Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (04) Kaca 43 – 47

 

( Nglajêngakên lampah dumugi ing Majasta )
II. Ing Majasta; sawatawis papan sujarahan
1. Mas Cêbolang nglajêngakên lampah dumugi ing Majasta kapanggih Ki Jayamilasa jurukunci pasareyan Jaka Bodho putra raja Majapait ingkang ngrungkêbi agami Islam, nyêkabat Sunan Têmbayat kadhawuhan dêdunung ing rêdi Majasta dumugi ing sedanipun. Lajêng sami jiyarah ing pasareyan Majasta
Kaca 43 - 47

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 43

270 Pocung

28.
Lir anggyaning sasangka kataman mêndhung |
mangkya kapawanan |
jaladara tan nglabêti |
sagung candra anyunari sabawana ||

29.
Dhuh sang luhung aksamanta ingkang agung |
benjing-enjing amba |
sakanca anyuwun pamit |
badhe lajêng nuhoni sêdyaning nala ||

30.
Ki Antyanta mèsêm angandika arum |
rasaning tyasingwang |
saupama wong abukti |
durung tuwuk anggonku tamuwan sira ||

31.
Nanging paran yèn ulun ngêguli laku |
jêbèng nora liwat |
muhung ing pandonga mami |
lastariya salamêt sasêdyanira ||

32.
Kang sinung ling mangênjali matur nuwun |
kapundhi mastaka |
dumadya jajimat pripih |
gya mangarsa ngaras pada gantya-gantya ||

33.
Myang Ki Wisma mring Ki Sali lingira rum |
jêbèng yèn sambada |
mampira ing dhukuhmami |
Mas Cêbolang matur nuwun pangaksama ||

34.
Mugi sampun andadoskên cuwèng kalbu |
rèhning lampah-amba |
sampun sawatawis lami |
dèrèng paja dumugi ingkang sinêdya ||

35.
Kyai Sali (ng)guguk pangandikanipun |
jêbèng insa Allah |
nora dumadya tyasmami |
ulun uga nyangoni puja raharja ||

36.
Matur nuwun Ki Antyanta ngandika rum |
lah wawi bibaran |
wus awanci lingsir ratri |
tan cinatur ing dalu warnanên enjang ||

37.
Bakda Subuh samêkta sarapanipun |
wus samya manadhah |
tandya sasalaman sami |
maring para santri kang jagi nèng langgar ||

38.
Bang-bang wetan Hyang Surya arsa jumêdhul |
madhangi bawana |
Cêbolang sarencangnèki |
wus alinggar saking astana Nglaweyan ||

39.
Ngidul-ngetan ngambah sawah têgal talun |
mlipir padhusunan |
nyabrang lèpèn agung alit |
yèn kadalon nyipêng anèng padhusunan ||

Jilid 4 - Kaca : 44

40.
Enjang laju lumaku sasambèn wuwus |
Cêbolang lingira |
kakang Saloka Nurwitri |
dimèn nora krasa sayah ing lumampah ||

41.
Ulun (ng)gilut ngandikane pra linuhung |
nagri Ngèksiganda |
tanapi saurutnèki |
wantahane ginêlung pirang prakara ||

42.
Kang sinung ling ulun èstu dèrèng (ng)gayuh |
kang dènandhar cêtha |
pami sêkul lam kabukti |
ulam munggèng rampadan wus ngandhar-andhar ||

43.
Kang anyuguh anggêlarkên namanipun |
ing satunggal-tunggal |
lan pikantuke mring dhiri |
sukalila nuntên dipunraosêna ||

44.
Sampun malih raosipun yèn kacakup |
namung namanira |
satunggal kewala lali |
têmah kadho-kadho botên sagêt nêdha ||

45.
Dongong jangur kadi tiyang gêtun ngungun |
mila kawêdharna |
wantahing piwulang Jawi |
panggêlunge rema mêntas jinamasan ||

46.
Kakang ingkang dhingin jalma wruh ing kukum |
iku watêkira |
adoh mring kanisthanèki |
pamicara wèh rêsêpe kang miyarsa ||

