Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

(11) Kaca 76 - 88

 

( Kyai Haji Nurgirindra ngawontênakên pèngêtan maulud Nabi )
3. Kyai Haji Nurgirindra ngawontênakên pèngêtan maulud Nabi ngundang Mas Cêbolang dalah para santrinipun. Mas Cêbolang mirêngakên katrangan bab Asma'ulhusna (Asmaning Allah) tuwin khasiatipun
Kaca 76 - 88

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 76

276 Salisir

24.
Kang sinung ling saur-pêksi |
sadaya (n)dhèrèk sakapti |
linggar saking pondhoknèki |
Ki Kaji lumakyèng ngarsi ||

25.
Pandhapa wus dèn-gêlari |
pasugatanya miranti |
samêkta rasulannèki |
Ki Kaji angancarani ||

26.
Marang anak-anak sami |
klasa gumlar dènlinggihi |
hèh kabayan dèn-agati |
inggalêna lurah santri ||

27.
Kang pêdhêk-pêdhêk kewala |
Kasan Giri Amat Arga |
Ngabdul Sarsa Sèh Andaka |
trêbange konên anggawa ||

28.
Tan dangu wus samya prapta |
pranata lan tamunira |
winanuhkên sadayanya |
wus samya jagong satata ||

29.
Girindra alon lingira |
kalamun uwus samêkta |
Bismilah wawi awita |
kang sinung ling tur sandika ||

30.
Wus tapuk guyup sadaya |
sanajan pra santri arga |
samya lêbda lagu praja |
pramila dhaup kewala ||

31.
Kandhuri rasulan dama |
tamating maulud nulya |
andonga matumpa-tumpa |
bakda gya nadhah binagya ||

32.
Barêkat binuntêl nulya |
lurah santri mundur samya |
raraosan turut marga |
ngalêm warna myang swaranya ||

33.
Ana ingkang ngudarasa |
baya dudu wong pracima |
tandang tanduke katara |
kaya wong kulinèng praja ||

34.
Rowangnya ngling dhasar iya |
wus lawas nèng Ngèksiganda |
kulina para ngulama |
lan para mashuring praja ||

35.
Layak bae mangkana-a |
pasêmone wus katara |
wingit wênês amrakatya |
upama wis rada tuwa ||

36.
Pasthi dadi aoliya |
apêse wong alim ika |
basa iku masih mudha |
mêmpêng-mêmpênge asmara ||

37.
Sigêg kang samya rêrasan |
nahan kang wontên ngarêpan |
Mas Cêbolang tan linilan |
mantuk maring pamondhokan ||

38.
Cêbolang antuk wawêngan |
dènnya adrêng ayun wikan |
nênggih ngèlmining Pangeran |
alon wijiling aturan ||

39.
Ulun kêrêp amiyarsa |
ngèlmi sangang puluh sanga |
winastan Asmaul-kusna |
kang dèn-agêm Asmanira ||

Jilid 4 - Kaca : 77

40.
Pangeran kang Maha Mulya |
kasêbut jroning Kur'an nyata |
ing sajuga-juganira |
pyambak-pyambak paedahnya ||

41.
Dhuh babo risang minulya |
bilih sambada ing karsa |
kaparênga mêdharêna |
kêdah sangangpuluh sanga ||

42.
Ki Kaji mèsêm lingira |
iya ngantèn dhasar nyata |
kabèh janma kang aminta |
ing sarat maring manira ||

43.
Kang dakwèhkên nora liya |
pêthikan Asmaul-kusna |
saka barêkahing Asma |
kasêmbadan Lonthang-ira ||

277 Lonthang

1.
Sapa wonge arêp yakin atinira |
amaca-a apal iki Alahuma |
inna nasaluka rahmatan ya aman ||

2.
Huwalahul-ladi la ilaha huwa |
mung punika sukur bage sabên dina |
(ng)gonne maca yêkti yakin manahira ||

3.
Ingkang lapal nglimul gèbi wa nahdati |
sapa maca ping satus sawusing salat |
tuhu-tuhu kabuka ing manahira ||

4.
Lapal Huwar-rahmana (2. [...] = Ar Rahmaan)
sing sapa maca wusing salat kaping satus mangka nyata |
ngilangakên lalènne sagêsangira ||

