Ki-demang.com : Centhini

Ngundhuh Serat Centhini PDF

ngundhuh-serat-centhini

Kaca Ngajeng

kaca-ngajeng

Ringkasan Serat Centhini

ringkasan-serat-centhini

Resensi / Ulasan Serat Centhini

resensi-serat-centhini

Pupuh Surat Centhini

pupuh-surat-centhini-01
pupuh-surat-centhini-02
pupuh-surat-centhini-03
pupuh-surat-centhini-04
pupuh-surat-centhini-05
pupuh-surat-centhini-06
pupuh-surat-centhini-07
pupuh-surat-centhini-08
pupuh-surat-centhini-09
pupuh-surat-centhini-10
pupuh-surat-centhini-11
pupuh-surat-centhini-12

    Jumlah Pengunjung

0434692
Hari ini     :Hari ini :92
Kemarin     :Kemarin :69
Minggu ini   :Minggu ini :158
Bulan ini   :Bulan ini :3321
s/d hari ini   :s/d hari ini :434692
Kunjungan Tertinggi
01-10-2023 : 1327
Pengunjung Online : 10

Kontak Admin.

email-kidemang

(16a) Kaca 166 - 183

 

( Têtingalan ing pandhapi sakêlangkung ngedab-edabi )

5. Têtingalan ing pandhapi sakêlangkung ngedab-edabi, singir, emprak main obong-obongan sarta sulapipun Jamil Jamil damêl gawokipun ingkang sami ningali.

Wêkasan lajêng kêndhuri sarta dhahar kêmbul. Salêbêting dhahar, kasêling lêlagon bab wontêning sêkar Kakawin, Sêkar Agêng, Têngahan tuwin Macapat, kalajêngakên nyêkar Agêng, dadosa tuntunaning para dhalang.

Sasampunipun paripurna, taksih kasambêt singiran lan jêjogedan, ngibing mawi tombok arta, ngantos dumugi ndungkap Subuh.


