Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

 (09) Kaca 58 - 70

 

( Sèh Amongraga manjing pasareyan )

2. Sèh Amongraga manjing pasareyan, amrayogèkakên ingkang garwa supados sare ing tilamsari amargi mêsthi sayah sasontên tanpa kèndêl. Nikèn Tambangraras sar-saran manahipun, matur supados ingkang raka kemawon sare ingkang sakeca, awakipun trimah wontên ing jawi. Astanipun Tambangraras katarik sêsarêngan manjing pasareyan, samir katutup.

Sèh Amongraga mêjang garwanipun bab ngèlmu agami, bab sajatining sahadat, rukuning salat, dununging raos sêjati, kuwajibaning èstri, pasrah dhiri dhatêng kakungipun wilujênging palakrami. Ing salêbêtipun Sèh Amongraga mêjang garwanipun, Ni Cênthini tansah nênggani ing sacêlaking pasareyan sarta mirêngakên sadaya pangandikanipun Sèh Amongraga.

Enjingipun sami kêmbul bujana. Ni Malarsih andangu Nikèn Tambangraras punapa sampun kêmpal apasihan kalihan Sèh Amongraga.

Wangsulanipun sadalu kawêjang ngèlmi. Salajêngipun Ni Malarsih paring pitutur dhatêng putranipun bab susilaning akrami.


Kaca 58 -70


Jilid 6 - Kaca : 58

360 Dhandhanggula

12.
Bakda wêktu palilah wus lingsir |
wêngi wancinira bakda tangat |
Amongraga kondur mangke |
kang ibu maksih lungguh |
lawan para sêpuh kang mêksih |
sami andarus Kur'an |
kathah kang wus turu |
Tambangraras maksih lênggah |
ngarsèng tilam nulya Sèh Mongraga prapti |
alênggah ngarsanira ||

13.
Ni Malarsih angandika aris |
anakingsun Ki Sèh Amongraga |
prayoga andika sare |
anèng jinêm tilam rum |
Amongraga umatur inggih |
kawula kinalilan |
layap nèng tilam rum |
nuwun pangaksamèng galat |
ingkang ibu nauri wacana aris |
aywa awancak driya ||

14.
Apan sampun dados wajibnèki |
kapopohan ing donya akerat |
mung kula andongakake |
mugi tulusa runtut |
aywa nganti sawalèng kapti |
kula titip kewala |
ing rayinta busuk |
mangsa-borong (ng)gèn amulang |
tan kapalang ing cêguk balilunèki |
pasrah rèh wus pitaya ||

15.
Amongraga (n)dhêku matur aris |
inggih mugi angsala pandonga |
ing sudarma sakalihe |
dêrmi kawula nuduh |
langkung bêgjanipun pribadi |
sawusira mangkana |
Ni Malarsih mêtu |
asare anèng mandhapa |
maksih pêpak kang rayi tan ana arip |
myang putra kalihira ||

16.
Kyai Bayi angandika aris |
mring kang garwa apa wis putranta |
guling nèng tilam karone |
Ni Malarsih umatur |
inggih kados sawêg puniki |
sadangunipun salat |
atangat ing dalu |
anèng tajug pamêlêngan |
lagya enggal punika bakdanirèki |
kawula wus apasrah ||

17.
Sawusipun kula lajêng mijil |
Ki Baywa ngling ya Allah kamdulillah |
angandika mring putrane |
miwah mring arinipun |
padha tutugêna tan guling |
kang maca kang trêbangan |
miwah ngaji Usul |
kang dolan catur wong-wongan |
lèk-lèkanana sawêngi aywa na guling |
ingsun turu priyangga ||

Jilid 6 - Kaca : 59

18.
Wus miranti panggonan aguling |
lan kang garwa Malarsih anendra |
tata kang wontên dalême |
sang pinangantyan wau |
kang kalilan lênggah sarimbit |
Amongraga ngandika |
mring kang rayi arum |
dhuh yayi kusumaningwang |
asareya nèng tilam mangsane arip |
rapuh sasore mula ||

