Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (37) Kaca 297 – 299

 

( Nglajêngakên Lampahipun Tumuju Pranaraga )

XIII. Mas Cêbolang tuwin para santrinipun nglajêngakên lampahipun tumuju Pranaraga. Saking katêbihan sumêrêp cahya nêlahi, nanging sarêng

Kaca 3 : xiii ---

dipun cêlaki, cahya wau ical. Lajêng kapanggih Ki Wanakarta, muridipun Ki Pujangkara ing Mataram, ingkang maringi sêsêrêpan warni-warni:


Kaca 297-299.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 297

245 Salisir

3.
Kinom wussing sasalaman |
lampahnya alon-alonan |
Cêbolang ngaras dlamakan |
miwah santrinya sakawan ||

4.
Wus lèngsèr saking ing ngarsa |
nèng (n)jawi regol ingantya |
sasarêngan lampahira |
dupi praptanirèng marga ||

5.
Ingkang dumugi ing praja |
Kinom alon angandika |
lah kulup bage raharja |
muhung pangèstumanira ||

6.
Cêbolang sasantrinira |
manêmbah nuwun aturnya |
sasowangan lampahira |
sigêg kang wangsul mring praja ||

7.
Nahên ta ingkang winarna |
Mas Cêbolang lampahira |
tan ana kang sinangsaya |
yèn dalu rêrêp nèng desa ||

8.
Wanci suruping Hyang Arka |
tan na dhusun kawistara |
sangêt rapuhing sarira |
kèndêl anèng ngara-ara ||

9.
Nuju panglong ingkang candra |
abyor ingkang taranggana |
sumunar ing ngantariksa |
angrênggani jumantara ||

10.
Nulya ana kawistara |
katingal saking mandrawa |
sumilak amawa cahya |
manthêr wêning tejanira ||

11.
Cêbolang alon lingira |
kae padha tingalana |
kang mancorong mawa teja |
wangune cêlak kewala ||

12.
Kang sinung ling aturira |
lêrês ingkang pangandika |
ulun katêmbèn uninga |
wawarnèn ingkang kadyeka ||

13.
Lah ta payo pinaranan |
tandya mahawan lon-lonan |
labête taksih katoran |
wus prapta kang pinurugan ||

14.
Tan ana kang kawistara |
apan namung siti mluwa |
kang sumunar mawa cahya |
tan dangu nir kang ujwala ||

15.
Kantun sunaring sudama |
judhêg ing panggagasira |
nulya na jalma sajuga |
priya wrêdha suku jaja ||

16.
Murugi panggemannira |
ingkang samya rêrêp sarya |
uluksalam kang miyarsa |
nolèh mangsuli salamnya ||

17.
Anjawat tangan sadaya |
ki wrêdha asung pambagya |
ingkang katêmbèn kapanggya |
pun kaki anilakrama ||

18.
Ing wingking pundi pinangka |
paran ta ingkang sinêdya |
sintên sinambating nama |
Cêbolang (n)dhêku turira ||

Jilid 3 - Kaca : 298

19.
Ulun saking tanah manca |
ing Kêdhu santri walaka |
pun Cêbolang namakula |
rincang sakawan punika ||

20.
Pun Nurwitri pun Saloka |
Palakarti Kartipala |
sêdya yun mring Pranaraga |
talabul agami mulya ||

21.
Sarèhning pêkir sadaya |
dadya anggung kasangsaya |
mlampah sinambi ngupaya |
boga mrih kiyating angga ||

22.
Kula gêntos nilakrama |
ingkang sinambating nama |
tuwin ing ngriki punika |
wana ing pundi wastanya ||

23.
Karya eraming wardaya |
siti têka mawa cahya |
kawuryan saking mandrawa |
ulunparêki gya sirna ||

24.
Ki wrêdha mèsêm lingira |
ing riki ran Wanakarta |
