Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434668
Hari ini     :Hari ini :68
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :134
Bulan ini   :Bulan ini :3297
s/d hari ini   :s/d hari ini :434668
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 7

Kontak Admin.

email-kidemang

 (26) Kaca 224 – 233

 

( Nyariosakên satunggaling tiyang mlarat, nglampahi tapa 4 taun )
2. Sèh Matyasta nyariosakên satunggaling tiyang mlarat, nglampahi tapa 4 taun, lajêng angsal laelatulkadri rupi sela 3 iji. Bilih sela wau kaumbulakên gêntos-gêntos kanthi panyuwun, yêkti kadumugèn panyuwunipun. Tiyang wau sulaya kalihan semahipun bab drajat lan kasugihan ingkang kasuwun, wasana kamisosolên, kalèntu panyuwunipun saengga sela wau dados tanpa gina.
Sèh Matyasta nyariosakên bab adil lan loma. Kasbut ing Sêrat Tajusalatin, adil punika ingkang sapalih wontên ing Prabu Nursiwan Sultan Madayin. Sapalihipun wontên ing ratu sangalam-donya. Makatên ugi loma kabagi dados kalih. Sapalih wontên ratu sangalam donya, sapalihipun wontên ing satunggaling tiyang Arab Tayi nama pun Katim. Para raja sami karoban pawarta bab lomanipun Katim Tayi. Wongsal-wangsul kacobi, tansah kacihna lila-lêgawanipun. Ngantos badhe dipunpêjahi, nyawanipun dipun ulungakên saengga ingkang badhe mêjahi Katim murungakên niyatipun. Sarêng pêjah kuburanipun kabanjiran, kapanggih jasadipun Katim Tayi wêtah kadosdene tiyang tilêm
Kaca 224 - 233

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 4 - Kaca : 224

307 Mêgatruh

25.
Dadi kumprung kang sêdya wirya saèstu |
dadi rusak anêmahi |
ingkang anêdya rahayu |
têmah amanggih bilai |
jalaran saka ing wadon ||

26.
Mas Cêbolang matur paran criyosipun |
tiyang kang loma nglangkungi |
pantèn carita kasêbut |
padha nèng Tajusalatin |
lêgawa manis kinaot ||

308 Dhandhanggula

1.
Kalih prakara ingkang binagi |
kang pinaro adil lawan loma |
ingkang saparo adile |
pinarêngakên sampun |
mring Nusirwan Sultan Madayin |
saparo dinum samya |
para ratu-ratu |
ing ngalamdonya sadaya |
kang saparo mung ginadhuh ratu siji |
Sultan adil Nusirwan ||

2.
Kang loloman ya pinarakalih |
kang saparo dinum wong sajagad |
saparo wong siji bae |
tur iku dudu ratu |
kang pinaring loman sapalih |
wong cilik tur mardika |
nênggih wadyanipun |
sri naranata ing Arab |
nama Katim iya kang abangsa Tahyi |
nênggih ing pehak Ngarab ||

3.
Assakiyu kabibulah nênggih |
wal kabilu amanngaluolah |
rapal puniku têgêse |
nênggih wong loma iku |
pan kêkasihira Hyang Widdhi |
wong kumêt satruning Hyang |
pinanci dosa gung |
mutamat para pandhita |
dosa loro alane wong kumêt siji |
lan bêcike wong loma ||

4.
Lamun ana wong loma ing bumi |
atas angên-angêne sampurna |
sinungan bênêr tatane |
saking murah tyasipun |
nadyan dudu kang dènlomani |
yêkti mèlu manpangat |
saking bumi luhur |
wong kumêt budine andhap |
ya sanadyan duduwa kang dènkumêti |
tan wande mèlu mada ||

5.
Sêbêl purêt wahyuning Hyang Widdhi |
kamisasat akèh kang amada |
dene kanisthan budine |
jro kitab Sitrul-muluk |
kocap wontên ratu sawiji |
anama Sultan Bahram |
ratu gung pinunjul |
sawapatira mamêkas |
mring kang putra besuk yèn ingsun ngêmasi |
sira gumantya ring wang ||

Jilid 4 - Kaca : 225

6.
Lamun ana abdine narpati |
wani muni anèng ngarsanira |
angalêmbana yêktine |
lawan sabênêripun |
mungguh tindakira narpati |
anuli paringana |
arta dipun agung |
sajênênge anèng donya |
aywa kongsi mangan artane pribadi |
maksiya artanira ||