47.
Tatakrama ngêdohakên ing panyêndhu |
kagunan kinarya |
ngupaboga ing ngaurip |
kalakuwan bêcik wèh ayuning raga ||

48.
Ki Nurwitri Ki Salaka manthuk-manthuk |
e e ora jamak |
gangsal têmbung wus nyêkapi |
nora rapal nora kawi (ng)gugu jarwa ||

49.
Paran kakang mungguh raose galihmu |
têka mupus rosan |
kula ngêmbang-bolo yêkti |
wangsalane Ki Panjangmas Ngèksiganda ||

50.
Kadèk mau ngêmbang-nipah nir pamuwus |
banjur kawistara |
ngêmbang-salak sêmunèki |
baleatma wangsalane Ki Panjangmas ||

51.
Ki Nurwitri Saloka saya angguguk |
Pala Kartipala |
anut gumuyu nyêkikik |
angling kula bêlo nut sêton kewala ||

52.
Lampahipun wus awis mrangguli dhusun |
ngambah ngara-ara |
wana rancah suku wukir |
jurang pèrèng runggut bondhot ngêmbak-êmbak ||

Jilid 4 - Kaca : 45

53.
Lamun dalu sipêng planggrongan wana gung |
trêbange tinatab |
buron galak nyingkir têbih |
têkèng enjang ganti-ganti kang narêbang ||

54.
Purnamaning surya bidhal ngancas gunung |
Kêndhêng ing duksina |
saking mandrawa kaèksi |
wukir alit wingit astana Majasta ||

55.
Sinêrang wus praptèng sukuning kang gunung |
miyat patêgalan |
pasitrèn tumruna sami |
tatanêman mawarna pinantha-pantha ||

56.
Maraseba rajasèwu kusta talun |
walingi sriwulan |
garaita mas bêcici |
kluthuk kêpok êbyar sidak pulut saba ||

57.
Pala pêndhêm kênthang (m)bili talês kimpul |
gêmbolo gêmbela |
uwi suwêg bêstul linjik |
kaspe tela pêthak rêta wungu pita ||

58.
Jwawut otèk canthèl jèpèn jagung têbu |
timun pare ayam |
waloh labu bligo krai |
terong kopèk galathik lobak sêmangka ||

59.
Cipir kara boncis kacang bayêm-sêkul |
lombok krupuk cangak |
tampar wudêl uprêt jêmprit |
dhapuran pring papagêring pakarangan ||

60.
Rampal ori pêting pêtung wulung tutul |
ampèl gadhing jawa |
gêsing anggêndani lêgi |
ki cêndhani nyêkêl apus nyèngklak kuda ||

61.
Mas Cêbolang lawan rencangira catur |
praptèng têpinira |
lèpèn Dèngkèng nèng ngandhaping |
witing kamal pinggêt tilasing pusara ||

62.
Samya cawuk cawuk toya raup wisuh |
wênèh awak-awak |
nahên ta ingkang winarni |
pradikaning Majasta Jayamilasa ||

63.
Wus wruh lamun ana dhatêngan linuhung |
parentah mring semah |
sadhiya sasêgah bukti |
gya mring lèpèn mèt toyastuti yun Ngasar ||

64.
Tumurun sing arga nèng lèpèn wus tundhuk |
lawan Mas Cêbolang |
sasalaman gênti-gênti |
Ki Milasa wirangrong amanêmbrama ||

Jilid 4 - Kaca : 46

271 Wirangrong

1.
Tigas kawuryan kang prapti |
manilakrama kaptèng-ngong |
sintên sinambat miwah ing pungkur |
tanapi kinapti |
masputu sadayanya |
Mas Cêbolang lon turira ||

2.
Kyai (n)dangu nama mami |
pun Cêbolang rare ngloyong |
asli Kilènpraga tlatah Kêdhu |
yun mring Pranaragi |
rencang catur namanira |
pun Nurwitri Ki Saloka ||

3.
Kartipala Palakarti |
ulun duk mahawan anon |
wukir alit pelag angunguwung |
kadêrêng yun uning |
tan etang bahyèng marga |
dhuh risang wrêdha ujwala ||

