ing Dhusun Têmbayat, Kapanggih Modin Ki Sahabodin )

Mas Cêbolang nêrangakên warni-warnining gêndhing têrbangan, wontên 44 warni. Sadèrèngipun nglajêngakên lampah, dalunipun sami têrbangan gayêng, dipun tingali dening para abdidalêm Kalang, rèh-rèhanipun Ki Wrêksadikara.


Kaca 236 - 240.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 241

231 Sinom

34.
Inggih kakang yèn kalilan |
kula ayun mangastuti |
muhung jiyarah kewala |
nahlilakên kang suwargi |
nyuwun sawab basuki |
lêstarining lampah-ulun |
Ki Modin tansah nyawang |
marang ingkang nêmbe prapti |
cahya wênês bagus jatmika prasaja ||

35.
Ngunandika jroning nala |
kimase pangiramami |
dudu santri nyêgobangan |
cahyane nguwung nêlahi |
wasana wacana ris |
punika langkung panuju |
punapa sapunika |
punapa bakda Ngisai |
Cêbolang ngling prayogi bakdaning Ngisa ||

36.
Tan cinatur dènnya wêkdal |
paragat wêktu Ngisa-i |
Ki Modin miranti dupa |
Cêbolang sarowangnèki |
wus kerit cêlak margi |
anon pakuburan agung |
ing dagan ngilak-ilak |
Nurwitri tatanya aris |
sintên ingkang sumare kubur punika ||

37.
Lah niku (ng)gèr garwanira |
(n)Jêng Sunan Têmbayat nguni |
kathah kang samya jiyarah |
nênêpi nyunyuwun sugih |
lajêng lampahirèki |
prapta pasareyanipun |
(n)Jêng Sunan ing Têmbayat |
anèng (n)dagan sadayèki |
Mas Cêbolang asung salam mirêng swara ||

38.
Tètèh cêtha winangsulan |
sadaya samya miyarsi |
Ki Modin goyang kêpala |
sangsaya ing kurmatnèki |
tutug dènnira tahlil |
wawi kakang samya mundur |
mring makame Sèh Dumba |
kang nèng ing Cakaran wukir |
lumaksana Ki Modin lumakyèng ngarsa ||

39.
Praptèng kubure Sèh Dumba |
anèng (n)dagan dèrèng linggih |
Mas Cêbolang asung salam |
uga na swara mangsuli |
anjawab salamnèki |
nulya nèng daganirèku |
nutug dènnya tahlilan |
pragat wangsul mring masigid |
Kyai Modin pamit ayun marang wisma ||

40.
Mêndhêt sêgah sawontênnya |
Cêbolang datan marêngi |
kakang sampun susah-susah |
sarèhning wus têngah ratri |
damêl susahing batih |
mangke sabibaring Subuh |
ulun lajêng kewala |
dhumatêng Wanakartèki |
Kyai Modin (n)dhêku gya (ng)gêlari glaran ||

Jilid 3 - Kaca : 242

41.
Bantal dhumpal wus tinata |
dilah jodhog mêlik-mêlik |
ontongan klobot myang sata |
mênyan madu sakêmiri |
nèng kêba dèn slêmpiti |
pangot ngiras kangge (m)bêsut |
lantingan kêbak toya |
sumangga sawontênnèki |
sami êsês miwah ngunjuk toya tawa ||

42.
Kang sinung ling samya rahab |
nyêbrak kalobot (m)bêsuti |
lininting winoran mênyan |
kang ngorong nglangga ing kêndhi |
nikmat tumraping dhiri |
sênêng têntrêm nir ing rapuh |
sadaya suka-rêna |
gumrumung sajroning masjid |
Ki Abodin angling marang tamunira ||

43.
Kala wontên pasareyan |
sakalangkung eram-mami |
pun adhi atur sasalam |
têka wontên kang mangsuli |
nèng ardi Bayat tuwin |
nèng ardi Cakaran wau |
awit salami kula |
dèrèng nate amêningi |
lalampahan kang mirid kadi punika ||

44.
Punapi ta karananya |
Mas Cêbolang amangsuli |
sawêg pinuju kewala |
botên wontên kêdhah-kêdhih |
amung pratandha luwih |
sakalihe kang wus marhum |
bokmanawi punika |
iribane kang nêtêpi |
nora mati kewala ngalih panggonan ||

45.
Sèh Bodin goyang kêpala |
adhi ing saèstunèki |
toh sabên ari angucap |
asung salam myang mangsuli |
ananging amung angling |
tan uninga kajêngipun |
pun adhi bilih wikan |
pyarogi winêdhar angling |
paring sawab mring ulun punggung Asmara ||

232 Asmaradana

1.
Mas Cêbolang lingira ris |
pamanggih-ulun piyambak |
kilap têmên myang lêpate |
miwah kacondhongan karsa |
botênnipun sumangga |
kojahe santri ngaluyug |
asring ngêpotakên wêkdal ||

2.
Tiyang ingkang dhatêng angling |
dhumatêng kang kadhatêngan |
asalamu ngalaekom |
jarwa wilujêng kawula |
tumrape ing sampeyan |
ingkang kadhatêngan muwus |
wa ngalaekumu-salam ||