7.
Iku wite karaton sayêkti |
mratelakkên ing wahyu kang prapta |
ngundurakên tyasira (ng)gèr |
solahira kang dudu |
yêkti sira wirang nindaki |
pratingkahe kanisthan |
sabab wus ginunggung |
yèku wong magêri nistha |
wontên malih jro kitab Adabu salin |
ratu kang winicara ||

8.
Kang ngilangkên pamujining dasih |
ratu kumêt tan ana utama |
sagung pandhita pujine |
ratu loma puniku |
nadyan nora nana kang muji |
aja nganggo pandhita |
darajate luhur |
tinêkan barang sinêdya |
iya dene sasat nampani pribadi |
duwèk anèng potangan ||

9.
Nguni kang dadi ojating bumi |
Katim Tayi kang apehak Ngarab |
ngêsorkên ratu lomane |
dadya ratu têtêlu |
kang miyarsa bramantya sami |
dene andina-dina |
sagung wadyanipun |
tan nana malih dènucap |
amung Katim Tahyi lomane ngliwati |
tan ana kasumbaga ||

10.
Sultan ing Rum nalika sumiwi |
Prabu Kaesarungi ngandika |
marang sagung punggawane |
wira gujalanipun |
ingkang aran si Katim Tayi |
pira gêdhonge baya |
isi artanipun |
dene lomane kalintang |
ingkang padha narpati angrèh nagari |
nora sida diloka ||

11.
Lan wong apa lungguhe si Katim |
apa lubalang apa satriya |
apa ya juru gêdhonge |
mring kangjêng kakang prabu |
narapati Bandarngulami |
punggawa matur samya |
punika pukulun |
tiyang ngangguran kewala |
bangsa Tahyi ing pehak Ngarab pun Katim |
mung inggih amardika ||

12.
Sultan ing Rum angandika malih |
ya pagene angluwihi raja |
si Katim Tahyi lomane |
apa dènanggo iku |
dene nora tampi ubêkti |
nora angrèh nagara |
bisane kadyèku |
apa bisa gawe êmas |
aturipun inggih samya tan andugi |
mungguhing takdirolah ||

Jilid 4 - Kaca : 226

13.
Sultan ing Rum angandika malih |
dene ingsun iki ratu murah |
têka tan ana lokane |
iya sapa kang ngrungu |
ing samêngko iki si Katim |
kadhêmênane apa |
kang dadya tyasipun |
punggawa matur tur sêmbah |
wardinipun samangke rêmên turanggi |
arêgi tigang lêksa ||

14.
Sakalangkung (ng)gènnira ngrêmêni |
tangèh lawan turangga ngakathah |
gêng luhur miwah ulêse |
sanadyan para ratu |
datan darbe ingkang ngèmpêri |
kadi turangganira |
pun Katim pukulun |
gêdhogan tinunggil nendra |
inggih saking tan kenging pisah pun Katim |
dènnya sih mring kudanya ||

15.
Sultan ing Rum angandika malih |
wong tatêlu mantri acaosa |
si Katim ingsun cobane |
parakna layangingsun |
lan paparingingsun puniki |
si Katim duwe kuda |
iku ingsun pundhut |
duta sigra lumaksana |
tiga mantri datan kawarna ing margi |
praptèng jajahan Ngarab ||

16.
Wanci wêktu Ngasar praptanèki |
pun Katim mêntas atatamuwan |
pan sadina susugune |
saking gunging tatamu |
ngênting (ng)gènnya anyugatani |
langkung suka tyasira |
sabubaring tamu |
dutane rajèng Rum prapta |
wêktu Ngasar mêndhunge angliliwati |
prapta udan sok-sokan ||

17.
Kadi banjir saking ing wiyati |
awor ampuhan kagila-gila |
Ki Katim lawan tamune |
pan sami kabêr kukut |
dènnya gênging jawah lan angin |
nalika iku datan |
ana wong kang mêtu |
saking jrih udan ampuhan |
pan pun Katim arsa susuguh ing tami |
kèwêdan dening udan ||