19.
Tambangraras liningan ing laki |
pan kumêpyur tyasira nêratap |
sarwi asêrêt ature |
pukulun sang abagus |
kawula kewala nèng jawi |
paduka kang sareya |
jrih kawula nuwun |
Ki Sèh mudha Amongraga |
lingira rum sarwi anarik astèki |
dhuh sang kumalaning dyah ||

20.
Aywa kalimpêt sira ing ngèlmi |
palaling Hyang mring sira lan ingwang |
ing ganjaran wus tan pae |
nugraha Sang Maha Gung |
pira-pira sun sira yayi |
karone pinaringan |
kawasa têtêmu |
marang kang karana Allah |
nulya Nikèn Tambangraras angabêkti |
nut sakêrsaning raka ||

21.
Gya winingkis kang samir cawêni |
mangsuk sang ro kinanthi kang asta |
wus tumamèng jro jinême |
tumangkêp samiripun |
Tambangraras tyasira ênis |
kumutug kang sarira |
kêtêg rêbut dhucung |
dho cèng napase tyas mêlang |
tuhu-tuhu katêmbèn cêlak priya di |
kuwur kèh nyananira ||

22.
Angandika Sèh Mongraga aris |
mring kang rayi iya yayi sira |
dèn-irama satitahe |
mungguhing bab kang pêrlu |
ing ngaurip têkabul ngèlmi |
ngèlmi kang wus muktamat |
ing sarak (n)Jêng Rasul |
-olah ingalèhisalam |
aminihi mumuruk ing sira yayi |
sira nêbuta sadad ||

23.
Nadyan wus ahliya sira yayi |
durung êsah yèn tan lakinira |
kang amulang ing ahline |
wajibe amumuruk |
pan katêmpuh ing donya akir |
ing ngèlmu lah nipêkah |
samya pêrlunipun |
sadad wajibing wanodya |
iya sadad Patimah ingkah linuwih |
yayi pasukên ing tyas ||

24.
Aywa dumèh rèmèh iku yayi |
wajib angucap ashadu anla |
-ila hailalah dene |
sun ngawruhi satuhu |
tan ana Pangeran kêkalih |
nanging Allah Kang Êsa |
kang Tunggal puniku |
(n)dadèkkên alam sadaya |
wa ashadu anna Patimah tin jrokril |
karimi imra atal ||

Jilid 6 - Kaca : 60

25.
Nubuwatin binti Muhamadin |
salalahu ngalihi wasalam |
sun nêksèni satuhune |
Dèwi Patimah iku |
lintang johar ingkang mulya di |
kang dadi ratuning dyah |
kang acahya mancur |
kang putra (n)jêng Nabi kita |
Muhammad dinil salalahu ngalahi |
wasalam ngalaeka ||

26.
Ywa pepeka kang jatmika ngèlmi |
jatmikaning ngèlmu iku sarak |
iya sarengat yêktine |
lawan tarekatipun |
kang minangka wadhah sakalir |
dene ngèlmu hakekat |
lan makripatipun |
minangka wiji nugraha |
wiji yèn tan tumanêm wawadhah bêcik |
bungkik nugrahanira ||

27.
Mulane yayi dèn-ngati-ati |
sarengatira kudu santosa |
asarèh akèh pedahe |
aywa langar ing ngèlmu |
yèn kêprècèt ambilaèni |
murungakên kasidan |
dene langar iku |
hakekat tinggal sarengat |
iku akèh langar pangrasane uwis |
angrasa badan mulya ||

28.
Solah tingkah muna lawan muni |
aja salat ta pan uwis salat |
mangkono sapapadhane |
iku yayi dènemut |
yèn manira tan ana benjing |
sira kariya wirya |
lamun ana catur |
kang mangkono iku uga |
watak ladak kasêlak calak kêcelik |
cêluk-cêluk ing setan ||

29.
Singa kang dènlakoni tan dadi |
dudu dêdalane dalillolah |
kang mupit Mukammad rasèh |
adalil lawan madlul |
Kadis kudu lawan kudisi |
ajênak lawan Kiyas |
kisas lawan kusus |
iku ugêring sarengat |
lapal makna murat rasa dènkaliling |
iku ahli utama ||