Kaca 166 – 183

Jilid 1 - Kaca : 5

6. Kulup wus padhang tyasingsun |

datan sumêlang ing ati |

sira kariya raharja |

têtêpa (ng)gonmu mêngkoni |

batihmu para sudagar | isining asramèng Giri ||

7. Têmbe ing sapungkuringsun |

sakèhe dunyarta mami |

sidhêkahna kang warata |

pêkir miskin anak yatin |

lawan tukokna amanat | kaji mring Mêkah nagari ||

8. Poma kulup wêkasingsun |

Ni Samboja nulya lalis |

sawusira binêrsiyan |

layon kinubur tinunggil |

lan raka Kyai Samboja |

ing mangkya titiyang Giri ||

9. Lastantun pamundhinipun |

ing gusti Jêng Sunan Giri |

samya kapanjingan iman |

nglampahi sarengat Nabi |

ngibadah andarus Kur'an | kathah kang iyasa masjid ||

10. Gêmah arjane kalangkung |

tan ana kang laku juti |

samya cêkap nyandhang mangan |

adoh ingkang dadya miskin |

têntrêm ciptane raharja |

wong ngamanca kathah prapti ||

11. Kabanjur tan arsa mantuk |

kalajêng wisma ing Giri |

raja pandhita Sètmata |

jujuluk Susunan Giri |

Gajah Kadhaton minulya |

kawêntar ing liya nagri ||

12. Miwah wus pinundhut mantu |

ing Suhunan Ngampèlgadhing |

dhinaupkên lan putrinya |

Nyai Agêng Ratu nami |

atut dènnya palakrama |

lêstantun ngantya sisiwi ||

13. Wowolu èstri myang jalu |

Nyi Agêng angrumiyini |

kondur maring rahmatolah |

layon sumare anunggil |

marasêpuh èstri priya |

garwa putra gung prihatin ||

14. Sigêg gantya kang winuwus |

Brawijaya Narapati |

mirêng pawartos sanyata |

ing mangkya Susunan Giri |

linulutan sakèh janma |

nungkul tan kalawan jurit ||

15. Sang prabu utusan gupuh |

Gajahmada kyana patih |

kinèn lumampah priyangga |

mukul prang Giri Garêsik |

tan cinatur lampahira |

wus prapta jajahan Giri ||

16. Gègère kadya pinusus |

kang katrajang samya ngili |

minggah kadhaton Prawata |

Jêng Sunan Giri marêngi |

anyêrat manêdhak Kur'an |

kagyat mirêng suwaraning ||

Jilid 1 - Kaca : 6

17. Tiyang alok mungsuh rawuh |

sumêdya ngrisak ing Giri |

kalam ingkang kagêm nyêrat |

anulya binucal aglis |

andodonga ing Pangeran |

sinêmbadan ing sakapti ||

18. Kalam lajêng dadya dhuwung |

cumlorot ngamuk pribadi |

pra wadya ing Majalêngka |

kathah ingkang angêmasi |

sakantune kang palastra |

pra samya lumayu (ng)gêndring ||

19. Mantuk marang Majalangu |

sawusira mêngsah gusis |

dhuwung wus wangsul pribadya |

sumèlèh ing ngarsanèki |

panyêratan sang pandhita |

sarta akukuthah gêtih ||

20. Kagyat risang amanêngkung |

miyat dhuwung kuthah gêtih |

dahat panalangsanira |

dyan dodonga mring Hyang Widdhi |

mugi Allah ngapuntêna |

solah amba ingkang sisip ||

21. Sang pandhita ngandika rum |

marang ing wadyanirèki |

kabèh padha piyarsakna |

myang anêksènana sami |

katgèki sun wèhi aran |

si Kalammunyêng prayogi ||

22. Sakèh wadya saur manuk |

wus samya kalilan mulih |

mring wismane sowang-sowang |

lêstantun asramèng Giri |

jumênêngnya Jêng Susunan |

Prabu Sètmata linuwih ||

23. Gêmah arjane kalangkung |

saya wêwah wadyanèki |

tan ana kang kasangsaya |

nahan wus antara lami |

Sunan Giri nandhang gêrah |

kaparêng praptaning takdir ||

24. Kundur mring rahmatolahu |

gumêr tangis ing jro puri |

wandu wandawa sungkawa |

layon sawusing barêsih |

sinarèkkên nora têbah |

sangking padalêmanèki ||

25. Sedanira tilar sunu |

sadasa kakung lan putri |

kang kalih sang king ampeyan |

Pangran Pasirbata nênggih |

kalawan Siti Rohbayat |

wowolu sangking padêmi ||

26. Kasêbut Nyai Gêng Ratu |

putra sêpuh sinung nami |

Ratu Gêdhe ing Kukusan |

nulya Sunan Dalêm nênggih |

katrinira apanêngran |

Susuhunan Têgalwangi ||

27. Catur Nyi Gêng Saluluhur |

panca Sunan Kidul nênggih |

Ratu Gêdhe Saworasa |

Sunan Kulon kang sumêndhi |

Sunan Waruju ragilnya |

wau ta ingkang winardi ||

Kacara 1 : 7

28. Sasampunira pangubur |

kumpul para wadya Giri |

angrêmbag ingkang gumantya |

mandhirèng Susunan Giri |

pra wadya wus golong rêmbag |

Sunan Dalêm kang gumanti ||

29. Gya ingangkat ajujuluk |

Sunan Giri kaping kalih |

Susunan Giri Kadhatyan |

garwa kakalih padêmi |

tan mashur ing panjênêngan |

Jêng Sunan wus praptèng jangji ||

30. Kundur mring rahmatolahu |

ugi sumare ing Giri |

atilar putra sadasa |

(m)bajêng Sunan Sedamargi |

panênggaknya apêparab |

Sunan Giri Prapèn Adi ||

31. Tri Nyi Gêng Kuruganngurun |

Nyi Gêng Ngulakan kang sukci |

Pangran Lor Pangran Dhêkêt sad |

Pangran Bongkok nulya Nyai |

Agêng Waru arinira |

Pangeran Bulu sumêndhi ||

32. Wragil Pangran Sedalaut |

paripurna kang wus swargi |

rêmbag kang yoga gumantya |

kêmpal sakèhe kang dasih |

Sunan Parapèn ingangkat |

linuwih lir eyang swargi ||

33. Mandhirèng Giri Kadhatun |

jujuluk maksih lêstari |

Sunan Giri Prapèn dibya |

suyut kang wadya gung alit |

kawêntar ing liyan praja | tan pêgat kadya ing nguni ||

 

3. Mêgatruh

1. Ya ta wau sang prabu ing Majalangu |

sampun amiyarsa warti |

lamun Sunan Giri Prabu |

Sètmata wus angêmasi |

mangkya wayahe gumantos ||

2. Ajujuluk Sunan Prapèn Giri luhung |

lalajone kadya nguni |

sang wiku tan arsa nungkul |

marang nagri Majapait |

dadya sru bêndu sang katong ||

3. Dhawuh maring Ki Gajahmada nindya nung |

miwah kinanthèn pra siwi |

angirid wadyabala gung |

kinèn ngrabasèng ing Giri |

wus samapta nulya bodhol ||

Jilid 1 - Kaca : 8

4. Sunan Prapèn wus mirêng badhe ginêmpur |

mring sang prabu Majapait |

wus budhal carakèng prabu |

kya patih myang rajasiwi |

balane lir samodra rob ||

5. Sunan Prapèn sampun sanega ing pupuh |

karsanira nanggulangi |

mring carakèng Majalangu |

tan dangu mêngsah kaèksi |

nulya pinapak prang popor ||

6. Wadya Giri kasoran ing yudanipun |

kathah ingkang nandhang kanin |

tanapi tumêkèng lampus |

Sunan Prapèn angoncati |

sagarwa putra wus lolos ||

7. Lajêng ngungsi maring sapinggiring laut |

binasmènan kitha Giri |

sadaya wus dadya awu |

rajabrana dènjarahi |

rajaputra tindak alon ||

8. Dhumatêng ing astananira sang wiku |

Sunan Giri kang wus swargi |

ingkang rumêksa ing kubur |

tyang kakalih samya dhêngkling |

rawuhe sang prawira nom ||

9. Para wadya dhinawuhan kinèn (n)dhudhuk |

gya tumandang sagung dasih |

halate sang maha wiku |

cihnaning wali linuwih |

singa cêlak anggaloso ||

10. Kalesedan sambat ngadhuh-adhuh lampus |

kang kantun kalangkung giris |

bramantya sang rajasunu |

tumandang pribadi ajrih |

merang lamun tan kalakon ||

11. Dadya dhawuh marang tyang kalih kang tunggu |

kinèn andhudhuk dèn aglis |

binilaèn yèn tan purun |

pasthi tumêkèng ing lalis |

kinarya coban kris waos ||

12. Tyang kakalih tan suwala nulya (n)dhudhuk |

dupi prapta blabak jati |

tutuping tabêlanipun |

binuka saking sakêdhik |

nulya ana ingkang miyos ||

13. Warni kombang tan petungan kathahipun |

mabur ngèbêki wiyati |

maniyub lir langit rubuh |

nêmpuh wadya Majapait |

dènnya nanggulang pakewoh ||

14. Pinarjaya tan keguh ngêntub pikantuk |

bingung wadya Majapait |

ting bilulung rêbut dhucung |

dènnira angungsi urip |

sèlèh gagamaning pupoh ||

Jilid 1 - Kaca : 9

15. Samya kudhung gêdabikan kênèng êntub |

sirah rapêt ngroyok sikil |

ngaruara sambat bingung |

prapta nagri Majapait |

kombang anglut datan kegoh ||

16. Sang aprabu Brawijaya langkung gugup |

tan kawawa nanggulangi |

dadya tilar prajanipun |

sawadya balanirèki |

gusis praja tan ana wong ||

17. Ngungsi têbih dupi kombang wruh wus suwung |

wangsul mring nagrinya malih |

siji tan ana kang kantun |

sang aprabu Majapait |

sawadya wangsul ngadhaton ||

18. Aprasêtya sang aprabu Majalangu |

datan nêdya malih-malih |

nyikara dhatêng sang wiku |

ngamungêna ingkang uwis |

ing tyas datan walangatos ||

19. Kacariyos tyang kalih kang ngrêksa kubur |

kanugrahan mantun dhêngkling |

gagancangan lampahipun |

anusul Jêng Sunan Giri |

ingkang lagya amakuwon ||

20. Kawlasarsa anèng satêpining laut |

tyang kalih marêk tur uning |

ing mangkya mêngsah wus larut |

jalaran tinêmpuh dening |

kombang ingkang mapak pupoh ||

21. Madhul-madhul palayune numbuk bêntus |

tilar gagamaning jurit |

samya ngungsi gêsang (n)jrunthul |

tan ana ingkang tinolih |

swarane pating galêmbor ||

22. Sampun katur ing purwa wasananipun |

dalah waluyaning dhêngkling |

sang wiku kalangkung sukur |

(n)dêdonga marang Hyang Widdhi |

rahayu ywa na pakewoh ||

23. Nulya kundur tan cinatur laminipun |

wus paripurna ing nguni |

eca tyase para wadu |

satêngah ana kang kibir |

sajêg tan na mungsuh rawoh ||

24. Sunan Giri datan samar jangkanipun |

lamun kraton Majapait |

wus andungkap sirnanipun |

jalarane sangking siwi |

dyan Patah mijil karaos ||

Jilid 6 - Kaca : 166

366 Asmaradana

49.
Sandika kang putra kalih |
nulya ngêlik wong sasanga |
rêmpêg lagune kaboyong |
swara sru landhung angêmbat |
lailaha ilalah |
hu rabana ya Alahu |
kasbuna ya Allah nulya ||

50.
Santri gêr kathah nampani |
rampak gumêr tanpa rungwan |
gora gêng alit tan wanèh |
tarêbang ambata rêbah |
angklung gumrah lir gêrah |
kêndhange sêsêg anduduk |
kêmpyange ngablak bêngkakak ||

51.
Nulya emprak santri Luci |
mèyèk lir anglangi ênggak |
tangan karo nyêpêng corong |
hebat kadya sêpat molah |
emprake Tunjangkara |
dhasar gêdhog ngiras badhut |
kèh carane jogèdira ||