18.
Kirang warnane ulamirèki |
dening jawah tan kêna wong mentar |
ngupaya sangêt jawahe |
dadya turangganipun |
sinambêlèh kang dènrêmêni |
ingolah warna-warna |
sinêgahkên tamu |
Ki Katim suka tyasira |
tatamune kacukup dènnira bukti |
maca Alkamdulilah ||

19.
Samya ngungun ecane abukti |
tamu ngraos lamun kapotangan |
kanikmatan ing suguhe |
arip netra ing (n)dalu |
enjingane samya alinggih |
munggèng made antara |
kapat lawan tamu |
caraka ing Rum anulya |
maringakên surat saking narapati |
mring Ki Katim tinampan ||

Jilid 4 - Kaca : 227

20.
Nulya dutèng Rum amuwus aris |
lah punika yayi gustiningwang |
akikirim paparinge |
Sri Prabu minulyèng Rum |
Katim (n)dhêku amaos tulis |
punika (n)jroning surat |
mundhut kudanipun |
Katim wusnya maos surat |
netra pucêt aclum ngungunnya kêpati |
sènès wadananira ||

21.
Carakèng Rum miyat marang Katim |
sawusira amaos kang sêrat |
têka aclum wadanane |
sarta bangêt anjêtung |
kadya nênggak ing waspanèki |
dutèng Rum têrkanira |
sangêt awratipun |
pinundhut turangganira |
carakèng Rum palimarma angling ririh |
mila yayi andika ||

22.
Sasampunira maos kang tulis |
cahyanira yayi sangêt biyas |
saingga maras ing tyase |
aywa ta wancak-kalbu |
lamun maksih sira rêmêni |
ingsun kang ananggunga |
dukane sang prabu |
kuda maksih anèng sira |
sira Katim mèsêm dènnira nauri |
taha yèn makatênna ||

23.
Pun kakang kula têtah sakêdhik |
wingi-wingi nalikane prapta |
têka (m)botên (n)dhawuhake |
dadya mangke katrucut |
cuwa karsanira sang aji |
dene kula punika |
kang arsa pinundhut |
taksiya gêsang upama |
yêkti katur sumangga ing siyang ratri |
ing gusti sri narendra ||

24.
Sampun mênggahing punika malih |
kinarsakkên ing Prabu Kaesa |
yêkti lêstari karsane |
tan pae anggêpingsun |
lan kang rayi sang natèng riki |
Sultan Bandar ngulama |
sami gustiningsun |
dadya ing mangke kawula |
tan kadugi inggih ngupadosi malih |
ingkang mirip punika ||

25.
Ingkang kasêmbêlèh wau ratri |
kinarya sêgahing (n)dika samya |
kirang ulam-ulamane |
kasaput jawah agung |
mila datan kêna wong ngili |
inggih ngupaya ulam |
mila manah nglampus |
turangga dadya kapragat |
karya ulam ingabukti wau ratri |
dutèng Rum duk miyarsa ||

26.
Rinangkul gapyuk sigra pun Katim |
iya dene nora kaya sira |
ingsun kainan wingine |
duta sigra mit mantuk |
tan ingucap lampahing margi |
prapta nagarinira |
marêk ing sang prabu |
katur solahing dinuta |
wiwitannya prapta wismane Ki Katim |
malah praptèng wasana ||

Jilid 4 - Kaca : 228

27.
Katur sasolah bawaning Katim |
Prabu Kaesan ruming ngandika |
Ki Katim paribawane |
kagyat gumujêng (ng)guguk |
goyang waktra angêmbat wêntis |
bênêr dadiya loka |
si Katim puniku |
liwat saking lêgawèng tyas |
kunêng prabu ing Ngêrum gantya winarni |
sri naranatèng Ngêsam ||

28.
Amiyarsa yèn kabare Katim |
kang abangsa Tahyi pehak Ngarab |
kaonang-onang lokane |
kasuwur kamisuwur |
warta malah katur para ji |
gya sri bupati Ngêsam |
pan arsa angutus |
amundhut kang ora-ora |
anyênyoba ing bêrbudine ki Katim |
rakyate natèng Ngarab ||

29.
Nata ing Sam pan arsa ngayoni |
mantri kakalih ingkang dinuta |
amundhut kang anèh-anèh |
amundhut unta satus |
tur kang dawa wulune sami |
kang irêng-irêng samya |
mata kalihipun |
kang rangkung-rangkung dêdêgnya |
duta mêsat datan kawarna ing margi |
prapta ing tanah Ngarab ||

