Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 4

Kontak Admin.

email-kidemang

 (07) Kaca 16 – 31

 

( Sang adipati kasêngsêm dhatêng Nurwitri )

Sang adipati kasêngsêm dhatêng Nurwitri. Ing satunggaling dintên Nurwitri tuwin Mas Cêbolang katimbalan, kadhawuhan mangangge pawèstri. Kadhawuhan têtêmbangan sinambi nginum brêm lan waragang. Sang adipati sakalangkung kapranan saengga Mas Cêbolang rinapu kadosdene wanita; gantos-gantos kalihan Nurwitri. Mas Cêbolang sagêd ngupados wêkdal liron-sih kalihan Jae Manis. Botên namung Jae Manis kemawon ingkang kapilut ing asmara. Sêlir sanès-sanèsipun, tiyang sêsemahan dumugi nyi pangulu anèm ugi kacakan Mas Cêbolang. Dangu-dangu sang adipati mirêng lan sakalangkung duka, sarta prentah supados Mas Cêbolang katukup. Sadèrèngipun kapikut Mas Cêbolang mirêng, lajêng lolos lumêbêt ing wana. Kabujung botên sagêd kacêpêng. Samangke tekadipun badhe mantuk sarta mêrtobat dhatêng ramanipun.


Kaca 16 – 31


Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 16

323 Dhandhanggula

10.
Nulya kinèn mundhut arta malih |
limalas êngkas tan dangu prapta |
katur picis bolong kabèh |
sinêbarkên sumawur |
rinêbut ing abdi jalwèstri |
sikêp bangsat angrêbat |
dêdrêg ting barêkuh |
adhosok jêngkang-jinêngkang |
miwah sikut-sinikut bithi-binithi |
gudrah aguladrahan ||

11.
Ana (ng)guyu wênèh pan anangis |
ana ingkang sinjangipun sêmpal |
myang balung nyongor lambene |
mimisên irungipun |
nora kêna sinjang barêndhil |
ginujêg akakalan |
mari-mari yèn wus |
arta wutah sinjang bêdhah |
kèh tingkahe ana wong lanang sawiji |
akathah olèhira ||

12.
Têpung gêlang lêmpèng kêbak dhuwit |
ngandhut ngêmut (ng)gêgêm kêbak uwang |
miwah kang ginembol akèh |
ingêbyuk pan rinêbut |
picis mawut dipunrêbati |
rinêncak ing wong akèh |
bêbêde jur mumur |
wontên pawèstri angrêbat |
pan kasusu klèru konthole sinêbit |
kewal agobrah-gobrah ||

13.
Jêlih-jêlih nora dènpraduli |
mêksa rinujak ingidak-idak |
pêcèthèt paringsilane |
uyêl kuwur katawur |
tan cinatur solahirèki |
lingsir dalu (ng)gènnira |
kasukan anutug |
yata samana bubaran |
ki dipati paring tigangdasa anggris |
marang Kimas Cêbolang ||

14.
Ki dipati angandika aris |
èsmu (ng)guyu marang Mas Cêbolang |
panjakmu Nurwitri kuwe |
lah tilarên karuhun |
dimèn kari nèng (n)jêro bêcik |
suka tyas sun-tumingal |
lir wong wadon lugu |
nora mantra-mantra lanang |
lan maninge manira akarya ringgit |
Nurwitri kang muruka ||

15.
Lawan sira yèn ingsun-timbali |
aja lunga-lunga nèng Kauman |
omahe Jamali bae |
yèn ana kuranganmu |
lumêbuwa ingsun paringi |
yèn ora kongkonana |
bae matur mring sun |
iya bojone si Jamal |
ngongparingi pangan sasantrinirèki |
sakèhe cacahêna ||

16.
Matur nêmbah sumangga nulya mit |
Mas Cêbolang anampani arta |
tigangdasa reyal kèhe |
lan sabusananipun |
tuwin paring sinjang mring santri |
aniji wus warata |
myang sasajènipun |
dènusungi santri kathah |
langkung bungah sakèh santri ting cukikik |
untung Kimas Cêbolang ||

Jilid 5 - Kaca : 17

17.
Mundur saking ngarsane dipati |
lawan sasantrinira sadaya |
myang pangulu Jamaline |
santri satus gumrudug |
anèng margi Jamali angling |
dhuh anakmas Cêbolang |
punika yèn mungguh |
kula amujur salawat |
sinjangipun sajènipun kula inggih |
lêrêse tumut angsal ||

18.
Sabab margane angsal rijêki |
kapracaya pinaring akathah |
saking kula wiwinihe |
Mas Cêbolang lon muwus |
yèn wus praptèng wisma agampil |
kula mangsa ngicalna |
ing tata lan patut |
datan susah winicara |
Ki Jamali ambêsono ngêdhih-êdhih |
gumrêmêng turut marga ||

19.
Tan adangu praptèng ing wismèki |
kae Jamali ing Pakauman |
gumêdêr santri praptane |
tata dènnira lungguh |
tan antara sajèn binagi |
tinadhah ting kucapah |
tuwuh ngadhug-adhug |
myang sakêtip modinnira |
lèbèr maring têtangganya maksih luwih |
sêkul ulam panganan ||

