Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 6

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 64 - 68

 

( Bab ulah-asmara tuwin sipating wanita )
III. Mirêngakên bab ulah-asmara tuwin sipating wanita. Mas Cêbolang namur dados èstri ngantos dumugi Sêlaung nyumêrêpi gêsangipun para warok.
1. Lumampah mangetan tumuju dhatêng Pacitan. Ing Girimarta kapanggih Endrasmara, putranipun Kêtib Winong ing Mataram, ing ngayêng badhe ngaos dhatêng Panaraga kandhêg ing Girimarta sêsemah Rara Indradi putranipun Kyai Haji Nurgirindra. Endrasmara mila karêm ulah-asmara, semahipun sakawan sami rukun
Kaca 64 - 68

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 64

273 Girisa

53.
Kandhêg mangu anon janma |
miwah nilingkên suwara |
trêbang ririh panatapnya |
singir alon bêning cêtha |
saya maju kang mèt toya |
tamat kang nrêbang wong nendra |
sukèng tyas ngampêt gujêngnya |
ting kalikik tutup lathya ||

54.
Sangsaya hardaning suka |
latah-latah mawèh gita |
kang singir kang langên taya |
samya (n)jumbul nolèh mirsa |
dyah kang ayun ngambil toya |
Cêbolang ngling lah sumangga |
pra èstri dupi uninga |
Cêbolang bagus kang warna ||

55.
Cêp kèndêl salin salaga |
kengis ngêsês nahên brangta |
lir kataman dhêsthiguna |
wurunging pangangsunira |
tumanduk liringing netya |
Cêbolang tanggap ing karsa |
pra dyah kataman asmara |
nar-naran mijil kang waspa ||

274 Mijil

1.
Kalênthinge nora dènrawati |
têmah mrucut mak prok |
jajorogan sarwi nolèh-nolèh |
wênèh kabêntus ing padhas curi |
kari gulunèki |
pangindhite bêsus ||

2.
Mèyèk-mèyèk wonga-wonga kengis |
sumêkan ngalowong |
pindha wulan katamèng himane |
sasorote sasangka mranani |
swadine mêmengin |
mring sang klanèng ranu ||

3.
Nahan wontên rarywa ing Mantawis |
anak kêtib Winong |
apidêksa manis pamulune |
marêkati sêdhênging birahi |
kesahe pinardi |
talabul ing ngèlmu ||

4.
Kandhêg kèrêm anèng Wanagiri |
labêt sênêng madon |
pinèt mantu lawan panggêdhene |
Girimarta pangkate pratinggi |
ran Kaji Nurgiri |
sinung ran Ki Mantu ||

5.
Kenthol endrasmara akêkasih |
sabên lingsir kulon |
asêngadi ngisis nèng ngandhape |
tanjung agung margining mring (m)bèji |
swadine umèksi |
dyah kang samya ngangsu ||

6.
Samya wangsul kalênthing wus gusis |
ngacuwis guguyon |
jêjorogan sarwi nolèh-nolèh |
dupi cêlak ginêtak dah iki |
ana apa kuwi |
berag ngadu êjun ||

Jilid 4 - Kaca : 65

7.
Kagyat (n)jumbul gugup anauri |
sêndhang wontên kenthol |
anjênthara arum suwarane |
wontên ingkang cawuk-cawuk warih |
ugi kenthol sigit |
botên gondhal-gandhul ||

8.
endrasmara latah anudingi |
ngêndi ana kenthol |
nyawuk warih myang arum swarane |
èstri ingkang mangsuli sung liring |
sarwi nêkêm lathi |
(n)jêrunthul gumuyu ||

9.
Tandya maring (m)bèji ayun uning |
lumaksana alon |
dupi tundhuk jawat-tangan age |
mring Cêbolang Saloka Nurwitri |
Karti Pala-karti |
tangi nulya raub ||

10.
Wus atata nèng têpining warih |
Endra lingira lon |
katambêtan kang kawuryan nêmbe |
linêpatna sakèhe kang runtik |
ulun krami adhi |
kawijilannipun ||

11.
Kang sinêdya myang sinambating sih |
Cêbolang lingnya lon |
dhuh kiraka rayinta yêktine |
saking tanah sakilèning Pragi |
Kêdhu wisma-mami |
Cêbolang ranulun ||