52.
Ting salinthut sikutnèki |
sikile kaya kapinjal |
pepekohan acecekon |
tangan ro coronge mubyar |
prabot taksih têkêsan |
Luci sih caraning kaum |
jubah bêbathok jêplakan ||

53.
emprake caraning santri |
jumbul-jumbul saleyoran |
gèsèh lawan gêndhingane |
mung rujuk lan kalimahnya |
lumrah emprak slawatan |
mung mangkono kluyur-kluyur |
seje lawan Tunjangkara ||

54.
Megal-megol anarisik |
tangan sêblak sêraweyan |
rengkot-rengkot cara Regol |
cangklakane palênthètan |
wêtênge palêmbungan |
ngulêt sumbu-sinumbu |
Ki Bayi asuka-suka ||

55.
Kasoran ki santri Luci |
apan kalah babrongotan |
nyunyuk sakêna-kênane |
cècèg-cinècègan wangnya |
nèng salang mayang kandhutan |
gêni tanpa raosipun |
mila rahab bêbakaran ||

56.
Wus dangu antaranèki |
gya suwuk maca sêlawat |
nulya kêndêl sadayane |
angiring-iring mêmangan |
santri sayah kasatan |
kang miyat masih kêmrusuk |
(ng)gêguyu kang samya emprak ||

57.
Nulya Nuripin kang prapti |
angirit Sênu gus Surat |
singgah sarwi (m)bêkta obor |
sakèhe wong anêningal |
apiyak ngering nganan |
ting balêkèr samya kukuk |
dubilah nora kêjamak ||

Jilid 6 - Kaca : 167

58.
Wau kang pinindha èstri |
amêpês sila panggungan |
sarwa adi busanane |
sinjang cindhe bang pêpradan |
pêngasihe sandhungan |
sak asta nêrampat pungkur |
ciningkrang pawingkingira ||

59.
Watês mêmêlan mawingkis |
winidan jênar gêbêgan |
dadya anglela kempole |
sinamêkan bangun tulak |
rinenda klengkam jênar |
ngawêng singsêtane mungguh |
ing pundhak pirit pungkuran ||

60.
Bubuntar winiru apik |
jèrèng tumumpang taliban |
mancut sipat kêkodhoke |
lir githoke (ng)gik-ênggikan |
cêthik methok pinêkak |
ing cathok trètès intên byur |
pasingsêtan sutra jênar ||

61.
Atumpal mêndhala giri |
sebêt akace kumbaya |
kusta lus abrit pinocot |
kalpika lintring tajugan |
mirah bang gêlang kana |
anting-anting kêlat-bau |
kalung badhong sungsun tiga ||

62.
Sumping puspa krêsna rukmi |
acundhuk mêntul tamengan |
pakêncêng suri tinrètès |
gêlung sêdhêng tinêngahan |
ing grudha kanin nuntak |
sinêkar roncèning gêlung |
pinalipit ing anggitan ||

63.
Sêngkang uliran hèr thathit |
pêngajênge pinahyasan |
mawi cithak cêcênthunge |
pêtha thi-athi lêlatha |
alis mênjangan milar |
tasik rinêmbug sumunu |
satêngu tan mantra priya ||

64.
Sadaya gawok ningali |
marang ro kang pinindha dyah |
samya kasmaran sakèhe |
Ki Bayi suka tumingal |
gumujêng sarwi nabda |
mangkono jawane iku |
akale si Jayèngraga ||

65.
Iku sapa kang maèsi |
si Sênu lawan si Surat |
Jayèngraga lon ature |
punika pun Nini Daya |
Ki Bayi mèsêm nabda |
sasmita mring garwanipun |
ya talah si bibi Daya ||

66.
Bisa têmên karya adi |
wong desa nora kaduga |
maèsi kaya mangkono |
Malarsih matur ing raka |
mila pun bibi Daya |
sabên tiyang kang mêmantu |
tan liya pun bibi Daya ||

67.
Ki Bayi ngandika aris |
wis mara nuli lêkasa |
Jèngraga nyandhak trêbange |
Macan garongan ginêmbyang |
angêlik wong sasanga |
lêlagon Kinanthi tarub |
tarub agung Allah Allah ||

Jilid 6 - Kaca : 168

68.
Pangaubaning wong brangti |
abrangti marang Pangeran |
Pangeraning alam kabèh |
sinauran santri kathah |
gumuruh swara rampak |
trêbang kêndhang lawan angklung |
kadya gêrah ajêngguran ||

69.
Nulya ngadêg ronggèng ngibing |
wiwit ukêl bêbadhayan |
antuk sarambah gongane |
salin raras sarimpenan |
pan angsal sarambahan |
mêdhar cengkok ukêl lagu |
nulya kêjêr gêgambyongan ||

70.
Ronggèng kalih sarêng ngêlik |
lir rêbab amathêt sanga |
lan suling ênêm nyamlênge |
siji lir gêtêring rêbab |
amiwil ngêmbat kawat |
kang siji lir gêtêripun |
ing suling êlong tutupan ||

71.
Angêlus tilêpan miwil |
swara rum manis araras |
rantas tyase kang myat kabèh |
koyup mring Sênu gus Surat |
kang saplak ing kalangyan |
sindhèn lir sêsêndhon nganyut |
têtela parikanira ||

72.
Panjalin tulak ros langking |
tratês pita ing dharatan |
tingalana rêragane |
yeka purbaning Pangeran |
obor têgal siluman |
palêsthane ing pamuwus |
aywa mangmang anèng donya ||

73.
Yèn urip wêkasan pati |
sandhang lawe among wohan |
dene patrine wong pandhe |
ling-lingên sariranira |
ywa pijêr ngujar ujar |
ya hu-Allah kuntul biru |
dêruk seta ing Bênggala ||

74.
Cêngak-cêngèk lir raryalit |
nora pintêr anèng donya |
mênyan seta upamane |
ya ilahi jênu tawa |
tiwasing uripira |
pan katungkul lura-luru |
dening sasmitaning netra ||

75.
Dodotane wong pawèstri |
ngulatana ingkang nyata |
sampurnaning ngèlmu kabèh |
wong gêmati kakècèran |
kêlasa jinamang bang |
eman-eman wong tumuwuh |
yèn kêlakon mati bangka ||

76.
Gudhe pandhak wong ngaurip |
praja nèng kuranji ika |
krondhahan papa têmahe |
puspa ranu ya hu-Allah |
swarane pra pujangga |
uripira anglir tunjung |
atuwuh tanpa têlaga ||

Jilid 6 - Kaca : 169

77.
Wong têtanya wusing kardi |
sapa (n)dadèkakên sira |
pêksi krêndha lae lae |
dewa nataning gambira |
sabdaning guru nyata |
dadi lawan dhèwèkipun |
sêsana juluk satriya ||

78.
Ngêndi ngong Pangranirèki |
prêkutut gung ya hu-Allah |
kang pêsthi cinandu raos |
iya iku ucapêna |
kang angucap lan sira |
patanyan gambirèng kutuk |
sapa molahakên sira ||

