Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

(45) Kaca 333 – 338

 

( Silsilahipun Sultan Pajang wiwit Prabu Brawijaya Raja Majapait )

Silsilahipun Sultan Pajang wiwit Prabu Brawijaya Raja Majapait ingkang wêkasan nandhang gêrah rajasinga sagêd mantun sarana ngrasuk wanita Wandhan, malah pêputra Bondhankajawan sinêbut Lêmbupêtêng dipun êmong dening Kiagêng Tarub. Salajêngipun ngantos dumugi Sultan Agung ing Mantaram.


Kaca 333 - 338.


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 3 - Kaca : 333

254 Mêgatruh

9.
Ki Saloka ngrawut ronning cungcung bêlut |
satêkêm pinusus aglis |
wus dadya arta sadarum |
ingècèr-ècèr nèng margi |
sakèhing kang rarya angon ||

10.
Rarêbutan mêndhêti arta kang runtuh |
lumastari kang lumaris |
kapapag jalma wus sêpuh |
klênthung-klênthung marang têgil |
kandhêg nèng ngandhaping sawo ||

11.
Asung salam jawat-tangan sadaya wus |
aganti-ganti waradin |
ki wêrda alon lingipun |
anak kula nilakrami |
rèh sadaya nêmbe panggoh ||

12.
Pinangka myang sinambat sinêdyèng kalbu |
Cêbolang mèsêm nangkêpbi |
pratela wutah-rahipun |
nama myang sinêdyèng kapti |
tanapi umatur alon ||

13.
Nuwun ulun nyuwun sasêrêpan èstu |
sintên sinambating kasih |
ing pundi namaning dhusun |
gêmah arjane nglangkungi |
ki wêrda mangsuli alon ||

14.
Paringdalêm (n)jêng Sinuhun ing Mantarum |
kula nami Ki Mastuti |
Mêthakan sinungan lungguh |
kalihdasa karya siti |
ing Pajang Mutihan dhukoh ||

15.
Lah puniki tilas karaton satuhu |
nagri Pajang duk ing nguni |
Cêbolang malih umatur |
nguni sintên kang mandhiri |
nèng kraton Pajang kang kojor ||

16.
Winêdharna paran cariyosing dangu |
punapi luluhurnèki |
(n)jêng sinuhun ing Mantarum |
Ki Mastuti amangsuli |
nunggil pancêr sanès oyot ||

17.
Nanging mangkya wus kumpul nèng Sri Mantarum |
cariyosipun ing nguni |
Brawijaya sang aprabu |
kang mungkasi Majapait |
agami Buddha sang katong ||

18.
Putra satus satunggal putri myang kakung |
ingkang ulun criyos katri |
sadaya botên kawuwus |
ingkang angka tiga putri |
rêtna Pambayun kinaot ||

19.
Ibu Ratu Andwarawati puniku |
putri ing Cêmpa nagari |
ratu Pambayun kramantuk |
Dayaningrat nagri Pêngging |
adipati kang palunggoh ||

Jilid 3 - Kaca : 334

20.
sarêng sampun krama nama Ratu Ayu |
Andayaningrat ing Pêngging |
puputra kakalih kakung |
Kêbokanigara nami |
Kêbokananga kang anom ||

21.
Ingkang sêpuh têtêp ka-Budan ginilut |
sampurna saraganèki |
ingkang anèm wus umangsuk |
Islam agama kang sukci |
têtêp nèng Pêngging sang anom ||

22.
Mung sinêbut Kiyagêng Pêngging puniku |
puputra jalu satunggil |
Bagus Krèbèt namanipun |
ramèbu wusing ngêmasi |
nulya pinondhongan gupoh ||

23.
Mring nyi randha dhusun Tingkir wismanipun |
lajêng karan Jakatingkir |
bagus sinêkti kalangkung |
lalampahan tan winarni |
lajêng suwita sang nganom ||

24.
Mring (n)jêng sultan Bintara ingkang panutup |
kanggêp pasuwitanèki |
kinasih pinundhut mantu |
jinunjung dadya bupati |
ing Pajang sinungan lunggoh ||

25.
Siti kawanèwu karya (ng)gih sèwu jung |
sasedanipun (n)jêng mulki |
ing Bintara wahyunipun |
karaton cumlorot ngalih |
mring ngriki dadya kadhaton ||

26.
Adipati ing Pajang jumênêng ratu |
amêngkoni tanah Jawi |
Prabu Wijaya jujuluk |
puputra kakung myang putri |
ingkang jalu mung sawiyos ||

27.
Nama radyan Banawa sasedanipun |
kang rama Pajang nagari |
tan tulus wahyu kadhatun |
kraton pindhah mring Mantawis |
dene kang jumênêng katong ||

28.
Panêmbahan Senapati Ngalagèku |
dene dyan Banawa naming |
pangeran sêbutanipun |
sinung pangkat adipati |
ing Pajang puputra wadon ||

29.
Warni ayu cahya anuksmèng sitangsu |
anama dyah Banowati |
dhaup lawan (n)Jêng Sinuhun |
Amangkurat Nyakrawati |
sedakrapyak parab katong ||