5.
Ingkang lapal Rahkimu (3. [...] = Ar Rahiim)
sing sapa maca kaping satus nanging sabên-sabên dina |
mangka niku dadya kinasih sanyata ||

6.
Ingkang lapal Al-maliku (4. [...] = Al Malik)

sapa maca nglanggêngakên pamacane sabên dina |
pan santosa ing tyase jalma punika ||

Jilid 4 - Kaca : 78

7.
Lapal Al-kudusi (5. [...] = Al Quddus)

sapa wonge maca |
sabên arining wanci lingsir wayahnya |
mangka iku wêning atine wong ika ||

8.
Ingkang lapal As-salamu (6. [...] = As Salaam)
tinulisi |
roti gandum, bakda Subuh pamangannya |
dadi sipat, lir malaikat wong ika ||

9.
Ingkang lapal Al-mukminu (7. [...] = Al Mukmin)
winaca-a |
ing wong lara ping sawêlas mangka sirna |
laranira saking kuwasaning Suksma ||

10.
Kang lapal Al-muhèminu (8. [...] = Al Muhaimiin)

yèn winaca, sabên dina kaping satus kathahira |
mangka luput dialani mring wong liya ||

11.
Ingkang lapal: Al-ngajiju (9. [...] = Al'Aziiz)
sapa maca |
kala adus kaping satus kathahira |
mangka luwih mulya atine wong ika ||

12.
Ingkang lapal Aljabaru (10. [...] = Al Jabbar)

yèn winaca, kaping patangpuluh siji sabakdanya |
Subuh mangka kang nêdya drêngki tan ana ||

13.
Lapal Al-mutakabiru (11. [... ] = Al Mutakabbir),

yèn winaca ping salikur mangka salamêt wong ika |
lawan têbih saking wong kang nganiaya ||

14.
Lapal Al-kaliku (12. [...] = Al Khaliq)

lamun yun cumbana, lawan garwa, winaca mangka yèn dadya |
anak salèh krêjêkèn ajrih ing Suksma ||

15.
Ingkang lapal: Al-bariu (13. [...] = Al Baarii)

yèn winaca kaping satus, mangka benjing yèn palastra |
dadya padhang ing kubure jalma ika ||

16.
Kang lapal Al-musawiru (14. [...] = Al Mu) shawwir,

lamun ana |
jalma wadon kang tan manak puwasa-a |
lir pasa agung lawan sabên ayun buka ||

17.
Maca ayat iku kaping kalihdasa |
dinamokna ing toya gya dèninuma |
ing lawase puwasa mung pitung dina ||

Jilid 4 - Kaca : 79

18.
Insa Allah darbe putra lamun priya |
warni bagus yèn wadon ayu rupanya |
sarta akèh rêjêkine myang gung bêkja ||

19.
Ingkang lapal: Al-gapparu (15. [...] = Al Ghaffaar)
sapa maca, |
nuju ari Jum'at ping satus kathahnya |
pan sampurna sakèhe dosane ika ||

20.
Ingkang lapal Al-laharu (16.[...] = Al Qahhaar),
lamun jalma, |
duwe kajat winaca ping satus ana |
ing jro wisma utawa jro masjid ika ||

21.
Wanci têngah dalu sarta (n)junjung asta |
dènbuka sirahe ywa kasasaban |
insa Allah tinêkan sakajatira ||

22.
Ingkang lapal: Al-wahabu (17. [...] = Al Wahhaab)
sapa ingkang |
ngakèhakên ing pamaca nora harda |
sênêng marang ing donya sasamènira ||

