Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 12

Kontak Admin.

email-kidemang

 (32) Kaca 146 – 161

 

( Sèh Amongraga kasowanakên dhatêng Ki Bayi Panurta )

4. Sèh Amongraga kasowanakên dhatêng Ki Bayi Panurta ingkang pinuju wontên ing langgar mucal ngaos; putra putrinipun Nikèn Tambangraras ingkang sulistya rinêngga ing busana, nanging têbih dhatêng priya, ugi mucal ngaos ing langgar wau. Bapa tuwin putra putri sami dèrèng pitados dhatêng kalangkunganipun Sèh Amongraga sanadyan santri asal Karang ing tanah Bantên.

Ki Bayi Panurta manggihi Sèh Amongraga. Nyai Malarsih garwanipun Ki Bayi kadhawuhan tumut manggihi tamu wau.

Nikèn Tambangraras nginjên saking sawingkinging gêbyog, sumêrap tamu ingkang susila anoraga angrêsêpakên, ing batos kapranan, kados-kados sandika nglampahi dados jatukramanipun.


Kaca 146 - 157

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 5 - Kaca : 146

353 Mêgatruh

33.
Lakar arsa ngayoni jêng rama iku |
dupèh-dupèh santri Kawis |
paran tan adol pangrungu |
yèn (n)jêng rama kalok saking |
ing tanah kang adoh-adoh ||

34.
Liwat saking kumaki kang prapta itu |
kang rayi umatur aris |
kakangbok sayêktosipun |
botên anggunggung wakmami |
sayêktinipun kakangbok ||

35.
Kula kangbok mring têtamu sampun kêthur |
tan kenging dipunêtohi |
punika upaminipun |
pun adhi kêlawan mami |
sami ambênce kemawon ||

36.
Sayêktose iba ta ing kathahipun |
ngulama kang praptèng ngriki |
pungkas dening kula sampun |
tan susah kunjuk kiyai |
pan punika raganingong ||

37.
Ngraos kasor marmènggal ngaturi wêruh |
dhatêng ing rama (ng)jêng kyai |
mèsêm kang raka sang ayu |
ana karasa ing ngati |
myarsa ture yayi karo ||

38.
Sajroning tyas baya-a ageya wêruh |
paranta warnanirèki |
ingkang ambêbarang ngèlmu |
kang rama angatag malih |
marang ingkang putra karo ||

39.
Payo enggal timbalana ngarsaningsun |
trêngginas kang putra kalih |
tan na dangu nulya pangguh |
Amongraga dèndhawuhi |
ingandikan rama gupoh ||

40.
Yata enggal Sèh Amongraga tut pungkur |
wau ta Kiyai Bayi |
maksih lênggah ngèmpèr tajug |
anak putu ingkang ngaji |
wus kinèn bubar gumuroh ||

41.
Nikèn rara malbèng wisma lan kang ibu |
ngrakit sêdhah woh lan malih |
sadhiya sugatanipun |
yata Amongraga prapti |
ingirid kang putra karo ||

42.
sarêng prapta Ki Bayi kurmat tumurun |
ngurmati kang wau prapti |
kasmaran tumrap ing tamu |
ing solah jatmika wingit |
lan cahyanipun mancorong ||

Jilid 5 - Kaca : 147

354 Asmaradana

1.
Sèh Amongraga nulya glis |
tur sêmbah angaras-pada |
Bayi Panurta ge-age |
(ng)gènnira anyandhak asta |
sigra binêkta lênggah |
wus tata dènnira lungguh |
putra kalih jajarira ||

2.
Ki Bayi rêsêp ing galih |
ningali têtamunira |
jatmika wingit sêmune |
pan ora angumbar tingal |
tumungkul dènnya lênggah |
Ki Bayi awlas andulu |
angartika jroning nala ||

3.
Wong iki sêmune lantip |
nanging tan kêtarèng netra |
awadi ing pasêmone |
sunwêtara ing duduga |
dudu wong padarakan |
pantês wijiling amêngku |
solahbawane katara ||

4.
Têka mangkana ing galih |
dangune dènnya amawas |
wusana ngandika alon |
anak teja sulaksana |
ujare santri Karang |
apa ta Karang ing dhusun |
apa Karang Kaagêngan ||

5.
Tur sêmbah kang sinung angling |
yêktos Karang Kaagêngan |
nanging santri lit kemawon |
marmamba marêg ing tuwan |
sumêdya puruita |
arsa angrasèhkên ngilmu |
saking ing ribêtkawula ||

6.
Tiyang sêpuh anilari |
ing ngèlmu kasêlak pêjah |
dèrèng uninga surupe |
duk nèng Karang pan kawula |
takèn kang wus utama |
tuwin dhatêng kyai guru |
manah amba dèrèng padhang ||