79.
Minangkara ya Ilahi |
kang praja ingapus gita |
kasatmatan ing osike |
tanpa karana nèng donya |
patakon pangupaya |
sêsana pacalang laku |
êndi (ng)gon kang dhihin-dhihin ||

80.
Sawo sêmpal saupami |
surya ratri diwangkara |
saking ora wiwitane |
mulaningsun dadi ana |
lulungan wusing gêsang |
êndi parane yèn lampus |
tapas arèn ya hu-Allah ||

81.
Latu mindha buntala di |
ulih mara pan waluya |
nulya kadya duk norane |
Sana prabu kunir pita |
jron pati nêmu apa |
pêngantèn lagi pinagut |
jujuluk putri Jênggala ||

82.
Dene jroning pati iki |
nora nêmu paran-paran |
kang gula drawa dhuh lae |
nata yaksa Purubaya |
wuta tuli mukanya |
bisa tan pêgat amuwus |
lae ngêndi (ng)goning Suksma ||

83.
Kang tata prana upami |
pratapane sang Rahwana |
ananing Hyang sayêktine |
anglindhung ana ing cipta |
srêngenge wus gumiwang |
mênyan seta wus kadulu |
ywa gingsir mawas kang nyata ||

84.
Kang pari lagya kumêmping |
parentah undhang prayoga |
katungkul tata-kramane |
marang muka ya hu-Allah |
sela ginêniara |
badan rêmpu pujinipun |
kêlurung tambuh parannya ||

85.
Pawijilan cacad ragi |
kang tan mêtu marga-ina |
wisangkara upamane |
kang gêbang paniwêr wana |
kalamun kababaran |
ing wuwus tanpa gawèku |
ya hu-Allah jambu alas ||

86.
Jêmpana kang munggèng èsthi |
aja kapok alêlana |
teja muka kramèng katong |
kumingsun kurang pracaya |
putra ing Lesanpura |
rêca kayu kang pinatut |
golèka ujar kang sêtya ||

Jilid 6 - Kaca : 170

87.
Toya rêka ya Ilahi |
intên dèwi Drêsanala |
mêtuwa gêni ujare |
ing tutuk mangsa kandêla |
kawuk citra upama |
kulampis seta tan rikuh |
kapilang dening sarira ||

88.
Mangkana dènnira ngibing |
si Sênu lawan gus Surat |
lir binagi sarirane |
jalu èstri kang tumingal |
brantèng solah warnanya |
lan swara busananipun |
samya kedanan tênaga ||

89.
Sawênèh ingkang jalwèstri |
ingkang sampun ahli rasa |
tyas kanyut ing parikane |
kraos uripe nèng donya |
tinitah langkung ina |
lir winirang ing panutuh |
pangolok-oloking Suksma ||

90.
Tanpa guyu tanpa angling |
kagagas ing pêparikan |
pan wus dangu antarane |
singir sèlèh ing sauran |
tinampan ing wong kathah |
saurane tarub agung |
tarub agung Allah Allah ||

91.
Pêngaubaning wong brangti |
abrangti marang Pangeran |
Pangerane alam kabèh |
kêndhang anjujud irama |
sêsêge kinêndhonan |
ngandhêlong anulya suwuk |
samya amaca sêlawat ||

92.
Lèrèn pan angaring-aring |
para santri sadayanya |
aso sarwi asêsambèn |
anginum wedang nyamikan |
tan cuwa sasênêngnya |
miwah ingkang nginang udud |
nutug dhêdharan mawarna ||

93.
Mangkana (n)Jêng Kyai Bayi |
Panurta alon ngandika |
dene bêcik parikane |
lah iku sapa kang mulang |
pêparikan kadyeka |
apa bisa maunipun |
Jèngraga umatur nêmbah ||

94.
Punika pun Jamal Jamil |
kang mulang suluk wangsalan |
pan limrah tiyang bang kilèn |
wangsalan tanah ing Karang |
parikan dadya rasa |
kang rama ngling lah ya iku |
brêkate sabat uliya ||

95.
Karênan ingong miyarsi |
êmèle suluk wangsalan |
kuciwa rada kasêron |
trêbange lan saurannya |
kakehan kang slawatan |
kajaba mung trêbang têlu |
sêtun santri sêlawe prah ||

96.
Iku tatela kapyarsi |
dadi nora na kang samar |
ing raos tan ana kècèr |
umatur kang para tuwa |
pan inggih kasinggihan |
Ki Pangulu manthuk-manthuk |
nganthuki Sênu gus Surat ||

Jilid 6 - Kaca : 171

97.
Kinèn maju ngarsanèki |
manira duwe wangsalan |
bêcik kinarya rêrêpèn |
lah ta mara tampanana |
ênggonên pêparikan |
anyêlak gus Surat Sênu |
bisik-bisik winarahan ||

98.
Suda rêga pracayèngsih |
macan galak gêgaweyan |
tuna dungkap ing ngèlmune |
nganggêp ujar boborongan |
marus dyah gênthong lanang |
durung ilang kadasipun |
maksih sukêr anèng donya ||

99.
Paran wus apil sirèki |
sarwi mèsêm-mèsêm mojar |
Ki Pangulu ing batine |
saking kêpengin cêdhakan |
Ki Pangulu aberag |
aling-alinge mumuruk |
mung cêdhak thok thil kewala ||

100.
Sênu ngling mèsêm ngawêti |
kagungan dika sap tangan |
lan kêpêt kula suwune |
kumbaya kusta langkung bang |
kula rêmên kalintang |
Ki Pangulu ngling karêpmu |
ênya pundhutên priyangga ||

101.
Sap tangan nulya ingambil |
sumampir anèng wangkingan |
Ki Basar sikute (n)dhosok |
kêpêt sap tangan binêkta |
mantêngah Sênu Surat |
Ki Pangulu ginaguyu |
Kulawirya latah-latah ||

102.
Akale Ki Basarodin |
kathik lir wong sakiyikan |
kênan kêpêt sap tangane |
daya-daya kêcanthèla |
sikute nambutkarya |
lèh thithik rong thithik lowung |
urube kêpêt sap tangan ||

103.
Kang myarsa gumujêng sami |
Ki Bayi gumujêng nabda |
sapa dèn-guguyu kuwe |
umatur Ki Kulawirya |
punika kakang Basar |
anambut damêl bêbratu |
kecalan kêpêt sap tangan ||

104.
Angsal nyikut bokong kêdhik |
Ki Bayi gumujêng suka |
priye hèh Ngulu surupe |
Ki Basarodin aturnya |
kula mulang parikan |
kalih wanda têmbungipun |
wêwangsalan suda rêga ||

105.
Ki Bayi mèsêm ling aris |
parikamu kuna laya |
ya bêcik lwih utamane |
ngandika marang kang putra |
Jèngraga santrinira |
yèn wus aso payo gupuh |
kang putra matur sandika ||

106.
Lan kang raka Jayèngwèsthi |
sarêng dènnya nyandhak trêbang |
anglik bawa lan santrine |
umyung swara rum araras |
sajak cengkoke santak |
lêlagon Jawa Lung-gadhung |
sauranira mangkana ||