20.
Arta tinitèn sadayanèki |
sajèn sêlawe lan tigangdasa |
ki dipati pêparinge |
arta tombok angetung |
apan angsal kawandasanggris |
gunggunge kawandasa |
gangsal langkunganipun |
kang dhatêng pangulu Jamal |
pan sadasa reyal kang dhatêng ing santri |
arta tridasa gangsal ||

21.
Dinum kaduman anyuku sami |
kang sèkêt rêyal mring Mas Cêbolang |
kalêbu lan Nurwitrine |
wus rampung pandumipun |
aluwaran sadaya aris |
wau ta ki dipatya |
èstu tyasnya kanyut |
mring Nurwitri ronggèng lanang |
ki dipati radi kawuron sakêdhik |
ing brêm tape waragang ||

22.
Wuru kaworan alimpang brangti |
mring Nurwitri kang binrangti anyar |
katêmbèn blero karsane |
nulya binêkta kundur |
maring dalêm gêdhong kang wingking |
ki dipati ngandika |
Nurwitri dimaju |
sunsarê singêbên ingwang |
sêmbari rêngêng-rêngênga Lompong-kèli |
Montro Pêtung-wulungan ||

23.
Gambirsawit lawan Gandrung-manis |
matur inggih Nurwitri ngujiwat |
sarwi pinathêt lathine |
ki dipati agupuh |
ngrangkul gulunira Nurwitri |
grêgêtên cinuwolan |
lathi pipinipun |
dèningsêp ingaras-aras |
matur mangke dhuh mangke kangjêng kiyai |
turene kinèn nêmbang ||

Jilid 5 - Kaca : 18

24.
Angandika lah iya dènbêcik |
nulya rêngêng-rêngêng swara raras |
Lompong-kèli kalulute |
(n)jalirit mêrit arum |
kalêlêran ambêlèr ati |
pan lagya rong êgongan |
ki dipati muwus |
wus mênênga suntarima |
dènmreneya aja sira wêdi-wêdi |
Nurwitri ngarah apa ||

25.
Gya ginayut anggane Nurwitri |
kêkêp-kinêkêpan rêp-arêpan |
kadya maring dyah tan pae |
sasolah bawanipun |
mriyêmbada anêmbadani |
angrêngih kang rinêpa |
ingungkih kinukuh |
katomah têmah tan polah |
ginolingkên golag-galig anglêgani |
pinungkurkên karênan ||

26.
Angudhêmpêl pupul anèng wuri |
waringutên tan salayèng karsa |
wastra silak warastrane |
pangangkahira rikuh |
lir kekeyan akongkah-kangkih |
nêmpuh tan kênèng ngampah |
Nurwitri anjumbul |
andêngkèng tyasnya kumêsar |
pulintiran angêsah umatur ririh |
ingkang antèr kewala ||

27.
Kya dipati langkung sukèng galih |
sangsaya nglut lukiting turida |
rada katêmbèn karsane |
sanepaning dyah ayu |
ing pangrasa malah ngungkuli |
kulinaning kalangyan |
dede amputipun |
pan ora untap-untapan |
surasaning karasikan mung Nurwitri |
ngalêmpak tumpak lawak ||

28.
Tan angiwal pakiwuling gati |
dhêkêt kêkêt lir banon lan rimbag |
nora rênggang don-adonne |
ki dipati kalimput |
kalulut ing wilêd kalaning |
kathah solahing karsa |
riwenira kumyus |
kang kinarsan tan (ng)gulawat |
wus antara anjog drês gatining rêsmi |
kongsi byar aluwaran ||

29.
Nurwitri pan lir sawung kêpilis |
katêrêsan ing gati marlupa |
tan kênèng têbih ênggonne |
sarwi dènêlus-êlus |
ki dipati wêlas ningali |
apan kathah sihira |
mring Nurwitri lulut |
supe langêning wanita |
nunggèng ronggèng apan katon kalih ratri |
tan kenging mêdal-mêdal ||

Jilid 5 - Kaca : 19

30.
Kathah pêparinge ki dipati |
nahên samana Kimas Cêbolang |
nèng Pakauman pondhoke |
mompyor busananipun |
ambalèrèt salin sumalin |
bêsuse angayangan |
kathah prawan kanyut |
kikinthil tumut pondhoknya |
sapraptane pondhok rinewang sarêsmi |
enjing mulih sinungan ||

31.
Arta sawang-sawung wongirèki |
ana nêlung reyal lan ngrong reyal |
sareyan andulu wonge |
yèn si lamun anuju |
ingkang ayu akinyih-kinyih |
ngantos sapuluh rêyal |
kimas dènira sung |
marma wadon lunga têka |
ing ciptane enak kodhil olèh misil |
yèn ta lamun gêmiya ||

32.
Mas Cêbolang panci lamun sugih |
yata ing wanci suruping arka |
duta saking jro praptane |
kinèn nimbali gupuh |
Mas Cêbolang anyêndikani |
nulya dandan busana |
alise cinukur |
pinatut tajêming tanggal |
adu mancung sumping sêkar nagasari |
sarira ganda jênar ||

33.
Atêtasik sumilak arêsik |
nyamping sarung bugis gêgêrusan |
sabuk gêdhog paringane |
kulambi galar konus |
bêsus wasis dhasare sigid |
abagus tur sangsangan |
barang dèn(ng)go patut |
nulya kering lampahnya |
tan adangu wus katur mring ki dipati |
kang prapta ingandikan ||