7.
Marmamba anumpal-kèli |
sowan dhatêng ing paduka |
Ki Bayi (ng)guguk guyune |
sarêng miyarsa turira |
aris wijiling sabda |
dene ing Karang ta kulup |
ênggonne wong kang utama ||

8.
Kawula malih wakmami |
iya lamun kadugiya |
kajaba tungtunan bae |
pirabara yèn pun bapa |
bisa amadhangêna |
ing ruwêde tyasirèku |
langkung saking bêgjanira ||

9.
Nuwun ingkang sinung angling |
Ki Bayi sigra angatak |
mring santri Luci pan kinèn |
amanggil ing rabinira |
lan samêktaning gantyan |
trêngginas ingkang ingutus |
malbèng wisma wus apanggya ||

Jilid 5 - Kaca : 148

10.
Lan garwa wus dèndhawuhi |
mring santri Luci trêngginas |
Luci ambêkta gantènne |
sapraptaning masjid lênggah |
anèng keringing raka |
gantyanira apan sampun |
sinaosakên ing ngarsa ||

11.
Ki Bayi wacanèng rabi |
nyai sira bagèkêna |
mring anakingong akiye |
sangêt arêsêp tumingal |
marang atmajanira |
mèh uga ingsun andulu |
lawan karo anakira ||

12.
Kang garwa angancarani |
anak andika ngaturan |
pan inggih ing sarawuhe |
Mongraga nuwun turira |
langkung kalinggamurda |
saking sih ingkang dhumawuh |
anampar ing kawlasarsa ||

13.
Lir pinêthot ingkang galih |
sira (m)bok Bayi Panurta |
srêng miyarsa ature |
manahira gogolongan |
kêdadak trêsnanira |
ya (ng)gèn rêrasan dangu |
kocapa Kèn Tambangraras ||

14.
Adangu dènnira ngintip |
anèng gribiging pandhapa |
kang nèng nglanggar nglela bae |
katon salir solahira |
yata kusuma rara |
ana karasa ing kalbu |
kaya wus karsaning Sukma ||

15.
Yèn badhe ajatukrami |
yata dyah osiking nala |
dene amèncês wong kiye |
pasang sêmune pasaja |
bênêr riningsun samya |
pangalême mring wong iku |
ki dalêm kang lagi prapta ||

16.
Angêntèk têmên wong iki |
pirasate tan angetang |
ingong têtêdha ki dhayoh |
nglêgakna galihe rama |
mugi rama tulusa |
asihe ing dalêm iku |
ingkang sêmune jatmika ||

17.
Pirabarane tan ugi |
ana sih ganjaraning Hyang |
raganingong salawase |
sakèh ingkang sami prapta |
angguguyu maring wang |
tyasingsun nora salugud |
tan pisan niyata krama ||

18.
Mung (n)dulu ki dalêm iki |
gêmpal raosing wardaya |
upamane raganingong |
tinari pinaringêna |
marang ki dalêm ika |
pirabarane katèngsun |
yèn purun anglakonana ||

19.
Têka mangkana jro ati |
sang rara angêmu waspa |
dadya rongèh sasolahe |
samitane palaling Hyang |
marang Kèn Tambangraras |
jodho ngawal ngakiripun |
yata kang eca pinarak ||

Jilid 5 - Kaca : 149

20.
Nèng langgar yata Ki Bayi |
angatak ing rabinira |
nyai dene kongsi kasèp |
apa nora kasugata |
kang garwa aturira |
inggih sadangune sampun |
ngantosi kang pangandika ||

21.
Bayi Panurta nganthuki |
ni rubiyah sigra mentar |
maring wisma ngrakit age |
sawarnine kang sugata |
sêkul ulam nyamikan |
mawarna ulamanipun |
tumrap nèng piring rampadan ||

22.
Dhaharan mawarni-warni |
nèng piring jêpun lancaran |
samêkta nèng jodhang warèng |
kang putra Kèn Tambangraras |
wau tumut anata |
wusnya winêdalkên gupuh |
santri Luci kang ngrarampa ||

23.
Kalawan santri Nuripin |
sapraptaning anèng langgar |
pan lajêng sinaosake |
sêkul pêthak las wêtahan |
nèng panjang giri pradan |
jangan kluwih siptanipun |
kinêla asêm pêdhêsan ||

24.
Bêtutu bêsêngèk pitik |
dhèndhèng gêpukan gorèngan |
êmpal ragi dhèndhèng age |
dhèndhèng panjèn lan sujènan |
babad galêng sêrêgan |
por bèbèk pès-pèsan palung |
rêmpah sidhat bothok jambal ||