Jilid 3 - Kaca : 243

3.
Wardinipun kula inggih |
makatên ugi tan sisah |
sanadyan wilujêng ingong |
tumrap ing atas sampeyan |
dyan talêkêman asta |
wontên ingkang botên namung |
sami wicantên kewala ||

4.
Kang mawi gathuk astèki |
punika tumrap kang samya |
têpung lajêng samya jagong |
twin pinanggih dêg-dêgan |
mrih lêkêtkên sasanak |
asih sinihan satuhu |
anambahi kasantosan ||

5.
De kang tan gathuk astèki |
tumrap sami saking têbah |
cêkap sung salam kemawon |
tan mawi têkêman asta |
wardine têmbung salam |
punika slamêt rahayu |
manjing dhatêng kasantosan ||

6.
Pikajêngipun winarni |
tyang kang dhatêng uluk-salam |
sèstu anyantosakake |
saha ngêgungakên urmat |
maring kang kadhatêngan |
wangsulan mungalaekum |
pan kosokwangsul kewala ||

7.
wontên malih rasanèki |
wardine salam raharja |
wujud gêsang umuringong |
mangka sipating agêsang |
tuwin umur punika |
mung satunggal èstunipun |
tan kenging bilih kabagya ||

8.
Ing ngriku lajêng kabagi |
ruruba katur ing liyan |
apan têlas saèstune |
nanging margi saking satya |
lêgawaning wardaya |
Allah ingkang Maha Agung |
(m)barêngi kula sung salam ||

9.
Maringi lintu basuki |
umur kalangkung utama |
katimbang lawan umure |
ingkang rinubakkên liyan |
kados mandar santosa |
dene kang rinuban wau |
upami wilujêngira ||

10.
Dèrèng rinubakkên yêkti |
kang mangka angsal tambahan |
èstu mindhak santosane |
nadyan wus kinarya ruba |
sarèhning Maha Nasa |
sampun amaringi lintu |
langkung sae myang santosa ||

11.
Inggih sangsaya mêwahi |
sangêt kêkah kuwatira |
mênggah ta katêrangane |
sadaya muhung minangka |
jalaran kang Kuwasa |
anggènnipun badhe asung |
ganjaran myang kadrajadan ||

12.
Dhumatêng kawulanèki |
kang tumrap Êdating Allah |
pribadi kang boya katon |
dene kang samya tumitah |
sarana kadhawuhan |
apan sami kinèn uluk |
-salam miwah jawat-asta ||

13.
Pan sami siniyan ing sih |
sintên kang mituhokêna |
saparentahing Hyang Mason |
èstu amangguh kabêgjan |
kang agung tumrap dunya |
tanapi ngakeratipun |
mila sami ngistokêna ||

Jilid 3 - Kaca : 244

14.
Liring dhawuhing Hyang Widdhi |
ing Kur'an sampun kaênas |
tangèh kalamun macêthot |
Ki Abodin lon lingira |
mugi kawêdharêna |
inggih kakang èngêt-ulun |
rapale kadi punika ||

15.
Ya ayu haladinna-ni |
amanu kinakiyitan |
bitakiyatin pa kiye |
biak anu min alawan |
auratuha tamat |
maknanipun rapal wau |
èh eling-elingên poma ||

16.
Umat mukmin sadayèki |
kala sira tampa ruba |
lan sadhengah rurubane |
iya iku kaslamêtan |
myang maujud sabarang |
nuli malêsa sirèku |
kalawan ganti ruruba ||

17.
Ingkang sakira ngungkuli |
lawan rurubaning liyan |
utawa ambalèkake |
ing satimbange kewala |
dene ta kukumira |
tyang mung ruruba salamu |
tuwin sadhengah ruruba ||

18.
Amung sunat yêktinèki |
de kang ingulukan salam |
wajib asung wangsulanne |
nanging wajib kiyapah |
sanepane mangkana |
upami tyang kathah kumpul |
wontên ingkang uluk-salam ||

19.
Salah satunggal mangsuli |
wus nir kasipatan dosa |
kang tan sung wangsulan kabèh |
cêkap satunggal kewala |
dene ta wawangsulan |
kang ngungkuli rurubèku |
amung makatên kewala ||

20.
Upami rurubanèki |
asalamu ngalaekam |
wangsulane kang kinaot |
wa ngalaekumssalam |
wa rahmatulahi wa |
-barakatuhu puniku |
utamining wawangsulan ||

21.
De kang mung stimbangnèki |
salamu ngalaekum |
wa ngalekumu salame |
cêkak makatên kewala |
manawi kang ruruba |
barang ing sawujudipun |
puniku winalêsana ||

22.
Klawan barang kang ngungkuli |
utawi satimbangira |
yèn tan sagêd malêsake |
ingkang sami wujud barang |
puniku winalêsa |
lan suka narimèng kalbu |
tuwin pamuji raharja ||

23.
Punika langkung utami |
katimbang winalês barang |
kang timbang lan rurubane |
apan ta namung punika |
ing sasêrêpan kula |
Sahabodin manthuk-manthuk |
sa Allah sawêg punika ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (30) Kaca 236 – 240
  • (32) Kaca 245 – 253 >