34.
Kinèn lajêng maring dalêm wingking |
sapraptanira nèng ing ngajêngan |
ki dipati lon dêlinge |
dènkêpara ing ngayun |
alungguha lawan Nurwitri |
tur sêmbah Mas Cêbolang |
wus nunggil alungguh |
samya sasmitèng èsêman |
ting barisik atotogan dhêngkul ririh |
ing sêmu wus anduga ||

35.
Ki dipati angandika aris |
besuk ing pêndhak wulan purnama |
sira suntimbali manèh |
ngluwihi lan kang uwus |
sira dadya ringgit sarakit |
lan Nurwitri prayoga |
abagus yu-ayu |
êntingna pagunanira |
sira besuk sun-ganjar kang luwih bêcik |
anglêgakna tyasingwang ||

36.
Mas Cêbolang nêmbah matur aris |
inggih pintên banggi kalêrêsan |
sêndika sakarsanta ngrèh |
yata wusnya adangu |
mundhut dhahar ki adipati |
nutug (ng)gènnira dhahar |
gya linorot sampun |
pinaringkên Mas Cêbolang |
sadaya wus nadhah kalawan Nurwitri |
wus turuh cinarikan ||

Jilid 5 - Kaca : 20

37.
Wusnya bubar ingkang nglêladèni |
parèstri samya mundur sadaya |
tan linilan pangayape |
pan amung ingkang kantun |
Mas Cêbolang lawan Nurwitri |
sami bawa prênèsan |
wênêsing pamuwus |
cara carêm carêmêdan |
pan kakênan ing liring ki adipati |
kagêbang ronggèng lanang ||

38.
Pan acêlak lênggah ki dipati |
sarwi manis arum angandika |
abêcik cêlakan bae |
tan ewuh kang cinatur |
ing pasêmon samana malih |
lan sira Mas Cêbolang |
aja adu mancung |
nganggeya cara wanodya |
pan turutên kewala sakarsa-mami |
kang kaya warnanira ||

39.
Mas Cêbolang nêmbah matur inggih |
èsmu (ng)guyu sami ngungkrêt jangga |
anggêgêt ilat lewane |
mingsêr lèngsèr sing ngayun |
pinaringan busana adi |
angiwa ping-ampingan |
cucul adu mancung |
busana cara wanita |
gêlung sentêk sinêkar lungsèn kinancing |
cêpaka lan ronnira ||

40.
Apan asinjang garingsing ringgit |
kêmbên gadhung mêlathi rinenda |
pinayudara esthane |
awida jênar arum |
pupur sawêtara nêlahi |
kacu gumbaya kusta |
abrit dhasar alus |
rumimong ing pawidhangan |
sawusira busanarsa marêk ngarsi |
sasolahe kinarya ||

41.
Ulat rikat lir kilat ngawêngi |
ngima raras kumênyut tyasira |
ki dipati pandulune |
sangaya wuwuh wuyung |
praptèng ngarsa nunggil alinggih |
Nurwitri pan kasoran |
ing mêmanisipun |
kaot trah guru lan sabat |
yêkti kaot laraping liring nêlahi |
akarya lara brangta ||

42.
Langkung sukanira ki dipati |
sarwi gumujêng winor wuwusnya |
dubilah dudu rasane |
baguse dene ayu |
nulya tangannira tinarik |
payo adhêdhêsêgan |
bae pada lungguh |
kang ingikal nganyut tingal |
wus anglela lêlèjême jaman wingi |
andhêdhêt-dhêdhêt asta ||

43.
Rinêjêng kêndho anulya linggih |
adu dhêngkul mung sapêdhadhonan |
ki dipati lon dêlinge |
payo padha anginum |
brêm tape grit waragang manis |
sinambi dhêdhaharan |
sêsaosan agung |
nutug dènnira kasukan |
pagujêngan aprênèsan manas ati |
sisiwo sêdangunya ||

Jilid 5 - Kaca : 21

44.
Ki dipati angandika aris |
payo wus dalu raryan luwaran |
manira rip arsa sare |
sisindhènan sirèku |
swara wadon wae kang bêcik |
gêndhing pathêt manyura |
iya Pêtung-wulung |
Kaboyong lan Kêmbang-gayam |
Kuwung Montro Lambangsari Gandrungmanis |
anuli pathêt sanga ||

45.
Onang-onang lawan Lompongkèli |
Gambirsawit miwah Êla-êla |
Lara-lara lirih baê |
kang liningan sung guyu |
sarwi mathêt lathi amathis |
wus tata pasareyan |
ronggèng ro nèng ayun |
kinèn sindhèn gêgêntènan |
ki dipati sêsareyan dènpêtêki |
sarta sindhèn La-êla ||

46.
Onang-onang lawan Gambirsawit |
Pêtungwulung lawan Kêmbang-gayam |
Montro lan Gandrungmanise |
ki dipati lon muwus |
sisindhènan ya Lompongkèli |
wong roro abarungan |
kang sinung ling matur |
sêndika anulya lêkas |
abarungan sindhèn ngêlik Lompongkèli |
ulon alon-alonan ||

47.
Angriringik angrês ngraras ati |
runtut nyamlêng akêplêng lir pendah |
rêbab kalusên kawate |
swara lit manis arum |
mêrit mêthit amêthêt ati |
tetela kang parikan |
ki dipati wungu |
abêksa (m)bari alênggah |
Mas Cêbolang lan Nurwitri angrakiti |
anjogèd lulungguhan ||