25.
Gorèngan kathik gulathik |
lidhah ati lawan limpa |
brongkos lan sambêl-gorènge |
sambêl-kêmiri lan kacang |
tur gadhon caplok dadar |
abon lan kêrupuk-têrung |
lombok kêncêng pêtis banyar ||

26.
Lalahan kacang kêrai |
terong kêcipir lan kara |
kunci lêmpuyang têmu poh |
wus samêkta anèng ngarsa |
sira Bayi Panurta |
nulya nyarakkên mring tamu |
anuwun kang sinung ujar ||

27.
Nulya lêkas awawanting |
dhahar akêmbul wong tiga |
Ki Bayi saambêng dhewe |
gadhah lawan ingkang garwa |
nutug dènnira dhahar |
Mongraga kapêksa tuwuk |
ngecani sarak mamèt tyas ||

Jilid 5 - Kaca : 150

28.
Akokoh jangan sakêdhik |
imbuh sêkul sakaluwak |
adangu dèn onjot-onjot |
tan dhahar ulam mung jangan |
kewala lan lalaban |
têmu poh sadangunipun |
angantu dènnya luwaran ||

29.
Angampêt atobe ririh |
Ki Bayi micarèng nala |
wong iki apa dhasare |
apa gawe samudana |
pasang sêmune wanda |
tan duwe watak kumlungkung |
gajêg watake prasaja ||

30.
Nora mangan kêlah-kêlih |
mung jangan kang kinokohan |
kalonge sêga sapungge |
kaya wus lantih nastapa |
yata dènnira dhahar |
wus nutug linorot gupuh |
pinaringkên panakawan ||

31.
Nulya dhadharan mangarsi |
pisang mas samangka jingga |
jambu bang putih jruk kêprok |
pêlêm salak lan rambutan |
manggis kalawan duryan |
kang nangka kapundhung dhuku |
srikaya juwadah jênang ||

32.
Kêtan-kolak lawan pipis |
tuban bantalan sêmpurna |
randhakèli kèci lêmèt |
lêmpêr pasung tape mayang |
êbrêm cucur rêngginang |
mêndut lan sêmar-tinandhu |
cariping tumpêng walangan ||

33.
Wus tata kêbêg nèng ngarsi |
Ki Bayi lon anglingira |
payo anggèr saanane |
supaya dadya pangusap |
aywa ataha-taha |
kang liningan matur nuwun |
kapundhi ingkang pasihan ||

34.
Ki bayi ngandika malih |
marang putra kalihira |
sirèku dadak lir dhayoh |
amiwitana dhaharan |
têpa-têpa anèng wang |
yèn lagya têmbene mêtu |
misih wigih duga-duga ||

35.
Kang putra gupuh nyarani |
sumangga punika kakang |
sihipun ramanta mangke |
sêdyaningsun kapasuka |
lêgawèng tyas sih marma |
Mongraga nor-raga muwus |
pan inggih yayi sumangga ||

36.
Ki Bayi gumujêng sarwi |
amundhut satunggil jêram |
ginêlkah dhinahar age |
nulya sami sarêng ngalap |
nyamikan sasênêngira |
Amongraga mundhut dhuku |
satunggal thil pinalêkah ||

Jilid 5 - Kaca : 151

37.
Dhinahar kalangkung ririh |
anulya ki Jayèngraga |
mundhut kêtan kolak kokoh |
Jayèngwèsthi mèsêm mulat |
ingkang rayi alatah |
kang rama gumujêng muwus |
punapi kang sira sabda ||

38.
Umatur Ki Jayèngwèsthi |
putra paduka Jèngraga |
pan kenging kawula pêthèk |
dènnya nadhah kêtan kolak |
kang rama angandika |
pan cilik mula adhimu |
doyanane kêtan kolak ||

39.
Tan wun dènnya mêmanuhi |
nutug sêsambèn nyamikan |
yata wus manjing wêktune |
Lohor pan samya asalat |
Ki Bayi dadya iman |
sadayanya samya makmum |
Malarsih lan putranira ||

40.
Tambangraras lawan cèthi |
Cênthini Sumbaling miwah |
ingkang makmum sadayane |
wus antara dènnya salat |
paragat bakdanira |
sêsalaman sadaya wus |
kang makmum mudhun mangandhap ||

41.
Sang wirya wangsul (ng)gyan malih |
anèng surambine langgar |
dharan maksih pêpak andhèr |
kang kalong wus sinulaman |
anyatur batal karam |
myang riba sunat lan pêrlu |
cêngkah pakon kang rinasan ||

42.
Mangkana sadangunèki |
sinambi dhahar nyamikan |
andungkap wêktu Asar-e |
nulya samya asêmbahyang |
tan owah makmumira |
ing wêktu Ngasar bakda wus |
sira Ki Bayi Panurta ||