30.
Rong prakara yayi dènpakeling |
dhingin kudu wêdi maring Allah |
kapindho lawan lakine |
iku ganjaranipun |
donya kerat kinacèk bêcik |
traping wong wêdèng Allah |
tan pêgat adarus |
ing Kur'an kalawan salat |
parlu sunat lan tangatira ing wêngi |
têpakur maring Allah ||

Jilid 6 - Kaca : 61

31.
Dene nora pati turu yayi |
wong kang mêlèk sajroning palilah |
tumpa-tumpa ganjaranne |
sinung ilham Hyang Agung |
isih jrênihira awinih |
budi luhur utama |
sidik ing pamuwus |
awas maring kira-kira |
ngèlmu ingkang samar-samar sinung uning |
malêkah tyas musthika ||

32.
Samono iku ganjaran nicil |
lagyèng donya durung ing akerat |
pira-pira kèh tikêle |
dene trap jrih ing kakung |
apan iya kalih prakawis |
kang dhingin kudu iya |
mituhu ing wuruk |
ywa maido analimpang |
kapindhone kudu pasrah maring laki |
kumambang ing wisesa ||

33.
Kang tumanêm yayi donyèng akir |
aywa sêla-sêla salah tampa |
tumpa-tumpa durakane |
angkuh êning kang kukuh |
eling-eling sira dèneling |
nêlangsa ing Pangeran |
nêlangsa ing kakung |
yèn sira wus narimèng tyas |
yêkti amrêtandhani Hyang Maha Sukci |
bineda kabèh beda ||

34.
Budinira badanira yayi |
nora rêgêd bundhêt nora randhat |
ginantungan rahmat bae |
donya akeratipun |
donya rahmat saking ing laki |
akerat rahmat Allah |
ro iku acukup |
kayun pidarèni ika |
ingupaya uripe banyu kêkalih |
ing donya ing akerat ||

35.
Tambangraras tyasira mranani |
katanêman wuwulanging raka |
sumilak padhang driyane |
ing surup pan wus kayup |
datan ana ingkang kalêmpit |
dhasar wus ahlinira |
brangti maring ngèlmu |
ing mangke wah angsal wulang |
langkung sanggêm agêmi marang agami |
ngugêmi rèh kang tama ||

36.
Ing patêmon Sèh Adi Mongragi |
tan pati amrih bakda dukulan |
namung agama kagême |
winulangkên sang ayu |
kang rahayu lêstarèng budi |
ngandika yayi sira |
apa wus sumurup |
kang rayi matur anêmbah |
inggih brêkah paduka kawula pundhi |
tan nêdya apepeka ||

37.
Amongraga mèsêm sarwi narik |
astanira Nikèn Tambangraras |
sang ayu kumêpyur tyase |
riwenira akumyus |
kawistara netyèsmu ajrih |
alon dènnya ngandika |
dhuh yayi sirèku |
sarèhêna driyanira |
manawa na eblis momor sambu yayi |
ngrêgêdi musliming tyas ||

Jilid 6 - Kaca : 62

38.
Pan mangkana Ki Sèh Amongragi |
sabên sêrukuk dènira mulang |
tansah anyandhak astane |
yèn taksih tyas kumêpyur |
dèrèng karsa amanggut kang sih |
wêdharing karasikan |
yèn ta dèrèng junun |
angantiya pirang dina |
apan maksih anganti ahlinirèki |
mangkana karsanira ||

39.
Tambangraras rumaos ing kapti |
yèn mangkana sangsaya pirêna |
cipta tan ana tuwuke |
nadhahi wulangipun |
driyanira angganing agni |
tan warêg ing galinggang |
ing supaminipun |
Tambangraras wus nugraha |
pan kabuka hidayat wulanging laki |
alandhêp tan kumêdhap ||

40.
Ni Cênthini mèpèt aniniling |
andhêkukul nèng waton leyangan |
angula-ula ngêlèlèh |
mapan sadangunipun |
anyathêti sacandhaknèki |
kacandhak uga nora |
akèh kang kacakup |
ngalap bêrkah rèrèbètan |
samangsane ing jro banène anangis |
Cênthini tumut waspa ||