Jilid 6 - Kaca : 172

107.
Sèmun kèring sèmun kèring |
jare Allah Allah Allah |
jalma wong tuwane jare |
lanat agung ya hu Allah |
hu Allah jare lanat |
gung mas anggèr sira têmbung |
nulya tinampan wong kathah ||

108.
Kêlangkung gumuruh atri |
abarungan tanpa runggwan |
trêbang kêndhang lan angklunge |
pong ping pong pêk dhêng thung dhung brang |
plak plak blang pyak prung pung bang |
tong ting tong prig klur klur thir thur |
thung plêk thung plêk bêng pyang pyang byang ||

109.
Jayèngraga nulya nuding |
Crêmasana Widiguna |
kinèn emprak sigra jèngklèk |
jogèd kêlana kasmaran |
rupane karo pisan |
lir nganggo topèng satuhu |
salin rupane walaka ||

110.
Ki Bayi gumujêng angling |
si Crêma lan Widiguna |
apa padha nganggo topèng |
Jèngraga matur ing rama |
duka dalêm punika |
Jamal Jamil akalipun |
manthuk-manthuk Ki Panurta ||

111.
Wong roro dènnira ngibing |
arakit sasolahira |
nêlaskên cengkoking jogèd |
pangêmbyake tan salaya |
amiwir sondhèrira |
kêkicatan tindakipun |
pacak gulune ejlegan ||

112.
Andhêglèg klêg oklak-aklik |
hebat kumruwêl lir bahak |
endha sinambêr ing kèkèt |
kiprah kitrang kipat-kipat |
ngling ngling bling ngling jênggigat |
agrudha babon nêladhung |
kêsrug gidrah runyah-runyah ||

113.
Ilo-ilo ngolang-ngaling |
atindak lir katèl nêbak |
manggêl kadung medong-medong |
anggêdhindhang pêpincangan |
dhêdhangkan lenggak-lenggok |
gêdrug-gêdrug nèmpèl pupu |
naricig sisirik manggang ||

114.
Kêplok tangan angêtibing |
mênthang bau asêblakan |
nulya sêsêg lêlagone |
semun keringira niba |
ginunjang langkung santak |
kang bêksa cêlana cancut |
capêng lir arsa mangunprang prang ||

Jilid 6 - Kaca : 173

115.
Anduduk kêndhang tinitir |
anggobyog trêbang lir bêdhah |
saking asru pênabuhe |
angklung sêngkrak kadya gêrak |
mangkana Jamil Jamal |
anuduh pra bagoripun |
kinèn emprak sadayanya ||

116.
Nyêpêng corong siji-siji |
bagor sêlawe prah emprak |
maro rolas lir balane |
kêlana sawijineka |
agibrah kêkalangan |
samya salin warninipun |
kadya balane kêlana ||

117.
Punggawa rupa mawarni |
ting prêngangah rupa-rupa |
kang sakêpêl babrêngose |
kang godhèg wok akakaban |
simbar dhadha sasagan |
mukane lir topèng tuhu |
ilang rupane wêlaka ||

118.
Eram sakèh kang ningali |
pratingkah ingkang tongtonan |
kabèh pan katêmbèn tumon |
(n)Jêng Kyai Bayi Panurta |
kalangkung sukanira |
yata kang emprak sadarum |
rekane samya nglurug prang ||

119.
Mubêng ing kalangan ngibing |
ting jêlèmprak sarwi emprak |
pêpanthan nèng wetan kulon |
kabèh samya kêplok tangan |
cawêdan tandang pêrang |
Ginonjing gya tiba Liwung |
saya sru trêbang sauran ||

120.
Gumuruh gora rèh atri |
sêsêg ngêtog rahabira |
gya campuh kang emprak prange |
arame bakar binakar |
samya asêlomotan |
sru nyunyuk sumbu-sinumbu |
bar-bêr rame têlorongan ||

121.
Aliwêran pasêr gêni |
kang kêna tan pilih papan |
kumaprês nèng rêraine |
wangwa sumyur lir wêsi bang |
pinalu kras mancurat |
obor têlas lawan sumbu |
anulya salin gêgaman ||

122.
Pêdhang kalewang miwah kris |
gigitik wêsi giligan |
rit bapang talêmpak towok |
gègèr giris kang tumingal |
sadaya maras ing tyas |
kabèh pra samya anêbut |
kaya priye kuwe Allah ||

123.
Nulya prang kêris-kinêris |
myang pinêdhang kinalewang |
bat-bêt kumêpruk swarane |
kang pasah kang tan tumama |
kang tatu gêlangsaran |
sawênèh ana kang lampus |
ludira adêladagan ||

124.
Akathah warnining kanin |
ana kang gulunya pagas |
wênèh klèwèran ususe |
gêrêng-gêrêng kalosotan |
kêlana Crêmasana |
balane sêdaya lampus |
de kêlawan Widiguna ||

Jilid 6 - Kaca : 174

125.
Mung kanin kêdhik kang mati |
gya kêlana Crêmasana |
angamuk lawan kêrise |
maju kinarubut bala |
ngrêmpak ngiwung mrêjaya |
têlas kang bala ingamuk |
pan kantun sami kalana ||

126.
sarêng majêng aprang tandhing |
suduk sinuduk aramya |
samya ajurira karo |
rontang-ranting angganira |
aniba kalih pisan |
kalana ro pêjah sampyuh |
pra bagor nêmlikur pisan ||

127.
Samya pêjah anggulinting |
sarta gêtih bêlabaran |
myang kang klawèran ususe |
gêrêng-gêrêng tan bisa bah |
sakèhe kang tumingal |
gawok samya jrih andulu |
biyas ulate sêdaya ||

128.
Tan tahan ningali jisim |
akèh kalêngêr aniba |
binayang marang sanake |
trêbange mênêng priyangga |
tan kanthi sinalahan |
trêbang maksih pinangku |
anggantung ngungun tumingal ||

129.
Kabèh tan ana cumuwit |
jalwèstri gêgêtun samya |
sidhakêp tutup cangkême |
mangkana Ki Jamal Jamil |
ngadêg anèng kalangan |
linuruban jisimipun |
ujuring mayit tinata ||

130.
Ronggèng ro kinèn angibing |
nulya ngadêg Sênu Surat |
Jamal bawa Siwal-molê |
jujuluke Waliulah |
Pangeran kang minangka |
Nabi minangka jatiku |
jatine tale wangsulan ||

131.
Sinauran para santri |
landhung samya lilirihan |
lêlagone Parianom |
lir nangisi kang palastra |
rarase kang slawatan |
ronggèng ro gus Surat Sênu |
kinèn ngubungi mayitnya ||

132.
Jamal Jamil anèng wuri |
sarwi ngangklung kalih pisan |
nut wurine ing ronggèng ro |
tibane sauranira |
anulya Sênu Surat |
sarêng ngêlik nganyut-anyut |
lir nangisi kang palastra ||

133.
Pênangise garwa siwi |
kadya pulung kapipitan |
asêndhêt-sêndhêt wilête |
lir wong anyuling karipan |
sambada parikan |
ana tangis layung-layung |
tangise wong wêdi pêjah ||

