Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434667
Hari ini     :Hari ini :67
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :133
Bulan ini   :Bulan ini :3296
s/d hari ini   :s/d hari ini :434667
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 5

Kontak Admin.

email-kidemang

 (30) Kaca 133 – 137

 

( Amongraga nêrangakên bab sarengat, tarekat, hakekat tuwin makripat )

(Amongraga nêrangakên bab sarengat, tarekat, hakekat tuwin makripat)

Amongraga nêrangakên bab sarengat, tarekat, hakekat tuwin makripat, dalil, hadis, ijêmak, sidik amanat tablig sarta gêgêbênganipun agami Islam dumugi pucaking ngèlmu kasampurnan.

Jayèngwèsthi tuwin Jayèngraga kawêjang ngèlmu raos saengga rumaos cumêplong padhang manahipun.


Kaca 133 - 137

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

ilid 5 - Kaca : 133

351 Gambuh

107.
Apan sayêktinipun |
tan wontên lir pun kakang satuhu |
pan wus datan karuhan kang praptèng ngriki |
sawiji tan wontên wêruh |
nênggih poncote kemawon ||

108.
Têbih lan kang puniku |
suprandene sadaya tan wêruh |
Amongraga gumuyu nganthètkên malih |
anglambangi ing pangawruh |
puniku pan maksih ngadoh ||

352 Kinanthi

1.
nênggih basa kang puniku |
sarah sarengating Nabi |
Muhamadinil-mustapa |
wasalalahu ngalèhi |
Mukamad daliling Kur'an |
ing Kadis lawan kudusi ||

2.
Ijêmak Kiyas lan Kusus |
paedah kurmat ing Widi |
punika kêdah santosa |
ling-aling gondhèlan dalil |
kang mukarab ngilmu sarak |
ablahu ingkang utami ||

3.
Sarengat tarekatipun |
hakekat makripat nênggih |
amot ing dalêm sarengat |
sarengat (ng)goning kêdadin |
wong kang aral bangsa riyah |
mupangat sinung rijêki ||

4.
Ngèlmu kakekat puniku |
yèn tilar sarak kasirik |
kasirik kasurang-surang |
kasingkang-singkang kacicing |
ewa punika jamanan |
ing jaman kalih prakawis ||

5.
Kang dhingin jaman ngam iku |
lan jaman êkas puniki |
lamun jaman mukmin êngam |
kêdah ngapilakên dalil |
sawirasaning ing kitab |
kêdah paham anglampahi ||

6.
Mangunah jalaranipun |
saking apil Dalil Kadis |
ingkang sarta linampahan |
satus parlune tan gingsir |
asihing wêktu palilah |
pasa sêmbahyang angaji ||

7.
Puniku wahyuning jamhur |
sarapdin ulama mupid |
jaman ngam-êngam utama |
tumama ing wahyu suci |
socane manusa êngam |
binage nugraha ngadil ||

Jilid 5 - Kaca : 134

8.
Dene dalil lan madêlul |
mrih kandêlnya ing ling-aling |
têpakurirèng Hyang Suksma |
dadya tangating ngabêkti |
wajibing Rasul pan tiga |
kang sidik amanat tablig ||

9.
Sidik bênêr têgêsipun |
amanat kapracayèki |
tabligh ingandêl têgêsnya |
mokaling Rasul pan katri |
kang gidib kianat kitan |
gidib gorèh têgêsnèki ||

10.
Kiyanat palacidra dur |
kitman ngumpêt têgêsnèki |
punika ingkang supaya |
kawangwang ing siyang ratri |
kabiru mulki gaiban |
agung karatoning gaib ||

11.
nênggih basa kang puniku |
pan maksih cêlak puniki |
tan ngangge tèbèng satuma |
galèthèke kang sayêkti |
nyata nyataning anyata |
rayi kalih dèn-bisiki ||

12.
Athuk-gathuk adu bathuk |
tumungkul kang rayi kalih |
tyas samya candhang andhandhang |
lir cintaka minta riris |
ris rêrasan ngèlmu rasa |
wus tan na rasaning ngèlmi ||

