Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434702
Hari ini     :Hari ini :102
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :168
Bulan ini   :Bulan ini :3331
s/d hari ini   :s/d hari ini :434702
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 13

Kontak Admin.

email-kidemang

(19) Kaca 155 – 165 

 

( Dumugi dhusun Selaung kapanggih Patinggi Ki Nursubadya )
8. Mas Cêbolang dalah santrinipun nglajêngakên lampah, nyabrang lèpèn sumêrêp sawatawis wanita sami gêgujêngan angujiwat. Dumugi dhusun Selaung kapanggih Patinggi Ki Nursubadya sarta lajêng sipêng ing griyanipun. Ingkang ngladosi tamu sadaya tiyang èstri jalaran ing Selaung tiyang jalêr sami ngumbara dados warok, rêmên gêgêmblakan, têbih dhatêng tiyang èstri, pangangge lan tingkahipun nelakakên sarwi sêsongaran, ngêndêlakên dhug-dhêngipun.
Mas Cêbolang lan Nurwitri kapapanakên dados satunggal griya; Kartipala, Palakarti lan Saloka dados satunggal griya sanès. Katungka dhatêngipun tiyang-tiyang èstri badhe bêbakulan dhatêng Panaraga nyuwun lêrêm ing griyanipun Ki Pêtinggi, trimah wontên ing èmpèr jalaran enjingipun badhe bidhal mruput. Tibakipun têtiyang èstri wau ingkang sami pinanggh Mas Cêbolang ing lèpèn sabrangan. Mila sami kapiluyu nututi lampahipun Mas Cêbolang, niyat andumugèkakên gandrungipun
Kaca 155 - 165

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 155

290 Wirangrong

3.
Ayo kulup dirahapi |
apa saananing sugoh |
wus kalungsèn mangsa kang pakantuk |
(ng)gonnira bukti |
sugata tan misrama |
sangune wong nèng baita ||

4.
Lumayan rêrêm kalantih |
ingkang sinung sabda gupoh |
nadhah jinajahan raosipun |
eca sadayèki |
tan ana kang kuciwa |
bikut rèh nêmbe uninga ||

5.
Dumugi (ng)gènnira bukti |
wusing ngundurkên alon |
linorotkên marang Ki Darmayu |
kalawan Nurwitri |
Saloka Kartipala |
Palakarti wus anadhah ||

6.
Ki Saloka gèdhèg angling |
ing sajêgingsun tumuwoh |
lagi nêmbe iki mangan nginum |
pakolèh mring dhiri |
marêm sêgêr sumyah |
tambah mathênthênging badan ||

7.
Karênan tyase sang yogi |
mèsêm angandika alon |
saturahanira sanguningsun |
pasrahêna maring |
rewange si Cêbolang |
iku dimène kinarya ||

8.
Sangu dènnya (n)don lumaris |
kang sinungan nêmbah gupoh |
maringkên tirahan sangu sampun |
tinampènan maring |
rencange Mas Cêbolang |
Brahmana malih ngandika ||

9.
Kulup ingsun arsa bali |
mring palwa sira nakingong |
kariya raharja sapungkurku |
têbiha sakèhing |
bêbaya sambekala |
katêkan kang sinêdya ||

10.
Cêbolang umatur aris |
sru kapundhi kang dhumawoh |
dadosa jimat dasihipun |
ngaturi pamuji |
mancal praptaning praja |
manggiya suka raharja ||

11.
Gya ngujung sarencangnèki |
wusing ngujung wiku bodhol |
sadaya tumutur praptanipun |
têpining jaladri |
Brahmana sarencangnya |
wus minggah maring baita ||

12.
Bêdhol jangkar mancal saking |
laut kidul ngidul ngulon |
lir pasir lumaras lampahipun |
katon widik-widik |
tandya tan kawistara |
Cêbolang kantun anggana ||