30.
Sang dyah ayu lajêng sinungan jujuluk |
pramèswari Ratu Adi |
pêputra (n)Jêng Sultan Agung |
ingkang jumênêng samangkin |
buyut sultan Pajang yêktos ||

Jilid 3 - Kaca : 335

31.
Mas Cêbolang rênèng tyas miyarsa wuwus |
nyuwun sasêrêpan malèh |
putra kang kakalih wau |
dumuginipun samangkin |
paran gancaring cariyos ||

32.
Mangkya putra angka triwêlas winuwus |
kang ibu saking nagari |
ing Cina kakasihipun |
anênggih Dèwi Subanci |
tri wulan dènnira (m)bobot ||

33.
Tinrimakkên dhumatêng putra pambayun |
Arya Damar awawangi |
kang sampun jinunjung lungguh |
adipati Plembang nagri |
dhawuhdalêm rama katong ||

34.
Salêbêting (ng)garbini tan kenging (n)dumuk |
mituhu sang adipati |
dupi praptèng mangsanipun |
(m)babar jalu saha mawi |
cahya nêlahi mancorong ||

35.
Sinung nama Radèn Patah Radèn Yusup |
Dyan Kasan Dyan Praba nênggih |
sang dyah têtêp garwanipun |
Arya Damar adipati |
tan alami nulya (m)bobot ||

36.
Miyos jalu ing warna ugi binagus |
dyan Kusèn namanirèki |
diwasanya kalihipun |
nga-Jawi sêdyanirèki |
suwita ing sang akatong ||

37.
Kang jinujug Sunan Ngampèl Surèngkewuh |
Radyan Patah nyulayani |
tan laju mring Majalangu |
kandhêg anèng Ngampèlgadhing |
Kusèn suwitèng sang katong ||

38.
Langkung asih sang aprabu Majalangu |
pinacak dadya bupati |
wontên ing nagari Têrung |
Pêcattandha akêkasih |
sigêg Dyan Patah kacriyos ||

39.
Sunan Ngampèl kalangkung-langkung sihipun |
dhasar uning jangkanèki |
Dyan Patah pinundhut mantu |
dhaup lan putri kang nami |
Ratu Jumantên kinaot ||

40.
(ng)Gih punika kang jujuluk Ratu Panggung |
atut dènnya palakrami |
rahadyan minta pituduh |
badhe dhêkah kang prayogi |
kinèn malampah mangulon ||

41.
Bilih manggih galagah gandanya arum |
ing ngriku kinèn (n)dhêkahi |
radyan lumaksana gupuh |
praptèng Bintara wanadri |
amituhu ing sapakon ||

Jilid 3 - Kaca : 336

42.
Anggènnipun babadra datan winuwus |
dadya dhusun gêng nglangkungi |
kiwa têngên kathah sujud |
bubuka pruwita sami |
agami Islam kinaot ||

43.
Wus kapirêng ing sang prabu Majalangu |
dipati Têrung tinuding |
animbali rajasunu |
praptanira Majapait |
wus inganggêp putra katong ||

44.
Gya ingangkat anama Dipatya Anung |
ngrênggani Bintara nagri |
myang winisik têmbenipun |
ing Bintara dadya nagri |
karan ing Dêmak kadhaton ||

45.
Pan ing ngriku santuning agami luhung |
atasing dhawuh narpati |
adipati klilan mantuk |
têtêp jumênêng dipati |
nahan risaking kadhaton ||

46.
Majapait ing Dêmak dadya nagri gung |
sang dipati jumênêng sri |
apaparab Sultan Jimbun |
Sultan Sah Alam Akbar-i |
sasurud-dalêm sang katong ||

47.
Tilar putra nênêm putri tuwin kakung |
kakunge ingkang winarni |
pangran Sabranglèr puniku |
kang gumantya narapati |
tan alami nulya layon ||

48.
Kang gumantos jumênêng nata rannipun |
Radyan Trênggana kakasih |
tulus ngrênggani kadhatun |
garwa putranya sang mulki |
Kalijaga wali kaot ||

49.
Kangjêng Sultan puputra nêm putri kakung |
putra putri kang sumêndhi |
Dyah Banar jujulukipun |
tinrimakkên Jakatingkir |
prabu Wijaya kinaot ||

50.
Apuputra rahadyan Banawa wau |
besanan lan Senapati |
mêdali (n)Jêng Sultan Agung |
sampun kapungkur kang kalih |
angka patbêlas kacriyos ||

255 Pangkur

1.
Sang aprabu Brawijaya |
nandhang gêrah rajasinga kang nami |
ingusadan sakèh dhukun |
nir deya tan waluya |
saya ngrêda gêrahdalêm sang aprabu |
wanci dalu mirêng swara |
dumêling kinèn nyarèni ||

Jilid 3 - Kaca : 337

2.
Putri Wandhan warni jênar |
linaksanan dyah Wandhan dènsarèni |
sapisan thil gêrahipun |
sênggang sami sakala |
Wandhan jênar anggarbini miyos kakung |
sinung ran Bondhankajawan |
pinaringkên juru tani ||