134.
Tangise wong wêdi mati |
gêdhongana kuncènana |
yèn wus pasthi nora wande |
gya tinampan ing sauran |
trêbang imbal ambalan |
lagune lirih alandhung |
Sênu Surat Jamil Jamal ||

Jilid 6 - Kaca : 175

135.
Samya angubungi mayit |
kumêlun kutug angambar |
mangkana gêtih kang lèbèr |
wus tan ana labêtira |
ronggèng ro ngambil sêkar |
saoncèn ing gêlungipun |
winigar sinêbar-sêbar ||

136.
Winratan lir nêbar wiji |
sinawur kang kêmbang-kêmbang |
sarwi sindhèn parikane |
jatingarang mangsa kapat |
jati têmahan mulya |
mulya têmah sampurna wus |
mulih lir wingi nguninya ||

137.
Waluya ingkang basuki |
bêdhug têlu atangiya |
sucèkna badanmu lae |
banyu saraban tauran |
mujiya ing Pangeran |
lah wis ayu ayu ayu |
wong donya baliyèng donya ||

138.
Kang mayit nulya ngalilir |
krukube kabèh binuka |
samya linggih dhêlog-dhêlog |
Jamal Jamil kêplok tangan |
Pari-anom aniba |
nulya tangi kang alungguh |
kinanthi ki Widiguna ||

367 Kinanthi

1.
Pan lajêng emprak sadarum |
mulya warnane pribadi |
ting galidrah kiprah-kiprah |
lir bungah matyurip malih |
amubêng kadya angarak |
pêngantèn Sênu Suratin ||

2.
Sadaya bêksane bêsus |
samya amberag birai |
angêlètèr ing kalangan |
sêsêg tibaning kang gêndhing |
Cèlèng-mogok kinêplokan |
umrêg kêploke gora tri ||

3.
Sakèhe ingkang andulu |
samya abungah tan sipi |
[...] |
ambyong kêplok sadayèki |
langkung rêmêning tanggapan |
samya suka-suka ngênting ||

4.
Santri sêlawatan umyung |
Cèlèng-mogoke gora tri |
wor barungan tanpa rowan |
kalangan kalangkung angrik |
kêplok angklung kêndhang trêbang |
sru natap anduduk nitir ||

Jilid 6 - Kaca : 176

5.
Mangkana antara dangu |
kêndhang duduke ngêndhoni |
ngêndhêlong iramanira |
sinalahan tan asari |
gya suwuk maca salawat |
kêsêl lèrèn ngaring-aring ||

6.
Ki Bayi Panurta (ng)gugug |
langkung sukanirèng galih |
rongèh palinggihanira |
sarwi ngandika hèh Luci |
kaduga têmên tyasingwang |
rame têmên lan duk wingi ||

7.
Luci ature agupruk |
dèdèk kaote lan wingi |
kaot mawi bêbagoran |
Ki Bayi gumujêng ngikik |
sasmita mring sadayanya |
samya tumungkul ngèsêmi ||

8.
Ngandika malih hèh cêblung |
Widiguna dèn-mangarsi |
lan si pothèt Crêmasana |
gupuh samya majêng ngarsi |
myang pra bagor wurinira |
sadaya dèn-têtakoni ||

9.
Priyê rasane awakmu |
tatu kanti têkèng pati |
matur tan wontên raosnya |
mung kadya raosing arip |
lir angantuk sacêklukan |
langkung sêkeca tan sipi ||

10.
Lah kang ora mati iku |
gêrêng-gêrêng maksih kanin |
matur kang samya liningan |
tan wontên raosing sakit |
kadya tindhihên kewala |
liyêr lir wong dipuncandhi ||

11.
Ki Bayi amanthuk-manthuk |
ngungun myat ing Jamal Jamil |
kêraos ing mantunira |
idine Sèh Amongragi |
ya wis mundura lèrèna |
kêsêl sarèhêna linggih ||

12.
Sadaya gya nêmbah mundur |
wus tata dènira linggih |
samya nutug nyênyamikan |
sêgêran myang wedang kopi |
wus aring dènira raryan |
Kyai Bayi Panurta ngling ||

13.
Jamal Jamil sira yèn wus |
aso nuli wiwit malih |
kang liningan tur sandika |
Sênu Surat wus winangsit |
kurungan pinasang têngah |
rurubing sinjang mawarni ||

14.
Sarta lan kutug kumêlun |
sajèn-sajèn amêpêki |
Jayèngwèsthi Jayèngraga |
nyandhak tarêbangirèki |
angêlik bawa sauran |
swara barung rum amanis ||

Jilid 6 - Kaca : 177

15.
La ilaha ilalahu |
Muhamad habibullahi |
tinampan ing santri kathah |
rame rêmpêg naurani |
trêbange ajêg atata |
nut irama langkung asri ||

16.
Wus rambah imbalanipun |
nulya wau Jamal Jamil |
lumêbu jroning kurungan |
ronggèng ro ngubêngi ngêlik |
anglir suling tinêrusan |
gumrining angraras ati ||

17.
Patra wisa wangsalipun |
parang jajaning pawèstri |
adhuh lae anèng donya |
susukêre tan pinikir |
paja-paja ing wardaya |
mênyan seta ya Ilahi ||

18.
Angên-angênên satuhu |
awasêna ing ngaurip |
puspa lulus ing astana |
sêkar adi ing wiyati |
têlas sihing maring raga |
kalintang rasaning ati ||

19.
Ya hu Allah sarah madu |
kalpuka ngling srênggara ris |
witning sun lamlam tilara |
ing raga manira iki |
mangkana sasindhènira |
kang myarsa sumyar tyasnèki ||

20.
Kasmaran mring Surat Sênu |
mangkana Ki Jamal Jamil |
dangu dènnya nèng kurungan |
ingungkaban ronggèng kalih |
kurungan suwung kewala |
tan ana Ki Jamal Jamil ||

21.
Tan antara praptanipun |
nunggang sima Jamal Jamil |
anggro sru (ng)gogodha gidrah |
-gidrah krah krura ngajrihi |
gègèr kagyat myat ing sima |
kadya gabah dènintêri ||

22.
Lêng-ulêngan lir pinusus |
jalwèstri pating jarêlih |
gusis kabèh kang jagongan |
lumajêng samya awingwrin |
santri kang narêbang bubar |
tinuduh sarwi lumaris ||

23.
Slawatan sambi lumayu |
Malarsih miwah parèstri |
ambyuk lumêbu jro wisma |
niba tangi rêbut dhingin |
gugup saking jrih ing sima |
kèh kajêngkang kajumpalik ||

24.
Kèh singsal gendhonganipun |
tuwa nom myang lare alit |
kaidak-idak wong kathah |
samya nangis ting jalêrit |
sima nèng têngah kalangan |
gulêt krah anggro gora ngrik ||

Jilid 6 - Kaca : 178

25.
Lumumpat saut-sinaut |
kèkèt sima agêng kalih |
anggruwak têbak-tinêbak |
milar anggro angajrihi |
sadaya samya jrih mulat |
Kyai Bayi jêlih-jêlih ||

26.
Jamal Jamil lah wus-uwus |
rucatên anggigilani |
amêsakakên wong kathah |
anak putu kèh bilai |
raryalit kaidak-idak |
wong nonton kèh kajumpalik ||