23.
Ingkang lapal Ar-rajaku (18. [...] = Ar Razzaaq)
yèn winaca |
sadurunge salat Subuh nèng padonnya |
wismanira maju pat madhêp keblatnya ||

24.
Ingkang sapadon, ping satus pamacanira |
mangka ingkang angênggonni omah ika, |
nora kêna malarat salaminira ||

25.
Ingkang lapal: Al-pataku (19. [...] = Al Fattaah),
sapa maca |
bakda Subuh asidhakêp astanira |
dadya amot jêmbar budine wong ika ||

26.
Ingkang lapal: Al-ngalimu (20. [...] = Al 'Aalim)
sapa ingkang |
ngakèhakên pamacane, mangka dadya, |
wruh wong ika marang ilmu ingkang nyata ||

27.
Ingkang lapal: Al-kabilu (21. [...] = Al Qaabidlu)
winacakna |
maring sêkul sakkêpêl yèn ayun nêdha |
laminira ing dalêm patangpuluh dina ||

28.
Sabên-ari, nora pêgat pamacanya |
insa Allah, saka barêkahing Asma, |
mangka nora kêna kaluwèn wong ika ||

Jilid 4 - Kaca : 80

29.
Ingkang lapal: Al-basiku (22. [...] = Al Baasithu),
winaca-a, |
nèng ra-ara, ping sadasa (n)junjung asta, |
wusing bakda dènusapêna ing surya ||

30.
Mangka nora, hajat (n)jêjaluk wong ika |
wis dilalah, rinêksa Hyang Maha Nasa, |
satibane nora tumêka ing nistha ||

31.
Lapal Al-kapilu (23. [...] = Al Khaafidh)
sapa wonge darbya, |
satru mangka, puwasa-a têlung dina, |
dèn waca-a ping sèwu Rêbo arinya ||

32.
Satrunira yèn nêdya ngalani sira |
insa Allah satingkahe tan tumêka |
Kyai Slamêt kang rumêksa marang sira ||

33.
Lapal Ar-rapingu (24. [...] = Ar Raafi')
yèn sira yun dadya |
sasêliran wacanên ping satus poma |
wancinira têngange bêdhuk raina ||

34.
Ingkang lapal, Al-mungiju (25. [...] = Al Mu'izz)
yèn winaca |
kaping satus patangpuluh wayahira |
antarane Mahribi lan wêktu Ngisa ||

35.
Malêm Sênèn utawa ing malêmira |
Jum'ah mangka ilang ajrihe wong ika |
dadya kêndêl sarta têtêg manahira ||

36.
Ingkang lapal Al-mudilu (26. [...] = Al Mudzill)
yèn winaca |
kaping pitungpuluh lima sujud sigra |
ingkang ayun sêdya drêngki tan tumêka ||

37.
Asma As-samingu (27. [...] = As Samii')
kalamun winaca |
kaping limangatus wusing salat Luka |
Insa Allah tinêkan panyuwunnira ||

38.
Asma Al basiru (28. [...] = Al Bashiir)
ping satus winaca |
antarane sunat Jum'ah lan prêlunya |
nir kiyanat abêning paningalira ||

39.
Asma Allah, Kimu (29. [...] = Al Hakam)
kalamun winaca |
kaping sèwu têngah wêngi wancinira |
Gusti Allah ngêbaki ngèlmu sanyata ||

Jilid 4 - Kaca : 81

40.
Ingkang Asma Al-ngandu (30. [...] = Al 'Adlu)
kalamun arsa |
sugih batur wêdi asih kumawula |
wacanên ing apêm dene kathahira ||

41.
Kalihdasa cuwil sabên ing sajuga |
cuwil maca Asma anulya tinêdha |
insa Allah antuk sawabe kang Asma ||

42.
Asma Al-latipu (31. [...] = Al Lathiif)
kalamun winaca |
kaping satus mring wong mlarat wong kalaran |
yêkti sirna mlarate myang lêlaranya ||