12.
Bilih sagêd dumugi yun maring |
Pranaraga ngaos |
rencang nunggil kapti de namane |
ingkang anèm punika Nurwitri |
Sloka Palakarti |
Kartipala catur ||

13.
Nanging tansah kasangsayèng margi |
jumarunuh repot |
angaluyug datan wrin margine |
tansah takèn ing samargi-margi |
dumugi ing ngriki |
tan wrin namanipun ||

14.
Dhuh kiraka kang rumakêt manis |
nir kang walangatos |
angêgungna gunging aksamane |
kêparênga mêdharkên wawadi |
solahbawa yêkti |
tangèh bilih dhusun ||

15.
endrasmara latah nampèl wêntis |
babo kadangingngong |
têka pintêr mawang mring rakane |
tanah ngriki nama Wanagiri |
kang purun mastani |
endrasmara ulun ||

16.
Tanah têrahing prajèng Mantawis |
anak Kêtip Winong |
awit alit langkung pamêthèse |
nanging ulun punggung anglakoni |
dumugining akir |
baleg tambah mrusul ||

17.
Purun èstri tan sagêd nayuti |
lajêng kinèn ngaos |
nyantri marang ing Pranaragane |
rarywa sanga sasarêngan mami |
dumugi ing riki |
kandhêg amangun kung ||

Jilid 4 - Kaca : 66

18.
wontên rarywa èstri cêmêng manis |
wadana sumuloh |
pindha kilat tumèplêg liringe |
ulun ingkang katampêging liring |
kadi dènlolosi |
cape têmah lumpuh ||

19.
Ulun lajêng poyan boya bangkit |
lumampah wus repot |
tinilara anamung ing têmbe |
bilih mantuk nêdha dènampiri |
wus uninga wadi |
lajêng sadayèku ||

20.
Nahan kantun anggana wakmami |
(m)barêbêl wêtu loh |
gandrung-gandrung nglacak praptèng kene |
jro capuri wontên masjid alit |
ulun malbèng srambi |
wanci bakda Luhur ||

21.
Ingkang darbe wisma amanggihi |
sih wêlase notog |
Kyai Kaji Nurgirindra ranne |
ramanipun dyah kang mawèh kingkin |
ran Rara Indradi |
yayi cêkakipun ||

22.
Ulun mapan pinupu tan lami |
dhinaupkên ingong |
lan Indradi ingkang damêl cape |
lumastantun dumugi samangkin |
yayi yèn marêngi |
lan sanak sadarum ||

23.
Alêrêpa anèng wismamami |
benjing niring rapoh |
sakarsanta lajêng myang botênne |
rama kaji wus kalêbêt alim |
sampun anyêkapi |
ngèlmi sarak Rasul ||

24.
Mas Cêbolang tumantur sakapti |
lumaksana alon |
endrasmara nèng ngarsa lampahe |
praptèng dhadhah dhaham kaping katri |
kang anèng pandhapi |
miwah wismèng pungkur ||

25.
Samya mêdal praptèng ngregol aglis |
ki wisma lingnya lon |
lah tutura mring nyaimu age |
ulun katamuwan kadangmami |
saking Kêdhu Pingit |
rencangira catur ||

26.
Sadhiya-a wedang angêt thithik |
myang bucu kang mrantos |
kang sinung ling wus lumèngsèr age |
tata-tata salu wismèng ngarsi |
parenta mring wuri |
ngrukti pondhokipun ||

27.
endrasmara tamunira sami |
pinarnahkên gupoh |
anèng salu pandhapa kang kilèn |
tinumpangan lampit glaran pasir |
Ki Wisma mring panti |
prentah rabinipun ||

Jilid 4 - Kaca : 67

28.
Tan adangu wangsul mring pandhapi |
sasêgah lumados |
nyai wisma catur ngladosake |
pangudutan kalawan tapsirih |
wedang (m)bang srigadhing |
ronning blimbing wuluh ||

29.
Mabên tawon kongas ganda wangi |
jênar kimpling kinclong |
nyanyamikan wi lêgi kimpule |
gêmblong bêntul sabun pisang-rukmi |
kalawan cariping |
pisang-raja talun ||

30.
Wus tinata andhèr anèng ngarsi |
ki wisma lingnya lon |
lah ta padha ambagèkna kabèh |
iki tamu nanging dudu tami |
kadangmu pribadi |
prênah ariningsun ||