43.
Mudhun saking langgar aris |
sarwi alon angandika |
dènpadha tanak lungguhe |
sunarsa siram sadhela |
putra matur nor-raga |
nulya kundur mring wisma gung |
Ki Bayi sawusnya siram ||

44.
Nimbali garwanirèki |
pinarak anèng jêrambah |
sarta putranira Nikèn |
Tambangraras anèng ngarsa |
Ki Bayi lon lingira |
kae santri kang mêrtamu |
dhayohmu Ki Amongraga ||

Jilid 5 - Kaca : 152

45.
Sadangune suntingali |
pasang sêmune jatmika |
awênês wêning sênênne |
salamine ngong tamiyan |
santri kang wus utama |
tan kadyèki lêgawèngsun |
cipta lir (ng)gyan ngong ayoga ||

46.
Sukur yèn sayêkti inggih |
ngèlmune wus surup ing kak |
lir tuture nakmu karo |
nadyan nora mangkonoa |
sun calonni ngulama |
Ni Malarsih lon umatur |
inggih dhatêng kasinggihan ||

47.
Ing sêmu samya maguti |
kang putra ibu lan rama |
mapan tunggil kalêthêke |
kalawan tyas tan kawêdhar |
andhêdhêr pan anêdha |
dhaupe dhêdhayohipun |
sathithik dadya dhadhakan ||

48.
Têka mangkana ciptèki |
Ki Bayi malih ngandika |
mêngko olaha kang adèn |
ulam lawan pêpanganan |
nora dumèh yèn kathah |
sathithik yèn sarwa luhung |
dhayohmu iki utama ||

49.
Kaya wijining amukti |
ati-atinên kang sarwa |
prayoga pasugatane |
Malarsih matur sandika |
mangkana wayahira |
kang surya wus tunggang gunung |
Ki Bayi wangsul mring langgar ||

50.
Wanci manjing wêktu Mahrib |
lajêng sami minggah salat |
Nuripin Jamal Jamile |
Jalalodin Luci samya |
amêndhêt toya kadas |
santri Luci kang adan wus |
sadaya samya asunat ||

51.
Ni rubiyah makmum sami |
lan kang putra Tambangraras |
ana ing gandhok masjide |
lêt wrana kajang jêjêdan |
kang lèr pawèstrinira |
cèthi Cênthini tan kantun |
Sumbaling myang pra wadonan ||

52.
Cênthini tan kêna têbih |
langkung karêm ing agama |
marma dyah langkung gêng sihe |
mring (m)bok Cênthini wit nunggal |
ing budi pakarêman |
tan kêna sah siyang dalu |
wusnya sami kang asunat ||

53.
Manjing kinèn angamati |
Ki Bayi kang dadya imam |
ngangkat pêrlu usalline |
tibaning takbir asantak |
wus usalli sadaya |
pan ilhar pamaosipun |
Patekah sajak Bintara ||

Jilid 5 - Kaca : 153

54.
Groal-graul angimami |
sawuse Patekah maca |
pan surat Kulyakayu-ne |
kang akir wusing Patekah |
pan surat Idaja-a |
dumugi ing bakdanipun |
iptitah lajêng pujiyan ||

55.
Wus pupuji lajêng dhikir |
wus dhikir donga Rajukna |
anumpa donga Sukur-e |
anasib Ki Jayèngraga |
swara landhung angêmbat |
buntas lêga pan anglangut |
kang amin-amin ya Allah ||

56.
Wus bakda pêrluning Mahrib |
samya sunat bakdiyatan |
Ki Bayi Amongraga-ne |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
nanjèhkên sunatira |
wabinêm rêkangatipun |
tri salam tapakur ing Hyang ||

57.
Asujud takrub ing Widi |
poting Mahrib manjing Isa |
kinèn angadani mangke |
nulya adan yat acatan |
Nuripin Jamil Jamal |
Jalalodin Luci pan wus |
wong lilima sarêng adan ||

58.
Wusnya sunat sadayèki |
Ki Bayi lon anglingira |
marang Amongraga kinèn |
angimami pêrlu Ngisa |
èh anak Amongraga |
majuwa ngimami pêrlu |
gênti sun makmum kewala ||

59.
Amongraga nuwun ajrih |
ngling aris aywa sumêlang |
sun kalilani dhèwèke |
wusana matur sandika |
lajêng Sèh Amongraga |
ngimami angangkat pêrlu |
usallinira pasekat ||

60.
Usalli parlan Ngisaki |
arbanga rok-angatina |
adha-an imaman kable |
yatan lilahi tangala |
Allahu akbar nulya |
tasbih sarta wajahipun |
patitis maca Patekah ||