13.
Lire bibisik puniku |
pamêdharing ngèlmu gaib |
kang linarangan ing sarak |
tan kêna kawijil ing ling |
kang wus pupus ngalih titah |
lah puniki yayi kalih ||

14.
Yayi mung anèng manêngkung |
antara mung pitung sasi |
mênêng budi mênêng solah |
mênêng nendra mênêng bukti |
mênêng ngucap mênêng (ng)ganda |
mênêng myarsa mênêng mèksi ||

15.
Datan ika iki iku |
blêg plêng gêmplung blêng uwus nir |
lowong buntu tan pinangka |
sajroning blêng amung siji |
wiji-wijiling kasidan |
sida aku iya urip ||

16.
Wijining wiji puniku |
tumanêm ing pitung sasi |
wijining nukat wilayat |
duryat mêrtobat san kamil |
wijining ing kêdadeyan |
asênêt nèng pitung sasi ||

Jilid 5 - Kaca : 135

17.
Sajroning pitung sasi wuk |
kêmurahaning Hyang Widi |
pan ing dalêm satus dina |
palaling Hyang mratandhani |
thikil wijining oliya |
nurbuwah waliolahi ||

18.
Ywa kandhêg pratandhèng ngriku |
lajuning dadi ngadadi |
ing dalêm wus pitung wulan |
utami kang sangang sasi |
jatining wisik tri kêcap |
namung aku iya urip ||

19.
Aku tan loro têtêlu |
iya pra sèjèn dumadi |
urip tan kêna ing pêjah |
puniku yayi kang pêsthi |
wêkas-wêkasan kasidan |
sida-sidaning kadadin ||

20.
Awang uwung lan kang ngèlmu |
tanpa papan tanpa tulis |
wus pupus rampung sampurna |
kang buntu ing pitung sasi |
punika mulyaning tekad |
tuwin kamulyaning Widhi ||

21.
Pupus palêsthaning kawruh |
wus sampurna thêl kinunci |
tutup wus datan kabuka |
kang mantêp dènnya akunci |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
sarêng myarsa (m)brêbês-mili ||

22.
Ngraos tanpa bukti tuwuk |
sêgêr tan anginum warih |
rasa nikmat kanikmatan |
wus padhang dulwèng sawiji |
kalih sarêng ngrangkul pada |
mring Mongraga awotsari ||

23.
Sarya ris ing aturipun |
dhuh kakang sadulurmami |
ing dunya praptèng akerat |
manjinga sahabatmami |
ing paduka dening tuwan |
asung padhanging tyasmami ||

24.
Jêng rama kang ngukir ulun |
tan angsung ngèlmu ginaib |
tuwan kang têmbene prapta |
mring kawula anètèsi |
ngèlmu kangge akir awal |
marmamba (ng)guguru yêkti ||

25.
Tan kumêdhap ing pandulu |
mung tuwan gurungong yêkti |
gumujêng Sèh Amongraga |
sarwi awêcana aris |
muga Hyang anaksènana |
saking karsanira kalih ||

26.
Darmi-darmi raganingsun |
nuduhkên ngèlmu wit saking |
bêgjaning yayi kalihnya |
saking sih nugrahèng Widhi |
aparing ngèlmu sampurna |
kewala kang dadi margi ||

27.
Yata kalih matur nuwun |
tumungkul osiking galih |
sun têtêdha ing Pangeran |
aywa tanggung awakmami |
(ng)goningsun angèstu-pada |
mugi pinarêngna benjing ||

Jilid 5 - Kaca : 136

28.
Panggiha lawan (m)bokayu |
mugi Hyang gampangna benjing |
wangkaling (m)bokayuningwang |
arsa-a mring wong puniki |
paran malih ingupaya |
pungkasan mung kari iki ||

29.
Têka mangkana jro kalbu |
kacatur pan mèh sawêngi |
(ng)gèn agunêm ngèlmu-rasa |
yata sêdhênge samya rib |
Jayèngwèsthi lon ngandika |
marang ki santri Nuripin ||