48.
Pating karinggêg dènnira ngibing |
dangu-dangu saya sru anêmbang |
dadya ngandhêg pangibinge |
agulêt kinarubut |
ronggèng kalih anindur liring |
lengek-lengek ling-lingan |
nyangkluk pancak-gulu |
sêblak kumlebat araras |
anyarisig sisirig mungsêr nèng ngarsi |
aberag ki dipati ||

49.
Nutug dènnira sami angibing |
nulya tangannira Mas Cêbolang |
tinarik lan Nurwitrine |
agapyuk sarêng lungguh |
pan kinayut jangganya sami |
pipi lathi ingaras |
-aras kalihipun |
nulya malih asareyan |
ronggèng roro nèng dagan tan kêna têbih |
pan sarwi paprênèsan ||

50.
Sarta kinèn sindhèn gênti-gênti |
sagêndhingan edhang anggêndhinga |
Nurwitri Lompong-kèline |
Cêbolang Pêtung-wulung |
nulya ngêlik swara (n)jalêrit |
gêtêre mulêt rêmak |
tuntung manis arum |
ki dipati wungu lênggah |
kinêndhangan cangkêm gong kênongirèki |
sami cangkêm kewala ||

Jilid 5 - Kaca : 22

51.
Asta kalih angêbuk guguling |
pindha kêndhang nèng cangkêm ungêlnya |
pong pêg em-em dhah kêthothe |
èng-èng thuk nang nong gung |
ginaguyu ing ronggèng kalih |
ki dipati anulya |
sareyan lan muwus |
Cêbolang angrêrêpia |
ngura-ura têmbange Sinom pêngrawit |
tibakna Suyung ika ||

52.
Lan tibakna dhenok Silir-silir |
lan tibakna Genjong rêmêningwang |
nuli Lompong-kèli manèh |
yèn wus iku nulya wus |
Mas Cêbolang anyandikani |
anulya ura-ura |
tigang pada sampun |
swara rum gêtas arênyah |
nulya gêndhêng mêdêd lêmpêng Lompong-kèli |
wilêd nganyut-anyut tyas ||

53.
Gumujêng suka ki adipati |
Mas Cêbolang binalang sap-tangan |
pan lajêng pinaringake |
Cêbolang matur nuwun |
nulya tangannira tinarik |
sarwi mèsêm ngandika |
dènmarene lungguh |
Nurwitri uningèng cipta |
mundur saking ngarsanira ki dipati |
sasamur nèng jêrambah ||

54.
Ingkang anèng jroning gêdhong sami |
ki dipati lan Kimas Cêbolang |
baleging lèjêm sêmune |
Mas Cêbolang ginayuh |
kinapithing liniling-liling |
rinungrum sinambrama |
lir brêmara ruruh |
angrêpih maduning sêkar |
ki dipati kapadhan lungiding kapti |
katuju lêgawèng tyas ||

55.
Pandam lilin wus mati ginunting |
nulya ginulingkên Mas Cêbolang |
sumèlèh miring rakite |
ki dipati kapungkur |
pan karakêt-kêkêt nèng wuri |
dangu arêrêjêkan |
sinjang wus karangkus |
angikal warastra mapan |
santosa drêng adon-adon adu manis |
tumanduk pan dinadak ||

56.
Kinukuhan mêksa angêngkêngi |
diya-diniya dinaya-daya |
dinuwa-duwa tan palèh |
sinêrot anulya nglud |
angrêkênêng kêna ginanti |
Mas Cêbolang (ng)garonjal |
tyasira kumêpyur |
pinarwasa kawisesa |
sasolahe kapidik umatur ririh |
ingkang sarèh kewala ||

Jilid 5 - Kaca : 23

57.
Saya gêmbira ki adipati |
amranani ing sakarsanira |
ing rèh rêkasa wus rame |
tan wiwal dènnya kiwul |
pulintiran anguntir-untir |
antèr antaranira |
nirkên ing tyas ayu |
tapis rarasing wanita |
winantara lan Nurwitri kasornèki |
pan kirang bautira ||

58.
Mas Cêbolang aluwês awasis |
ing satata tataning pratingkah |
ki dipati karênane |
kapadhan ing tyas kelut |
pan ginopan panumpunèki |
rêrekaning kalangyan |
langkung suka nutug |
têlas surasaning solah |
kasrêg sinrêg binot riwuting wigati |
gita lunturing prana ||

59.
Byar raina luwaring pulangsih |
ki dipati sarira marlupa |
Mas Cêbolang lêmpe-lêmpe |
sawusira tuturuh |
ki dipati angarih-arih |
pangrèhe angrêrêpa |
sarwi ngêlus-êlus |
Nurwitri marêk ing ngarsa |
èsmu (ng)guyu kawula puniki tilik |
kang mêntas kajantakan ||

60.
Mas Cêbolang ngêblongkên Nurwitri |
sarwi nauri mèsêm ngujiwat |
aran wong wus padhadene |
ki dipati gumuyu |
niwêl lathi pipi sarya ngling |
karone aracuta |
bêbêda kang bagus |
nulya pinaring busana |
bêbêd ikêt sabuk kêlawan kulambi |
kêris pêndhok suwasa ||