27.
Nuli Jamal Jamil nuduh |
angawe Sênu Suratin |
ronggèng ro wus sinasmitan |
samya maju marêpêki |
kinêbyok kacu kumbaya |
siji sowang angêbyoki ||

28.
Sima tutul samya mundur |
ngidul ngetan purugnèki |
tan adangu nulya lunga |
prapta wangsul egrang gêni |
anglangkahi paregolan |
sagantangan inggilipun ||

29.
Sasaka rawa gêngipun |
murub lir saka kabêsmi |
kinarya prak nèng palataran |
ting gêrajug angubêngi |
kang slawatan nut nèng latar |
myang sadaya kang ningali ||

30.
Samya tungtum andêdulu |
Jêng Kyai lan garwa siwi |
miwah sakucumbunira |
nèng pinggir kidul ningali |
sadaya ngadêg kewala |
samya suka aningali ||

31.
Kang angegrang gêni murub |
bêburon gêbangan sikil |
(n)dhêdhêgol ginol pagolan |
bênthak binênthak agathik |
latu lir wisma kabakar |
kumêbul abra mratani ||

32.
Nampêg wisma latunipun |
kwèhning miyat ting jarêlih |
e e priye kowe ika |
sadaya tyase kuwatir |
myat latuning payon ngambak |
pandhapa gêdhongan masjid ||

33.
Ki Bayi ngandika asru |
wis wis amarasi ati |
Sênu Surat nulya mara |
udhête karya nyabêti |
mati urube kang ègrang |
kari wangwa egrang lari ||

34.
Wus mêtu parane ngidul |
Jamal Jamil tan kaèksi |
kabèh wangsul ing pandhapa |
akalangan tata linggih |
akutug kumêlun ngambar |
ronggèng singir ngalik-alik ||

Jilid 6 - Kaca : 179

35.
Ngubêngi kurungan runtung |
wangsalan andudud ati |
kawis pita purwa kandha |
pacing gunung myat ing wuri |
aja pijêr bilulungan |
tolèhên wêkasanèki ||

36.
Singir sinauran barung |
la ilaha ilalahi |
Muhamadun kabibullah |
angrantêg kêlangkung asri |
tinampan Sênu gus Surat |
swara rum raras mlasasih ||

37.
Kawruh crita jêbug arum |
baskara ngayomi ngardi |
sarira surèng palagan |
iribên suruping urip |
paran padha mênyan pita |
lakune kudu wirangi ||

38.
Kang nèng jro kurungan wau |
ngaruntêg kinèn ngungkabi |
nulya kurungan binuka |
sigra Jamal Jamil mijil |
mabusana sarwa endah |
sosotya nawa rêtnadi ||

39.
Acalumpring kêlat-bau |
gêlang kana anting-anting |
kalpika kalung pamêkak |
garudha jamang susumping |
asondhèr kampuh cindhe bang |
nyuriga nyêrapang katri ||

40.
Sadaya kagèt andulu |
panganggene Jamal Jamil |
prabot katitik sadaya |
kathah ingkang andarbèni |
ana anitik cêrapang |
ingkang nitik jamang sumping ||

41.
Kang nitik cêlana kampuh |
myang nitik badhong calumpring |
kang nitik adêngongokan |
sadaya pan ora pangling |
kang dèn-angge Jamil Jamal |
darbèke kang sugih-sugih ||

42.
wontên satunggal wong dulu |
pawèstri asru anangis |
anake kang tinangisan |
kidak-idak duk lumaris |
rinubung ing sanakira |
sasuwene durung eling ||

43.
Ki Bayi ngungun amuwus |
ya talah lare mlasasih |
hèh bagus Ki Jamil Jamal |
muga tulungên jêjampi |
êndi kang nangis si bocah |
prènèkna dèntêtambani ||

44.
Nulya sinaoskên ngayun |
pinaringkên Jamal Jamil |
tinampan marang Ki Jamal |
pinangku kang rare alit |
kinurêpkên ing gêlaran |
nulya nyandhak berang aglis ||

45.
Rarywalit pinêdhang gêprus |
sigra brak ludira mijil |
sumêmbur nyiprat sumirat |
biyunge ngêlumba anjrit |
samya anjêlih kang mulat |
biyunge sru nubruk bayi ||

Jilid 6 - Kaca : 180

46.
Pinêdhang bêt salangipun |
tigas pancing anggulinting |
kagyat kang samya tumingal |
salang surup tan mangêrti |
samya alok nora trima |
sanake samya (n)jrit nangis ||

47.
Ki Bayi muwus rawat luh |
priye kuwe Jamal Jamil |
(ng)ko uga dadi prakara |
jalwèstri samya sru angling |
kèh ngarani kêsurupan |
kabotan atine miring ||

48.
Jamal Jamil kadya gêtun |
sarwi anglurubi mayit |
Sênu Surat sinasmitan |
wis kinumpulkên kang mati |
bêbayi lan biyungira |
Sênu Surat angubêngi ||

49.
Sarta ngambil sêkar gêlung |
saonce winêdhar nuli |
sinawurakên kang pêjah |
ripangine lir nangisi |
jatingarang mangsa kapat |
mulyane kusuma jati ||

50.
Jati têmahan mulya wus |
pulih anglir wingi uni |
bêdhug têlu atangiya |
sucèkna badanireki |
banyu saraban tauran |
mujiya Pangranirèki ||

51.
Lah wis ayu ayu ayu |
wong donya balyèng donyèki |
kang mayit anulya obah |
tan dangu sigra ngalilir |
mangku anak sinusonan |
bayine wus waras-wiris ||

52.
Anulya cinènèng mundur |
mring sanake dèntangisi |
wus lêga bungah sadaya |
katongton gunane Jamil |
Jamal Jamil nulya emprak |
wong papat Sênu Suratin ||

53.
Amubêng kalanganipun |
kêplok tangan Jamal Jamil |
lagone sabên bismillah |
hi amana bismillahi |
bismillahi hi amana |
manalilah sajak Kawis ||

54.
Barung kêndhang trêbang angklung |
magênturan sru swara tri |
kêndhang bêm agak sibêkan |
angklunge bêbanggèn ngênthir |
trêbang kêmpyange timpalan |
pong ping pong pêk tong ting tong gring ||

55.
Pêp pêp bah bah bah gur bah gur |
plung plêk plung plêk brang prung prung bring |
kêtong ting nguk dhêng dhung dhung brang |
bêm pêk bêm pên pung bêng pung bring |
pyak pyak pyang plak blang pyak blang blang |
klong klung thir thur klar klur thor thir ||

Jilid 6 - Kaca : 181

56.
Jamal Jamil tandangipun |
lir wong (m)begal mrih pêpati |
kalewang ligan dèn-anggar |
kot buta angigit-igit |
ambujêng sawiji sowang |
kinalewang sru ngendhani ||

57.
Sru muwêng saking sru luput |
sut-sut lir kitiran muni |
binuru binahak-bahak |
nulya kaprawasa kalih |
thêl tugêl bêt kalih pisan |
gulu pagas tibèng siti ||