Jilid 4 - Kaca : 156

13.
Mring Ki Darmayu wus pamit |
[...] |
sasowangan lampah Darma mantuk |
Mas Cêbolang tuwin |
rencangira sakawan |
lajêng lumampah mangetan ||

14.
Nyabrang lèpèn alit wêning |
wanci Hyang Surya tumlorong |
mèh manunggang arga kang samya dus |
èstri sami èstri |
caciblon gêgêndhingan |
samya langên gêgojegan ||

15.
Tan rininga solahnèki |
rangkêpan malik mantholos |
bokong jênar kiyal mupruk-mupruk |
rangkêpane kentir |
rikuh kang rinawatan |
wimbuh miyat kang anyabrang ||

16.
Priya kang kakalih pêkik |
kang samya dus anon (n)jomblong |
supe ing wiweka wadinipun |
datan dènrawati |
katon mawijah-wijah |
kang kintir rangkêpanira ||

17.
Ngungkurkên balêdhês mlêdhing |
toya muwêr ngajênging rong |
suka kang anyabrang myat pêpêncu |
rampak nyêngkirgadhing |
cacingklok pindha pudhak |
Nurwitri myang Mas Cêbolang ||

18.
Kakênan tyasira rujit |
myat rara yu-ayu sêntor |
kanggêg lampahira mêmpêng (n)dulu |
tinampan ing liring |
katalika kèngêtan |
gita mêntas jagigikan ||

19.
Macak malèpèt mathinthing |
cariwis sêmon-sinêmon |
gèrètan jorogan kacêmplung byur |
mêntas anjêdhindhil |
anglès manguman-uman |
nosotakên lêlarikan ||

20.
Kang samya nabrang dumugi |
ing brang wetan lampahnya lon |
nolèh asung ulat têka gathuk |
lawan kang tinolih |
apindha prajanjiyan |
tartamtuning prajanjiyan ||

21.
Wus laju lampahirèki |
ngambah jurang-jurang sigrong |
mênlasak glagah gêng-gêng galur |
dhusun dhukuh awis |
dalu sipêng ing wana |
tan cinatur laminira ||

22.
Kawuryan pagagan têgil |
marga alit limit anjog |
maring padhusunan ing Sêlaung |
Cêbolang lingira ris |
paran rèh sru katoran |
payo mampir padhusunan ||

23.
Kang katon ing ngarsa iki |
rencang sakawan rumojong |
ngambah ing pagagan têgal talun |
tanêman mawarni-warni |
jèpèn canthèl bang pêthak |
otèk juwawut myang boga ||

Jilid 4 - Kaca : 157

24.
Anêdhêng wohe andadi |
abêntêt mêntas gumeyong |
kasilir ing angin manggut-manggut |
sêmu-sêmu kadi |
ngawe ingkang mahawan |
nahan ta pangagêngira ||

25.
Ing Sêlaung ki pêtinggi |
Nursubadya santri kolot |
laka pagunungan tanah kidul |
rencang santri-santri |
têbih marang wadonan |
kèh lampah gêmblak jathilan ||

26.
nênggih Nursubadya lagi |
anèng têgal nyangking jompong |
sruwal pêthak panjang bênting sarung |
ikêt wulung langkung |
dupi myat kang mahawan |
mêdal saking patêgalan ||

27.
Mapagakên kang lumaris |
tundhuk sasalaman gupoh |
gantya-gantya pragat têtanya rum |
kang nêmbe pinanggih |
paringa pangaksama |
mring wong arga tan wrin krama ||

28.
Pun bapa anilakrami |
sintên sinambating jlamprong |
ing wingking pinangka kang kinayun |
tanggap kang sinung ling |
ulun rarya Mantaram |
pun Cêbolang namaningwang ||

29.
Rencang catur pun Nurwitri |
Saloka kang wrêdha jenggot |
Pala-Kartipala samya ayun |
maring Pranaragi |
nanging dèrèng wrin marga |
katlanjur praptèng Pacitan ||