ranulun karaning wana |
inggih Kaki Wanakarta ||

25.
Ki bagus bilih sêmbada |
mung tinimbang nèng ra-ara |
wawi mampir sudhungkula |
mangke ulun sung carita ||

26.
Cêbolang matur sumangga |
sadaya (n)dhèrèk sakarsa |
Ki Wana lumakyèng ngarsa |
sadaya anèng wurinya ||

27.
Sapraptinira ing wisma |
ingancaran mring pandhapa |
nèng salu nginggil mirantya |
glaran alus myang lêmpirnya ||

28.
Ki Wanakarta lingira |
nyai nyai marenea |
wus mêdal saking ing wisma |
nèng salu cakêt lakinya ||

29.
Nyai aku nêmu tamu |
ki mau lagi panuju |
nèng têngah wana (n)dêdulu |
kang sumorot kadi daru ||

30.
Banjur dakajak marene |
anggêpên nak-putu dhewe |
Cêbolang iku namane |
kang papat padha rowange ||

31.
Nyi wisma asung pambage |
wus mangsuli sadayane |
nyi wisma wangsul wisma ge |
wangsul (m)bêkta sugatane ||

32.
Wedang jae lêgèn arèn |
gêmblong bêntul lêmpok durèn |
sêkul jagung canthèl jèpèn |
sambêl windu bubuk wijèn ||

33.
Ayêm atine mênjangan |
gêndhon panjalin garangan |
age tawon sinapitan |
tigan ayam kakamalan ||

34.
Rampunging panatanira |
ingancaran lah sumangga |
sêgahe tyang wontên wana |
anggrah-anggrah tan mirasa ||

Jilid 3 - Kaca : 299

35.
Muhung lumayan kinarya |
rêrêming kalantih samya |
tanggap kang sinungan sabda |
adan nadhah sasênêngnya ||

36.
Apan tan sarêng kewala |
sadaya raos mirasa |
nikmat munpangat ing angga |
wus dumugi panadhahnya ||

37.
Mas Cêbolang sung sasmita |
marang Palakartipala |
kadi batèh kalihira |
nyi wisma suka lingira ||

38.
Pantèn bangêt dak-tarima |
salugune nora darbya |
babatèh saka sajuga |
kang kothong kae undurna ||

39.
Bikut Palakartipala |
wus binêkta maring wisma |
nyai mundur nata kêba |
isi klobot kawung sata ||

40.
Lawan tapsirih mirantya |
mêwahi nyamikanira |
binêkta marang pandhapa |
tanggap para tamunira ||

41.
Wus samya udut myang mucang |
alon matur Mas Cêbolang |
kiyai datanpa rencang |
nèng wana mung sakaliyan ||

42.
Mangsuli Ki Wanakarta |
pantèn ulun kala mudha |
wismèng nagri Ngèksiganda |
mitranya Ki Pujangkara ||

43.
Akathah ing wulangira |
aji èsmu tuwin jaya |
padhukunan myang jampinya |
dilalah kabul sadaya ||

44.
Dalu tanapi raina |
kathah ingkang sami prapta |
lami-lami saya harda |
tan kobêr ngising basanya ||

45.
Lami-lami mindhak sêpuh |
èstune badan krêp rapuh |
yèn tan tumindaka ewuh |
damêl cuwa kadang karuh ||

46.
lajêng rêmbagan lan nyai |
ayo mentar saking nagri |
ngupaya têntrêming ati |
bêcik mahas ing ngasêpi ||

47.
Ki Pujangkara nyondhongi |
kinèn dhadhêkah nèng ngriki |
parandene sanak nagri |
jalu atanapi èstri ||

48.
Kathah kang samya (n)dhatêngi |
minta jampi dhatêng nyai |
tuwin tatanya mring kami |
wirasatipun pawèstri ||

49.
Kang ayun kinarya rabi |
mêndhêt ing wêdalannèki |
pasaran kalawan ari |
myang warni-warni Kinanthi ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (36) Kaca 293 – 296
  • (38) Kaca 300 – 306 >