61.
Nulya busana wong loro sami |
pênganggènira apan kinêmbar |
jlakithit padha baguse |
ki dipati andulu |
mring ronggèng ro sangsaya asih |
siyang dalu karênan |
jajambon anutug |
ginilirakên trêkadhang |
kinarsakkên ronggèng ro sarêng saratri |
supe mring para garwa ||

62.
Kang parèstri nora dènpraduli |
mung Nurwitri lawan Mas Cêbolang |
alèngkèt lir gula lèdèng |
ing siyang dalunipun |
Mas Cêbolang iriban liring |
mring pra sêlir biyada |
sisinglon pulang yun |
lamun Nurwitri kinarsan |
Mas Cêbolang nilip marang para èstri |
gerang-gerêng kewala ||

63.
Sakathahe para èstri-èstri |
samya kedanan mring Mas Cêbolang |
abagus gampang uwange |
milanya samya tutut |
Cêbolang yèn adus mring (n)jawi |
èstri gêbèl ambegal |
amrih pinulang hyun |
linadèn anèng padusan |
yèn wus tutug lumêbu angampir-ampir |
rikatan (m)bari liwat ||

Jilid 5 - Kaca : 24

64.
Dadya panjang kidunge parèstri |
sandhung jêkluk angop kulakêpan |
Mas Cêbolang kang dèn-ame |
samya yon brangta wuyung |
beda lawan Nurwitri tani |
gêlême yèn jiniyat |
sêtun roro têlu |
tan ngêprah lir Mas Cêbolang |
sêbab Kimas Cêbolang pan duwe aji |
ya pangontong-ontong ||

65.
Bisa (n)duga sakarêping èstri |
ingkang cilik lawan ingkang drêmba |
miwah landhung lan cêlake |
cinilik yèn ing ciyut |
ingkang ombèr dipunagêngi |
kang anggayêr doyanan |
tri dalu tinutug |
lan wêruh ênggonning rasa |
wus jinajah rajanari ring pawèstri |
traping asmaragama ||

66.
Milanipun parèstri agampil |
kang durung kêna kedanan rupa |
kang wus kêkênan angenel |
tan na dharatan ketung |
katon bae raina-wêngi |
kadya wong kasurupan |
(n)joto lênguk-lênguk |
lêkas obah anjêranthal |
minthal-minthul akikinthil kang kaèsthi |
konthole Mas Cêbolang ||

67.
Abdinira èstri ki dipati |
kathah ingkang sampun dinlajahan |
kari kang wus kêmpong wae |
sêtun roro têtêlu |
ingkang nora dipun grèwèli |
tuwin jawi anjêprah |
kaprah rêbut ayu |
angupaya pinilala |
Mas Cêbolang bêlaba labuh mragadi |
èbèr wani kelangan ||

68.
Arta busana myang ali-ali |
paringanira ki adipatya |
pinaring sapanuwune |
iya ganjarannipun |
Mas Cêbolang tan nêdya sugih |
mung ambandhani bedhang |
dadya ngundhung-undhung |
pan arêbut sisinglonan |
kadi toya nèng talang têlas tan kari |
amung têlês kewala ||

69.
Mas Cêbolang kêlawan Nurwitri |
ingkang lagya kanggêp kinasihan |
kinungkung nèng (n)jêro bae |
bisa kundur yèn adus |
pan sinambi bedhangan nilip |
nanging datan konangan |
tingkahing asinglu |
mung kang lumrah liliringan |
tan ngapaa Mas Cêbolang jatinèki |
ngayuti angayangan ||

Jilid 5 - Kaca : 25

70.
Salaminira ronggèng kakalih |
binot-sih pan wus pêndhak dina |
ki dipati ing linglunge |
kawuron ronggèng kakung |
kang kawêngku ing siyang ratri |
wus supe langêning dyah |
para garwanipun |
tuwin pra prameyanira |
pratelaning dasih tan arsa nampèni |
milaur ronggèng lanang ||

71.
Pan kaledhon kodhêng nandhang brangti |
tita antara kêtarèng tingkah |
kaanan kaucap ngakèh |
ronggèng ro kang jinambu |
bubukane ananggap singir |
susah pra sêlirira |
datan pinalaur |
mung ronggèng lanang kinarsan |
sakathahe para langên nekat sami |
ambelani bêndara ||

72.
Miwah Mas Cêbolang dènnya nilip |
wus kawêntar pan (m)balunthahira |
somahan randha sêdene |
lanjar prawan kinrêmus |
satingkahe anglêlanangi |
sakèh kang duwe sanak |
bojo myang sêdulur |
samya panas atinira |
mêksih ajrih nanging tansah ngincim-incim |
dadya ngênêb kewala ||

73.
Wis mangkana nahên ki dipati |
kang lagya nèng gêdhong têtêlonan |
tan kêna bênggang kalihe |
sisiwo siyang dalu |
datan suda malah saya sih |
adhêmèl kadi gula |
kêrakêt lir ancur |
kanthil-kanthil kikintêlan |
Mas Cêbolang Nurwitri ki dipati |
nèng gêdhong gêgèndhongan ||

74.
Nuju samana kalaning ratri |
ki dipati lawan Mas Cêbolang |
tan taha-tinaha dene |
saking sih wus kacampur |
woring karsa karasikaning |
kulina kinalilan |
tanpa krama matur |
koko-kinoko kewala |
ki dipati mèsêm angling bisik-bisik |
marang Kimas Cêbolang ||