30.
Wus kawêdhar sadayèki |
Subadya ngakak lingnya lon |
bagus gangsal pisan yèn saraju |
ulun purih kampir |
lêrêm ing wismaningwang |
kalamun wus mantun sayah ||

31.
Sakarsa laju lumaris |
supadi aywa kajlomprong |
ulun ingkang têdah marginipun |
Cêbolang nuruti |
wus kerit Nursubadya |
sapraptanira ing wisma ||

32.
Rubiyah kinèn (ng)gêlari |
pandhapa salu kang kulon |
myang kinèn mirantya sêgahipun |
têtamu wus munggwing |
salu ajèjèr wayang |
dhuh anak dipunsakeca ||

33.
(ng)Gènnipun pinarak sami |
(ng)gih punika sudhungingong |
kang sinung ling mapan (ng)gènnya lungguh |
sunggata mangarsi |
wedang katêmulawak |
jae lalaban gêndhis klapa ||

Jilid 4 - Kaca : 158

34.
Wajik otèk jèpèn tuwin |
juwawut canthèl karawon |
klobot paududan upêt mancung |
panigan miranti |
kang lalados wanita |
tan ana jalu sajuga ||

35.
Ki Wisma angacarani |
wawi anak ywa pakewoh |
jampining katoran wedang têmu |
jae gêndhis krambil |
nyamikan sawontênnya |
paringe Allah Tangala ||

36.
Cêbolang sarencangnèki |
wus samya ngrahabi sugoh |
kawistarèng nayana mangungun |
ki panti wus (n)dugi |
klèjêming tamunira |
mèsêm-mèsêm lon wacana ||

37.
Saking ing pangintênmami |
sami eram dene anon |
sadaya wanita jalêripun |
sawiji tan mawi |
mangke bilih wus wêkdal |
kula angandhar carita ||

38.
Punika wanci Mahribi |
wêkdal nèng ngriki kemawon |
langgar sawêg risak galaripun |
tan kobêr nyantunni |
santri kèh ambalayang |
gêmbêlakan jajathilan ||

39.
Wus mring sêndhang sadayèki |
samya wulu gantos-gantos |
wangsul mring pandhapa mapan sampun |
adan Ki Nurwitri |
Sunat Mahrib paragat |
Mas Cêbolang nulya kamat ||

40.
Saloka ingkang ngimami |
Mahrib prapta Ngisa manggon |
Sunat puji donga wus kacakup |
sasalaman sami |
nyai wisma mangarsa |
angladosakên sugata ||

41.
Sêkul jagung jangan mênir |
sambêl pantês ayam babon |
panggang cinocohan lalabipun |
kacambah kêmangi |
sambêl gocèk traos bang |
ingulêt we jêram linglang ||

42.
Sampating panatanèki |
Subadya lingira alon |
lah puniki anak bêdhatipun |
rubiyah tyang ngardi |
tangèh lamun mirasa |
suwawi wawanting asta ||

43.
Bismilah adan abukti |
kokoh jangan cekoh-cekoh |
ingurap cambah panggangipun |
pinothèng waradin |
lombok kêncêng linalap |
linothèkkên trasi abang ||

44.
Dumugi sami abukti |
ambêng rampatan linorot |
nyamikan padutan slêpa bambu |
wus lumadyèng ngarsi |
sumangga (ng)gèr mangsêkan |
supados sampun kumambang ||

Jilid 4 - Kaca : 159

291 Maskumambang

1.
Kang sinung ling sasênêngira wus ngambil |
manadhah mangsêgan |
udut mucang sêdhah rawis |
Nursubadya mêdhar sabda ||

2.
Santri ngriki kêpaung ngudubilahi |
parentahing sarak |
awis ingkang dèntêtêpi |
(ng)gêga karsane priyangga ||

3.
Gêmblak wau warok gênggêk namanèki |
tan rêsêp maring dyah |
rubiyah sami kapering |
rêmênipun jêjathilan ||

4.
Warok gênggêk adat kalakuhanèki |
patrap panganggenya |
tuwin ginêmipun sami |
botên mupakat ing kathah ||

5.
Ngangge ikêt lawan kacu wiyarnèki |
wulung langking gilap |
mêlêng-mêlêng klawus kadi |
nyunggi gênthong babar anyar ||