43.
Asma Al-kabiru (32. [...] = Al Khabiir)
kalamun winaca |
ora nana wong kang darbe cipta ala |
mring kang maca lyan jalma muji raharja ||

44.
Asma Al-kakimu (33. [...] = Al Haliim)
nyirnakakên sakèhnya |
amaning kang tanduran tanapi gaga |
tinulisa ing kêrtas nulya dènkumma ||

45.
Ing pangaron anulya siniramêna |
mring tanduran lamun sawah dèndèkèkna |
nèng tulakan insa Allah awidada ||

46.
Asma: Al-ngalimu (34. [...] = Al 'Adhiim)
yèn rêmên amaca |
rina wêngi mangka padhang manahira |
tur dèn-gungkên maring samining dumadya ||

47.
Asma: Al-gapuru (35. [...] = Al Ghafuur)
yèn ana wong nandhang |
lara ngêlu tinulisa kêrtas nulya |
dinèkèkkên ing sirah saklah waluya ||

48.
Asma: As-sakuri (36. [...] = As Syakuur)
yèn pêtêng netranya |
winacakkên toya ping patpuluh juga |
pinupuhan ing netra ical pêtêngnya ||

49.
Asma: Al-ngaliyu (37. [...] = Al 'Aliyu)
tinulis kêrtasnya |
kangge jimat rarya kunthing saklah dadya |
wlagang longgor pêngkêr gampang rijêkinya ||

50.
Asma: Al-kawiru (38. [...] = Al Kabiir)
sapa ngêlêngêna |
pamacane mangka sakèhing manungsa |
padha ngêgungkên marang kang maca ||

Jilid 4 - Kaca : 82

51.
Asma: Al-kawilu (39. [...] = Al Hafiidh)
yèn ana pawaka |
miwah toya agung iku winaca |
insa Allah salamêt nora sangsara ||

52.
Asma: Al-mukitu (40. [...] = Al Miqiit)
Lamun ana rarya |
sugih tangis winaca nèng kêndhi nulya |
ingisènan toya kangge siram rarya ||

53.
Asma: Al-kasibu (41. [...] = Al Hasiib)
yèn arsa raharja |
saking satru wong jail miwah wong ala |
winaca-a enjang sontên pitung dina ||

54.
Asma: Al-jalilu (42. [...] = Al-Jaliil)
tinulis mangsinya |
lênga wangi kinarya jêjimat mangka |
sakèh jalma padha wêdi asih trêsna ||