41.
Kancane sami pating kalisik |
nora jamak Bok Cênthini ika |
anêmên nênilingake |
bêrkate wong angèlmu |
karêm wuwuh dipunlilani |
ngong mangsa mangkonoa |
Ni Sumbaling muwus |
wus payo cuki kêntèlan |
ya wong têlu pasangane lintang palih |
kalêthêk thèr kêntèlan ||

42.
Awiwit crak-crèk mangan asisir |
sami masisir wiwitanira |
arêbut laku picise |
anyublik karya têlu |
wênèh gawe liliman putih |
rame cêgat-cinêgat |
kang kasêsêr nêpsu |
muring-muring ge uwise |
ingkang dhakon ting karêsêg andhok ambil |
alon gumêdêr bungah ||

43.
Ingkang wontên jroning tilamsari |
Amongraga alon angandika |
myarsakna yayi mangkene |
mungguh sampurnanipun |
ing asalat tigang prakawis |
kang dhingin suci badan |
kaping kalihipun |
kang asuci lesannira |
kaping têlu kang suci atinirèki |
tan kêna yèn (ng)gampangna ||

Jilid 6 - Kaca : 63

44.
Iku ugêr wong kang ahli kusni |
anucèkkên ing têlung prakara |
badan lesan lan atine |
ana dene trapipun |
bangsa badan kudu rêrêsik |
panganggo lawan prênah |
ing asalat iku |
wruh parlune yèn wolulas |
ingkang dhingin niyat kasdu takrul takyin |
takbir marang Patekah ||

45.
Rukuk lan iktidal adêgnèki |
sarta lawan tumaninahira |
sujud loro antarane |
kalawan lungguhipun |
tahyat awal têrtibirèki |
salawat ingkang atas |
ing Nabi puniku |
lan atasing kulawarga |
lawan tumaninah sarta ingkang têrtib |
asalam jangkêpira ||

46.
Tambangraras umatur ngabêkti |
punapa kalilan umatura |
mring (n)jêng paduka têtakèn |
Mongraga lingira rum |
êndi pitakonanirèki |
Tambangraras turira |
kawula nunuwun |
wulang dununging asalat |
kang sêjati ngadêg rukuk sujud linggih |
angsal saking punapa ||

47.
Niyat sampurnaning kang sêjati |
sêjatining takbiratul ikram |
kawula nuwun jinatèn |
kang raka ris amuwus |
iya yayi ingsun wartèni |
masalahing asalat |
kang sampurnèng dunung |
takbir mukaranahira |
aksarane wowolu puniku yayi |
iya iku kawruhana ||

48.
Wit alip mutakalimun wakid |
lamta bêngil lawan lam jaidah |
he-huakad limtamsore |
kapkabirah bèrubu |
birah rèra pingul drajadi |
jangkêp aksara astha |
mangka kumpulipun |
pan dadi patang prakara |
ikram mikrad junajad lawan tubadil |
ikram cêngêng têgêsnya ||

49.
Ingkang lali ing sabarang kalir |
solah tingkah sajabaning salat |
tan katimpah ing liyane |
ingkang plêng parêngipun |
lawan niyat tibaning takbir |
ana dene kang mikrad |
mungguh têgêsipun |
munggahing budi kang mulya |
budi mulya mulyaning salat masuci |
suci jatining êdad ||

50.
Dene kang tubadil iku yayi |
pan kagêntèn kang badan wus singsal |
mobah mosik sru lirihe |
polah tingkah kang wau |
wus kagêntèn polah sa iki |
iki polahing salat |
êbad ingkang agung |
ana dehe kang munajad |
têgêsipun sapocpan iku yayi |
ucap-ucapaing salat ||

Jilid 6 - Kaca : 64

51.
Apocapan lawan êdad yayi |
salat iku suhul maring êdad |
basa suhul wong tan pae |
dad kang sipat rahmanu |
dad kang asma isbat lan napi |
êdad ingkang apêngal |
iya kun payakun |
iku yayi hak hakekat |
salat iku mulyakêna kang asuci |
luhurna kang kuwasa ||

52.
Ingkang muslim wiritira yayi |
têtalinên pikukuhing iman |
wolung prakara kang tajèh |
kang dhihin sipat kayun |
têgêsipun puniku yayi |
urip tan kênèng pêjah |
ing salatirèku |
pindho kadirun kuwasa |
tan kêna pês kang kuwasa salatnèki |
tri muridun kang karsa ||