75.
Sun têtanya marang ing sirèki |
sayêktine êndi kang mirasa |
mungguh wong jêjambon kuwe |
apa ta ingkang jambu |
kang kapenak bungahing ati |
nikmate kang mirasa |
apa kang jinambu |
kang êndi bedaning rasa |
Mas Cêbolang nauri gumuyu ngikik |
pan sarwi acêcêpan ||

76.
Kang satêmên-têmêne kiyai |
iya mungguh prabedaning rasa |
asangêt akèh kaote |
mirasa kang jinambu |
kumêsare amêratani |
tan ana todhenira |
rasaning tyas nganyut |
amlêng cumlêng kalênyêran |
nguncêr-uncêr mrêkinding pating gariming |
anggo dènaggang-anggang ||

Jilid 5 - Kaca : 26

77.
Ki dipati kenyut tyas kêpengin |
angandika marang Mas Cêbolang |
sarwi (ng)galigik guyune |
apa iya satuhu |
yèn mangkono tuturirèki |
lah payo coba-coba |
yèn kaya tuturmu |
sasmita wus kawistara |
ginulingkên Mas Cêbolang pan angungkih |
lingkabe ingkang wastra ||

78.
Sinambrama ing srênggara manis |
ki dipati winarga piluta |
sakala supe priyane |
lir dyah raosing kalbu |
duk rinungrum ingarih-arih |
wastra kirih wus singsal |
warastra tumanduk |
sumèndêg sêntuging wuntat |
Mas Cêbolang nulya sarat matêg aji |
pangontong-ontong makas ||

79.
Lugu agêng akêngkêng tur titih |
wus anjathok ing cithak dinadak |
andêdêl sru pêmadale |
ki dipati anjêpluk |
mak pêt panonnira alangking |
tyasira têrataban |
kakobang kumêpyur |
anêngkah-nêngkuh tan polah |
pan sinêrot pantog ki dipati (n)jêlih |
lah uwis aja-aja ||

80.
Wurungêna bae adhuh uwis |
ki dipatya (m)barêbêl kang waspa |
andruwili sêsambate |
kabotan ing panyatu |
sanyatane dèrèng nglampahi |
sapisan kêdrawasan |
winisesa sêngkut |
apan sarwi rinarêpa |
ginunturan srênggara pêngarih-arih |
rapêt sarèh tyasira ||

81.
wontên rênggange tyasira kêdhik |
tan bêtah kang sarira rêkasa |
tansah ngêsah pamuwuse |
sudanên pangêlutmu |
lele gêdhe anyênyamari |
dhuh wêlasa maring wang |
tan kawawa tèngsun |
Mas Cêbolang ngrês tyasira |
pan ginêlak ing sakarsanira pinrih |
supaya ge luwara ||

82.
Rongèh pangregira byatning gati |
kang kasrêgan ngadhuh ah ah ngêsah |
dudu sabaèn-baène |
ki dipati kêpuyuh |
anjêngkêrung sangsaya sakit |
(ng)gadhêdhêr akêjotan |
gatining prana wus |
warastra lon linuwaran |
pan jumêbrol anjumbul jêjambu mijil |
kêbês rêmbês ludira ||

83.
Anêlêsi anèng kasur sari |
sariranira ki adipatya |
ngalumpruk marlupa cape |
riweyanira kumyus |
tulang kêju tan bisa osik |
Mas Cêbolang sungkawa |
myat bêndaranipun |
tinuruh wus sinotyanan |
ngêmu waspa dènnira luwaran enjing |
gêgêtun Mas Cêbolang ||

Jilid 5 - Kaca : 27

84.
Nulya Nurwitri prapta nèng ngarsi |
ambrêbês mili aparêmbeyan |
nudingi siptèng kemase |
Cêbolang ngawe wuk-wuk |
netya pucêt angungun sami |
apa sadina pisan |
tan bisa alungguh |
ki dipati dènnya gêrah |
Mas Cêbolang anuduh marang Nurwitri |
ngambil godhong pa-apa ||

85.
Ingkang kinèn tan dangu aprapti |
godhong pa-pa pupuse minantran |
pan lajêng winênyêt bae |
nulya jêjambunipun |
pan pinêtêlakên ririh |
pulih wiwironira |
(ng)gyanning ganda maru |
pan wus sênggang gêrahira |
nanging taksih wontên lècèke sakêdhik |
myang rapuhing sarira ||

86.
Nulya sagêd lênggah ki dipati |
animbali garwa sêlirira |
sadaya prapta tan suwe |
samya atap nèng ngayun |
wus dinuga gêrahirèki |
apan gêrah gêroah |
tan lidok ujarku |
ngandika lon ki dipatya |
marang para sêlir mundhut dhahar aglis |
anulya sinaosan ||

87.
Wusnya dhahar linorotkên sami |
ronggèng ro pinaringan lorodan |
anutug nadhah kalihe |
gya cinarikan sampun |
ki dipati ngandika aris |
mring garwa sêlirira |
manirarsa kundur |
tatanên panggonaningwang |
gêdhong kulon rêsikana dènbarêsih |
sakèhe garwaningwang ||

88.
Aywa na kang lunga-lunga sami |
angadhêpa bae raganingwang |
aja irèn sarupane |
kang liningan umatur |
pan sadaya sandika sami |
yata malih ngandika |
mring ronggèng ro wau |
hèh Nurwitri lan Cêbolang |
ing saiki muliha mêtu kariyin |
iya mring Pakauman ||