30.
Panggih lawan sira Katim Tayi |
dhinawuhakên timbalannira |
Sultan ing Sam pamundhute |
langkung anèh puniku |
kaya nora kêna pinikir |
Katim (n)dhêku tur sêmbah |
sandika wakingsun |
sanajan inggih langka-a |
dêrmi-dêrmi yèn maksih sihing Hyang Widdhi |
dhatêng sang prabu ing Sam ||

31.
Lamun maksih dinamêl narpati |
natèng ing Sam dening Kang Amurba |
mokal tan antuka mangke |
duta sinêgah sampun |
Katim sigra dènnya ngulati |
marang ing padhukuhan |
urut gunung-gunung |
sanak-sanake sadaya |
binobotan samya tumut angulati |
yèn binudi ing majat ||

32.
Ngêndi olèh unta kang kadyèki |
parandene takdiring Hyang Suksma |
datan alami antuke |
pêpêk kang unta satus |
duta Ngêsam ngungun ningali |
Katim pasrah ing duta |
sumangga puniku |
sami andika pariksa |
bakmanawi wontên kang siwah satunggil |
wêlinge prabu ing Sam ||

Jilid 4 - Kaca : 229

33.
Tinitènan sadaya sayêkti |
kadi pundhutane prabu ing Sam |
caraka mit sinungake |
mangu-manguna laku |
pira-pira Katim nyangoni |
unta satus binêkta |
tan kawarnèng ênu |
nagari ing Ngêsam prapta |
katur marang sang prabu unta sing Katim |
ngungun sang natèng Ngêsam ||

34.
Sarwi (n)jêtung angandika aris |
èstu lamun si Katim balaba |
iku ingsun coba bae |
agawok têmên ingsun |
dudu ratu bisa ngulati |
unta kang langka-langka |
kapotangan ingsun |
ing jaman iki tan ana |
kaya Katim kinon amangsulna malih |
sarta mot rajabrana ||

35.
Paparinge natèng Sam mring Katim |
unta satus kawratan barana |
pèni-pèni paparinge |
datan kaparèng ngênu |
duta ing Sam samana prapti |
ing Tahyi pehak Ngarab |
lan Katim wus têmu |
dhinawuhakên sadaya |
unta wangsul sarta winotan paparing |
pèni mas rajabrana ||

36.
Sira Katim andhêku nampèni |
ingundhakan sanak-sanakira |
kang anduwe unta kabèh |
prapta sadaya sinung |
Katim datan arsa angambil |
ing pangaji sadinar |
Êpon tan amundhut |
pangaji sakêthi ana |
pan sadaya anak putune Ki Katim |
sugih sami sakala ||

37.
Carakèng Sam eram apan maksih |
dene Katim tan arsa angalap |
ing barana paparinge |
lajêng mring anak putu |
duta ing Sam pan sampun pamit |
prapta ing nagari Sam |
katur ing sang prabu |
têtêkone Katim mulya |
prabu ing Sam têtêp mawongsanak Katim |
saking kayungyun myarsa ||

38.
Kunêng Sultan ing Ngêsam winarni |
prabu ing Yahman duk sêdhêngira |
miyarsa Katim wartane |
duka yayah manêbut |
sru ngandika mring para mantri |
ya ngêndi ana kumpra |
angluwihi ratu |
si Katim pan wong alasan |
sajinise angon wêdhus datan malih |
lawan wong angon unta ||

39.
Pira kadare wong kang angon kambing |
(n)dadak duwe pamêtu salêksa |
apa kang dènlomakake |
wong bingung anut umyung |
ingkang padha ngêlêm si Katim |
ingsun sèwu sadina |
pan sidêkahingsun |
mring pêkir miskin katiman |
parandene tan ana ingkang amuji |
kasaru wontên duta ||

Jilid 4 - Kaca : 230

40.
Dutanira Sultan ing Mahribi |
atur surat anunuwun warta |
saking Mahribi lokane |
ana wong bangsa dhukuh |
lomanira anglêliwati |
ngêsorkên para raja |
nênggih ojatipun |
saking Mahribi kapyarsa |
pehak Ngarab kang abangsa Katim Tahyi |
loma kagila-gila ||