53.
Kêras kan tan kêpalang lêstari |
salatira ywa nganti kêpalang |
ping pat samingun têgêse |
pêngrungu kang tan buntu |
tilingêna salatirèki |
basirun kaping lima |
têgêse andulu |
pandulu tan kênèng wuta |
kang waspada amandêng salatirèki |
liru loroning tunggal ||

54.
Ping nêm ngalimun kang ngawikani |
kawikanana jênênging salat |
tan kêna bodho dhompone |
pitu mutakalimun |
pangandika tan ngaping kalih |
yayi pangucapira |
kang cêtha ywa gangsul |
iya saucaping salat |
ping wolune sipat bakin langgêng yayi |
kang langgêng salatira ||

55.
Tambangraras tyas sêmada rapih |
kandhih dening wuwulanging raka |
tan pati akèh nyanane |
nêmbah alon umatur |
nuwun lajêngipun kang mugi |
tuwan ambabarêna |
Mongraga lingnya rum |
iya yayi pirsakêna |
ing asalat adêge asal ing gêni |
dudu gêni kang mangwa ||

56.
Dudu gêni kang amurub mati |
gêni kang sipat patang prakara |
roh ilapi sêjatine |
lan roh rahmani iku |
roh nurani lan roh rukani |
sakawan iku mulya |
cahya ingkang kudus |
kudus wiwinihing duryat |
duryat iku winih papêsthènirèki |
kang pêsthi salatira ||

Jilid 6 - Kaca : 65

57.
Rukuk iku angsal saking angin |
dudu angin barat lesus bajra |
dudu kang gumrêbêg kiye |
dene angin puniku |
angin kang sipat kawan prakawis |
napas anpas tannapas |
kaping pate nupus |
nupus wiwinihing ruhyat |
ruhyat iku apan wiwinihing urip |
kang urip salatira ||

58.
Dene sujud iku asal warih |
dudu warih kali sumur sêndhang |
mangkya asat agung dede |
dene banyu puniku |
ya kang sipat patang prakawis |
roh rabani kalawan |
roh nabati iku |
ping tri roh kewani lawan |
roh jasmani jangkêpe kawan prakawis |
ya yayi dunungira ||

59.
Roh jasmani pan iku wiwinih |
wiwinihe kang mêrtabat sapta |
mêrtabat wiwinih mangke |
ing kadadeyanipun |
ingkang dadi salatirèki |
dene lungguhe salat |
asal bumi nêngguh |
dudu bumi kang kêncikan |
dudu bumi kang mêndhukul iku yayi |
ya bumi pat prakara ||

60.
Ingkang dhihin wadi lawan madi |
mani lan maningkêm papatira |
maningkêm winih ngajalê |
dene ajal puniku |
winih kalanggêngan tan gingsir |
ingkang langgêng ya sira |
ing salatirèku |
dènbrangta sira ing salat |
pan pajunên ing têlung prakara yayi |
iman tokit makripat ||

61.
Tekadêna tokitira yayi |
balêdhagên ya ing antêpira |
aywa mèngèng salah wèngwèng |
kang lumuh maring wurung |
kang kapengin marang kadadin |
sêjatine jatmika |
ênêngira lugu |
ênêng narik kalanggêngan |
langgêng pati mati sajroning ngaurip |
urip kang ahli pana ||

62.
Tambangraras tyasira wus wêning |
padhang narawang tan kumalêndhang |
wus sampêt pasang surupe |
mangkana kang mulang wruh |
wus andungkap wancinirèki |
pot palilah ijabah |
pajar gidib Subuh |
Ki Sèh mudha Amongraga |
ngandika rum sarwi anarik astèki |
dhuh yayi Tambangraras ||

63.
Mumpung awal maksih pajar gidib |
wêktu Subuh utama kang awal |
pajar gidib ing bakdane |
payo yayi awêktu |
Nikèn Tambangraras agipih |
kinanthi astanira |
mijil ing tilam rum |
Cênthini gêpah tan têbah |
pan liningan mring Sèh mudha Amongragi |
apa wus sore mula ||