55.
Asma: Al-karimu, (43. [...] = Al Kariim),
lamun arsa nendra,

winaca, nganti têkan lêsing nendra,

pra malaikat (n)dongakêna mulyanira ||

56.
Kapal: Al-rakibu (44. [...] = Ar Raqiib),
lamun winacakna,

mring wadonne,

myang mring anak kathah ika,

mandan runtut, anak tan ana sulaya ||

57.
Asma: Al-mujibu (45. [...] = Al Mujiib),
sing sapa amaos,

Asma iku,

mangka Allahu tangala,

nyantosakkên ing manahe kang maca ||

58.
Asma Al-wasingu, (46. [...] = Al Waasi'),
ingkang darbe karsa,

ing sawiji-wiji,

wiji ngakèhna pamaca,

insa Allah tinêkan barang karsanya ||

59.
Rapal: Al-kalimu (47. [...] = Al Hakiim),
sing sapa amaca,

mangka Allah ngapura sakèh dosanya,

mring kang maca insa Allah ora cidra ||

60.
Asma: Al-wadudi, (48. [...] = Al Waduud)
lamun ana jalma,

nora atut ênggonne apalakrama, para padu asulaya ||

61.
Winacakna, ing panganan kang prayoga,

pinakakna, mring kang marahi sulaya,

insa-Allah atut runtut wong punika ||

Jilid 4 - Kaca : 83

62.
Asma: Al-majidu (49. [...] = Al Majiid),
lamun ana jalma,

dèn-sêngiti marang kadang sanak mitra,

winaca-a kaping pitung puluh sapta ||

63.
Wusing tamat dinamokna ing sarira,

insa Allah, kèhing kadang sanak mitra,

nulya padha mulyakkên bêrkating Asma ||

64.
Asma: Al-bangisu (50. [...] = Al Baa'its),
kalamun winaca,

kaping satus, siji sidhakêp astanya,

insa Allah mintir wêning nalarira ||

65.
Asma: As-sahidu (51. [...] = As Syahiid),
yèn darbe atmaja,

lanang wadon kalle tan salèh atinya,

wanci Subuh babathuke cinêkêla ||

66.
Ingkang sarta dhêngakêna mring akasa,

sarta maca kaping sawêlas kang Asma,

insa Allah dadya salèh rarya ika ||

67.
Kang Asma: Al-khakku; (52. [...] = Al Haq),
lamun ana jalma,

kang kelangan barang kinggatan kawula |
tinulisa kêrtas majupat têngahnya ||

68.
Ranning barang, myang kang minggat panulisnya,

têngah dalu,

gya sinèlèhkên ing asta,

myang tumênga, insa Allah ntuk pratela ||

69.
Asma: Al-wakilu (53. [...] = Al Wakiil),
lamun ana toya,

miwah gêni,

angin gêdhe winaca-a,

insa Allah salamêt nora sangsara ||

70.
Asma: Al-kuwatu (54. [...] = Al Qawiy),
kalamun katêkan,

mungsuh luwih gêdhe,

iku winacakna,

marang apêm sèwu iji kathahira ||

71.
Gya binukti sarta bihalangkên kaga,

niyatira,

nulak satru sarta maca,

yaa kawiyu, mungsuhe ajrih sadaya ||

72.
Asma: Al-Muniru (55. [...] = Al Matiin),
yèn èstri wawêka,

mangka nora,

mêdal toya susunira,

tinulis nèng pinggan putih sawusira ||

Jilid 4 - Kaca : 84

73.
Sastra garing, nulya sinungana toya,

wussing akum,

dèninum myang binorèhan,

mring prêmbayun, sa Allah mêdal toyanya ||

74.
Asma: Al-waliyu (56. [...] = Al Waliy),
yèn darbe wanodya,

mangka lumuh kinarsan among asmara |
winaca-a têmah miturut sakarsa ||

75.
Asma: Al-kamidu (57. [...] = Al Hamiid)'
yèn tyang cangkêm ala,

winaca ing kanaka tinuruh toya,

inginumkên ilang cangkême kang ala ||

76.
Asma: Al-kamiru (58. [...] = Al Muhshiy)
ping sèwu winaca,

nuju ari,

Jumuwah saklah raharja,

saking siksa ngakerat ing têmbenira ||

77.
Asma: Al-mubdiu (59. [...] = Al Mubdiu);
yèn wawrat wanodya,

winaca ping, sanga,

driji dènubêngna,

ing padharan salamêt wawratanira ||

78.
Asma: Al-mungidu (60. [...] = Al Mu'iid),
yèn kadang sanaknya,

tan karuwan,

ing dununging winaca-a,

padon wisma, catur gya antuk pawarta ||

79.
Kang Asma: Al-mukyi (61. [...] = Al Muhyiy),