61.
Êmat kasare trampil |
sakathahe kinawruhan |
myang sastra kandêl tipise |
tetela tan musabiyat |
jais wajib lajimnya |
swaranira amlas-ayun |
ngalêp-alêp angêmandhang ||

62.
Nuju kalimah walalin |
tumèmbêl kandêl êladnya |
ngandhêlong landhung ulone |
sêdhêng traping mukaranah |
prênah gênah ing talak |
sajak Yaman nganyut-anyut |
ayat sawuse Patekah ||

Jilid 5 - Kaca : 154

63.
Surat Jumngah awalnèki |
akire wusing Patekah |
surat Munapèk ayate |
têrtib sarta tumaninah |
karênan kang makmuman |
sadaya tyase tawajuh |
sukur nikmat dènnya salat ||

64.
Wus antara takyat akir |
asalami bakdanira |
asarèh pupujiyane |
nulya dhikir napi isbat |
arahab mrih sapangat |
ing dhikirira wus suhud |
bakda dhikir maca donga ||

65.
Jayèngraga kang nasibi |
dhasar bêsus ahli swara |
angêntul-êntul sajake |
sawusnya donga sêlawat |
samya asêsalaman |
kumarubut sadaya wus |
samya sunat bakda Ngisa ||

66.
Nulya bubar kang makmumi |
kantun sang para ngawirya |
ngasutkên sunat wirite |
bakda sunat trap wiritnya |
isbandi satariyah |
tajèh ing suhul jus junun |
sira Ki Sèh Amongraga ||

67.
Dènnira kasut ngantuni |
dèrèng pot têpakurira |
pana ing dalêm layape |
liyêp marang kanyênyêtan |
tanpa padha wus kumplang |
pagut ing tingal panahul |
pantoging tyas kajumbuhan ||

68.
Tan minangka minangkani |
ing napi kêlawan isbat |
cèngèng linuwar ikrame |
rasa-rasa yèn luwara |
saking sru kawimbuhan |
ing rahmat nikmating kalbu |
sakbakdaning wiritira ||

69.
Nulya sujud tanasari |
sujud takrub anêlangsa |
minta apura dosane |
angiringakên bidêngah |
(ng)giwar saking maksiyat |
nimpang ing tyas kang têkabur |
kibir angas mring Pangeran ||

70.
Tobat nasoka sru tokit |
waspanya drês marawayan |
kalingling kaluputane |
mangkana ikraling nala |
mupit maring Pangeran |
linairakên jroning takrub |
kang muga Gusti Pangeran ||

71.
Kang kuwasa ajumbuhi |
kang latip ing kaelokan |
dinohêna amba mangke |
ing cipta riya sumêngah |
kiparat ing sasama |
ywa kasêlan ing pandulu |
pêmandêng amba ing Tuwan ||

72.
Mangkana sèh Amongragi |
wus purna dènnira kawas |
lon anjunjung wadanane |
wus muyêng jaman mungayan |
ya jaman kalumrahan |
lumrah sajabaning wêktu |
iya jaman saban-saban ||

Jilid 5 - Kaca : 155

73.
Wus bakda Sèh Amongragi |
nulya marêg anèng ngarsa |
mingsêr kang rayi kalihe |
wus tata dènnira lênggah |
Ki Bayi angandika |
mring Luci sira dèn-gupuh |
manira pundhutna sêga ||

74.
Mring nyaimu Ni Malarsih |
kang liningan sigra mentar |
pan sampun dhinawuhake |
Nikèn Malarsih agêpah |
anuding cèthinira |
Sumbaling Cênthini gupuh |
samya anampa rampadan ||

75.
Ni Malarsih anèng ngarsi |
sapraptanira ing langgar |
kang bucu sinaosake |
nèng panjang giri pêradan |
rampadan piring lancaran |
langking samya pradan luhung |
ulamnya tan pati kathah ||

76.
Pès-pèsan tambra têngiri |
bothok jambal mangut utak |
bakaran angsalan klalèn |
basêngèk opor kambangan |
masin ayam mênjangan |
ragi ponjèn êmpal duduh |
dhèndhèng gêpukan gorèngan ||

77.
Prit gangsir kathik gulathik |
dhèndhèng age ati lidhah |
srêgan limpa rêmpah gadhon |
lombok kêncêng pêtis banyar |
cokak kêlawan kecap |
lalaban sêmangka timun |
têmu poh terong lan kacang ||

78.
Sêsambêlan amêpaki |
Ki Bayi alon ngandika |
lah payo wêwanting anggèr |
nulya samya wiwijikan |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
katri Sèh Amongragèku |
Ki Bayi ambêng piyambak ||