Jilid 6 - Kaca : 66

64.
Nora turu dene aglis prapti |
cèthi Cênthini umatur nêmbah |
inggih (n)Jêng Tuwan wiyose |
marma dèrèng aturu |
lamun wontên karsa anuding |
rayinta ing kawula |
aywa kongsi asru |
Mongraga mèsêm ngandika |
mring kang rayi yayi iku si Cênthini |
kaprênah apanira ||

65.
Nikèn Tambangraras matur aris |
punika kadang-katut kewala |
kula trêsnani wiyose |
sabab piyambakipun |
langkung trêsna dhatêng ing kami |
mila kawula trêsna |
nglêgakkên tyasulun |
Sèh Mongraga lon ngandika |
iku bêcik pan manira mèlu asih |
ing mitra cèthinira ||

66.
Krana olih hidayating ngèlmi |
mêlèk sawêngi mênangi wulang |
akèh kêcanthèl surupe |
Cênthini nêmbah matur |
brêkah tuwan ingkang kapundhi |
nulya mijil kaliyan |
mring patirtan adus |
wus suci nulya busana |
laju ngambil toya wulu maring masjid |
gantya kang rayi siram ||

67.
Cèthi Cênthini kang angladèni |
sawusira siram nulya kadas |
Cênthini tan kantun mangke |
Mongraga adan Subuh |
ngalêp-alêp swara ngalapsih |
manis arum arênyah |
muluh rêmak êmpuk |
mangkana kang nèng pêndhapa |
myarsa swaraning adan samya atangi |
kang turu ginugahan ||

68.
Samya Subuh para santri-santri |
mring masjid gêdhe wus binêndungan |
aramya rêmpêg swarane |
nutug dènnira Subuh |
bakda pajar byar surya mijil |
mudhun kang samya salat |
bubar wênèh mantuk |
kang wangsul marang pandhapa |
Kyai Bayi Asubuh anèng pêndhapi |
enjing lajêng alênggah ||

69.
Pan ingadhêp ingkang putra kalih |
Jayèngwèsthi miwah Jayèngraga |
lan para ri sadayane |
Sharja Wiradhusthèku |
Ki Panukma Panamar tuwin |
kalima Kulawirya |
anulya kang rawuh |
Ki Sêmbagi lan Jumêna |
tan adangu Ki Pangulu Basarodin |
lawan samodinnira ||

Jilid 6 - Kaca : 67

70.
Nursukidin lan Ki Talabodin |
murit Jaki lan Ki Pranahita |
myang lurah-lurah santrine |
sarênti dhatêngipun |
dêmang Purasani kang prapti |
pêpak kang kulawangsa |
atap anèng ngayun |
tan dangu Sèh Amongraga |
marêk dhatêng ing rama Kiyai Bayi |
samya mingsêr kang lênggah ||

71.
Kyai Bayi ngandika mring Luci |
esuk bêcike padha madhangan |
ngêt-angêtan sêga-gorèng |
lawan iwak bêtutu |
sêga ramês ingkang mêpêki |
sêga tumpêng kewala |
nêmbêlèha wêdhus |
sawiji bae dèniras |
cawisana gêni arênging kusambi |
cokak bubuk marica ||

72.
Wedang srêbat kopi aja lali |
santri Luci gupuh nulya mentar |
mring dalêm andhawuhake |
Ni Malarsih agupuh |
angrêtèni lêladènèki |
miwah ingkang dhêdharan |
srabi lawan puthu |
sawarni enjing-enjingan |
wusnya pêpak nuding Sumbaling Cênthini |
kinèn angladèkêna ||

73.
Ni Malarsih wau ingkang ngirit |
lan kang putra Nikèn Tambangraras |
angladèni ing kakunge |
sinaoskên ing ngayun |
sêkul ulam dharan mawarni |
santri Luci maragat |
wêdhus siji lêmu |
wus barêsih jrohanira |
sinaoskên bêkakan mêntah nèng ngarsi |
lan sujèn gya pinurak ||

74.
Kyai Bayi angandika aris |
sumangga samiya sêsèmèkan |
kula turi turuh kabèh |
ingkang liningan gupuh |
têpang kapang kupêng awanting |
samya awiwijikan |
kocor atuturuh |
adan lêkas samya nadhah |
Ki Pangulu aprawira dènnya bukti |
dhokoh cekoh acikat ||