30.
Sira timbalana gupuh |
Nikèn Turida kèn mijil |
kang linilan sigra mentar |
tan dangu kang garwa prapti |
sira mundhuta gêlaran |
kajangsirah ingkang suci ||

31.
Kang garwa liningan mundur |
mundhut pasareyan aglis |
tan dangu prapta anampa |
lajêng tinata miranti |
lre cakêt pangimanan |
klasa batu dèn-gêmbèsi ||

32.
Ingukup pan marbuk arum |
kajangsirah têlu alit |
guguling loro kunthingan |
singêp kampuh sêmèn-putih |
wus tata matur ing raka |
Jayèngwèsthi turira ris ||

33.
Sumangga wus wanci bangun |
paduka lêlêson arip |
Amongraga rum lingira |
inggih sakalangkung yayi |
ing mangke manawi karsa |
kawula tilêm yèn arip ||

34.
Yayi prayogi umangsuk |
ing dalêm asare arip |
Jayèngwèsthi aturira |
kawula kalilan gingsir |
maklum paduka kewala |
kawula mundur ing panti ||

35.
Nulya lèngsèr kalihipun |
mring wisma lan Jayèngragi |
praptaning dalêm alênggah |
ngandika mring ingkang rayi |
yayi rasaning tyasingwang |
seje wingi lawan iki ||

36.
Kawruh ingkang rungkud-rungkud |
lan kang bundhêt-bundhêt kêlit |
marganing gèsèh rêrasan |
simpangan ing dugi-dugi |
ing saiki wus sinungan |
dêling tan samar ing kapti ||

37.
Nora anyana sarambut |
palaling Hyang ingkang prapti |
ginanjar ing kamurahan |
mring sira kalawan mami |
Jayèngraga aturira |
inggih kasinggihan ugi ||

Jilid 5 - Kaca : 137

38.
Kawula samantênipun |
sangêt prabedane yêkti |
wau lan sabên ika |
wontên kaotipun ugi |
kawula lawan paduka |
kaot paduka wus sidik ||

39.
Kang raka alon amuwus |
ya wus padha uga yayi |
mung kaot bangêt kewala |
ing dalêm jati wus sami |
payo seje winicara |
mungguh Ki Sèh Amongragi ||

40.
Yèn wus jênêk ing tyasipun |
nèng kene katur kiyai |
sokur yèn ana karsanya |
(n)Jêng Kyai mring Amongragi |
yèn tan ana prayoganya |
amatur dadiya krami ||

41.
Ing bojone lan (m)bokayu |
sira dongakêna mugi |
ilanga budine wangkal |
sokur thukula pribadi |
kang rayi matur noraga |
inggih kados pundi malih ||

42.
Nulya ngling mring garwanipun |
myang kang rayi Rarasati |
karone pada wus wêkas |
yèn sira sabên kêpanggih |
lan (m)bokayumu dènbisa |
supaya lêjar ing kapti ||

43.
Kang garwa raywa wot-santun |
wus mangkana Jayèngragi |
pamit kundur mundur ngetan |
kalilan wus lèngsèr mijil |
lan garwa myang sêlirira |
Jayèngwèsthi munggah guling ||

44.
Ki Jayèngraga kang kundur |
rêrêp nèng paningrat jawi |
lindhuk kang rayi cinandhak |
lungayanira pinithing |
pinidih ingaras-aras |
adhuh bêgja têmên mami ||

45.
Anêmu kumalaningrum |
campêd sadina sawêngi |
kadya tan panggih sapasar |
duk mring sira masku ari |
kang rayi ngêsah amiwal |
mangke ta sampun pinidih ||

46.
Karsane lir wong dèrèng wruh |
dene anyar têmên iki |
puniku wontên pun Giyah |
si Sikêm lawan si Sati |
dumèh-dumèh yèn pêtêngan |
niku nyengoh aningali ||

47.
Kang raka gumujêng nambut |
kang rayi pinondhong aglis |
kang rayi nut karsa raka |
kundur mangetan dèn iring |
ing sêlirira têtiga |
Wagiyah Saikêm Sati ||

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (29) Kaca 116 – 132
  • (31) Kaca 138 – 145 >