41.
Samyarsanya surat sing Mahribi |
natèng Yahman sumungku miyarsa |
latu latung bang jajane |
asru dènnira muwus |
mring pandhega kang saba wêngi |
lumakuwa ing Ngarab |
wonge kakang prabu |
patènana dipun enggal |
kang anama si Katim kang bangsa Tahyi |
cangkingên ingkang murda ||

42.
Ya mulane iku sunpatèni |
aja kongsi iya tiba sasar |
kakèhan tampa pujine |
dene wong durung wêruh |
wus anggunggung marang si Katim |
karana ingsun wênang |
matèni wong iku |
yèn kalakon karyanira |
ingsun ganjar apa ing sakarsanèki |
yèn wus yuda kanaka ||

Jilid 4 - Kaca : 231

309 Pangkur

1.
Baduwi tur sêmbah mêsat |
sarta kuda binêktan pêdhang kalih |
kagunganira sang prabu |
kang tate bangkit karya |
cinacahkên ing wêsi sawêntis rampung |
wus lêpas ing lampahira |
ing marga datan winarni ||

2.
Wus prapta jajahan Ngarab |
praptèng dhukuh wismane Katim Tahyi |
Baduwi sayah angaub |
Katim anuju mêdal |
atatanya mring Baduwi kang angaub |
paman ing wong pundi (n)dika |
lan ingkang sinêdyèng kapti ||

3.
Baduwi alon saurnya |
kula anak saking Yahman nagari |
sêdyaning driya nakingsun |
ingutus ngambil unta |
Katim angling paman yèn (n)dika panuju |
kandêla wisma kawula |
mucang anginuma warih ||

4.
Bêgja yèn manggiya paman |
panêkulan inggih sae abukti |
gampil yèn sampun atuwuk |
lajênga alêlampah |
sukur sèwu lajênga ing wismaningsun |
Baduwi lêga tyasira |
rêsêp ing manah nuruti ||

5.
Praptèng wisma sinunggata |
pan sinuba-suba samya abukti |
gumatinira kalangkung |
malah supe ing lampah |
kongsi dalu tan pêgat sugatanipun |
nyamikan inum-inuman |
sadalu lêkêt ing bukti ||

6.
Angraos kapiutangan |
Katim mojar paman lamun suwawi |
jangkêpa ing pitung (n)dalu |
wontên wisma kawula |
anglêgakna pun paman ing manahipun |
Baduwi lon saurira |
yèn sampuna ngudur inggih ||

7.
Asangêt ngudure anak |
dede-dede lampah ingkang agampil |
luwih sangêt luwih ewuh |
anak dede kinantha |
Katim angling paman kawula ayun wruh |
manawi inggih pun anak |
sagêd angapèn-apèni ||

8.
Ing susahipun pun paman |
pintên banggi kula ngawat-awati |
yèn paman pracayèng kalbu |
sampun ta walangdriya |
wong Baduwi acipta kayapa iku |
panggawe kang nora gampang |
iya lakuningsun iki ||

9.
Anak manira awêca |
pan manira dinuta ing sang aji |
kinèn angulati ingsun |
mring sang prabu ing Yahman |
wong kang aran Katim Tahyi bangsanipun |
ingsun kinèn mêjahana |
murdane kinèn anyangking ||

10.
Sang nata arsa uninga |
mring murdane kang aran Katim Tahyi |
Ki Katim dupi angrungu |
gumuyu sarwi mojar |
(m)botên angèl paman kalamun puniku |
manira paman kang sagah |
mirantèni amrih kêni ||

11.
Kadi pêjahe kang mina |
ingkang sampun manjing anèng piranti |
kantun amithês anglêthus |
ing sajatine paman |
tunggil dhusun kang aran Katim puniku |
ing dhukuh punika uga |
nanging tanggung sapuniki ||

12.
Ing benjing-enjing kewala |
karana pun Katim sabên enjing |
amêng-amêng anèng (n)dhukuh |
inggih kidul punika |
ngandhap wukir sangisoring gurda agung |
yèn prapta mudhun sing kuda |
lajêng anginum abukti ||

13.
Turangganipun cinancang |
lan pun Katim inggih nuli aguling |
kawula andira turut |
paman tan wande kêna |
sampun ngantos ngêntosi kula dènesuk |
karana yèn kongsi awan |
kasêlak kesah pun Katim ||