75.
Rambah-rambah kokoh maratani |
sêkul ramês lodhèh bobor pindhang |
sêkul tumpêng sêkul gorèng |
satêngah nyamuk-nyamuk |
dènsêsambi ambakar daging |
ukur angêt kewala |
wal-wul apikantuk |
Ki Kulawirya anabda |
kang Pangulu mêngko dadi gawe malih |
munggah dhodhog-dhodhogan ||

Jilid 6 - Kaca : 68

76.
(n)Dika eling-eling kala wingi |
Ki Pangulu anauri sabda |
dadi dhodhogan bêgjane |
kang myarsa gêr gumuyu |
dèntekadi têmên kiyai |
mangkana Ki Sèh mudha |
Amongraga amung |
anadhah ngecani sarak |
pulukipun alit mung samiri bungkik |
ginalintir kewala ||

77.
Samya nutug dènnya kêmbul bukti |
menda satunggil têlas pinangan |
kêdhik kang linorodake |
wus nutug samya turuh |
Ni Sumbaling lawan Cênthini |
anyarik sêkul ulam |
linorodkên sampun |
gantya dhêdharan tinêrap |
anèng ngarsa juwadah jênang surabi |
wajik lan puthu mayang ||

78.
Lèmpèng ulèn-ulèn wêdang kopi |
gêmblong ledre isèn-isèn sêga |
myang isèn-isèn gêdhange |
bakaran pisang suluh |
pisang raja dhamplak kang kuning |
wus sumaji ing ngarsa |
kang ngladèni mundur |
Malarsih lan Tambangraras |
samya nadhah lan Ni Daya samya bukti |
Malarsih angandika ||

79.
Mring kang putra Tambangraras ririh |
sun têtanya babo marang sira |
lah kapriye sira anggèr |
apa wis bakda dukul |
katètèsan sacaraning sih |
kang putra aturira |
pan kawula ibu |
ing jro wêktu kang palilah |
kawula pan winulang pratikêl ngèlmi |
natas sadalu pisan ||

80.
Pan kawula sangêt dèrèng ngrêti |
dèrèng sumêrêp basa pasihan |
tan sagêd umatur mangke |
kang ibu alon muwus |
dadi durung bakda dukuli |
kaliwat rèrèhira |
panyananingsun wus |
linuwar ing karasikan |
ni mBok Daya nambungi wacana aris |
puniku anèh tama ||

81.
botên limrah sêsamining sami |
nêdhêng malih akir balègira |
tan nyana lamun arirèh |
saking agunging ngèlmu |
lan pratandha jalma linuwih |
langkung panarimanya |
putranta sang ayu |
Malarsih linge (ng)gih ta lah |
lajêng tutur marang ing putra mawêrdi |
dhuh Nikèn Tambangraras ||

82.
Sukur Alkamdulillah sirèki |
kang muga sira bisa-a krama |
têlung prakara ywa wèngwèng |
poma sira kang emut |
tyas dèn-gêmi wêdi gumati |
lire wêdi kang pasrah |
ywa maoni wuwus |
mung lakonana kewala |
kang tumêmên ing lair tumêkèng batin |
kang mantêp aja owah ||

Jilid 6 - Kaca : 69

83.
Lire gêmi sira dèn-akunci |
aywa boros têrobos ing pêkah |
pêkah samukrim-mukrime |
ala lan bêcikipun |
ingkang akèh sanadyan kêdhik |
pan iku gêmènana |
kang narima sukur |
wuruk iku ya nipêkah |
ingkang gêmi akunci maring wêwadi |
ywa rèbèt ing wicara ||

84.
Liring gumati sira kang asih |
marang kang dènrêmêni ing priya |
kang miranti sadhêmênne |
basa miranti iku |
wusa wontên katon cumawis |
sira nyandhang amangan |
myang anginum ranu |
kang kasatmata ing priya |
aja kolon singlu sabarang pakarti |
antinên priksanira ||