89.
Ywa lunga nèng wismane Jamali |
lamun ana ing sakarsaningwang |
aja nganti suwe-suwe |
dene paringanamu |
kabèh padha gawanên mulih |
manêmbah kang liningan |
samya matur nuwun |
wusnya ngandika saksana |
ki dipati nulya kundur lan pra sêlir |
mring dalêm agêng ngarsa ||

90.
Yata Mas Cêbolang lan Nurwitri |
mêdal mantuk maring Pakauman |
kang ambêkta dandananne |
parèstri jro kang nyangkul |
ngiring kimas lawan Nurwitri |
tan dangu nulya prapta |
wismaning pangulu |
Ki Jamali uluk salam |
nulya sêsalaman sarwi ngacarani |
maring Kimas Cêbolang ||

Jilid 5 - Kaca : 28

91.
Sami kalujêngan dene lami |
anauri inggih kalujêngan |
Ki Jamali pandongane |
ki pangulu amuwus |
anak-êmas lamun marêngi |
mungguh rijêki Allah |
kêrana Lah-ipun |
pan kula mujur sidhêkah |
sakadare pun anak (ng)gênnya maringi |
arta kalawan sinjang ||

92.
Sawontêne (ng)gih kawula ngêmis |
saking sakêdhik winratanan |
sêbab kula (n)dongakake |
Mas Cêbolang amuwus |
inggih mangke kula ngaturi |
anulya wus sinungan |
sinjang arta sampun |
wiyar ciyut lawan dhêstar |
arta gangsal reyal Jamali nampani |
maca Alkamdulilah ||

93.
Nulya kang èstri nyai Jamali |
ingkang anèm mèsêm-mèsêm mara |
kula pundi ujurane |
arta lan sinjangipun |
gya sinungan arta tri ringgit |
lan sinjang nulya kimas |
pamit mundur mantuk |
wus jênak nèng pondhokira |
Mas Cêbolang tan suda balunthahnèki |
sayambèr angêlantrah ||

94.
Anèng jawi wus sadasa ari |
Mas Cêbolang wus arang kêpalang |
apulang yun lan bedhange |
mitra pawèstri manggung |
nama Jaemanis mantêsi |
pêthêl maring pondhokan |
èjlèk siyang-dalu |
sabên-sabên tinimbalan |
pan kêpanggih anèng pondhokanirèki |
Cêbolang Pakauman ||

95.
Pan binêndon kongsi dèn-gêbugi |
suprandene nora tobat-tobat |
maksih ambêlêbêt bae |
irimban siyang-dalu |
Jaemanis mêmanas ati |
malah kagunganira |
kathah icalipun |
arta busana sandenya |
asring Jaemanis ingkang nyonyolongi |
sinungkên Mas Cêbolang ||

96.
Samajade Mas Cêbolang sugih |
pan cinatur manggung sêlir samya |
ingkang wus wawuh waune |
agung pawèwèhipun |
busanarta lan buratwangi |
ingkang dadya jaruman |
Jamal rabinipun |
nyai Jamal langkung bisa |
luwih dhangan duk ênome dadya ringgit |
sinêlir ki dipatya ||

97.
Linorot pan pinaringkên maring |
Ki Jamali apan wus patutan |
kakalih pan mati kabèh |
marma lir prawan kêncur |
arang kang wruh yèn wus sisiwi |
dhasar wus wanuh lawas |
lan kimas puniku |
nanging kang lanang tan wikan |
mung bojone kang tuwa nyai Jamali |
wêwadul mring kang lanang ||

Jilid 5 - Kaca : 29

98.
Ki Jamali maksih nêngah minggir |
winadulan bojone kang tuwa |
nanging tinampèl wadule |
yèn nuju giliripun |
mring kang ênèm rêmên kapati |
rinampat sabên dina |
olèh kang jinaluk |
saciptane linadènan |
liwêt angêt lombok kêncêng lawan pêtis |
dhèndhèng gorèng gêpukan ||

99.
Yèn panganan srabi bang wi lêgi |
tan ginapan saliyane ana |
kang nèm langkung gumatine |
yèn gilir mring kang sêpuh |
krêp kapiran asring kalintir |
saanane pinangan |
mung warêg wêwadul |
tan ginitèng wadulira |
ing batinne Ki Jamali pan wus uning |
sêsenggolan kewala ||

100.
Nora dadi pikire kang runtik |
tan ngapaa (n)jaban pari mana |
mung (m)buru rênêse bae |
nadyan wêruha tuhu |
bisa ngêmpêt nêpsu ngatingi |
yata ngalama-lama |
Mas Cêbolan wau |
datan kenging sinayutan |
gênti-gênti sêlire ki adipati |
akathah ingkang prapta ||

101.
Jarumane pan nyai Jamali |
ngiras jaruman talang turunnya |
tur dhêmitan suprandene |
kêburan akèh kang wruh |
katur marang ki adipati |
kathah ngabên ing basa |
dhasar abdinipun |
dipati gêthing sadaya |
sang dipati miyarsa kalangkung runtik |
pan wus gêmpal sihira ||

102.
Arsa tinukup cinara maling |
nulya nimbali mas patih sigra |
tan dangu praptèng ngarsane |
lan saprameyanipun |
ki dipati ngandika wêngis |
mas patih sunmiyarsa |
pawarta kang saru |
yèn si Cêbolang nyalunthang |
angalunyat apa nyata wani-wani |
mring para sêliringwang ||