6.
Mawi kuncung satêbah winalik |
mondholan sinubal |
gêngnya sami sirahnèki |
nèng ngandhaping (m)bun-êmbunan ||

7.
Pêpèthèkan satêbah anyêkar-turi |
dhèblèngên tri kilan |
jinèmbrèng sinungan tajin |
anjêbabah ngering nganan ||

8.
Mawi kotang kipêr pêthaknèki |
bathok balu wêtah |
binuntêl ing sinjang abrit |
mata itike sakilan ||

9.
Klambi Jawi sikêpan kipêr linangking |
wit gulon mangandhap |
miwah lêngên kanan kering |
bêntêt pinasangan kaca ||

10.
Mawi sruwal pêthak cêmêng silih-asih |
nutupi dlamakan |
ing ngiringan kanan kering |
miwah pungkasaning ngandhap ||

11.
Sinung jêmlêm gêmbyong lawe kang kinardi |
usus-usus panjang |
ngalèwèr kalèngsrèh siti |
binara arembyak-rembyak ||

12.
Yèn pinuju lumampah ngangge kacu tri |
cinancang pangglangan |
kinalungakên satunggil |
têkên linggis nyangking berang ||

13.
Suka ngungun gèdhèg-gèdhèg kang miyarsi |
ngudubilah minha |
dene têka (ng)gêgirisi |
paran kang nami jathilan ||

Jilid 4 - Kaca : 160

14.
De jathilan lare jalêr kang prakati |
kang wanda wanodya |
ayu manis umur lagi |
gangsalwlas warsa lumampah ||

15.
Lamun wontên rarya jalêr kang kadyèki |
pra warok rêbutan |
kadugi asung sarami |
ing dalêm sawarsanira ||

16.
Anyukani pituwas mahingsa kalih |
utawi titiga |
mênggah pêrlunipun jathil |
wênèh kanggo kasênêngan ||

17.
wontên ingkang pinindha rayat kinasih |
miwah wontên ingkang |
kinarya ngupados asil |
binarangkên pindha tandhak ||

18.
Binusanan sacara-caraning èstri |
ingkang sarwa endah |
rinêngga ing sari-sari |
binalonyo gandawida ||

19.
Warok gênggêk sabên mirêng wontên jathil |
tinanggap gamboyongan |
tartamtu sami ningali |
lajêng pabên pasulayan ||

20.
Mratah sami damêl moga patrap tuwin |
ginêm sasongaran |
ngewak-ewakakên ati |
adamêl saksêrik ing lyan ||

21.
Wus dilalah lajêng kadunungan budi |
onggrongan gêndhungan |
sumêngah dak êdir kibir |
angkara botên eraman ||

22.
Gadhah cipta tan kawon samèng dumadi |
tangèh rumaosa |
apêse badan puniki |
kumalungkunge andadra ||

23.
Ngêndêlakên aji jaya wijayanti |
myang isarat-sarat |
kawêngku isining bumi |
lêlananging jagad-raya ||

24.
Bilih nuju marêngi ri riyadi |
samya dhatêng kitha |
mring lun-lun niningali |
wêngah rêrêngganing badan ||

25.
Mrêcon agêng alit rinèntèng kinardi |
kêndhit kalung srempang |
tuwin ginubêtkên tali |
usus-usus praptèng ngandhap ||

26.
Mrêcon agêng kinarya cundhuk susumping |
pinindha jamangan |
lèng irung dipun sêsêli |
dèn-êmut mêcoco mangang ||

27.
Gya sinulêt katon kadi Sang Hyang Agni |
kiprah sru gambira |
kang pêdhak gègèr lumaris |
kang myat surak-surak suka ||