85.
Pamurunge pan têlung prêkawis |
dhingin wani wanuh asèmbrana |
tan mituhu ing wêkase |
ambadalakên wuwus |
asring-asring anyêmpaluki |
basane mêndhalungan |
diksura dhahulu |
nganggo atine priyangga |
kang mangkono tan winahyu bangsa inggil |
andhap sêsaminira ||

86.
Kapindhone nora angugêmi |
barang ingkang dadya sisimpênan |
dènêbrèh dènèwèr-èwèr |
tan duwe owêl luwung |
tan rumangsa pawèhing laki |
angrurusak nipêkah |
myang wadining wuwus |
ngadhul-adhul mring têtangga |
iku pêdhot (n)dhêrodhot tan bisa bêcik |
acorah janma rucah ||

87.
Kaping têlu tyase sangga-runggi |
rêmên ningêt alumuh satmata |
mangan ngombe kudu dhewe |
karêpe anunungkul |
tan pasaja tyase (m)bêsiwit |
gawe sawiyah-wiyah |
nora pati kudu |
laki sunatan kewala |
kang mangkono êntèk talitining titik |
dan kêna tinakokna ||

88.
Soring-asor tyas mangkono nini |
wiranging wirang lamun binuwang |
tan kanggo marang lakine |
pêthot gendholanipun |
tanpa jiya papa pinanggih |
kalunta kawlas-arsa |
sangsayane muput |
mung iku pituturingwang |
iya nora bisa sun-nglakoni nanging |
wong tuwa kudu warah ||

89.
Nikèn Tambangraras matur aris |
inggih kalangkung nuhun kawula |
wulangpaduka wiyose |
mugi kawula ibu |
asagêda suwitèng laki |
tan rumaos mah-imah |
pan sêdya anglêbur |
tapak-tilas dêlamakan |
sarta siyang dalu kawula amundhi |
ing brêkah ibu rama ||

Jilid 6 - Kaca : 70

90.
Yata wau wontên ingkang prapti |
tiyang pipitu sami kapalan |
kèndêl nèng lawang korine |
santri Luci andulu |
lamun ana têtamu prapti |
Ki Luci sigra mêdal |
mariksa wus tundhuk |
tinanyan sojar utusan |
kinèn matur maring (n)Jêng Kiyai Bayi |
duta mrih samya sowan ||

91.
Anganthuki sigra santri Luci |
praptèng ngayun angaturi ninga |
yèn wontên dhatêngan mangke |
kinèn nimbali gupuh |
santri Luci sigra amanggil |
kerid ing lampahira |
dhayoh wong pipitu |
wus kinèn lungguh ing pandhapa |
ingacaran wus binagèkakên sami |
matur nuwun anêmbah ||

92.
Wong pipitu majêng gênti-gênti |
samya umatur lampah dinuta |
ing putra kèn nyaosake |
ing patumbasing apu |
saking Surapringga Garêsik |
Sidayu myang ing Tuban |
ing Rêmbang pra sunu |
kang pasumbang tinampanan |
sadaya wus katur mring (n)Jêng Kyai Bayi |
ingkang rongpuluh reyal ||

93.
Kang wolulas mung nêmbêlas anggris |
limalas kêton kang rolas reyal |
Ki Bayi alon dêlinge |
inggih andika matur |
mring anakmas Tumênggung Grêsik |
miwah putumas Rangga |
nak Dêmang Dèn Bagus |
Dèn Bèi Wiryapuspita |
sangêt panrima kula sukur ing Widdhi |
inggih Alkamdulillah ||

94.
Mugi winalêsa sihing Widdhi |
rahayune têtêping agama |
mring anakmas sadayane |
pra duta nêmbah nuhun |
samya matur anyandikani |
sarta sinungkên nulya |
marang garwanipun |
mring Malarsih wus tinampan |
gunggung arta wolungdasa-kawan anggris |
pan langkung tigang sêka ||

95.
Kyai Bayi Panurta ngling aris |
Luci sira ngruktiya sugata |
myang jaran kae sukête |
ingkang liningan gupuh |
angruktèni sugatanèki |
Ki Bayi malih nabda |
mring pra duta wau |
kewala sami cêlakan |
kêrana Lah sami matur nuwun inggih |
pan ing ngriki kewala ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (08) Kaca 56 - 58
  • (10) Kaca 71 - 84 >