4.
Sintên sinambating kang sih |
tanapi namaning dhepok |
Milasa duk myarsa lingira rum |
masputu pun kaki |
nama Jayamilasa |
pradikaning Ngèksiganda ||

5.
Sinungan pakaryan aming |
rumêksa tilas dhêdhepok |
kang sumare arga Majastèku |
atmajèng narpati |
Majapait pamungkas |
Dyan Jakabodho namanya ||

6.
Sabêdhahe Majapait |
tambuh solahe sang anom |
lajêng anyêkabat (n)jêng sinuwun |
ing Têmbayat nguni |
manjing agama Islam |
sinung ran Sutawijaya ||

7.
Tinuduh dhêdhepok wukir |
Majasta praptaning layon |
ran Kyagêng Majasta kang kinubur |
nèng anggraning wukir |
dene ta raganingwang |
lamat-lamat taksih (ng)ganda ||

8.
Kaprênah canggahirèki |
Kyagêng ing Majasta dhepok |
Cêbolang duk myarsa lon umatur |
kyai yèn marêngi |
ulun arsa jiyarah |
mring astanèng sang minulya ||

9.
Masputu langkung prayogi |
bakda Ngasar lajêng mawon |
maring pasareyan sun tumutur |
wus samya wuluking |
gya maring masjid wêkdal |
bakda lajêng mring sareyan ||

10.
Binuka kontênirèki |
samya atur salam gupoh |
maesan kalihnya manthuk-manthuk |
tandha yèn tinampi |
mila panggraitèng tyas |
dudu santri sabarangan ||

Jilid 4 - Kaca : 47

11.
Cêbolang sarencangnèki |
nulya tahlil rêmpêg alon |
tahlil wus paragat samya mêtu |
atur salam malih |
maesan dwinya ebah |
manthuk-manthuk lir duk prapta ||

12.
Sapraptanira ing jawi |
Jayamilasa lingnya lon |
masputu sadaya yèn saarju |
lêrêm wismamami |
gampil benjang-enjang |
lajêng (n)dumugèkkên lampah ||

13.
Sêdhêng nir rapuhing dhiri |
tan wontên winalangatos |
Cêbolang sukèng tyas aturipun |
sumangga ing kapti |
sakarsa tan lênggana |
nulya binêkta mring wisma ||

14.
Sapraptanira ing panti |
sasêgah sampun mirantos |
tinata pandhapa munggèng salu |
wusing tata lênggah |
sumangga sawontênnya |
wedang tanapi nyamikan ||

15.
Sawontêne tiyang ardi |
lumayan jampining kator |
yèn wus minum wedang saenipun |
kewala abukti |
kang sinung-ling sadaya |
rumahab mring sasêgahnya ||

16.
Pakantuk sadayanèki |
wus dumugi gya linorot |
wedang ingêjogan dharanipun |
lah-olahan tuwin |
wowohan pinuliyan |
katungka suruping surya ||

17.
Mèt hèr kadas ayun Mahrib |
kênthongan tinatap thong-thong |
para tamu miwah santrinipun |
sadaya mring masjid |
bêdhuge wus tinêmbang |
Ki Nurwitri tandya adan ||

18.
Lagu lalagon Mantawis |
kang miyarsa samya gawok |
bantasing suwara êmpuk arum |
cêp adan sunati |
Mahribi bakda sunat |
Cêbolang anulya kamat ||

19.
Swara rênyah muluh rujit |
ingkang myarsa samya lamong |
nyênyêsing wardaya mawêtu luh |
Milasa ngimami |
tumêkanirèng Ngisa |
bakda Ngisa pupujiyan ||

20.
Dhikiran sêsêg mêlingi |
paragat salaman gupoh |
maring Kyai imam pra santri wus |
mudhun saking masjid |
ki wisma mring tamunya |
ulun sumarah sakarsa ||

21.
Punapi wangsul mring panti |
punapi ngriki kemawon |
kang sinung ling matur ulun nyuwun |
sipêng wontên srambi |
Ki Milasa parentah |
hèh bocah santri dikêbat ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (03b) Kaca 29 – 42
  • (05) Kaca 48 – 55 >