Jilid 4 - Kaca : 161

28.
Wênèh nyunggi jathilan binusanan di |
mubêng-mubêng giyak |
papakan tan nêdya nyingkir |
malah wantun nêndhang (n)dugang ||

29.
Langkung malih warok gêgêk yèn pinanggih |
sami warok tandya |
èkèr molahakên dhiri |
kabranang dadya kêrêngan ||

30.
Karowangan pêpênthungan linggis wêsi |
têp-antêpan sela |
udrêg dene kang kapilis |
satêngah dhèr ginosongan ||

31.
Mas Cêbolang ngungun atatanya aris |
tingkah botên kaprah |
têrkadhang aniniwasi |
damêl sangsaraning liyan ||

32.
Prentah nagri têka botên angawisi |
(ng)gèr botên kadosa |
nguni sampun dènawisi |
malah andadra dêksura ||

33.
Mila lajêng kinèndêlkên prapta mangkin |
agênging kang manah |
rumaos dipunidèni |
wasana wruh tatacara ||

34.
Warok gêgêk wontên malih dènrêmêni |
dados reyog mawa |
gêndruwon barongan jathil |
ingkang dados rêringgitan ||

35.
Tinambuhan salomprèt bukaning gêndhing |
angklung thingklung kêndhang |
kênong kêmpule mêkasi |
ambarang myang tinanggênah ||

36.
Ngarak ngantèn tuwin rare dènsunati |
kalamun kapapag |
lan sanès golongannèki |
barongan anggro lir singa ||

37.
Ngikal lamêng gandarwo amolak-malik |
kang anumpak kepang |
pindha kuda (m)bêkos (n)jondhil |
mbêngingèh alunjak-lunjak ||

38.
Saya parêk mêngsah kadi mangunjurit |
barongan kêrahan |
gandarwo asilih-ungkih |
kang kapalan lêng-ulêngan ||

39.
Sasodhoran pênthungan bithi-binithi |
kuwêl rêg-urêgan |
sanadyan sayayah bibi |
kalamun sanès golongan ||

40.
Tan pêrduli manjing dadya mêngsahnèki |
kèndêl kang dènarak |
kalamun salah sawiji |
sampun wontên kang kabranan ||

41.
lajêng sapih suwuk gêndhing magut-jurit |
buka gagêndhingan |
giyak kang ungguling jurit |
merang kang kasoran yuda ||

Jilid 4 - Kaca : 162

42.
Ngancam-ancam têmbe yèn pinanggih malih |
arsa nyaur wirang |
walês-winalês aganti |
makatên sajêge gêsang ||

43.
Bilih ayun nyatakkên cariyosmami |
kêparêng lêrêpa |
ngantos sawatawis ari |
Paing ngajêng pêkên Pucang ||

44.
Wagenipun pêkên Myang Lêginèki |
pêkên ing Jambeyan |
tartamtu warok (n)dhatêngi |
ambêbingah jêjathilan ||

45.
Benjang Kliwon kula sinêdhahan maring |
Kyai Têgalamba |
nyunatkên sutanirèki |
mawi reyog rak-arakan ||

46.
Sasarêngan lan kyai ing Têgalsumpit |
sami prêlunira |
anak bilih amarêngi |
(m)balabagi caritamba ||

292 Balabak

1.
Mas Cêbolang mangsuli sumanggèng karsi |
andhèrèk |
kyai wisma kalangkung asukarêna |
manahe |
lingira ris hèh rubiyah parentaha |
mring batèh ||

2.
Konnên-nata pondhok sakilèning wisma |
ing êlèr |
Mas Cêbolang lan Nurwitri dimèn nunggal |
pondhoke |
Ki Saloka Palakarti Kartipala |
kidule ||