kalamun sarira,

ajrih mlarat,

winaca Asma punika,

insa Allah lastari sarta raharja ||

80.
Asma: Al-mumitu (62. [...] = Al Mumiit),
kalamun winaca,

duk yun nendra,

tumêka panendranira,

insa Allah nir rubeda jroning nendra ||

81.
Kang Asma: Al-iyu (63. [...] = Al Hayyu)
kalamun winaca,

nèng têngahing ara-ara pamacanya,

insa Allah dadi kêndêl manahira | 64 ||

Jilid 4 - Kaca : 85

82.
Asma: Al-wakidu (65. [...] = Al Waajid),
kalamun winaca,

ing nalika sabên-sabên nêdha,

mangka dadya padhang manahing wong ika ||

83.
Asma: Al-wajidu (66. [...] = Al Maajid),
lamun winacakna,

ing panganan kang manis-manis rasanya,

mangka dadya ilang alane tyasira ||

84.
Asma: Al-akadu (67. [...] = Al Waahid)
winaca nalika,

akapêncil,

ing lampah myang bandayuda,

ngalih wisma malaikat nulung sira ||

85.
Asma: As-samadu (68. [...] = As Shamad)
kalamun winaca,

ping sawêlas,

(m)bari sujud wancinira,

têngah dalu dadya sidik paningalnya ||

86.
Asma: Al-kadiru (69. [...] = Al Qaadir),
lamun ayun jaya,

ing donyane winaca,

nalikanira jroning wulu ing dalêm gaotanira ||

87.
Asma: Al-muktadiru (70. [...] = Al Muqtadir)
winaca kala,

wungu nendra mangka dadi wruh wong ika,

ing gawene kang sabênêr-bênêrira ||

88.
Asma: Al-mukadimu (71. [...] = Al Muqaddim)
yèn arsa yuda,

gya winaca sa Allah nora tumêka,

gêgamaning mêngsah satêmah yuwana ||

89.
Asma: Al-muajiru (72. [...] = Al Muahkhir)
lamun winaca,

sabên ari kaping satus kathahira,

manjing ing tyas, sakèhing kabêcikannya ||

90.
Asma: Al-owalu (73. [...] = Al Awwal),
lamun sira arsa,

kasambadan sakajate winaca-a,

kaping sèwu, pitung Jumuwah laminira ||

91.
Asma: Al-akiru (74. [...] = Al Aakhir),
kalamun winaca,

sabên ari,

mangka dadi olèh sira,

panggaweyan kang bênêr bêcik sanyata ||

Jilid 4 - Kaca : 86

92.
Asma: Al-lahiru (75. [...] = Al Dhaahir),
kalamun winaca,

sabên-sabên bakdane sêmbahyang ika,

mangka dadya padhanging paningalira ||

93.
Asma: Al-batinu (76. [...] = Al Baathinu),
kalamun winaca,

sabên dina, kaping tigangdasa-tiga,

mangka olèh ngèlmu rasa kang sanyata ||

94.
Asma: Al-waliku (77. [...] = Al Waliy),
yèn arsa raharja,

dènnya omah-omah adoh pancabaya,

tinulisa ing kêndhi anyar anulya ||

95.
Binuwanga maring banyu sawusira |
isi toya ingkang kêndhi dèn-jupuka |
dèn-êcurna saubênging pagêr wisma ||

96.
Asma: Al-mutangaliyu (78. [...] = Al Muta'aaliy)
winaca-a,

jalma èstri, nuju kèl myang nipas ika,

insa Allah slamêt tan na kara-kara ||

97.
Kang Asma: Al-baru (79. [... ] = Al Bar)
winaca ping sapta,

dinamokkên maring rarya lit atmajanta,

insa Allah salamêt kalis ing lara ||

98.
Asma: Al-tawabu (80. [...] = Al Tawwaab),
kalamun winaca,

kaping satus,

sawidak bakdaning Luka,

mangka ingapura sakèhing dosanya ||

99.
Asma: Al-muntakinu (81. [...] = Al Muntaqim),
sing sapa maca,

kalle akèh mangka Allahu Tangala,

manjingake sawarga maring wong ika ||

100.
Kang Asma: Alngapwu (82. [...] = Al Afuww)
kalamun winaca,

rina wêngi,

namung sapikantukira,

ingapura ing sadosa-dosanira ||

101.
Asma: Ar-rauku (83. [...] = Ar Rauuf),
kalamun winaca,

sabên ari namung sakuwasanira,
nora kêna kinaniaya ing liya ||

Jilid 4 - Kaca : 87

102.
Kang Asma: Malikal Mulki (84. [...] = Maalikul Mulki),

Dul jalali wal Ikrami (85. [...] = Dzul Jalaali wal Ikraam) |
yèn arsa sugih nglênggana,
ing mamaca ari ratri aywa lapa ||