79.
Dyan lêkas samya abukti |
pikantuk dènnira nadhah |
Jèngraga dhokoh akokoh |
brongkosira anglênga |
nêmên lir buka siyam |
winaratan ulamipun |
Sèh Mongraga dènnya nadhah ||

80.
Kêpêl sawidara bungkik |
mung pikantuk nêm pulukan |
pan gutuk kêpêl antobe |
kantun sakêpêl angantak |
-antak nganti luwarnya |
Ki Bayi wruh ciptèng kalbu |
gya wijik aluwaran ||

81.
Jayèngraga mêksih bukti |
dènnya kokoh kêtanggungan |
kasêsa luwaran mangke |
Jayèngwèsthi mèsêm lingira |
(m)bok kang alon kewala |
ngêngantèni ywa kasusu |
kang rayi gumujêng nabda ||

Jilid 5 - Kaca : 156

82.
Paduka ngling angêntosi |
ngêntosi kèndêl kewala |
namung botên wijik wae |
kang raka ngling jêr karosan |
mênawi têlung buka |
Ki Bayi gumujêng muwus |
dhimu iku cilik mula ||

83.
Brongkos duduh dèndoyani |
dhèk cilik bêbêde ilang |
dènurubkên rêmês brongkos |
pan sarêng gumujêngira |
mèsêm Ki Amongraga |
nulya sami atuturuh |
ambêngira cinarikan ||

84.
Pinaringakên pawingking |
Jamal Jamil tinuwukan |
Nuripin Jalalodine |
Sumbaling Cênthini sigra |
anglorodakên dhahar |
wong kêkalih sarêng mundur |
wangsul anampa dhadharan ||

85.
Tinata Nikèn Malarsih |
ingkang kalong wus sinulam |
pêpak sarwa adèn-adèn |
wusnya anata dhadharan |
Ni Malarsih liningan |
kinèn mundur ing wisma gung |
nulya kundur maring wisma ||

86.
Wusana wangsul aningit |
lan kang putra Tambangraras |
yata kang samya alungguh |
sira Ki Bayi Panurta |
lon wijiling wacana |
murwani patakènipun |
marang Ki Sèh Amongraga ||

87.
Sêdhênge rêrasan ngèlmi |
ing wanci asirêp jalma |
anak Mongraga yêktine |
ingkang dadi pêrlunira |
pêpanggih lan pun bapa |
lah mara wêdalna gupuh |
kang dadi sumêlangira ||

88.
Babing basa kang piningit |
dununge ana lan ora |
apan sayêkti anane |
curiga manjing warangka |
warangka manjing marang |
ing curiga balikipun |
suksma manjing maring badan ||

89.
Badan manjing ing suksmèki |
lan cacahe malaekat |
Nabi Wali ing cacahe |
apa iku anakingwong |
kang dadi rubêdira |
pira-barane nakingsun |
yèn bisa amadhangêna ||

90.
Yèngsun marang ing sirèki |
Amongraga aturira |
kawula nuwun pan dede |
paduka wuwus punika |
pan têksih basa swara |
kewala pan dèrèng jumbuh |
maksih kabar jakin sarak ||

Jilid 5 - Kaca : 157

91.
Sarengat kabiru yakin |
nganasir mungguh ing Allah |
maksih rambatan Dalile |
madêlul Ijêmak Kiyas |
kathah jujulukira |
Ma Suci Mulya Hyang Agung |
Hyang Ngaluhur Hyang Wisesa ||

92.
Punika pan mêksih ngèlmi |
dèrèng abadan sajuga |
kajêng kawula yêktine |
icala nama kawula |
wus roron-roron tunggal |
kewala lan Hyang Agung |
punika ulun upaya ||

93.
Kalamun ngêmungna singgih |
punika kang tuwanucap |
taksih kathah ling-alinge |
dèrèng purun lan Pangeran |
dadya manah taksih was |
ing Kawis sampun angumbuk |
sabên wong anom mangkana ||

 

355 Sinom

1.
Tan susah amba umarak |
dhatêng ing paduka nênggih |
marmamba marêg ing tuwan |
kawarti saking ing Kawis |
paduka sampun sidik |
nênggih basa kang puniku |
(n)jêthung Bayi Panurta |
sarêng miyarsa turnèki |
sapandurat datan kêna angandika |

2.
Yêktine amung punika |
agême Kiyai Bayi |
nadyan lambang jêr pungkasan |
sirahing Suluk sakalir |
wusana angling aris |
Ki Bayi lah mara gupuh |
jawabên kang pratela |
sakèhe ujarku iki |
apa rapak lawan kawruhe wong kana |

3.
Mangkana Sèh Amongraga |
matur mring Kiyai Bayi |
wondene timbalan-tuwan |
basa kang paduka pingit |
dununge ana yêkti |
puniku jisim kang wujud |
jisim jriyah karijah |
inggih ana ing sakalir |
pan asyakang jirim anse astidelal |