3.
Nami ki Buyut Masahar |
sarêng yuswa wolung taun sang pêkik |
pinaringkên kyai Tarub |
dhudha putra satunggal |
èstri ayu cahya manuksmèng sitangsu |
lir murca kinêdhèpêna |
paparab dèwi Nawangsih ||

4.
Rahadyan Bondhankajawan |
sinung nama Dyan Lêmbupêtêng nênggih |
diwasanya pinèt mantu |
dhaup kalawan sang dyah |
Mas Cêbolang angling punapa puniku |
Kyagêng Tarub kang akrama |
widdhadari Nawangsasi ||

5.
Patutan èstri sajuga |
Ki Mastuti manthuk-manthuk mangsuli |
inggih punika ki bagus |
lajênge kang carita |
Kyai Tarub datan lami nulya surut |
dyan Lêmbupêtêng gumantya |
Kyagêng Tarub asisilih ||

6.
Puputra tri kalih priya |
ragil èstri (m)bajêng Dyan Dhukuh nami |
diwasa pinundhut mantu |
dening kangjêng susunan |
ing Majagung sarta sinung nama sêpuh |
Sèh Ngabidulah dalêmnya |
ing Wanasaba ngrênggani ||

7.
Karan Kyai Wanasaba |
kang panêngah Dyan Dhepok kang wawangi |
punika ugi pinundhut |
mantu ing (n)jêng susunan |
Majagung pinaringan nama sêpuh |
Sèh Ngabdulah dalêmira |
ing Gêtaspandhawa nami ||

8.
Karan Ki Gêtaspandhawa |
ragil èstri Rara Kasihan nami |
Kyagêng Ngêrang garwanipun |
aran Nyi Agêng Ngêrang |
Kyagêng Gêtaspandhawa nulya susunu |
jalu èstri kalihwêlas |
putra angka dwi winarni ||

9.
Bagus Segom namanira |
diwasanya Kyagêng Sela wawangi |
Kyagêng Sesela susunu |
jalu èstri kawanwlas |
-putra ingkang kasadasa gya tinutur |
Bagus Anis namanira |
suwita ing Pajang ngriki ||

Jilid 3 - Kaca : 338

10.
(n)Jêng sultan sangêt sihira |
pinardikakakên sinungan siti |
nèng Nglaweyan dhepokipun |
katêlah namanira |
Kyai Agêng Nglaweyan tumêkèng surud |
sumare wontên Nglaweyan |
tan têbih saking ing riki ||

11.
Kyagêng puputra dwi priya |
kang pambajêng Bagus Kacung wawangi |
punika kang kulagalur |
Bagus Kacung paparab |
Kyai Agêng Pamanahan lumastantun |
suwita (n)jêng sultan Pajang |
dumadya lurah prajurit ||

12.
Sinêlir wira tamtama |
Kyai Agêng putranya jalu èstri |
tridasa satunggal namung |
mêndhêt cêkaking crita |
putra angka kalih radyan Bagus Srubut |
paparab dyan Bagus Damar |
Danangjaya asisilih ||

13.
Punika pinundhut putra |
ing (n)jêng sultan Pajang sinung kakasih |
risang Sutawijayèku |
Dyan Bèi Loringpasar |
sihing sultan lir putranira satuhu |
Kyai Agêng Pamanahan |
katrimah dènnya mêjahi ||

14.
Arya Panangsang ing Jipang |
gya ginanjar pasitèn ing Mantawis |
Pamanahan ajujuluk |
Kiyagêng ing Mantaram |
Nyai Agêng Ênis Kiyagêng Mantarum |
lan garwa seda pinêtak |
nèng wingking masjid Mantawis ||

15.
Sasedanya sultan Pajang |
pulung kraton dhumatêng ing Mantawis |
Dyan Bèi jumênêng ratu |
wontên nagri Mantaram |
nanging botên karsa sinêbut sinuhun |
amung Kangjêng Panêmbahan |
Senapati ing Mantawis ||

16.
Seda ginantya kang putra |
ajujuluk Mangkurat Senapati |
dhaup lawan putranipun |
Radyan Banawa Pajang |
amiyosi (n)Jêng Sinuhun Sultan Agung |
pra luhur linangkung limpat |
wontên (n)Jêng sultan Mantawis ||

17.
Sukèng tyas Kimas Cêbolang |
amiyarsa tuture Ki Mastuti |
umatur tatanya arum |
punapi tan linarang |
ulun badhe jiyarah risang linuhung |
kang sumare ing Nglaweyan |
pusaka sultan Mantawis ||

18.
Sintên kang kinarsakêna |
adhêdhepok minangka jurukunci |
anggèr sasêrêpan-ulun |
kang sampun kalampahan |
botên wontên cêgah walang-sangkêripun |
janji sampun angsal lilah |
lan ki jimat jurukunci ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (44) Kaca 332
  • (46) Kaca 339 >