Jilid 4 - Kaca : 232

14.
Lah paman punika pêdhang |
luwih landhêp anggonên mêdhang benjing |
ri sêdhêng turu akukup |
sampun dadi kang rêmbag |
eling-eling sawêngi wuwusên esuk |
Baduwi nulya lumampah |
sawêlinging Katim Tahyi ||

15.
Saksana Baduwi mangkat |
Katim Tahyi sigra dènnya kakambil |
anyilip ing marganipun |
turangganira nyongklang |
pasthi dhingin praptanira anèng dhukuh |
mudhun saking ing kudanya |
cinancang munggèng waringin ||

16.
Katim sigra api nendra |
sarwi kukup kadya guling sakenjing |
Baduwi tan dangu rawuh |
mulat kuda cinancang |
angling aris nyata têmên tuduhipun |
si anak kang duwe wisma |
lah ika ana wong guling ||

17.
Sigra wau pinêrpêkan |
kang aguling sigra pêdhang tinarik |
ingikal mèh tibanipun |
nulya (ng)graitèng nala |
ingsun iki apan utusaning ratu |
yèn nuli ingsun pêdhanga |
kalle durung wruh ing warni ||

18.
sayêkti agawe nistha |
ingsun ungkabane raine dhingin |
sigra binuka kang kukup |
kagyat samya anjola |
angrungkêbi sukune anjrit anguwuh |
dhuh anak kadi punapa |
polah mêkatên puniki ||

19.
Panggawe kang botên layak |
dènlakoni ambuwang lara pati |
Katim tangi sarwi muwus |
paman kadi punapa |
jêr kawula sampun sanggup wau dalu |
angilangkên susah (n)dika |
(ng)gih kula kang aran Katim ||

20.
Aran (n)dika wong dinuta |
mring ratu anyangking sirah-mami |
lan paran karsanirèku |
paman wong kula lila |
(n)dika paman aywa kongsi antuk rêngu |
wong suwita ing narendra |
abot yèn tan anglakoni ||

Jilid 4 - Kaca : 233

21.
Baduwi aris mangrêpa |
nadyan silih dinukan awakmami |
ingsun matur bae (m)besuk |
ing gusti rajèng Yahman |
ingsun pamit sigra mêsat lampahipun |
sinangonan kangge marga |
sabarang dening pun Katim ||

22.
Ing marga datan ingucap |
praptèng Yaman marêk ing sri bupati |
Baduwi tur sêmbah matur |
sasolah tingkahira |
Katim lila loman saking ngumuripun |
wus tinutur sadayanya |
miwiti malah mêkasi ||

23.
Prabu Yahman duk miyarsa |
langkung suka (ng)guguk angandika ris |
bênêr wong akèh puniku |
kang padha ngalêmbana |
durung tumon loma têka umuripun |
lah iya karêpe uga |
wis aja sirapatèni ||

24.
Kunêng kocap jroning kitab |
mashur lamun balapa Katim Tahyi |
akathah mèt misilipun |
kang para raja-raja |
wontên warah yèn agung mupangatipun |
nênggih sajrone ing kitab |
Jawa-hiral Amaryati ||

25.
Ing jaman wuri kawruhan |
nênggih kuburipun Ki Katim Tayi |
ana turun ping sapuluh |
ing anak putunira |
Katim Tayi kabanjiran kuburipun |
astana kandhah ing toya |
jisime arsa dènêlih ||

26.
Jisime wutuh kewala |
nora bosok tinon kadya wong guling |
yèn mungguh ahli tasawub |
tiwas tan bisa ilang |
dene mungguh ing jaman Ngarab ing riku |
tan kêna ingaran tiwas |
karana uwiting bêcik ||

27.
Dadalan sasukanira |
sasênênge tan kêna dènwancèni |
ilanga katona iku |
sah tan antuk cinacat |
yèn ing tanah Jawa mangkono abusuk |
wong mati katon tan ana |
yèn katon sayêkti eblis ||

28.
Mung iku kinarya tandha |
tandha lamun wong loma iku bêcik |
wong kang kumêt iku antuk |
nama busuk lan ala |
uwis tamat Katim Tayi critanipun |
sadaya kang sami myarsa |
sukèng tyas nahên wus wanci ||


   kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (25) Kaca 221 – 223
  • (27) Kaca 234 – 235 >