4.
Puniku ana ing aral |
kawula-kawula yêkti |
tan kuwasa gadhah purba |
lir sarah anèng jaladri |
tan kêna ngarsa tunggil |
Gusti têtêp Gustinipun |
kawula têp kawula |
tan kêna silih sinilih |
mung angandêl wujude kang sipat murah |

5.
Wondene dununge ora |
kita puniki ngandhêmi |
tan nêdya myat ing Pangeran |
wujude ingkang saiki |
[...] |
wus angandêl yèn Hyang Agung |
tan arah ênggon ora |
kantha warnambu rasèki |
tanpa dunung nanging dunung tan dunungan |

6.
Tan kêna kinarya apa |
punika tetela mukmin |
kumpule ana lan ora |
jumblahtun mukkin pi jirim |
jirim wus têtêp mukkin |
mukkin ngadam kadal wujud |
mukkin jud badal ngadam |
punika mungguhing dalil |
ingkang lêrês murat kang kadya punika |

7.
Wondene kang salang-sêrap |
ing graita dènwastani |
anane ana ing kita |
rinêngkuh wujuding Widi |
tan tinunggal tunggali |
datan ana kang nyêkuthu |
êkaking dhèwèkira |
piyambak tan ana kalih |
ingkang nora wiwitan nora wêkasan |

8.
Punika botên sakeca |
karantên kita puniki |
dèrèng binuka dening Hyang |
kuwasa nampik amilih |
liripun nampik milih |
kamurahaning Hyang Agung |
murah karana dunya |
rijêki sandhang lan bukti |
taksih amilala enak lan kêpenak |

9.
Angrasa sakit sakeca |
bênêr luput ewah gingsir |
gingsir maring kaelokan |
kêpengin sampurnèng urip |
kasusu bungah ati |
atine akudu-kudu |
kudu ngaku Hyang Suksma |
gèsèh tekade tan nunggil |
ngèlmi êkak tekad ngam abangsa riyah |

10.
Dados pèndhèking paningal |
copètan rimbag lan ngèlmi |
ngèlmi kak kêdah kas tekad |
anampik tan melik pingil |
pingil donya puniki |
melik pingil mung salêmut |
langkung kagêngan brangta |
sapele dipun-kedani |
botên amput lawan kamulyan akerat |

11.
Ki Bayi micarèng nala |
rada bêlero ing galih |
dene kêkalih muradnya |
dènnya muradi kang dhingin |
dèrèng pati nyurupi |
dene murade kang kantun |
satêngu nora gagal |
wus tumanêm tyas kadjèki |
wusananya dènaranni kaluputan |

Jilid 5 - Kaca : 159

12.
Manthuk-manthuk pan rinasa |
rasa surasaning ngèlmi |
yata lon dènnya ngandika |
tutugna (ng)gèr kang patitis |
Mongraga matur aris |
dene kang paduka wuwus |
nênggih ingkang curiga |
manjing ing wêrangkanèki |
elokipun warangka manjing curiga |

13.
Punika pralambangira |
suksma manjing badannèki |
lan badan manjing ing suksma |
inggih salat-jatinèki |
wontên ing dalêm takbir |
atul ikram campuhipun |
panjinging sukmèng badan |
badan manjing ing sukmèki |
nalikanya ing ngriku campuring karsa |

14.
Minangka sakèthèngira |
lawan ati sanubari |
binuka kêlawan ikram |
mirad munajat tubadil |
lêstari panjingnèki |
suksma maring badannipun |
mangka punika badan |
umanjing maring sukmèki |
yèn wus kusni ing dalêm ikraming salat |

15.
Minangka sakèthèngira |
pambukane roh ilapi |
binuka kêlawan salat |
kusta daim ismu ngalim |
lêstari panjingnèki |
imam maring sukmanipun |
sukma pan wus kapurba |
maring badan sabab dening |
badan sagêd anêmbadani ing sukma |

16.
Dene ingkang salah tampa |
kang salang-surup ing ngèlmi |
tan (ng)guguru kumabisa |
anggêpe kita puniki |
dinalih badannèki |
manjing maring badan luhung |
sirna wujuding badan |
wus badan sukma sêkalir |
nora nana badan mung sukma kang ana |

17.
Obah osik salah tingkah |
ing siyang kêlawan ratri |
ing kêrsa-kêrsaning sukma |
tingkah-tingkahing sukmèki |
badan wus dèntambuhi |
badan sukma sajêgipun |
tan ana watêsannya |
ing awal tumêkèng akir |
kang punika tiyang kasliyo ing tekad |