103.
Asma: Al-Muksitu (86. [...] = Al Muqsith)
lamun sira arsa,

slamêt saking,

sakèhing godha rêncana,

aywa lupa winaca sakuwasanya ||

104.
Asma: Al-jamingu (87. [...] = Al Jaami')
lamun sira arsa,

kasinungan momong wong akèh wiaca,

wêktu Luka nênga langit ping sadasa ||

105.
Asma: Al-ganiyu (88. [...] = Al Ghaniy),
lamun sira arsa,

slamêt saking sakèhe bilai poma,

winaca-a amung sakuwasanira ||

106.
Kang Asma: Almugni (89. [...] = Al Mughniy),
sapa ingkang maca,

ping sapuluh Jumuwah sa-Jumuwahnya,

kaping sèwu nora pêgat rijêkinya ||

107.
Kang Asma: Almuti,

sapa wonge maca,

tan winanci muhung sakuwasanira,

nora karêm jêjaluk mring liyanira ||

108.
Asma: Almaningu (90. [...] = Al Maani'),
yèn ana wanita,

binêndon ing laki winaca yèn arsa,

nendra mangka ilang nêpsune lakinya ||

109.
Asma: Al-kalaru (91. [...] = Adh Dhaarr),
kalamun winaca,

nuju malêm Jumuwah ping satus ika,

mangka nora kêna mlarat salaminya ||

110.
Asma: An-napingu (92. [...] = An Naafi')
yèn kesah baita,

winaca-a ping satus sabên sadasa,

dinamokna ing prau tan kêna kèrêm harja ||

Jilid 4 - Kaca : 88

111.
Kang Asma: An-nuru (93. [...] = Nuur)
sapa ingkang maca,

wanci wêngi kaping sèwu kathahira,

mangka sinung padhang tyase kang amaca ||

112.
Kang Asma: Al-hadi (94. [... ] = Al Haadiy),
yèn sirarsa tampa,

drajating wong Arip winaca tumênga,

(n)junjung asta tamat ingusapkên surya ||

113.
Asma: Al-badingu (95. [...] = Al Badii')
yèn prihatin sira,

winaca-a kaping sèwu kathahira,

insa Allah sirna kang prihatinira ||

114.
Kang Asma: Al-baki (96. [...] = Al Baaqy),
sing sapa amaca,

kaping satus mangka yêkti tinarima,

ing sakèhe amale wong kang amaca ||

115.
Asma: Al-warisu (97. [...] = Al Waarits),
kalamun winaca,

kaping satus sadurunge mêtu surya,

tan ngênani sawiji-wiji mring sira ||

116.
Asma: Arasidu (98. [...] = Ar Rasyiid),
sapa yun uninga,

ing tingkahe, miwah mring sariranira,

winaca ping sèwu sasirêping jalma ||

117.
Asma: As-saburu (99. [...] = Ash Shabuur),
ping satus winaca,

antarane Mahribi kalawan Ngisa,

sabar amot wêlasan yudakanaka ||

278 Pangkur

1.
Wus tamat Asma'ul Kusna |
myang prêlune Asma sawiji-wiji |
pawong-sanak ingkang kasdu |
miminta marang ingwang |
warna-warna ancas karsane kang manus |
minta bêrkah minta sarat |
minta tamba minta sugih ||

2.
Kang dakwèhke nora liya |
muhung mêthik saking Asmaning Widdhi |
sangang puluh sanga wau |
basane awrat ringan |
de awrate kudu tumêmên ing kalbu |
lumintu sarèh narima |
mêlêng aywa bèncèng pikir ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (10) Kaca 69 -75
  • (12a) Kaca 89 – 105 >