3.
Amarintah nyi wisma mring batèhira |
tan suwe |
wus arampung samêkta sapirantinya |
matur ge |
Nursubadya angling maring tamunira |
ecane ||

4.
Sami ngaso anuntumakên sarira |
mring pondhok |
krana Allah kawula ywa subasita |
galiye |
dènakadi anèng wismane pribadya |
patrape ||

5.
Kang sinung ngling matur nuwun wus umentar |
praptane |
jawi wisma kapanggih Ki Wrêddajaga |
regole |
ngirit èstri kasapta saking Pacitan |
sêdyane ||

6.
Maring Pranaraga bakul sambiwara |
kawêngèn |
nêdya kèndêl nèng ngriki ing benjang-enjang |
lajênge |
(n)dumugèkkên lampah Cêbolang duk miyat |
malêngèh ||

Jilid 4 - Kaca : 163

7.
Wrêddajaga wus matur mring lurahira |
prentahe |
pasrahêna mring nyai mèn turu wisma |
kabèhe |
kang yun mondhok matur sampun susah-susah |
kyaine ||

8.
Yèn kêparêng nyuwun nèng (n)jawi kewala |
enjinge |
kalilana lajêng pangkat amrih gancang |
lampahe |
yèn mêngkono prênahna nèng kulon omah |
lor dhèwè ||

9.
Wus ingirit nèng pondhok sakilèn wisma |
lêt gèntèr |
lan pondhoke Cêbolang lêga tyasira |
kakèkne |
wangsul maring regol saptèstri tan drana |
nulya ge ||

10.
Mring pondhoke Cêbolang dupi pinangya |
sarèhne |
nunggal karsa jumbuh kapiadrêng samya |
kakunge |
tanpa taha èstrine datan sawala |
rêgèdèg ||

11.
Kang sajuga binêkta mring sênthongira |
kang êlèr |
Ki Nurwitri nèng sênthong kidul manggènnya |
wus (ng)gèrèt |
kang lilima sudhiya nèng ambèn jaba |
ngalèlèh ||

12.
Ambèn êpring lalajuran watonnira |
têmpuke |
ing asmara babanggan suwaranira |
grat-gêrèt |
ngadhuh-adhuh ngêsês-êsês gantya-gantya |
ning rirèh ||

13.
Dupi ayun katrêsan rasa kang nyata |
sêgune |
napas ngangsur sambat tobil ngudubilah |
thik ngene |
orêg grag-grêg kang sami nèng ambèn jaba |
napase ||

14.
Gumurêmêng gulu salit dalèwèran |
kringête |
nyunyung mrêntul rumaras angarawistha |
anune |
kêmbêng-kêmbêng ing panggagas kadrawasan |
rasane ||

15.
Badan sami marinding (m)bêkuh wus lêga |
napase |
pangangsure alon-alon ngisis waja |
acape |
rèhne kadi darbe aji pancasona |
milane ||

16.
Tan pantara dangu pulih drênging nala |
(m)brêgènggèng |
wus luwaran kang kataman (n)don asmara |
wêdale |
ginantènan kakalih kang anèng jaba |
solahe ||

Jilid 4 - Kaca : 164

17.
Tarlèn kadi ing ngarsa mung sambatira |
kang bènèh |
wus luwaran wêdalira sêsarêngan |
katrine |
kang nèng (n)jawi kakalih malêbêt sigra |
mêndhiyêt ||

18.
Kantun siki dèrèng kataman asmara |
(n)jêdhodhog |
dupi ingkang nèng sênthong wus kasêmbadan |
karsane |
sarêng mêdal kang jêdhodhog (m)lêbêt sigra |
sênthonge ||

19.
Mas Cêbolang radi sarèh patrapira |
pagude |
kaparêng (ng)gon tan dangu mijiling rahsa |
wadene |
dènnya kêjêr marambah-rambah nging panggah |
bêtèke ||