18.
Murungakên ing kasidan |
sabab pambaliking ngèlmi |
maksih solaya tan saplak |
cèwèng dening kanthètnèki |
pan tan kenging sarênti |
ing ngèlmi kalawan laku |
sarengat lan makripat |
wontên lampahe pribadi |
yèn makripat kêdah santosa ing tekad |

Jilid 5 - Kaca : 160

19.
Mapan wus anêdya nyungkap |
mring pribadine Hyng Widi |
tan sêdya mor ing asya-a |
wus muslim maring pribadi |
kêdah mêkatên ugi |
lamun tan makatên ribut |
Ki Bayi tyasnya wêwah |
sumêrêp murat kakalih |
pan ginêgêt-gêgêt sangsaya karasa |

20.
Ki Bayi lon anglingira |
tutugna manèh nakmami |
Mongraga lon aturira |
de cahyaning malekati |
padhange tingal-jati |
wontên sênêning aluhung |
luhung ingkang wus limpat |
winahyu ayuning budi |
sinung cahya kêlomodan ing malekat |

21.
Tan têkdir sawiji rupa |
malekat punika aib |
nglimputi sakèhing rupa |
rupa rupaning cahyèki |
cahya sasmita wingit |
wêwarah sadèrèng mojud |
pan datan kawangênan |
namung kang kinarsan dening |
Hyang Maha-gung kang asipat bijaksana |

22.
Kewala ingkang kinarsan |
idayatulah minihi |
idayat cahya malekat |
punika sajatinèki |
dene nabi lan wali |
para nabi cacahipun |
sajabare ing Kur'an |
wali sajère Kur'ani |
mukmin êkas sa-êpèse Kur'an kèhnya |

23.
Yêktine nabi punika |
walburhanu ambiyai |
ina pi dati alaka |
karijah bil mukjijadi |
pratandhaning para nabi |
karêm ing dat sartanipun |
mêdal ingkang mujijad |
tur anu waliulahi |
ina pisipati alaka karijan |

24.
Bil karamati punika |
pratandhaning para wali |
para wali karêm ing sipat |
mêdal karamatirèki |
walburhanu mukminin |
wa ina pi apêngalu |
alaka karijatan |
mangunaha pratandhaning |
muknin ingkang êkas karêm ing apêngal |

Jilid 5 - Kaca : 161

25.
Lan mêdal mangunahira |
ingkang pangkat tri prakawis |
sajatinipun punika |
wujuding ratu hakiki |
ratu ajaman nabi |
sih nugrahaning Hyang Agung |
wahyu cahya nurbuat |
ing kanabeyan pinêsthi |
sinung rahmat kamulyan donya akerat |

26.
Ratu jaman waliolah |
sih nugrahaning Hyang Widi |
wahyu cahyaning idayat |
ing kawaliyan pinêsthi |
sinung rahmat ing akir |
ratu jamaning mukminun |
ing sih nugrahaning Hyang |
wahyu cahya latul kadri |
kamukminan pêsthi sinung rahmat donya |

27.
Dene kang salah tampinya |
malaekat nabi wali |
mukmin êkas anèng badan |
datan marèjèl sadême |
cahya mukjijat tuwin |
kêramat mangunahipun |
anèng badan sadaya |
badan wujud malekati |
wujud nabi wali mukmin anèng badan |

28.
Punika botên sakeca |
anggêpe ngangas-angasi |
botên tèyèng ing kasidan |
kang tan jomlah tekatnèki |
kawruh punika nilib |
mlèsèt kajangkêlok lumpuh |
wa punika sumangga |
sarèhning murat kêkalih |
akikirih satunggilipun papalang |

29.
Kirih punika umpama |
wowohan jambu kang manis |
tan mawi oncèk-oncèkan |
kewala ajêng binukti |
papalang saupami |
wowohan durèn kang arum |
kêdah angarah-arah |
wruh jujuringaning isi |
pinalêkah yèn dèrèng mlêthèk rêkasa |

30.
Ngèlmi kang paduka ucap |
lêrês sayêktine yakin |
namung sulaya ing tekad |
wus sami nabon pribadi |
Ki Bayi duk miyarsi |
tyasnya lêjar manthuk-manthuk |
saya sumêrêp gamblang |
katêgor tyase Ki Bayi |
wus kacupan tan gulawat mawalana |

31.
Mongraga pambatangira |
sakawruhe dènwastani |
gênah ing satunggal-tunggal |
malah ragi dènwêwahi |
inginggahkên kang ngèlmi |
Ki Bayi anjumbul-jumbul |
mendah dèntelakêna |
parandene Kyai Bayi |
pangraose wus panggih lawan Pangeran |

 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (31) Kaca 138 – 145
  • (33) Kaca 162 – 165 >