58.
Rahnya (m)balabar sumêmbur |
waringutên Jamal Jamil |
anulya pêdhang pinêdhang |
samya pasahira kalih |
sadhengah kang kêna gigal |
suku bau tibèng siti ||

59.
Sarêngan panyabêtipun |
pancas gulunira kalih |
sirah gêmbung tibèng lêmah |
sirahe Sênu Suratin |
anglik ro swara rum raras |
kinanthi lagone aris ||

60.
Ana tangis layu-layu |
tangise wong wêdi mati |
tangise alara-lara |
maras atine yèn mati |
gêdhongana kuncènana |
yèn pêsthi tan wurung mati ||

61.
Sinauran santri barung |
alandhung swaranya lirih |
lir ambarungi karuna |
tarêbange ukur jawil |
sirah ro ngesot lumampah |
kadya kul kasatan ngalih ||

62.
Lorah-lorah kosèr marus |
lathinya nyakoti jarik |
sirah ro atata wastra |
gêmbung samya dènrurubi |
ing lawon wus tan katingal |
wangkene kang samya mati ||

63.
Nulya sirah numpang gêmbung |
akirap anggiting sari |
oncène gêlung sumêbar |
sumawur amêratani |
ri pangilir waunèka |
anutug satamatnèki ||

64.
Sadaya kang andudulu |
lir ngantuk sakêdhap arip |
kumpuling gêmbung lan sirah |
tan ana kang angudani |
byar waspada wus waluya |
Sênu Surat wuwuh manis ||

65.
Lir winangun paèsipun |
sangsaya ngimbuhi ati |
enggar sadaya sukèng tyas |
tan ana kang walang ati |
puji-puji kang tumingal |
mring Sênu bagus Suratin ||

66.
Jamal Jamil Surat Sênu |
dènnyemprak nuli alinggih |
wus angumpul anèng ngarsa |
ginobyong trêbangirèki |
sêsêg gumêr magênturan |
anduduk kêndhang anitir ||

Jilid 6 - Kaca : 182

67.
Sigêgên ing kêndhang kadung |
ngandhêlong irama aris |
praptèng gongan sinalahan |
nulya suwuk tan asari |
Ki Bayi alon ngandika |
padha rèrèna kang aring ||

68.
Anyampyêng babakanipun |
iba kêsêle wong muni |
umatur putra kalihnya |
tan ngraos sayah sakêdhik |
iba dangune babakan |
swara malah saya wêning ||

69.
Jèngraga ngumumkên wuwus |
mara priye santri-santri |
yèn beda kalawan ingwang |
matur para lurah santri |
alêrês atur paduka |
malah kirang dangu malih ||

70.
Pan limrah sêdayanipun |
tan rêkasa dènnya singir |
ènthèng sakeca kewala |
duka dalêm ingkang mawi |
(n)Jêng Kyai manthuk ris nabda |
wis idhêp iku kang mawi ||

71.
Iya si Jamal Jamilun |
idine Sèh Amongragi |
sasmita marang sadaya |
samyandhêku matur aris |
inggih sèstu kasinggihan |
mantu dalêm ingkang mawi ||

72.
Ki Bayi malih amuwus |
marang sira Jamal Jamil |
iku sajèn sadayanya |
sira kang aduwe wajib |
Jamal Jamil aturira |
kalangkung nuwun kapundhi ||

73.
Sih (n)Jêng Kyai pan kasuhun |
Jamal muwus mring Nuripin |
adhi Nuripin punika |
sajèn-sajèn sadayèki |
andika bage kang wrata |
arta miwah jarit-jarit ||

74.
Kang sami pangêdumipun |
aywa na kang kaot sami |
puniku ingkang pitêdhan |
barêkahe Jêng Kiyai |
dhi Nuripin lan pun kakang |
Luci angêduma sami ||

75.
Luci Nuripin abikut |
angêdum arta lan jarit |
myang panganan pinarutah |
warata sadayanèki |
tindhihira rolas reyal |
wus pinanggih etangnèki ||

76.
Pan pinara tigang atus |
kaduman nyadasa dhuwit |
sinjang ciyut ingkang wiyar |
tinapsir rêginirèki |
wontên ngalihi nyêkawan |
ngênêmi myang nyêdasani ||

77.
Kèhing sinjang sèkêt sasur |
cacah ripênêd lan gêmbring |
pan wus rampung pandumira |
tan wontên kaot sakêdhik |
Ki Bayi alon ngandika |
busuk têmên Jamal Jamil ||

Jilid 6 - Kaca : 183

78.
Pinalaur dèndum-êdum |
nora dènambil pribadi |
Jamal Jamil aturira |
dene kados tiyang pundi |
kawula botên (m)bêbarang |
kewala namung ngladosi ||

79.
Tan rumaos pênêd ulun |
darmi kawula nglampahi |
idinipun putra tuwan |
ingkang kawula tuhoni |
Ki Bayi aris ngandika |
iya talah Jamal Jamil ||

80.
Ngling malih mring putranipun |
hèh Jayèngraga apa wis |
sêdhênge padha madhangan |
mèh thithik wus têngah wêngi |
kang putra matur sêndika |
angling mring Luci Nuripin ||

81.
Takona si bapa yèn wus |
olèhe ngrakit kêndhuri |
Luci Nuripin gya mentar |
Kêrtiraga dèndhawuhi |
nulya angatag sinoman |
nyarik dhadharan nèng ngarsi ||

82.
Panganan sadaya dinum |
barêkatanira sami |
sinarang ing tapak dara |
linorod ing panjang piring |
sawusnya mundur sadaya |
nulya kêndhuri mangarsi ||

83.
Lêladèn pêngajêngipun |
bêbucu nèng panjang giri |
rampadan piring lancaran |
saosanira Ki Bayi |
putra kalih sarampadan |
para ri samya ngalihi ||

84.
Nulya (m)bêng kêndhuri pungkur |
binayang tinata ngarsi |
rolas ambêng wrat gotong-pat |
kêndhuri jinèjèr tharik |
ingkang moloni nyêdasa |
ngrolasi ngênêmbêlasi ||

85.
Ngrongpuluhi nêlung-puluh |
sa-ambêng santri lit-alit |
pinire dènnya kêpungan |
sabêne sok ngrêrusuhi |
Ki Luci sigra angatag |
marang santri bocah cilik ||

86.
Padha mangana rumuhun |
sakêndhuri wus mêpêki |
jangan pindhang bècèk ana |
tan beda kêndhuri sami |
takire jangan gênêpan |
warata kabèh ngijèni ||

87.
Aja nganggo wisuh-wisuh |
(ng)gonên ngombe bae yèn wis |
sumaur pra santri bocah |
ngriku dèrèng sami wiwit |
Luci nêntak sarwi ngatak |
kêmyayi-pyayi si Juprit ||

88.
Wis ta nocora dèn-gupuh |
aja ngêntèni priyayi |
ijih tangèh olèh dhahar |
nulya santri alit-alit |
tan kanti wisuh gya mangan |
kokoh bècèk anèng takir ||


 kds penutup
wangsul-manginggil

  • < (15) Kaca 165
  • (16b) Kaca 184 - 201 >