20.
Ngantu-antu wijiling asmara priya |
milane |
sami sêngkut (ng)grêgut-(ng)grêgut sangsayarda |
dhokohe |
pinudyèng tyas asarêng wêdaling rahsa |
sambate ||

21.
Adhuh simbok adhuh lae iki apa |
nyamlênge |
sampun-sampun aluwung pinêjahana |
dasihe |
tan kuwawi nêlaskên bayuning angga |
sru cape ||

22.
Luwaring kang papagutan ing asmara |
nglênggèkke |
Ni Waita èngêt mring Nurwitri tandya |
(m)brêgènggèng |
wus waluya mêdal gya tumamèng marang |
sênthonge ||

23.
Ki Nurwitri netra êrêm-êrêm sata |
praptane |
si Waita gya (n)dhêsêl anunggal nendra |
tanggape |
gêmêt tapis sajabaning parewana |
kaliye ||

24.
Sami adrêng amrih paguting asmara |
nulya ge |
Ki Nurwitri anamakakên warastra |
andêngkèng |
ramening prang angorêgakên bawana |
ning ambèn ||

25.
Gonjang-gonjing jumêthot lir gêlap ngampar |
galare |
kang (n)don lulut rêsêp aliru prabawa |
têmahe |
datan ana kasoran sampyuhing yuda |
kaliye ||

26.
Kasaputing asmara pindha kantaka |
sawuse |
kasiliring samirana tandya mêdal |
akanthèn |
bêbondhètan Mas Cêbolang nèng paheran |
katrênjoh ||

27.
Katri wusing susuci sarêng wangsulnya |
praptane |
ambèn jawi Waita kang sawêg mêntas |
dèn angge |
Ki Nurwitri binêkta mring Mas Cêbolang |
katrine ||

Jilid 4 - Kaca : 165

28.
Praptèng sênthong ginambang alemah-lemah |
lir gêrèh |
gantya-gantya wusing katrêsnan malembar |
sijine |
tiga pisan sarasa marême samya |
manahe ||

29.
Ingkang kantun nèng ngambèn jawi titiga |
nulya ge |
binêkta mring Nurwitri katiga pisan |
ginêndèr |
pamrih sarêng ingêcupan gantya-gantya |
sundrine ||

30.
Wus warata katri kataman asmara |
wancine |
pajar gidib kanêm sami wêdalira |
kang ijèn |
anèng jawi tumuntur dupi praptanya |
pondhoke ||

31.
Angêncêngi sinjang kasumêkanira |
nulya ge |
mangkat datan ana jalma kang uninga |
lampahe |
tan cinatur wus prapta ing wismanira |
sakèhe ||

32.
Wau èstri pipitu ingkang anungka |
yêktine |
pra wanita kang adus anèng sabrangan |
wingine |
lir sêmayan nututi kang (n)don lumampah |
sakèhe ||

33.
Sami kênya mung siji wulanjar mudha |
warnine |
rêsik-rêsik kuning suluh mukanira |
manise |
dhasar berag winulang ni bo wulanjar |
solahe ||

34.
Sukarêna lam-lamên jroning asmara |
pindhane |
lir supêna sigêg kang wus kasêmbadan |
karêpe |
winursita Mas Cêbolang sarewangnya |
nulya ge ||

35.
Mring paheran kalihe anêlês rema |
aduse |
Ki Saloka Palakarti Kartipala |
adhèhèm |
ngunandika kaya mêntas pancakara |
kaliye ||

36.
Dènbut pitu nora lirip datan lêsah |
mêtègès |
Nurwitri ngling saratri pulês anendra |
têmêne |
nglilir-nglilir basa wus mèh bangun rina |
kemase ||

37.
Aku ingkang mungu gugup banjur marang |
pondhoke |
pra waela suwung siji thil tan ana |
kang kècèr |
kang Saloka gêtunku tanpa upama |
mulane ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (18) Kaca 152 – 154
  • (20) Kaca 166 – 172 >