103.
Kang katitik mung si Jaemais |
sabên suntimbali nora nana |
katêmu anèng pondhoke |
pisan pindho ping têlu |
yèn mêngkono cêmêr si santri |
ngilangkên kabêcikan |
kaya asu buntung |
bêcik si dhalang badhutan |
nora wurung mêtu edane si anjing |
tan kêna binêcikan ||

Jilid 5 - Kaca : 30

104.
Kimas patih matur (m)biyantoni |
inggih lêrês duduka paduka |
ing jawi gumyah wartane |
èstri kathah cininthung |
centhang cènthêng amêngarahi |
kang dèniwat ambêkta |
sagadhahanipun |
busanarta nyanyamikan |
milanipun abdi kathah ngincim-incim |
anging ajrih paduka ||

105.
Yèn angsala pangaja kang abdi |
angêjura dhatêng pun Cêbolang |
abdidalêm sêdayane |
samya gêthing andulu |
datan wontên rêmên satunggil |
mas patih musawarat |
ing prameyanipun |
sadaya saur kukila |
inggih lêrês ki lurah aturirèki |
tan wontên ingkang lêpat ||

106.
Myang kancakula prameya santri |
wontên bojone ingkang kakênan |
tuwin anak sadulure |
ing mangke wêwah purun |
angrêsahi langên priyayi |
prayogi dipunpurak |
dimènne jurmumur |
tan pantês ingingu gêsang |
pra prameya samya sagah ting barêkis |
nèng ngarsane dipatya ||

107.
Ki dipati ningali pra mantri |
samya (ng)grêgut solahe gambira |
wontên sudane sukane |
awêlas jroning kalbu |
angandika marang mas patih |
kapriye akalira |
aja kongsi luput |
ing patine si Cêbolang |
aywa kongsi kawruhan wong sanagari |
mas patih atur sêmbah ||

108.
Lamun parêng karsa sang dipati |
ringkês cinara pandung kewala |
kinawalan panyidrane |
daraponipun sampun |
ki dipati pan wus marêngi |
yata malih ngandika |
mring mas patih gupuh |
lah ywa akêlayatan |
mêngko bêngi tukupên caranên maling |
mas patih tur sandika ||

109.
Nulya kapilih kang para santri |
kang pitaya angêntasi karya |
rolas kang wani ing gêtèh |
pan dhinawuhan sampun |
ing pratingkah ngangkah wêwadi |
dènkêna aywa jorah |
caraning asamun |
prameya matur sandika |
nulya kinèn luwaran sadaya mijil |
wus samya asêdhiya ||

110.
Lingsir kilèn Asar wayahnèki |
yata ingkang wontên pêpondhokan |
pasantrèn Pakaumane |
Mas Cêbolang duk lungguh |
lan santrine papat bibisik |
matur yèn angsal warta |
nanging warta tuhu |
apan wus katur sadaya |
sarêng miyarsa Mas Cêbolang ngrêsing galih |
nutuh sariranira ||

Jilid 5 - Kaca : 31

111.
Yata pikir badhe angoncati |
ing rêmbuge santrine sakawan |
nênggih wus surup wayahe |
kimas gumingsir gupuh |
santri gendhong tan ana kari |
lumêbèng wanawasa |
bok bilih binujung |
marma lumêbèng ing wana |
langkung brangta ing cipta pan badhe mulih |
mring rama atur tobat ||

324 Asmaradana

1.
Lan malih matur wus mari |
nglakoni tindak (m)bêlasak |
yata samana osike |
santri matur paran karsa |
ing lampah sampun tita |
anggung kabegal ing bathuk |
wus sêdhêng mêmarènana ||

2.
Punika minangka peling |
andika putrèng oliya |
lan malih wus wruh surupe |
namane ing batal karam |
prandene dèntêrajang |
Mas Cêbolang sauripun |
lah iya wus bênêr sira ||

3.
Mungna kang wus sunlakoni |
yèn malih anglakonana |
tobat nasongka yêktine |
rumangsa yèn antuk dosa |
nunjang walêring bapa |
kapindho dosèng Hyang Agung |
dene sun angrusak sanak ||

4.
Katut panggawene eblis |
kaparêng maksih rinêksa |
pan ora sida macèthèt |
santri Saloka turira |
nadyan (n)dika mantuka |
wontên antuk-antukipun |
yèn dinangu rama tuwan ||

5.
Bab musawarating ngèlmi |
rèhning kesah sampun lama |
sampun katon têmên mangke |
lunga nut pikir (m)bêlasak |
yêkti wuwuh dinukan |
mring ramanta sang awiku |
kimas aris aturira ||

6.
bênêr karsanira ugi |
lah ta paran karêpira |
ingsun darma nurut bae |
Ki Saloka aturira |
lamun parêng kang karsa |
apan ing gunung Sêmèru |
pawarti wontên wong tapa ||

7.
Langkung dènnya mati-ragi |
kinasihan ing Hyang Sukma |
buntas ngiwa panêngêne |
aran Buyut Danadarma |
nanging wus ngraga-sukma |
yèn kang sinung rahmat wau |
sang pandhita yêkti ana ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (06) Kaca 15
  • (08) Kaca 32 >