31.
Wus winêdhar ing lampah myang nami |
(n)dhêku catur wadon |
ganti-ganti samya sung pambage |
myang nyarakkên pasunggatanèki |
têmbung nyênyês manis |
marêkakên kalbu ||

32.
Garjitèng tyas kang sinung pambagi |
baya iki wadon |
papat pisan swamine kenthole |
Mas Cêbolang mangsuli pambagi |
pangèstunirèki |
(m)bakayu sadarum ||

33.
botên kirang sajuga punapi |
tulus karahayon |
endrasmara angling mring tamune |
lah punika (m)bakyu para yayi |
kuciwa ring warni |
kidhung wagu sigug ||

34.
Pêthingane pan namung sathumlik |
anglênggahi wadon |
bêkti nastiti sangêt ajrihe |
amiturut saprentahing laki |
condhong ing sakapti |
sagêd momong maru ||

35.
Pun Indradi mring marunira tri |
nir kang walangatos |
kang panênggak Surêsmi namane |
kang panêngah anama Suwati |
pun Lulut sumêndhi |
catur golong-kayun ||

36.
Manjing kadang kang sinarawèdi |
tulus gêndhon rukon |
botên lucu punika tiyange |
lah suwawi danguwa pribadi |
suka kang sinung ling |
alon aturipun ||

37.
Dhuh kiraka kawahyon sajati |
ing pamujiningong |
dhumatêng ing (m)bakyu sadayane |
lastantuna ing salaminèki |
tinartamtu benjing |
antuk sawarga gung ||

38.
Nikmat rahmat langgêng tan agingsir |
ganjaraning Manon |
dhatêng wadon kang bêkti lakine |
endrasmara sukèng tyas lingnya ris |
suwawi sinambi |
sakwontênanipun ||

Jilid 4 - Kaca : 68

39.
Mas Cêbolang sarencangirèki |
ngrahapi pasugoh |
wus dumugi gya ngêsês myang (ng)gantèn |
Kyai Wisma parentah mring rabi |
lamun wus miranti |
ladèkna bucumu ||

40.
Para rabi wus tumêkèng panti |
tan adangu miyos |
nampa bucu lawan rampadanne |
nyanyamikan ingundurkên aglis |
rampadan gumanti |
tinata pinatut ||

41.
Sêkul gaga munggèng panjang-giri |
gudhêg sambi batos |
sambêlgorèng rêmpêla-ti pête |
bubuk-dhêle kaduk lombok cilik |
gorèngan prit-glathik |
gathik myang drêkuku ||

42.
Cêplok tigan kamal ayam ati |
manjangan myang opor |
mêri branti sampêt lalabane |
sambêl-ulêg sarêm ampêr pêtis |
ambêng dènimbuhi |
Ki Wisma lingnya rum ||

43.
Wawi yayi sami awawanting |
punika susugoh |
bêcatipun (m)bakyunta cature |
kang sinung-ling (n)dhêku sigra wanting |
Cêbolang sarwa ngling |
(m)bakayu sadarum ||

44.
Prayogine sasarêngan bukti |
ing tandang tan ewoh |
raroyoman eca sawadose |
kyai wisma suka lah ta yayi |
catur pisan bêcik |
miturut arimu ||

45.
Barêng bukti basane ngêmpyangi |
pra rubiyah gupoh |
awawanting miturut lakine |
tandya bukti ngiras angladèni |
nutug sadayèki |
mirasa pakantuk ||

46.
Cinarikan marang ing pamburi |
wowohan lumados |
durèn manggis dhuwêt wungu putèh |
kêpêl dhuku pisangmas kêcapi |
lah sumangga yayi |
ing pamangsêgipun ||

47.
Pra rubiyah kang ngiras ngladosi |
catur gantos-gantos |
anawani marang têtamune |
katungka Hyang Surya manjing wukir |
têngara Mahribi |
lir blabak tinabuh ||

275 Balabak

1.
Lah ta yayi sumangga sami awêkdal |
Mahribe |
maring langgar ing sabakdane sêmbahyang |
saene |
lajêng ngaso dhatêng pondhok cakêt langgar |
sak-lore ||

   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 62 – 63
  • (10) Kaca 69 -75 >